• Tidak ada hasil yang ditemukan

TAMBA PIKUWAT PEPARINGE PANGERAN KANG DUMUNUNG SAJRONING ATI,

Dalam dokumen SERAT MADURASA (Halaman 53-56)

Yaiku : PANGAREP-AREP SARTA SENENGING ATI.

Wong urip kang digoleki ; s e n e n g. Bisane seneng katekan pangarep- arepe.

Tengering urip iku OBAH LAN DUWE RASA. Tengering obah lan duwe rasa iku enggone DUWE KAREP, PANGAREP-AREP lan SENENG. Dadi manawa wong ora duwe kakarepan apa-apa, kentekan pangarep-arep sarta ora duwe seneng babar pisan, lan bedane apa karo tunggak utawa bekakas, isih becik wong gunung awor lutung.

Unen-unen ing dhuwur iku kena dianggo njalomprongake wong kang durung prayitna lan weweka, nanging kena digandhuli kenceng dening kang prayitna lan weweka.

Kajlompronge tumrap kang RASANE ISIH KASAR : pangarep=arep lan seneng mau banjur ditampa nganggo rasa kasar utwa asor (rahsa, nafsu, kewani), becike tumrap kang wis alus rasane : pangarep-arep lan seneng ditampa nganggo rasa alus.

Rasa seneng lang pangarep-arep kang rinasa ing rasa alus iku ora pisan- pisan padha karo yen rinasa nganggo rasa kang asor.

Dadi : nadyan nunggal tembung KANG DIANGGO NGARANI, nanging seje rasane KANG DIARANI.

Tumrap manungsa kang isih kasar, mulane sok dipurih nyunyuda utawa nyirnakake pangarep-arep lan seneng, iku kang tinuju sajatine : pangarep- arep lan seneng KANG KATINDHAKAKE NGANGGO RASA ASOR, pamrihe : sasudane rasa kang asor banjur kathukulan rasa kang luhur. Nanging ... sarehning lageyane wong ora padha, saweneh ana kang banjur kliru : disengguh manungsa dipurih susah lan prihatin thok. Ora oleh duwe seneng pangarep-arep apa-apa. Lha apa dhelog-dhelog kaya reca? Glundhang- glundhung kaya endhog? Tartamtu bae rehning ora pethuk karo nalar, temah nganakake pamaido mangkene : AH YA GENE WONG URIP SUSAH-SUAH, WONG PARI DITANDUR DADI? SARTA KANG MAHA KUWASA PARING KAMURAHAN RUPA-RUPA : SRENGENGE, REMBULAN, UDAN, TANEM TUWUH, KEKEMBANGAN, PANGANAN ENAK-ENAK, KAANAN SARWA ENDAH, KABEH CINADHANGAKE MARANG MANUNGSA. MANUNGSA DIPARINGI PRABOT PEPAK SUPAYA BISA NINDAKAKE KAREP LAN PANGAREP-AREPE APA DENE NGRASAKAKE SENENG. APA PRELUNE WONG BODHO DIPURIH PINTER, WONG KESED DIPURIH SREGEP, WONG SUSAH DIPURIH BUNGAH, ALAS DIGAWE NEGARA REJA. KABEH IKU KARSANING GUSTI, TEKA JEBUL PADHA KEPEINGIN DADI TUNGGAK, SARTA ATINE DIGAWE SUSAH-SUSAH, IKU KAPRIYE?.

Mangkono ujare wong kang durung dumunung nalare.

Ana saweneh manungsa kang isih kasar rasane, dhemen banget ngudi kawruh kasampurnan, nanging enggone ngudi iku katarik saka kepingine kaya kang uwis padha dadi pangudine, (padha ngranggoni kasantosan lan kaheningan). Sarehne kang ditiru ya muruki : aja duwe pangarep-arep lan bungah, temahan meksa marang adon-adonane kabeh : Ora kena ora kudu duwe pangareo-arep lan seneng.

Sarehning prakara iku ora laras karo adon-adone, temahan ndadekake peperangan karusakan sadina-dina, dumunung ing atine, banjur ngakake sumpeging ati, lan bingung pikiran.

Lakuning pancadriya kaya banyu mambeg kang tansah diubak-ubak, lire : tansah ora maton apa kang kudu linakonan ing sadina-dina. Lakune mandheg mayong sarta adon-adone tansah perang. Saperangan gedhe niyat padha mbalela marang ratune (angen-angen) kang ora weruh marang khukum. Awit saka iku ora kurang wong ngupadi kasampurnan malah dadi ngengleng, kuwur utawa bingung. (Sangsaya mempeng enggon engudi, sangsaya kuwur, sumpeg, sugih gagasan lan pikiran).

Kadadeyan kang kaya mangkono ora nggumunake, awit : prakara kang mesthine dirasa nganggo rasa alus mangka dirasa nganggo rasa kasar, iku padhane panggawe kang mesthine digarap ing wong tuwa digarap ing bocah

cilik, utawa kaya dene balok kang mesthine diangkat ing saradhadhu diangkat ing wong wadon.

Wong kang ngluputake embuh kanane mau, manawa sumurup wong ngudi kawruh dadi bingung lan ngengleng : oleh dalan kanggo mancahi kaya bubuk oleh eleng.

Wong ngudi kawruh dadi sumpeg, bingung utawa ngengleng iku marine mung yen mareni olehe mempeng. Sangsaya mari mempenge sangsaya mari bingung lan sumpege, marga sangsaya lipur oleh tamba kabungahan donya, (yen sing lara kasar : tambane ya barang kasar) togtogane : purik, kapok, ora arep ngudi kasampurnan maneh-maneh. (Marine kapok yen wis oleh panuntun kang nggolekake dalan utawa mratkeli), ndunung-ndunungake samesthine.

Ana saweneh wong ngudi kaweruh sugih sir kang nyimpang saka tekat (goroh batin) bareng weruh kancane sumpeg lan bingung jalaran saka mempenge banjur mituruti dhapur kaya dongeng kuwuk buntung buntute kang ngajak kancane murih niruwa buntunge mangkene : O, wong ngudi kawruh kok mempeng-mempeng temen. Becik sakepenake bae kaya aku iki, aku iki tirunen, pancadriya aja dicandhet banget-banget, prelu uga kala-kala dieculake. Tirunen aku iki. Enggonku mikir marang kawruh sarta nyandhet nafsu mung sawatara. Jer samubarang gawe yen banget-banget, ora becik. (Rembug mangkono iku panampane kudu kanthi prayitna lan weweka). Yen kurang prayitna, kelu wong kuedhung wawaton, benera ujare nanging luput panganggone, asring nganakake sembrana : sugih kakarepan lan sir kang nyimpang saka tekad.

Ora luput kang ngarani yen pangudi kawruh kasampurnan iku gawat lan rungsid.

Empaning pangarep-arep lan seneng iku tetelane mangkene : Manungsa kang isih gedhe rasane kang kasar, ora susah kumudu-kuduwa mbuwang pangarep-arep lan senenge, mung kudu NGENGGOLE pangarep-arep lan senenge. Kayata :

Maune seneng marang panggawe kang kurang becik, di ENGGOKNA : seneng ngudi kawruh, maca layang kang becik utawa ngenam-enam.

Maune seneng mangan enak, DIENGGOKNA : seneng ngurang-ngurangi. Maune seneng marang kadonyan, DIENGGOKNA : seneng nyapih atine karo kadonyan.

Maune seneng marang pepenginan DIENGGOKNA : seneng nyuda pepenginan.

Maune seneng marang donya lan dirine DIENGGOKAKE : seneng marang Allah utawa pribadine (uripe). Sapiturute.

Manawa lakune wis menggok, kang diarep-arep ya mung oleh-olehaning pangudine, kasenengane iya yen oleh thukulan kang becik, utawa plimpingan. Sapa ta kang bisa ngarani yen seneng kaya mangkono iku, kalah karo senenge wong sugih singgih, kajen kineringan sapanunggalane? Tak duga ora beda senenge, getun mung mangkene :

Seneng marang pangudi, parane marang katentreman, nanging yen seneng marang kabungahan marang panggrangsang.

Seneng marang pangudi ole kaweningan, seneng marang kabungahan oleh pepeteng.

Seneng marang pangudi ngajekake ilining cipta, seneng marang kabungahan ngenggokake cipta.

Seneng marang pangudi, upama rasaning badan waras, seneng marang kadonyan, upamane rasaning badan kang gatel dikukur.

Manawa ilining cipta wis ajeg gumolong marang Allah, iku pangarep-arep lan seneng sangsaya alus rasane, mundhak dina mundhak aluse, kangsi salin sipat. Enggone katembungake sirna iku ya sabab wus salin sipat utawa salin rasa. Nanging sajatine ora sirna, mung ngalih, (sejen rasa nunggal tataran) obah utawa kedhere uga sangsaya anteng. Enggone saya anteng kena kaupamakake ilining banyu kali, saya nyedhaki sungapan saya alon.

Ringkese mangkene : KEREP, PANGAREP, KEPINGIN, apa dene SENENG, iku ora susah disirnakake utawa dibuwang-buwang. Bageyaning Manungsa mung MILIH karo Nglakoni, mengko kang kasar bakal sirna karepe dhewe.

ΘΞΘ Perangan 38

KESENENGAN KANG GEDHENE

Dalam dokumen SERAT MADURASA (Halaman 53-56)

Dokumen terkait