• Tidak ada hasil yang ditemukan

KAREP, SIR, TEKAD SARTA GAGAYUTANE (A)

Dalam dokumen SERAT MADURASA (Halaman 35-38)

rasa, aja kongsi kulina marang empaning rasa kang asor.

--@@k--

Ing aksara : A tumekane I, mratelakake yen wong sinau mimikir kang becik, semadi utawa tafakur, pracaya marang Allah, makmum marang wong kang gedhe dayaning aluse... kabeh ancase ngempakake daya kang becik (ngurip-urip daya kang becik) sarta memati marang bibit kang ala. Empane kang becik agawe kuranging epaning kang ala. Kurang empaning kang ala : agawe uripe kang becik (aksara : C). Ngeling-eling lan nggunem kawruh kang marang Allah, nanangi marang rasa kang becik (aksara : H).

Wong urip diwaras-warasake badane lan diarah dawaning umure : prelune kanggo nuwuhake bibit kang becik. Yen warasing awak lan dawaning umur dienggo ngulinakake empaning rasa asor : kliru banget sarta emat banget, memelas banget jiwane. (aksara : I).

--@@k--

Angkara gung, neng angga anggung gumulung; gogolonganira, triloka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martotama.

ΘΞΘ Perangan 20 Bab mratelakake :

KAREP, SIR, TEKAD SARTA GAGAYUTANE (A)

Gumolong karep katarik ing S I R. Runtuting “sir” katarik ing T E K A D. (x)

Manawa wong ora duwe pangaweyan, atine sok krasa kasumpet, sarta bingung kewuhan lakon, kayata :

Sadhela-sadhela mikir apa kang dikarepake. Terkadhang krasa nyut arep mangkene, nanging ora pati mantep, banjur nyut arep mangkene, ya ora mantep ora gumolong, iku apa sababe. Sababe yaiku PERANGANING KAREP (ADON-ADON) padha pradondi. Saperangan ngajak mangkene, perangan liyane uga ora gelem diajak, ora sarujuk.

Adon-adon kang pradondi utawa ora sarujuk lumrahe, kaya dene ubak-ubak, awit agawe mubaling adon-adon kang akeh-akeh, kang maune ora obah, banjur nglimputi RASA ngaling-alingi padhanging budi. Saya kesuwen

anggone pradondi, saya gawe petenging engetan, lan saya rupa-rupa thukuling kenyut.

Manawa wis ana SIR kang kenceng, sarta banjur NGLAKONI sawijining pagaweyan, lah iku lagi gumolong, adon-adon sarujuk, padha lumaku nunggal paran, awit kabeh LAKUNE NGENUT MARANG SIR. Dadi kaya banyu kang MILI, ora kaya di ubak-ubak maneh.

--- (x)

Kakrepan saka dayaning : nafsu. Sedya utawa ancas, saka : sir. Tekad, saka dayaning : Rasa (rasul).

Papadhang ing nafsu : manas asor (roh kewani). Papadhang ing sir : pikir (roh rohani).

Papadhang ing rasa : budi (roh ilafi). Tekad ... upamakna : pokok = (deleg). Sir upamakna : dahan = (epang gedhe). Kakarepan upamakna : cabang = (epang cilik).

Bendana (lageyan) upamakna : ranting = (epang cilik banget).

Sasuwene durung tumeka marang prakara kang diesir (sasuwene durung katekan ancase) adon-adon isih sarujuk gumolong padha ngetut lakuning sir, dene yen wis katekan ancase, iku sing banjur mandheg, ing kono adon-adon kang mujudake karep asring pradondi MANEH, sabageyan ngajak mangkene, sabageyan ngajak mangkono, kena kaupamakake : kewan warna-warna dicancang dadi siji, ora bisa pisah nanging sulaya padha eneng-enengan, watake siji lan sijine banget sulayane, sarta padha duwe karasan dhewe- dhewe, kang dietut ing adon-adon. Mengko yen wis kaleksanan maneh kang di esir, bingung maneh, sabab adon-adon pradondi maneh. Kaya mangkono bola-bali : tansah pradondi, gumolong, pradondi, gimolong...

Olehe pradondi yen wis ketulungan ancase, gumolong yen durung katutugan, (iku yen rinasa rak iya aneh ta, dene katekan sire mung marem sadhela, banjur nganakake pradondi, sarta bingung maneh dupeh wis katutugan. Aluwung nalika isih lumaku, (durung katekan sejane) ora ana pradondi utawa bingung, ati kapenak, engetan padhang).

Mara, pitakon ing ngisor iki pinikira wangsulane kapriye :

1. Sarehning saben katekan sire banjur nganakake bingung gumolonge yen durung katekan --- samengko katakokake : APA MILIH ORA KATEKAN ESIRE BAE, supaya ora pradondi utawa bingung?

2. Sarehning saben lakuning pancadriya leren nganakake pradondi, enggone rujuk mung yen saben lumaku, katakokake APA MILIH LUMAKU BAE ORA LEREN SALAWAS-LAWASE? (Emoh ngaso, mundhak pradondi). 3. Kapriye lakuning pancadriya murih salawase tansah gumolong, ora kerep

kaseselan ing pradondi, bisaa kaya banyu kang ajeg iline?

4. Kapriye bisane pancadriya leren utawa ngaso kanthi ayem tentrem, tanpa diregoni ing pradondi (apa pancen wis kudu mengkono, ora bisa yen ora mangkono)?.

Mungguh sababe kakarepan sok ora gumolong ora liya marga KAONCATAN ING SIR, awit sir iku kang dadi panuntuning kakarepan, dene kang dadi sababe sok kaoncatan ing sir yaiku : sok solan-salin sir kang nunggal tuju (maksud), kaupamakna : khewan warna-warna kang kacancang dadi sawiji mau panuntune tansah solan-salin, marakake asring kandheg, kandege saben ganti kang nuntun (ganti sir). Sasuwene mandeg, khewan warna-warna kapiran, polahe tanpa pranatan, dening tininggal ing panuntun. Dene sababe sir sok solan-salin, sarta ora nunggal tuju, awit sir sir mau uga ora padha watake (ora padha esire) ndhadekake menggak-menggoking lakune khewan warna-warna kang katuntun, kena kaupamakake : punggawa kang lurahe solan-salin sarta watake dhewe-dhewe. Ana dene kang kang dadi jalarane sir ora sarujuk yaiku : sir warna-warna mau ORA KAPARENTAH ING TEKAD. Yen manungsa kadunungan tekad, mesthi duwe PANGUDI ora kena ora SAKEHING sire LAKUNE MANUT MARANG TEKADE, awit tekad iku PANUTANING SAKEHING SIR. Dadi ringkese, kabeh mau : SABAB URIPE SUWUNG TANPA TEKAD, dadi TANPA PANGUDI, temahan sire padha pating blasak, nganggo watak dhewe-dhewe, dening tanpa panuntun iku mau, ndadekake solan-saline kang diancas, (solan-salin kakarepan kang ora nunggal maksud). Saben salin kang dituju, ana wektu prodadining pancadriya lan laraning adon-adon kang kasasar.

Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan, kang temen pangudine, kakarepane salawase ora tau ora gumolong, kaya banyu kang mili saka ing etuk bakal wutah ing sungapan, ora kaya banyu kang diubak-ubak mangiwa nuli manengen, mangetan nuli mangidul, lan ora kaya banyu kang pating sareweh (kerep kang enjah-enjahan) uga ora kaya banyu mambeg (matuh marang bodho.

Yen dirasa bola-baliya pancen kliru banget wong kang ora duwe pangudi marang sangkan paran iku. Gek kepriye wong kang dilakoni ora mangerti marang tegese, dadi lakune mung janji lumaku. Satekane ing enggon kang jinujug, dadak ngulari parlu golek-golek kang endi kang prayoga diparani, dadi : SAKA NGENDI AREP MARANG NGENDI : ora dirasa-rasaa. Sing sapa bisa ngrasa kanthi rasa, ing kono krasa lan rumangsa yen lalakoning manungsa ana ing ngalam donya (alaming maya) padhaning wong ngimpi utawa nglindur.

Wong kang ngudi kasampurnan, mulane karepe tansah gumolong, awit sakabehing SIRE ngetut marang TEKAD sarta sakabehing karepe manut marang SIRE. Dadine kakarepane kabeh nuju marang tekade. Dene tekad iku : SAWIJI TANPA PEDHOT tartamtu bae lakuning pancadriya tansah ajeg, ora pijer kasalinan ing pradondi.

Kajaba saka ajeg gumolonge, samangsa-mangsa yen pancadriya diajak leren, utawa ngaso (esuk, sore utawa bengi), adon-adon ora sugih polah, awit kewan warna-warna mau tansah dilalantih ORA NGANGGO watake dhewe. Dikulinakake manut watake kang nuntun, dadi samangsa kang nuntun meneng, uga gampang dipurih menenge, nadyan ora bisa meneng temenan,

nanging katimbang sulayane : akeh runtute. Katimbang obahe : akeh menenge. Malah yen wus banget miturute, ana kalane MENENG BABAR PISAN. Apa maneh yen ngasone wis ana ngomahe (alam katentreman) kang nuntun wis mari nyekel kendhali lan pecut, kari ngrasakake RASANE DHEWE.

Eleding catur mangkene : ngupaya wisma kang sajati, nuruta dalan kang

Dalam dokumen SERAT MADURASA (Halaman 35-38)

Dokumen terkait