Buku tuntunan
Isi
Xperia™ SL Pandhuan pangguna...6
Persiyapan...7
Android™ – apa lan ngapa?...7
Ringkesan...7
Ngrakit...8
Nguripake lan mateni piranti ...9
Kunci layar...10
Pandhuan atur wiwitan...10
Akun lan layanan...10
Ngerteni piranti...12
Nggunakake tombol...12
Baterei...12
Nggunakake layar demek...14
Nggunakake layar kemunci...16
Layar ngarep...17
Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi...19
Status lan kabar...22
Menu Setelan...24
Ngetik teks...24
Kustomisasi piranti...29
Nggedhekake output swara...31
Memori...31
Nggunakake piranti tanpa nyekel ...32
Setelan internet lan olahpesen...32
Ngontrol panggunaan data...33
Setelan jaringan seluler...34
Google Play™...36
Miwiti Google Play™...36
Ngundhuh saka Google Play™...36
Mbusak data aplikasi...36
Ijin...37
Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™ ...37
Nelpon...38
Telpon darurat...38
Nangani telpon...38
Surat swara...40
Telpon multi...40
Telpon konferensi...40
Setelan telpon...41
Kontak ...43
Babagan Kontak...43
Nransfer kontak menyang piranti anyar...43
Kontak ikhtisar layar...44
Ngatur kontak...45
Komunikasi karo kontak sampeyan...47
Nuduhake kontak...47
Nggawe serep kontak...47
Olahpesen...49
Nggunakake olahpesen teks lan multimedia...49
Pilihan pesen teks lan pesen multimedia...50
Google Talk™ ...51
Email...52
Miwiti Email...52
Nggunakake email...53
Aplikasi "WALKMAN" ...56
Babagan aplikasi "WALKMAN"...56
Ngirim file media menyang piranti ...56
Nggunakake aplikasi "WALKMAN" ...57
Visualiser ...58
Njupuk katrangan liyane babagan trek utawa artis...58
Nggunakake Musikku kanggo ngatur trek ...58
Ngatur dhaptar lagu...60
Aplikasi widget "WALKMAN" ...61
Njaga pangrungon...61
Layanan musik...62
Teknologi TrackID™...62
Music Unlimited™...63
Nggunakake layanan PlayNow™...63
radio FM...65
Babagan radio FM...65
Nggunakake saluran radio favorit...66
Setelan swara...66
Ngenali trek radio nggunakake TrackID™...67
Kamera...68
Babagan kamera...68
Nggunakake kamera foto...68
Deteksi pasuryan...69
Nggunakake Smile Shutter™ kanggo nangkep pasuryan sing
mesem...69
Nambahake posisi geografis menyang foto...70
Nggunakake kamera video...73
Album...78
Babagan Album...78
Mobile BRAVIA® Engine...78
Ndeleng potret lan video sing disimpen ing Gambar tab ...78
Ndeleng potret lan video sing disimpen ing Albumku lagu tab ...79
Ndeleng potret ing peta...82
Ndeleng album online...84
Film...86
Babagan Film...86
Nganggo Film...86
Video Unlimited™...88
Babagan Video Unlimited™...88
Nyewa utawa tuku video...88
Nonton video saka Video Unlimited™...89
Jlajah web...90
Babagan jlajah web...90
Konektivitas...91
Nyambung menyang jaringan nirkabel...91
Enggo bareng isi karo piranti DLNA Certified™...94
NFC...96
Teknologi nirkabel Bluetooth™...99
Nyambungake piranti karo komputer...101
Nyambungake telpon karo pesawat TV...103
Waca cepet kode balok nganggo aplikasi NeoReader™...104
Sambungake Cerdas...104
Sinkronisasi data ing piranti...106
Babagan nyinkronake data ing piranti...106
Sinkronisasi nganggo Google™...106
Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan...106
Nyinkronake karo Facebook™...107
Peta lan lokasi...109
Babagan layanan lokasi...109
Nggunakake GPS...109
Google Maps™...109
Nggunakake Google Maps™ kanggo mangerteni arah...110
Tanggalan lan jam weker...111
Tanggalan...111
Jam weker...111
Dhukungan lan perawatan...114
Gawe serep lan pulihake aplikasi...115
Mulihake piranti...116
Ngunci lan njaga piranti...117
Aplikasi Dhukungan...119
Daur-ulang piranti sampeyan...119
Referensi...120
Ringkesan setelan...120
Ringkesan lambang kabar lan status...121
Ringkesan aplikasi...122
Informasi penting...124
Brosur informasi penting...124
Watesan layanan lan fitur...124
PlayStation® saku lan Toko PlayStation®...124
Informasi hukum...124
Persiyapan
Android™ – apa lan ngapa?
Telpon Xperia™ saka Sony mlaku nganggo platform Android. Piranti Android bisa nglakokake akeh fungsi sing padha minangka komputer lan bisa disetel miturut
kabutuhan sampeyan. Contone, sampeyan bisa nambah utawa mbusak aplikasi, utawa ningkatake aplikasi sing wis ana kanggo ngapikake kagunaan. Ing Google Play™ sampeyan bisa ngundhuh sawetara aplikasi lan game saka koleksi sing terus saya akeh. Sampeyan uga bisa nggabungake aplikasi ing piranti Android™ karo aplikasi liyane lan layanan online sing sampeyan gunaake. Contone, sampeyan bisa nggawe serep kontak, ngakses akun email lan tanggalan liyane saka sakpanggonan, nglacak janjian, lan aktif ing jaringan sosial.
Piranti Android™ saya suwe saya apik. Yen kasadhiya versi piranti lunak anyar lan piranti ndhukung piranti lunak anyar iki, sampeyan bisa nganyarake piranti kanthi njupuk fitur-fitur anyar lan pangapikan pungkasan.
Piranti Android™ wis diiseni layanan Google™. Kanggo ngoptimalake layanan Google™ sing kasadhiya, sampeyan kudu nggawe akun Google™ lan mlebu ing akun kasebut nalika sapisanan miwiti piranti. Sampeyan uga kudu duwe akses internet kanggo nggunakake fitur-fitur ing Android™.
Rilis piranti lunak anyar bisa uga ora kompatibel karo kabeh piranti.
Ringkesan
1 Tombol daya
2 Konektor piranti tanpa nyekel 3 Spiker
4 Lensa kamera ngarep 5 Konektor HDMI™
6 Tombol swara/Tombol atur ukuran 7 Tombol kamera
8 Tombol menu 9 Tombol Ngarep 10 Tombol bali 11 Layar demek
13 Sensor jarak 14 Sensor cahya
15 Kabar LED (Satus baterei)
16 Lensa kamera 17 Lampu LED kamera 18 Spiker 19 Mikropon kaloro 20 Area deteksi NFC™ 21 Mikropon utama 22 Bolongan tali
Ngrakit
Nyopot tutup mburi
Nglebokake kertu SIM mikro
• Copot tutup mburi, banjur lebokake kertu SIM mikro menyang slot kanthi kontak warna emas madhep mengkurep.
Sampeyan kudu nggunakake kertu SIM mikro supaya piranti bisa dianggo kanthi bener. Sebagean kertu SIM ukuran standar ngidini sampeyan nguculi kertu SIM mikro sing diintegrasi. Yen sampeyan nguculi kertu SIM mikro saka kertu SIM ukuran standar, sampeyan ora bisa masang maneh lan kudu nggunakake kertu SIM ukuran standar maneh. Yen ora duwe kertu SIM mikro, utawa yen kertu SIM sing ana orang amot kertu SIM mikro sing bisa diuculi, hubungi operator jaringan kanggo nggolek informasi babagan carane njaluk utawa ngijolake kertu SIM.
Nyopot kertu SIM mikro
1 Pateni piranti.
2 Copot tutup mburi.
3 Selipake kuku ing antarane pucuk ngisor kertu SIM mikro, banjur surung kertu munggah.
4 Penet mengisor pucuk ndhuwur kertu lan seret nganti kertu metu.
Masang tutup mburi
1 Selehake tutup mburi ing bagean mburi piranti, banjur dipenerake menyang slote.
2 Geser tutup menyang bagean ngisor telpon. Sampeyan bakal krungu swara klik yen kunci tutup mburi wis semeleh.
Nguripake lan mateni piranti
Nguripake piranti
Priksa manawa baterei wis kebak kanggo paling sethithik 30 menit sadurunge nguripake piranti kaping pisanan.
1 Penet terus tombol daya nganti piranti kedher.
2 Yen layar dadi peteng, penet tombol daya sedhela kanggo nguripake layar.
3 Kanggo mbukak layar, seret munggah utawa seret mudhun.
4 Tik PIN kertu SIM yen dijaluk, banjur pilih OK.
5 Enteni sedhela nganti piranti wiwit.
PIN kertu SIM pisanane disedhiyakake dening operator jaringan, nanging sampeyan bisa nggenti mengko saka menu Setelan. Kanggo ngoreksi kasalahan sajrone ngetik PIN kertu SIM, tutul .
Mateni piranti
1 Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak.
2 Ing menu pilihan, tutul Daya mati.
3 Tutul OK.
Butuh sawetara wektu nganti piranti mati.
Kunci layar
Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake piranti. Ing layar kemunci, sampeyan isih bisa njupuk potret lan muter trek audio.
Ngaktifake layar
• Penet sedhela tombol daya .
Mbukak kunci layar
• Seret munggah utawa seret mudhun.
Ngunci layar kanthi manual
• Nalika layar aktif, penet sedhela tombol .
Pandhuan atur wiwitan
Nalika sapisanan sampeyan miwiti piranti, pandhuan atur wiwitan mbukak kanggo nerangake fungsi dhasar lan mbantu sampeyan ngatur setelan sing penting. Iki wektu sing apik kanggo ngatur piranti supaya cocog karo kabutuhan tartamtu. Sampeyan uga bisa ngakses pandhuan atur wiwitan mengko saka menu setelan.
Ngakses panuntun atur wiwitan kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Tutul Setelan > Panuntun persiyapan.
Akun lan layanan
Mlebu ing akun layanan online saka piranti supaya entuk akses sing gampang nalika sampeyan pindhah-pindhah. Contone, sampeyan bisa nggabungake kontak saka akun
Google™ menyang Kontak supaya kabeh disimpen ing sak panggonan. Sampeyan bisa mlebu ing layanan online anyar saka piranti lan uga saka komputer.
Akun Google™
Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan ing piranti Android. Sampeyan perlu akun Google™, contone, kanggo nggunakake aplikasi
Gmail™ ing piranti, kanggo ngobrol karo kanca-kanca nggunakake Google Talk™, lan nyelarasake aplikasi tanggalan ing piranti karo Google Calendar™. Sampeyan uga mbutuhake akun Google™ kanggo ngundhuh aplikasi lan game, musik, film, lan buku saka Google Play™.
Microsoft
®Exchange ActiveSync
®account
Selarasake piranti karo akun Microsoft® Exchange ActiveSync® perusahaan sampeyan.
Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara tanggalan perusahaan kapan wae.
Akun Facebook™
Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca, kulawarga lan kolega sak donya. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing piranti supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.
Ngerteni piranti
Nggunakake tombol
Mundur
• Mundur menyang layar sadurunge
• Tutup tombol layar, kothak dialog, menu pilihan, utawa panel Kabar Ngarep
• Pindhah menyang Layar Ngarep
• Penet terus kanggo mbukak jendhela sing nuduhake aplikasi sing lagi wae digunakake Menu
• Bukak dhaptar pilihan sing kasadhiya ing layar utawa aplikasi saiki
Baterei
Piranti wis ditempeli baterei.
Ngisi daya baterei
Baterei wis diisi sebagean nalika sampeyan tuku piranti. Perlu wektu sawetara menit sadurunge lambang baterei katon ing layar nalika sampeyan nyambung kabel pangisi daya karo sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika piranti diisi daya. Ngisi daya piranti nganti suwe banget, umpamane sawengi nutug, ora bakal ngrusak baterei utawa piranti.
Baterei bakal kalong sethitik sawise diisi daya nganti kebak banjur ngisi maneh daya sawise sawetara wektu nalika pangisi daya disambungake. Iki tujuane supaya umur baterei awet lan status pangisian daya ngatonake tingkat kurang saka 100 persen.
Ngisi daya piranti
1 Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.
2 Tancepake pucuk kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing komputer).
3 Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port mikro USB ing piranti, kanthi lambang USB madhep munggah. LED status baterei bakal murup nalika ngisi daya diwiwiti.
4 Yen warna LED status baterei ijo, tegese piranti wis diisi daya nganti kebak. Jabut kabel USB saka piranti kanthi narik nanging aja nganti nekuk. Aja nganti nekuk konektor nalika njabut kabel saka piranti.
Yen daya baterei kosong, bisa diperlokake sawetara menit sadurunge lampu LED murup sawise kabel pangisi daya disambungake menyang sumber listrik.
Status baterei LED
Ijo Isi daya baterei wis kebak Abang Baterei kari sethithik
Oranye Baterei lagi diisi daya. Tingkat baterei sedheng
Mriksa level baterei
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Babagan telpon > Status > Tingkat baterei.
Ngapikake kinerja baterei
Tips ngisor iki bisa nulung ngapikake kinerja baterei:
• Kerepa ngisi daya baterei piranti. Iki ora nggawa dampak tumrap jangka wektune baterei.
• Ngundhuh data saka internet iku nganggo daya akeh. Yen lagi ora nggunakake internet, sampeyan bisa ngirit daya kanthi mateni kabeh sambungan data sing liwat jaringan seluler. Setelan iki ora ngalangi piranti ngirim data liwat jaringan nirkabel liyane.
• Pateni GPS, Bluetooth™ lan Wi-Fi® nalika ora mbutuhake fitur-fitur kasebut. Sampeyan bisa nguripake lan mateni fitur-fitur kasebut kanthi luwih gampang kanthi nambahake widget setelan Cepet menyang Layar Ngarep. Sampeyan ora perlu mateni 3G.
• Gunakake setelan Mode Siyaga Ditambahi kanggo nyilikake konsumsi daya baterei nalika layar ora aktif.
• Setel aplikasi sinkronisasi (digunakake kanggo nyelarasake email, tanggalan, lan kontak) kanggo nyelarasake kanthi manual. Sampeyan uga bisa nyelarasake kanthi otomatis, nanging bakal nambah interval sinkronisasi.
• Priksa menu panggunaan baterei ing piranti kanggo ndeleng aplikasi endi sing nggunakake daya paling akeh. Baterei nganggo daya luwih akeh nalika sampeyan nggunakake aplikasi video lan streaming musik, kayata YouTube™. Sawetara aplikasi sing diundhuh saka Google Play™ uga nganggo daya luwih akeh.
• Tutup lan metu saka aplikasi sing lagi ora digunakake.
• Mudhunake level padhang tampilan layar.
• Pateni piranti utawa uripake setelan Mode pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing ora kalebu area jaringan. Yen ora, piranti bakal bola-bali nlusur cepet jaringan sing
• Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony kanggo ngrungokake musik. Piranti tanpa nyekel nggunakake daya baterei luwih sethithik tinimbang spiker piranti iku dhewe.
• Aktifake piranti ing mode siyaga kapan wae yen bisa. Wektu siyaga nuduhake wektu sajrone piranti disambungake menyang jaringan lan lagi ora digunakake.
• Atur supaya kabeh wallpaper urip ora bisa aktif.
Ngakses menu panggunaan baterei 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Manajemen daya > Baterei kanggo ndeleng aplikasi endi sing diinstal sing paling akeh nggunakake daya baterei.
Nambahake widget Kiriman data menyang layar Ngarep 1 Tutul terus area kosong ing Layar Ngarep.
2 Tutul Widget > Alat.
3 Tutul terus widget Data seluler, banjur seret menyang area kosong ing layar Ngarep.
Nambahake widget setelan Cepet menyang layar Ngarep 1 Tutul terus area kosong ing Layar Ngarep.
2 Tutul Widget > Alat.
3 Tutul terus widget Setelan cepet, banjur seret menyang area kosong ing Layar Ngarep.
Nyuda panggunaan baterei nganggo Mode Siyaga Amba
Gunakake Mode Siyaga Amba supaya baterei luwih awet. Kanggo ngirit daya, sambungan Wi-Fi®, kiriman data, lan aplikasi sing ora lagi digunakake padha ngaso nalika piranti ing mode siyaga. Sampeyan isih bisa nampa panggilan telpon, lan pesen teks lan pesen multimedia. Yen layar aktif maneh, ponsel metu saka mode siyaga lan kabeh fungsi sing ngaso terus aktif maneh.
Nguripake mode siyaga luas 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.
3 Tandhani kothak centhang Mode Siyaga Ditambahi, banjur tutul Aktifake.
Mateni mode siyaga luas 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Manajemen daya, banjur busak kothak centhang Mode Siyaga Ditambahi.
Nggunakake layar demek
Lembar plastik pelindhung ditempelake ing layar piranti nalika sampeyan tuku piranti iku. Lembaran iki kudu diklethek sadurunge sampeyan nggunakake layar demek. Yen ora, layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.
Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake piranti. Sampeyan uga bisa nyetel kunci pribadhi kanggo njaga langganan lan pesthekake yen mung sampeyan sing bisa ngakses isi ing piranti.
Layar piranti sampeyan digawe saka kaca. Aja ndemek layar yen kaca retak utawa pecah. Aja njajal ndandani dhewe layar sing rusak. Layar kaca sentisif kena benturan lan goncangan mekanis. Rusak amarga sembrono ora dijamin dening layanan garansi Sony.
Mbukak utawa nyorot item • Tunyuk item.
Nandhani pilihan
Kothak sing dicenthang Kothak sing ora dicenthang Pilihan dhaptar sing dicenthang Pilihan dhaptar sing ora dicenthangNyenthang utawa mbusak pilihan
• Tutul kothak sing cocog utawa pilihan dhaptar.
Zoom
Pilihan zoom sing kasedhiya gumantung menyang aplikasi sing digunakake.
Ngatur ukuran
• Tempelake driji loro ing layar banjur ciutake bareng-bareng (kanggo nyilikake) utawa ambakake (kanggo nggedhekake).
Nalika sampeyan nggunakake driji loro ing layar kanggo ngatur ukuran, kuwi mau bisa ditindakake yen driji loro ana ing area sing bisa diatur ukurane. Yen sampeyan, umpamane, arep ngatur ukuran kanthi nggedhekake potret, priksa yen driji loro wis ana ing area pigura potret.
Nggulung
Gulung kanthi ngobahake driji menduwur utawa mengisor ing layar. Ing sawetara kaca web sampeyan bisa uga nggulung nyamping.
Nggulung
• Seret utawa gulung cepet driji menyang arah sing arep digulung ing layar.
Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar.
Nggulung cepet
• Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar. Sampeyan bisa ngenteni obahe nggulung nganti mandheg dhewe, utawa bisa dumadakan nyetop kanthi nunyuk layar.
Sensor
Piranti sampeyan nduweni sensor sing ndeteksi cahya lan jarak. Sensor cahya ndeteksi tingkat cahya sekitar banjur nyetel padhange layar sing cocog. Sensor jarak mateni layar demek sajrone telpon swara nalika kuping sampeyan cedhak layar. Iki ngalangi supaya ora sengaja ngaktifake sawetara fungsi piranti nalika sampeyan nelpon.
Nggunakake layar kemunci
Ing layar kemunci, sampeyan bisa muter trek, njupuk protret lan ngrekam video tanpa ngunci layar.
Njupuk potret saka layar kemunci
1 Kanggo nguripake layar, penet sedhela tombol daya .
2 Kanggo nguripake kontrol kamera, seret menyang sisih kiwa layar.
3 Tutul .
Muter trek audio saka layar kemunci
1 Kanggo nguripake layar, penet sedhela tombol daya .
2 Kanggo nampilake kontrol pamuter musik, seret menyang sisih tengen layar.
3 Tutul .
Ngaso trek audio saka layar kunci
1 Kanggo cepet ngaktifake layar, penet tombol daya sedhela wae.
2 Yen ditampilake kontrol pamuter musik, tutul .
Ngganti trek audio sing lagidiputer saka layar kunci
1 Kanggo cepet ngaktifake layar, penet tombol daya sedhela wae.
2 Yen ditampilake kontrol pamuter musik, tutul utawa .
Layar ngarep
Layar Ngarep iki minangka gateway menyang fitur utama ing piranti. Sampeyan bisa ngatur Layar Ngarep karo widget, trabasan, folder, tema, wallpaper lan item liyane. Ambane Layar Ngarep ngluwihi tampilan layar biasane, dadi sampeyan kudu nggulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo ndeleng konten ing kabeh panel layar Ngarep. nuduhake bagean Layar Ngarep sing saiki dipanggoni. Sampeyan bisa nyetel salah siji panel minangka panel layar Ngarep, lan nambah utawa mbusak panel.
Item ing garis ing sisih ngisor layar tansah kasedhiya kanggo akses cepet.
Kanggo pindhah menyang layar Ngarep • Pencet .
Kanggo nelusur layar Ngarep • Gulung cepet nengen utawa ngiwa.
Nyetel panel minangka panel layar Ngarep utama
1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.
2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel sing arep disetel minangka panel layar Ngarep utama, banjur tutul .
Nambahake panel menyang layar Ngarep
1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.
2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel, banjur tutul .
Mbusak panel saka layar Ngarep
1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.
2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel sing arep dibusak, banjur tutul .
Widget
Widget yaiku aplikasi cilik sing bisa langsung digunakake ing Layar Ngarep. Contone, widget pamuter “WALKMAN” ngidini sampeyan miwiti muter musik kanthi langsung. Sawetara widget bisa diowahi ukurane, dadine sampeyan bisa nggedhekake kanggo ndeleng isi luwih akeh utawa nyilikake kanggo ngirit papan ing Layar Ngarep.
Nambahake widget menyang layar Ngarep
1 Demek terus area kothong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher, banjur tutul
Widget.
2 Golek banjur tutul widget sing arep ditambahake.
Ngowahi ukuran widget
1 Demek terus widget nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur culake widget. Yen widget bisa diowahi ukurane, contone, widget Tanggalan, pigura sing disorot lan titik sing diowahi ukurane bakal katon.
2 Seret titik kasebut mlebu utawa metu kanggo nyilikake utawa nggedhekake widget.
3 Kanggo konfirmasi ukuran anyar widget, tutul ngendi wae ing Layar Ngarep.
Ngatur maneh layar Ngarep
Ngatur tampilan layar Ngarep lan ngganti fitur sing bisa diakses saka layar kasebut. Nggenti latar mburi layar, mindhah-mindhah item, gawe folder, lan tambah trabasan lan widget.
Pilihan Kustomisasi
Yen sampeyan demek terus area kosong in layar Ngarep, pilihan kustomisasi iki bakal katon:
Nambahake widget ing layar Ngarep. Nambahake aplikasi lan trabasan. Nyetel wallpaper ing layar Ngarep.
Nyetel tema layar mburi.
Ndeleng pilihan pangaturan dhewe saka layar Ngarep
• Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher lan pilihan pangaturan dhewe katon ing sisih ngisor layar.
Nambahake trabasan menyang layar Ngarep
1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.
2 Tutul Aplikasi > Trabasan.
3 Pilih trabasan.
Sampeyan bisa nambahake trabasan aplikasi langsung saka layar Aplikasi kanthi ndemek terus aplikasi kasebut.
Mindhah item ing layar Ngarep
• Demek terus item nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret item menyang panggonan anyar.
Mbusak item saka layar Ngarep
• Demek terus sawijine item nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur seret item menyang .
Nggawe folder ing layar Ngarep
1 Demek terus lambang aplikasi utawa trabasan nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret lan selehake ing ndhuwure lambang aplikasi utawa trabasan liyane.
2 Tik jeneng folder banjur tutul Rampung.
Nambah folder ing layar Ngarep
• Tutul terus sawijine item nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur seret item menyang folder.
Nggenti jeneng folder ing layar Ngarep 1 Tutul folder kanggo mbukak.
2 Tutul garis judhul folder kanggo nuduhake kolom Jeneng folder.
3 Tik jeneng folder anyar banjur tutul Rampung.
Ngganti latar mburi layar Ngarep
Atur Layar Ngarep kanthi gaya sing dikarepake nggunakake macem-macem wallpaper lan tema.
Nggenti wallpaper layar Ngarep
1 Tutul terus bagian kosong ing Layar Ngarep nganti telpon kedher.
2 Tutul Wallpaper banjur pilih pilihan.
Nyetel tema layar Ngarep
1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.
2 Tutul Irah, banjur pilih tema.
Yen sampeyan nggenti tema, ing sawetara aplikasi, latar mburi uga bakal digenti.
Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi
Mbukak aplikasi saka trabasan ing Layar Ngarep utawa saka layar Aplikasi.
Layar aplikasi
Layar Aplikasi, sing dibukak saka Layar Ngarep, amot aplikasi sing wis pra-nstal ing piranti bebarengan karo aplikasi sing diundhuh.
Layar Aplikasi bisa ngluwihi ambane layar reguler, dadi sampeyan perlu nggulung cepet ngiwa lan nengen kanggo ndeleng kabeh isi.
Kanggo mbukak layar Aplikasi
• Saka Layar Ngarep, tunyuk .
Kanggo nelusur layar Aplikasi
• Saka layar Aplikasi, gulung cepet nengen utawa ngiwa.
Nggawe trabasan menyang aplikasi ing layar Ngarep 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Demek terus lambang aplikasi nganti layar kedher, banjur seret lambang menyang sisih ndhuwur layar. Layar Ngarep mbukak.
3 Seret lambang menyang panggonan sing dipengini ing Layar Ngarep, banjur angkat driji.
Enggo bareng aplikasi saka layar Aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Tutul , banjur tutul Tuduhake. Kabeh aplikasi sing bisa dienggo bareng dituduhake minangka .
3 Tutul aplikasi sing arep dienggo bareng, banjur pilih pilihan lan konfirmasi, yen perlu. Sambungan kanggo ngundhuh aplikasi dikirim menyang wong-wong sing sampeyan pilih.
Mbukak lan nutup aplikasi
Kanggo mbukak aplikasi
• Saka Layar Ngarep utawa layar Aplikasi, tutul aplikasi.
Kanggo mindhah aplikasi • Pencet .
Sawetara aplikasi dadi ngaso yen sampeyan menet kanggo metu, nanging aplikasi liyane bisa terus aktif ing latar mburi. Yen mengkono, liya wektu yen sampeyan mbukak aplikasi, sampeyan bisa nerusake sing ketundha. Elinga yen ing sawetara aplikasi sampeyan kudu mbayar biaya sambungan data nalika diuripake ing latar mburi, contone, layanan jaringan sosial.
Jendhela aplikasi sing mentas digunakake
Sampeyan bisa ngoper antarane aplikasi sing mentas digunakake saka jendhela iki. Sampeyan uga bisa mbukak app cilik.
Mbukak jendhela aplikasi sing mentas digunakake • Penet terus .
Nggunakake app cilik
Saka jendhela aplikasi sing mentas digunakake, sampeyan bisa ngakses cepet sawetara app cilik kapan wae kanthi nggunakake garis app cilik. App cilik mung mbutuhake panggonan cilik ing layar. Sampeyan bisa interaksi nganggo app cilik lan aplikasi liyane bebarengan ing layar sing padha.
Mbukak garis aplikasi cilik
• Penet terus . Garis aplikasi cilik katon ing sisih ngisor layar.
Mbukak aplikasi cilik
1 Kanggo ngatonake garis aplikasi cilik, penet terus .
2 Tutul aplikasi cilik sing arep dibukak. Jendhela aplikasi cilik katon.
Nutup app cilik
• Tutul ing jendhela app cilik.
Mindhah app cilik
• Nalika app cilik mbukak, demek terus pojok kiwa ndhuwur app cilik kasebut, banjur pindhah menyang panggonan sing dipengini.
Nyilikake app cilik
• Nalika app cilik mbukak, demek terus pojok kiwa ndhuwur app cilik kasebut, banjur seret menyang pinggir tengen utawa pinggir ngisor layar.
Ngatur maneh aplikasi cilik sampeyan
1 Kanggo ngatonake garis aplikasi cilik, penet terus .
2 Demek terus aplikasi cilik banjur seret menyang posisi sing dipengini ing garis aplikasi cilik.
Kanggo mbusak aplikasi cilik saka garis aplikasi cilik 1 Kanggo ngatonake garis aplikasi cilik, penet terus .
2 Demek terus lambang aplikasi cilik banjur seret saka garis aplikasi cilik.
Mulihake aplikasi cilik sing lagi wae dibusak 1 Kanggo ngatonake garis aplikasi cilik, penet terus .
2 Tutul > Aplikasi cilik diinstal.
3 Pilih aplikasi cilik sing arep dipulihake.
Ngundhuh aplikasi cilik
1 Kanggo ngatonake garis aplikasi cilik, penet .
2 Tutul , banjur tutul .
3 Golek aplikasi cilik sing arep diundhuh, banjur turuti instruksi kanggo ngrampungi pamasangan.
Menu aplikasi
Sampeyan bisa mbukak menu kapan wae sampeyan nggunakake sawijine aplikasi. Menu katon beda-beda gumantung saka aplikasi sing digunakake.
Mbukak menu ing aplikasi
• Nalika nggunakake aplikasi, penet . Menu ora kasadhiya ing kabeh aplikasi.
Ngatur maneh layar Aplikasi
Mindhah-mindhah aplikasi mubeng ing layar Aplikasi miturut pilihan.
Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi
1 Saka Layar Ngarep, tutul pindhah menyang layar Aplikasi.
Mindhah aplikasi ing layar Aplikasi 1 Bukak layar Aplikasi.
2 Demek terus item nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret item menyang panggonan anyar.
Sampeyan mung bisa mindhah aplikasi yen Urutake dhewe dipilih.
Mbusak instal aplikasi saka layar Aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Tutul , banjur tutul Busak instal. Kabeh aplikasi sing ora bisa dibusak instale dituduhake nganggo .
3 Tutul aplikasi sing pengin dibusak instale, banjur tutul Busak instal.
Status lan kabar
Garis status ing layar paling dhuwur ngatonake apa sing lagi aktif ing piranti. Ing sisih kiwa sampeyan entuk kabar yen ana sing anyar utawa sing lagi aktif. Umpamane, pesen anyar lan kabar tanggalan ditampilake ing kene. Sisih tengen ngatonake kekuwatan sinyal, status baterei, lan informasi liyane.
Garis status ngidini sampeyan nyetel setelan dhasar ing piranti, contone, Wi-Fi®, Bluetooth™, kiriman data, lan swara. Sampeyan uga bisa mbukak menu setelan saka panel Kabar kanggo nggenti setelan liyane.
Lampu kabar uga menehi informasi status baterei lan sawetara kabar. Umpamane, lampu biru kelip-kelip tegese ana pesen anyar utawa telpon ora kejawab. Lampu kabar bisa uga ora murup yen baterei kari sethithik.
Priksa kabar lan aktivitas sing lagi ditindakake
Sampeyan bisa nyeret garis status kanggo mbukak panel Kabar lan njupuk informasi liyane. Umpamane, sampeyan bisa nggunakake panel kanggo mbukak pesen anyar utawa ndeleng acara tanggalan. Sampeyan uga bisa mbukak sawetara aplikasi sing mlaku ing latar mburi, kayata pamuter musik.
Mbukak panel Kabar
• Seret mudhun baris status.
Kanggo nutup panel Kabar
• Seret munggah tab ing bagian ngisor panel Kabar.
Mbukak aplikasi sing mlaku saka panel Kabar • Tutul lambang aplikasi sing mlaku kanggo mbukak.
Nolak kabar saka panel Kabar
• Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.
Mbusak panel Kabar
• Saka panel Notifikasi, tunyuk Busak.
Setel piranti saka panel Kabar
Sampeyan bisa mbukak menu setelan saka panel Kabar kanggo nyetel setelan dhasar piranti. Contone, sampeyan bisa nguripake Wi-Fi®.
Mbukak menu setelan piranti saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.
Nyetel setelan swara saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.
2 Tutul .
Ngontrol fungsi Bluetooth™ saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.
2 Tutul .
Ngontrol fungsi Wi-Fi® saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.
2 Tutul .
Ngaktifake utawa mateni lalu lintas data saka panel Kabar 1 Seret mudhun baris status.
2 Tutul .
Menu Setelan
Ndeleng lan nggenti setelan piranti saka menu Setelan.
Ngakses setelan piranti 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Tutul Setelan.
Sampeyan uga bisa nyeret garis status undhuhan ing layar Ngarep banjur tutul kanggo ngakses setelan piranti.
Ngetik teks
Sampeyan bisa milih saka angka ing papan tombol lan cara input kanggo tik teks sing amot huruf, angka lan karakter liyane.
Keyboard layar
Tunyuk tombol ing keyboard QWERTY sing ana ing layar kanggo ngetik. Sawetara aplikasi mbukak keyboard layar kanthi otomatis. Sampeyan uga bisa mbukak keyboard iki kanthi nutul kolom teks.
Nggunakake papan tombol layar
1 Genti huruf gedhe-cilik banjur uripake tombol huruf kapital. Kanggo sawetara basa, tombol iki digunakake kanggo ngakses karakter ekstra ing basa kasebut.
2 Nutup tampilan papan tombol layar. Cathet yen lambang iki ora katon ing mode ngadeg. 3 Tampilake nomer lan simbol.
4 Nggawe pribadhi papan tombol. Tombol iki ora katon sakwise papan tombol digawe pribadhi. 5 Tik spasi.
6 Penet tombol bali utawa konfirmasi input teks. 7 Busak karakter sadurunge kursor.
Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.
Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks • Tunyuk kolom entri teks.
Ndhelikake keyboard layar
• Nalika tombol layar mbukak, penet .
Nggawe pribadhi tombol layar 1 Bukak tombol layar, banjur tutul .
2 Turuti instruksi kanggo nggawe pribadhi tombol layar, contone, tandhani kothak centhang Tombol smiley.
Yen sampeyan ora menehi tandha ing kothak centhang Tombol smiley nalika nggawe pribadhi tombol layar, lambang smiley ora bakal katon.
Nggunakake tombol layar ing orientasi mujur nengen • Nalika ngetik teks, puter piranti ing posisi miring.
Supaya papan tombol ndhukung fitur iki, mode mujur nengen kudu didhukung aplikasi sing digunakake, lan setelan orientasi layar kudu disetel dadi otomatis.
Ngetik teks nggunakake keyboard layar
• Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tunyuk karakter kasebut.
• Kanggo ngetik karakter liyane, tutul terus karakter keyboard biasane kanggo entuk dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane, kanggo ngetik "é", tutul terus "e" nganti ditampilake pilihan liyane, banjur, kanthi tetep menet driji ing keyboard, seret lan pilih "é".
Ngalih antarane huruf kapital lan huruf cilik
• Sakdurunge sampeyan ngetik layang, tunyuk kanggo ngalih menyang baris ndhuwur , utawa sakwalike.
Ngaktifake huruf kapital
• Sadurunge ngetik tembung, demek terus utawa nganti metu.
Ngetik angka utawa simbol
• Nalika ngetik teks, tunyuk . Bakal ditampilake keyboard angka lan simbol. Tunyuk kanggo ndeleng pilihan liyane.
Tik tandha waca sing umum
1 Yen wis rampung tik tembung, tutul bar spasi.
2 Pilih tandha waca saka bar calon. Tandha sing dipilih dilebokake sadurunge spasi. Kanggo ngetik titik kanthi cepet, tutul bar spasi kaping pindho yen sampeyan wis rampung ngetik tembung.
Kanggo mbusak karakter
• Tunyuk kanggo nyeleh kursor sakwise karakter sing arep dibusak, banjur tunyuk .
Kanggo ngetik tombol bali
Milih teks
1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks mau. Tembung sing ditutul bakal disorot ing tab loro-lorone.
2 Seret tab ngiwa utawa nengen kanggo milih teks liyane.
Ngowahi teks ing orientasi mujur nengen
1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks sing ditik.
2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur tutul Owahi... lan pilih pilihan.
Ngowahi teks ing orientasi ngadeg
1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks sing ditik kanggo ngatonake garis aplikasi.
2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur gunakake garis aplikasi kanggo nggenti kaya sing dikarepake.
Baris aplikasi
1 Nutup baris aplikasi 2 Milih kabeh teks 3 Motong teks 4 Nyalin teks 5 Nempel teks
mung katon yen sampeyan nyimpen teks ing clipboard.
Nggunakake fungsi Tulis gangsar kanggo nulis tembung
Sampeyan bisa nulis teks kanthi ngusapake driji saka huruf menyang huruf liyane ing tombol layar.
Tulis gangsar mung kasedhiya yen sampeyan nggunakake tombol layar.
Ngetik teks kanthi nggunakake fungsi Tulis gangsar
1 Nalika sampeyan ngetik teks kanthi nggunakake tombol layar, geser driji saka huruf siji menyang huruf liyane kanggo nglacak tembung sing arep ditulis.
2 Angkat driji sawise sampeyan rampung ngetik tembung. Tembung sing
disaranake adhedhasar huruf sing dilacak. Yen perlu, pilih tembung sing bener ing garis calon.
3 Kanggo ndeleng pilihan liyane, gulung nengen utawa ngiwa ing garis calon tembung. Yen sampeyan ora bisa nemu tembung sing dikarepake, tutul sepisan kanggo mbusak kabeh tembung. Banjur coba maneh nglacak tembung kanthi nggunakake fungsi tulis Gangsar, utawa tutul saben huruf kanggo ngetik tembung.
4 Yen setelan Spasi sadurunge nyeret diuripake, lacak tembung sakbanjure sing arep ditik. Yen ora, tutul balok spasi lan lacak tembung sabanjure sing pengin diketik.
Kanggo ngetik tembung camboran nalika setelan Spasi sadurunge nyeret urip, geser menyang bagean kapisan tembung, banjur tutul huruf liyane kanggo ngetik tembung nganti rampung.
Nggenti setelan Tulis gangsar
1 Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar, tutul .
2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.
3 Tunyuk Setelan input teks.
4 Tandhani utawa busak tandha kothak Tulis gangsar.
5 Yen sampeyan pengin kanthi otomatis nambah spasi ing antarane obahe driji tanpa kudu saben-saben nutul bar spasi, tandhani kothak Spasi sadurunge nyeret.
Phonepad
Phonepad iku padha karo keypad telpon standar 12 tombol. Phonepad menehi pilihan input teks prediktif lan multitap. Sampeyan bisa ngaktifake cara input teks Phonepad liwat setelan keyboard. Phonepad mung kasedhiya ing orientasi mujur.
Nggunakake Tombol Telpon
1 Milih opsi input teks
2 Nggenti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital 3 Nampilake angka
4 Nampilake simbol lan smiley 5 Ngetik spasi
6 Ngetik tombol bali utawa konfirmasi input teks 7 Mbusak karakter sadurunge kursor
Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.
Mbukak Phonepad kaping pisanan 1 Tutul kolom entri teks, banjur tutul .
2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.
3 Tutul Tampilan papan tombol > Layout papan tombol.
4 Pilih Tombol telpon.
Tombol telpon mung bisa digunakake ing mode ngadeg.
Ngetik teks nggunakake Phonepad
• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk saben karakter mung sapisan, sanajan huruf sing dipengini dudu huruf kaping pisanan ing tombol kasebut. Tunyuk tembung sing ditampilake utawa tunyuk kanggo ndeleng saran tembung liyane banjur pilih saka dhaptar.
• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk tombol ing layar kanggo karakter sing pengin diketik. Penet terus nganti ditampilake karakter sing dipengini. Banjur tindakake padha kanggo karakter liyane sing pengin diketik.
Ngetik angka nggunakake Phonepad
• Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Phonepad angka bakal ditampilake.
Nyisipake simbol lan smiley nggunakake Tombol telpon
1 Nalika Tombol telpon mbukak, tutul . Tampilan kothak nganggo simbol lan smiley katon.
2 Gulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng pilihan liyane. Tutul simbol utawa smiley kanggo milih.
Setelan Keyboard lan Phonepad
Sampeyan bisa milih setelan kanggo keyboard layar lan Phonepad, kayata basa nulis lan koreksi otomatis.
Ngakses setelan tombol layar lan Phonepad
1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .
2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.
Nambah basa tulis kanggo nulis teks
1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .
2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol.
3 Tutul Basa > Basa tulis banjur tandhani kothak centhang sing cocog. Tutul OK
kanggo konfirmasi.
Setelan input teks
Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Phonepad, sampeyan bisa ngakses menu setelan input teks sing nulung sampeyan nyetel pilihan kanggo prediksi teks, spasi otomatis lan koreksi cepet. Misale, sampeyan bisa namtokake carane opsi tembung ditampilake lan carane tembung dikoreksi nalika sampeyan ngetik. Sampeyan uga bisa nyetel aplikasi input teks kanggo ngeling-eling tembung anyar sing ditulis.
Nggenti setelan input teks
1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .
2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol > Setelan input teks lan pilih setelan sing cocog.
Ngetik teks nggunakake input swara
Nalika ngetik teks, sampeyan bisa nggunakake fungsi input swara tinimbang ngetik. Sebutake tembung sing pengin sampeyan ketik. Input swara iku teknologi eksperimen saka Google™, lan kasedhiya kanggo sawetara basa lan wilayah.
Mbisakake input swara
1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .
2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.
3 Centhang kothak Tombol ngetik swara Google.
4 Penet kanggo nyimpen setelan. Lambang mikropon katon ing tombol layar utawa tombol telpon.
Ngetik teks nggunakake input swara
1 Bukak tombol layar, banjur tutul Tombol telpon.
2 Yen kasadhiya, tutul kuwi. Yen ora, demek terus tombol basa input, contone, .
3 Nalika katon, omonga kanggo ngetik teks. Yen wis rampung, tutul maneh. Teks sing disaranake katon.
Kustomisasi piranti
Sampeyan bisa nyetel setelan saperangan piranti supaya cocog karo kabutuhan. Contone, sampeyan bisa nggenti basa, nambah dering pribadhi, utawa nggenti padhange layar.
Nyetel volume
Sampeyan bisa nyetel volume nada dering kanggo telpon mlebu lan kabar uga kanggo muter maneh musik lan video.
Ngatur volume dering nganggo tombol volume • Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.
Ngatur volume pamuter media nganggo tombol volume
• Nalika muter musik utawa nonton video, pencet tombol volume munggah utawa mudhun.
Nyetel setelan swara
Sampeyan bisa nyetel setelan swara. Contone, sampeyan bisa nyetel piranti dadi mode bisu supaya bel ora muni nalika sampeyan lagi rapat.
Nyetel piranti ing mode kedher
• Penet tombol volume mudhun nganti katon ing garis status.
Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya lan banjur tutul ing menu sing mbukak kanggo nyetel piranti dadi mode kedher.
Nyetel piranti ing mode bisu
1 Penet tombol volume nganti piranti kedher lan katon ing garis status.
2 Penet tombol volume maneh. katon ing garis status.
Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya banjur nutul ing menu sing mbukak kanggo nyetel piranti sampeyan dadi mode bisu.
Nyetel piranti menyang mode kedher lan bel 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Swara.
3 Wenehi tandha ing kothak Kedher yen dering.
Wektu lan tanggal
Sampeyan bisa nggenti wektu lan tanggal ing piranti.
Nyetel tanggal kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.
3 Busak tandha centhang ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen wis dicenthang.
4 Tutul Setel tanggal.
5 Setel tanggal kanthi nggulung munggah utawa mudhun.
6 Tutul Rampung.
Nyetel wektu kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.
3 Busak tandha ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen wis dicenthang.
4 Tutul Setel wektu.
5 Gulung munggah utawa mudhun kanggo nyetel jam lan menit.
6 Yen cocog, gulung munggah kanggo nggenti am dadi pm, utawa kosok balene.
Nyetel zona wektu
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.
3 Busak centhang ing kothak Zona wektu otomatis, yen dicenthang.
4 Tutul Pilih zona wektu.
5 Pilih salah siji.
Setelan nada dering
Nyetel dering
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Swara > Nada dering telpon.
3 Pilih nada dering.
4 Tutul Rampung.
Ngaktifake nada demek 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3 Centhang kothak Nada demek dialpad lan Swara demekan.
Milih swara kabar
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Swara > Kabar gawan.
3 Pilih swara sing arep diputer nalike ana kabar teka.
4 Tutul Rampung.
Setelan layar
Nyetel padhange layar 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Tampilan > Padhang.
3 Seret tandha geser kanggo ngatur padhange layar.
4 Tutul OK.
Tingkat padhang nggawa efek marang kinerja baterei. Kanggo tips carane ngapikake kinerja baterei, waca Ngapikake kinerja baterei.
Nyetel layar supaya kedher 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3 Centhang kothak Kedher yen demek. Saiki layar kedher yen sampeyan nutul tombol-tombol ing layar lan aplikasi tartamtu.
Ngatur wektu meneng sadurunge layar dipateni 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Tampilan > Turu.
3 Pilih salah siji.
Kanggo cepet mateni layar, penet tombol daya sedhela wae.
Supaya layar tetep aktif nalika piranti ngisi daya 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Pilihan pangembang.
3 Wenehi tandha ing kothak Tetep siyaga.
Setelan basa
Sampeyan bisa milih basa gawan kanggo piranti lan nggenti maneh basa mau liya wektu.
Nggenti basa telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Basa & input > Basa.
3 Pilih salah sijine pilihan.
4 Tutul OK.
Yen sampeyan salah milih basa lan ora bisa maca teks menu, golek lan tutul . Banjur pilih teks ing jejere , lan pilih entri kapisan ing menu sing mbukak. Sampeyan banjur bisa milih basa sing dipengini.
Mode pesawat
Ing mode Pesawat, transceiver jaringan lan radio dipateni kanggo ngalangi gangguan ing peralatan sing sensitif. Nanging, sampeyan isih bisa main game, ngrungokake musik, nonton video lan isi liyane, anggere kabeh isi mau disimpen ing panyimpenan internal. Sampeyan uga bisa diwenehi kabar nganggo weker, yen weker wis diuripake.
Nguripake mode Pesawat nyuda panggunaan baterei.
Nguripake mode Pesawat 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane....
3 Wenehi tandha ing kothak Mode pesawat.
Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya banjur pilih Mode pesawat ing menu sing mbukak.
Nggedhekake output swara
Sampeyan bisa nggedhekake output swara sing metu saka spiker ing piranti kanthi nggunakake fitur kayata Clear Phase™ dan teknologi xLOUD™.
Nggunakake teknologi Clear Phase™
Gunakake teknologi Clear Phase™ saka Sony kanggo nyetel kanthi otomatisl kwalitas swara sing metu saka spiker internal piranti lan swara dadi luwih alami lan resik.
Nggedhekake kwalitas swara spiker nggunakake Clear Phase™ 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Swara.
3 Wenehi tandha ing kothak Clear Phase™.
Nguripake fitur Clear Phase™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone, kwalitas swara ing telpon swara ora genti.
Nggunakake teknologi xLOUD™
Gunakake teknologi saring audio xLOUD™ saka Sony kanggo nggedhekake volume spiker tanpa ngorbanake kwalitas. Entuka swara sing luwih dinamis nalika ngrungokake lagu-lagi sing paling seneng.
Nggedhekake volume spiker nggunakake xLOUD™ 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Swara.
3 Wenehi tandha ing kothak xLOUD™.
Nguripake fitur xLOUD™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone, kwalitas swara ing telpon swara ora genti.
Memori
Ngowahi format panyimpenan internal
Sampeyan bisa ngowahi format panyimpenan internal telpon, umpamane, kanggo mbebasake memori. Yen ngowahi format, sampeyan bakal mbusak kabeh data ing panyimpenan internal.
Priksa manawa sampeyan wis nggawe cadangan kabeh data sing pengin disimpen sadurunge ngowahi format panyimpenan internal. Kanggo nggawe cadangan isi, sampeyan bisa nyalin isi kasebut menyang komputer. Kanggo informasi lengkap, deleng
Nyambungake piranti karo komputer ing kaca 101.
Mbusak panyimpenan internal 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Panyimpenan > Busak simpenan internal.
3 Tutul Busak simpenan internal > Busak kabeh.
Nggunakake piranti tanpa nyekel
Gunakake aksesori sing disadhiyakake bareng karo piranti, utawa aksesori sing kompatibel liyane, supaya kinerja bisa optimal.
Nggunakake piranti tanpa nyekel
1 Sambungake piranti tanpa nyekel menyang piranti.
2 Kanggo njawab telpon, penet tombol jawab telpon.
3 Kanggo mungkasi telpon iki, penet tombol nangani telpon.
Yen piranti tanpa nyekel ora kalebu bareng piranti, sampeyan bisa tuku kapisah.
Yen sampeyan lagi ngrungokake musik, musik mandheg nalika sampeyan njawab telpon lan dibacutake maneh sawise sampeyan mungkasi telpon.
Setelan internet lan olahpesen
Kanggo ngirim pesen teks lan pesen multimedia lan kanggo ngakses internet, sampeyan kudu duwe sambungan data seluler lan setelan sing bener. Ana sawetara cara sing beda kanggo njupuk setelan iki:
• Kanggo umume jaringan seluler lan operator, setelan internet lan olahpesen wis diinstal sadurunge ing piranti. Sampeyan bisa wiwit langsung nggunakake internet lan kirim pesen.
• Ing sawetara kasus, sampeyan bakal diwenehi pilihan ngundhuh setelan internet lan olahpesen nalika sapisanan nguripake piranti. Sampeyan uga bisa ngundhuh setelan iki liya wektu saka menu Setelan.
• Sampeyan bisa nambah lan nggenti setelan internet lan jaringan kanthi manual ing piranti sawayah-wayah. Hubungi operator jaringan kanggo informasi rinci babagan setelan internet lan olahpesen.
Ngundhuh setelan internet lan olahpesen 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Setelan Internet.
3 Tutul Tampa.
Mulihake setelan internet gawan 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Access Point Name.
3 Tutul .
4 Tutul Reset menyang gawan.
Access Point Name (APN)
APN digunakake kanggo masang sambungan data antarane piranti karo internet. APN nemtokake jinis alamat IP sing arep digunakake, cara pangamanan sing arep dianggo, lan sambungan tetep-pungkasan sing arep digunakake. Priksa yen APN migunani yen sampeyan ora bisa ngakses internet, ora ana sambungan data, utawa ora bisa ngirim utawa nampa pesen multimedia.
Ndeleng APN sing saiki 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.
3 Tutul Jeneng Jalur Akses.
Yen sampeyan nduwe sawetara sambungan sing kasedhiya, sambungan jaringan sing urip bakal dituduhake nganggo tandha centhang.
Nambah setelan internet kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Jeneng Jalur Akses.
3 Tutul .
4 Tutul APN anyar.
5 Tutul Jeneng banjur tik jeneng profil jaringan sing arep digawe.
6 Tutul APN banjur tik jeneng jalur akses.
7 Tik kabeh informasi sing dijaluk dening operator jaringan.
8 Tutul , banjur tutul Simpen.
Info panggunaan
Demi kualitas, Sony nglumpukake kanthi anonim lapuran kesalahan lan statistik babagan panggunaan piranti. Informasi sing diklumpukake ora kalebu data pribadhi.
Ngidini pangiriman katrangan dianggo 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Xperia™ > Setelan info panggunaan.
3 Tandhani kothak centhang Kirim katrangan dianggo yen durung ditandhani.
4 Tutul Setuju kanggo ngidini pangiriman katrangan dianggo.
Ngontrol panggunaan data
Tetep mantau trek lan kontrol jumlah data sing dikirim menyang lan saka piranti sajrone wektu tartamtu. Contone, sampeyan bisa nyetel bebaya panggunaan data lan watesan piranti supaya ora mbayar tambahan prabeya. Sampeyan uga bisa matesi jumlah data sing digunakake dening aplikasi individu.
Nyetel setelan panggunaan data bisa nulung supaya sampeyan tetep luwih bisa ngontrol panggunaan data nanging ora bisa njamin prabeya ora tambah.
Ngakses setelan panggunaan data 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
Nguripake utawa mateni kiriman data 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.
3 Kanggo nguripake utawa mateni kiriman data, tutul tombol urip-mati ing sandhinge Lalu lintas data seluler.
Sampeyan uga bisa nguripake utawa mateni kiriman data kanthi menehi utawa busak tandha ing kothak centhang Lalu lintas data seluler ing bab Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.
Nyetel bebaya panggunaan data
1 Pesthekake sampeyan wis nguripake kiriman data.
2 Saka Layar Ngarep, tutul .
3 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.
4 Kanggo nyetel tingkatan bebaya, seret garis menyang angka sing dikepengini. Sampeyan nampa kabar bebaya nalika jumlah kiriman data nyedhaki tingkatan sing disetel.
Nyetel watesan panggunaan data
1 Pesthekake sampeyan wis nguripake kiriman data.
2 Saka Layar Ngarep, tutul .
3 Golek banjur tutul Setelan > Panggunaan data.
4 Wenehi tandha ing kothak Setel watesan data seluler yen durung ditandhani, banjur tutul OK.
5 Kanggo nyetel watesan panggunaan data, seret garis menyang angka sing dikepengini.
Yen panggunaan data wis tekan watesan sing disetel, kiriman data ing piranti bakal mati kanthi otomatis.
Ngontrol panggunaan data aplikasi individu 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Panggunaan data.
3 Golek banjur tutul aplikasi sing dikepengini.
4 Wenehi tandha ing kothak Watesi data latar mburi.
5 Kanggo ngakses setelan sing luwih spesifik kanggo aplikasi kasebut, tutul Deleng setelan aplikasi banjur genti sing dikepengini.
Setelan spesifik kanggo aplikasi ora mesthi bisa diakses.
Kinerja aplikasi individu bisa kena pengaruh yen sampeyan nggenti setelan panggunaan data sing gegandhengan.
Setelan jaringan seluler
Piranti kanthi otomatis ngoper saka antarane jaringan seluler gumantung ing jaringan seluler apa sing kasadhiya ing wilayah kasebut. Sampeyan uga bisa kanthi manual nyetel piranti kanggo nggunakake tipe jaringan seluler tartamtu, contone, WCDMA utawa GSM.
Milih mode jaringan 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.
3 Tunyuk Mode Jaringan.
4 Pilih mode jaringan.
Milih jaringan liya kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Sadhiya jaringan.
3 Tutul Mode tlusuran > Manual.
4 Pilih jaringan.
Yen sampeyan milih jaringan kanthi manual, piranti ora bakal nggoleki jaringan liya, sanajan sampeyan pindhah menyang sanjabane jangkoan jaringan sing dipilih kanthi manual.
Nguripake pilihan jaringan otomatis 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Sadhiya jaringan.
3 Nalika ditampilake jendhela sembul, tutul Mode tlusuran.
4 Tunyuk Otomatis.
Mateni kiriman data
Sampeyan bisa mateni kabeh sambungan data nganggo jaringan seluler supaya ora ana undhuhan data lan sinkronisasi sing ora dipengini. Hubungi operator jaringan yen mbutuhake informasi rinci babagan rencana langganan lan prabeya kiriman data. Nalika kiriman data dipateni, sampeyan isih bisa nggunakake sambungan Wi-Fi® lan Bluetooth™. Sampeyan uga bisa ngirim lan nampa pesen multimedia.
Mateni kabeh lalu lintas data 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.
3 Busak centhang ing kothak Lalu lintas data seluler.
Roaming data
Sawetara jaringan operator ngidini sambungan data jaringan seluler liwat jaringan seluler nalika sampeyan lagi ana njaban jaringan asal (roaming). Elinga, iki bisa dikenani prabeya pindhah data. Hubungi operator jaringan kanggo informasi sing luwih lengkap.
Aplikasi bisa uga nggunakake sambungan internet ing jaringan asal tanpa ngabari, contone, nalika ngirim panjalukan tlusur lan panjalukan sinkronisasi. Prabeya tambahan bisa dikenani yen sambungan internet sing kaya mengkono kuwi wis ditemtokake nalika sampeyan lagi roaming. Hubungi operator jaringan kanggo informasi sing luwih lengkap.
Nguripake roaming data 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.
3 Wenehi tandha ing kothak Roaming data.
Google Play™
Miwiti Google Play™
Bukak Google Play™ lan mlebua ing donya aplikasi lan game. Sampeyan bisa nelusuri aplikasi lan game liwat sembarang kategori. Sampeyan uga bisa menehi rating aplikasi utawa game banjur ngirim saran.
Kanggo nggunakake Google Play™, sampeyan perlu nduwe akun Google™. Waca
Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti ing kaca 53.
Google Play™ bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah
Kanggo Mbukak Google Play™ 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Play Store.
Ngundhuh saka Google Play™
Sampeyan bisa ngundhuh kabeh jinis aplikasi saka Google Play™, kalebu aplikasi gratis.
Sadurunge ngundhuh aplikasi
Sadurunge wiwit ngundhuh saka Google Play™, priksa manawa ana sambungan internet sing bisa digunakake.
Uga, elinga yen sampeyan bisa uga dikenani prabeya kiriman data nalika ngundhuh isi menyang piranti. Hubungi operator kanggo informasi liyane.
Ngundhuh aplikasi sing gratis
1 Ing Google Play™, golek item sing arep diundhuh kanthi nelusur kategori, utawa nggunakake fungsi telusur.
2 Tutul item kanggo ndeleng rincian, banjur turuti pandhuan kanggo ngrampungake panginstalan.
Ngundhuh aplikasi sing mbayar
1 Ing Google Play™, golek item sing pengin diundhuh kanthi njlajah kategori, utawa kanthi nggunakake fungsi tlusur.
2 Tutul item kanggo ndeleng rincian, banjur turuti instruksi kanggo ngrampungake tetukon.
Mbukak aplikasi sing diundhuh
1 Ing Google Play™, penet , banjur tutul App-ku.
2 Tunyuk aplikasi sing diundhuh.
Sampeyan uga bisa ngakses aplikasi sing diundhuh saka layar Aplikasi.
Mbusak data aplikasi
Sampeyan kadhangkala bisa uga perlu mbusak data aplikasi. Iki bisa uga amarga, contone, memori aplikasi kebak, utawa sampeyan pengin mbusak skor game paling dhuwur. Sampeyan bisa uga pengin mbusak email mlebu, pesen teks lan multimedia ing sawetara aplikasi.
Mbusak kabeh cache aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan.
3 Tutul Aplikasi.
4 Tutul aplikasi sing kabeh cache-ne pengin dibusak.
5 Tutul Busak cache.
Sampeyan ora bisa mbusak cache kanggo sawetara aplikasi.
Mbusak aplikasi sing diinstal 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan.
3 Tutul Aplikasi.
4 Pilih aplikasi sing pengin dibusak.
5 Tutul Busak instal.
Ora mungkin mbusak sawetara aplikasi prainstal.
Ijin
Sawetara aplikasi bisa uga butuh ngakses data, setelan, dan maneka fungsi ing piranti sampeyan supaya bisa temandang kanthi bener. Yen mengkono, aplikasi perlu ijin sing cocog saka sampeyan. Contone, aplikasi navigasi perlu ijin kanggo ngirim lan nampa kiriman data, uga ngakses panggonan sampeyan. Sawetara aplikasi bisa uga nyalahi panggunaan ijin kanthi nyolong utawa mbusak data, utawa nglapurake panggonan sampeyan. Pesthekake yen sampeyan mung nginstal lan menehi ijin menyang aplikasi sing dipercaya.
Ndeleng idin aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan.
3 Tutul Aplikasi.
4 Tutul aplikasi sing dipengini.
5 Gulung mudhun kanggo ndeleng rincian ing Ijin.
Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™
Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dingerteni utawa ora dipercaya bisa ngrusak piranti. Kanthi gawan, piranti sampeyan disetel kanggo mblokir pamasangan sing kaya mengkono. Nanging, sampeyan bisa nggenti setelan iki lan ngidini pamasangan saka sumber sing ora dingerteni.
Sony ora menehi jaminan utawa garansi babagan kinerja aplikasi saka pihak katelu utawa isi sing dikirim liwat undhuhan utawa antarmuka liyane menyang piranti sampeyan. Kajaba iku, Sony ora tanggung jawab kanggo karusakan apa wae utawa sudane kinerja piranti amarga kanggo ngirim isi pihak katelu. Mung gunakake isi saka sumber sing dipercaya. Hubungi panyedhiya isi manawa sampeyan duwe pitakonan utawa uneg-uneg.
Ngidini panginstalan aplikasi sing dudu saka Google Play™ 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Keamanan.
3 Centhang kothak Sumber ora dingerteni.
Nelpon
Telpon darurat
Piranti ndhukung nomer darurat internasional, contone 112 utawa 911. Biasane,
sampeyan bisa nggunakake nomer kasebut kanggo telpon darurat ing negara endi wae, nganggo utawa tanpa nglebokake kertu SIM yen sampeyan ana ing jangkoan jaringan.
Telpon nomer darurat
1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Telpon.
3 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk . Sampeyan bisa nelpon nomer darurat sanajan ora ana kertu SIM sing dipasang utawa yen telpon metu dialangi.
Telpon nomer darurat yen kertu SIM dikunci 1 Tunyuk Telpon darurat.
2 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .
Nangani telpon
Sampeyan bisa nelpon kanthi mencet nomer telpon sakcara manual, kanthi nutul nomer sing disimpen ing dhaptar kontak, utawa kanthi nutul nomer telpon ing layar cathet telpon. Sampeyan bisa gunakake fitur pencet cerdas kanggo golek nomer kanthi cepet saka dhaptar kontak lan cathet telpon.
Nalika sampeyan nelpon, mikropon utama piranti lan mikropon kaloro bebarengan nyuda gangguan lan swara ing latar mburi.
Aja nutupi mikropon kaloro nalika sampeyan lagi nelpon.
Muter nomer telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Goleki banjur tunyuk .
3 Yen cathetan telpon dituduhake, tutul kanggo mbukak layar dial pad.
4 Ketik nomer telpon banjur tutul .
Kanggo mbusak sak digit sing diketik tanpa sengaja, tutul .
Kanggo nelpon nganggo pencet cerdas 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Telpon.
3 Gunakake tombol angka kanggo ngetik hurup utawa angka sing cocog karo-kontak sing pengin ditelpon. Nalika sampeyan ngetik saben hurup utawa angka, daphtar sing cocog bakal katon.
4 Tutul kontak sing arep ditelpon.
Mungkasi telpon • Tutul Pungkasi telpon.
Telpon nomer internasional 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Telpon.
3 Demek terus 0 nganti ditampilake tandha “+”.
4 Ketik kode negara, kode wilayah (tanpa 0), ketik nomer telpon, banjur tunyuk
Njawab telpon
• Seret menyang sisih tengen layar.
Nolak telpon
• Seret mangiwa ngideri layar.
Nolak telpon liyane
• Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul .
Ngganti volume speaker sajrone nelpon • Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.
Nguripake spiker sajrone nelpon • Tutul .
Nggawe bisu mik sajrone nelpon • Tunyuk .
Kanggo ngaktifake layar sajrone nelpon • Penet sedhela .
Ngetik nomer sajrone nelpon
1 Sajrone nelpon, tunyuk Tombol angka. Papan tombol dituduhake.
2 Tunyuk nomer sing pengin diketik.
Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu • Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.
Telpon pungkasan
Ing cathetan telpon, sampeyan bisa ndeleng telpon ora kejawab , telpon mlebu lan telpon metu .
Ndeleng telpon ora kejawab
1 Nalika ana telpon ora kejawab, katon ing bar status. Seret mudhun baris status.
2 Tutul Telpon ora kejawab.
Nelpon nomer saka cathetan telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.
3 Kanggo nelpon nomer kanthi langsung, tutul nomere. Kanggo ngowahi nomer sadurunge nelpon, demek terus nomer kasebut, banjur tutul Owahi nomer sadurunge telp.
Sampeyan uga bisa nelpon nomer kanthi nutul > Telpon balik.
Nambahake nomer saka cathetan telpon menyang kontak 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.
3 Demek terus nomer kasebut, banjur tutul Tambah menyang Kontak.
4 Tutul kontak sing dipengini, utawa tutul Gawe kontak anyar.
Surat swara
Yen lengganan sampeyan kalebu layanan surat swara, panelpon bisa ninggal pesen surat swara nalika sampeyan ora bisa njawab telpon. Nomer layanan surat swara biasane disimpen ing kertu SIM. Yen ora, sampeyan bisa njaluk nomer saka panyedhiya layanan lan ngetik kanthi manual.
Ngetik nomer surat swara 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tutul Setelan > Setelan telpon > Surat swara >Setelan surat swara > Nomer surat swara.
3 Ketik nomer surat swara.
4 Tutul OK.
Nelpon layanan surat swara 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Telpon.
3 Demek terus 1.
Telpon multi
Yen ngaktifake telpon tunggu, sampeyan bisa nangani sawetara telpon sekaligus. Yen diaktifake, sampeyan bakal nampa swara thit yen ana telpon liya mlebu.
Ngaktifake utawa mateni telpon tunggu 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan.
3 Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi ngenteni telpon, tunyuk Telpon tunggu.
Njawab telpon liya lan nahan telpon sijine sing lagi aktif • Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul .
Telpon nomer liyane
1 Sajrone nelpon, tunyuk Tombol angka.
2 Ketik nomer panampa banjur tunyuk Telpon.
3 Telpon kapisan ditahan telpone.
Prosedur iki uga ditrapake menyang telpon liyane.
Ngalih ing antarane sawetara telpon
• Kanggo ngalih menyang telpon liya lan nahan telpon aktif, tutul .
Mungkasi telpon aktif lan bali menyang telpon sing ditahan • Tunyuk Pungkasi telpon.
Telpon konferensi
Kanthi telpon konferensi utawa multi peserta, sampeyan bisa nggabung obrolan karo rong peserta utawa luwih.
Kanggo rincian cacahe peserta sing bisa ditambahake menyang telpon konferensi, hubungi operator jaringan.
Telpon konferensi
1 Sajrone nelpon, tunyuk Tombol angka.
2 Penet nomer peserta kaloro banjur tunyuk Telpon. Yen peserta liyane njawab telpon, telpon saka peserta sijine bakal ditahan.
3 Tunyuk kanggo nambahake peserta kaloro menyang telpon konferensi.
Ngobrol kanthi pribadi karo peserta telpon konferensi 1 Sajrone telpon konperensi, tutul {0} peserta.
2 Tutul nomer peserta sing pengin diajak ngobrol kanthi pribadi.
3 Kanggo mungkasi obrolan pribadi lan bali menyang telpon konferensi, tutul .
Medhot peserta saka telpon konferensi
1 Sajrone telpon konferensi aktif, tunyuk tombol sing nuduhake nomer peserta. Contone, tunyuk 3 peserta yen ana telung peserta.
2 Tunyuk ing jejere peserta sing pengin dipedhot.
Mungkasi telpon konferensi
• Sajrone telpon konferensi, tunyuk Pungkasi telpon konferensi.
Setelan telpon
Ngalangi telpon
Sampeyan bisa ngalangi kabeh utawa kategori telpon mlebu lan telpon metu tartamtu. Nalika sapisanan nggunakake ngalangi telpon, sampeyan kudu ngetik PUK (Personal Unblocking Key) banjur ngetik sandhi anyar kanggo nguripake fungsi ngalangi telpon.
Ngalangi telpon mlebu utawa metu 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Blok telpon.
3 Pilih salah siji.
4 Ketik sandhi banjur tutul Aktifake.
Nolak telpon nganggo pesen
Sampeyan bisa nolak telpon nganggo pesen sing wis disetel sadurunge. Nalika sampeyan nolak telpon nganggo pesen sing kaya mengkono, pesen dikirim kanthi otomatis menyang panelpon lan disimpen ing piranti sampeyan.
Enem pesen wis disetel ing piranti. Sampeyan bisa milih saka pesen-pesen sing wis disetel iki, sing uga bisa diowahi yen perlu.
Yen arep nolak telpon kanthi pesen sing-wis disetel. • Seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur-pilih pesen.
Nolak telpon kapindho kanthi pesen sing wis disetel
• Nalika sampeyan krungu swara bip bola-bali sajerone nelpon, seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur pilih pesen.
Ngowahi pesen sing digunakake kanggo nolak telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Tolak telpon nganggo pesen.
3 Tutul pesen sing pengin sampeyan owahit, banjur.gawe owah-owahan saperlune.
4 Yen wis rampung, tunyuk OK.
Nerusake telpon
Sampeyan bisa nerusake telpon, contone menyang nomer telpon liya, utawa menyang layanan panjawab.
Nerusake telpon
1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon.
3 Pilih salah siji.
Mateni terusake telpon 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon.
3 Pilih opsi, banjur tutul Pateni.
Nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon
Sampeyan bisa milih kanggo nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon ing piranti panrima nalika sampeyan nelpon.
Nuduhake utawa ndhelikake nomer 1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan > ID panelpon.
Nomer Telpon Saluran Tetep
Yen wis nampa kode PIN2 saka panyedhiya layanan, sampeyan bisa nggunakake dhaptar Nomer Telpon Saluran Tetep (FDN) kanggo matesi telpon metu.
Ngaktifake utawa mateni telpon winates 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep.
3 Tunyuk Aktifake telpon winates utawa Pateni telpon winates.
4 Ketik PIN2 banjur tutul OK.
Ngakses dhaptar panrima telpon sing dijawab 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep >