• Tidak ada hasil yang ditemukan

KESENENGAN KANG GEDHENE NGUNGKULI GUNUNG HIMALAYA

Dalam dokumen SERAT MADURASA (Halaman 56-62)

SARTA DHAWURE NGUNGKULI LANGIT Pangareparep. Tekane saka ngendi?

Kang aran seneng, iku rasa kang kepriye?

Wong dhemen nandur, tansah oleh kasenengan kang rasane ora gampang jajag-jajagane lan ora kena disepelekake. Jalarane ora mesthi saka ngundhuh wohe, terkadhang lagi ndeleng semining godhonge bae : atine krasa bungah. Wong dhedher wiji ngrungu swarane gludhug sarta banjur udan, suka sukure marang Allah ora kena kinira-kira.

Wong nyambut gawe kang dhemen netepi wajibe (luwih-luwih kang pethenge menyang Allah), iku kesenengan kang gedhe banget, kayata : pulisi nalika golek katrangan, anggepe kaya ngudi sawijining kawruh bakal kanggo eksamen, lupute bakal njunjung drajate, iya marem sabab mundhak kabautane utawa sukur dene bisa gawe tentreming praja. Saben oleh titikan saka enggone golek katrangan, sirna sayahe lan mundhak mempenge.

Sarehning tetela seneng iku asale saka PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, mulane saben wong mesthi duwe kasenengan, kang rasane ora kena ditraju ing liyan. Sanajan sawangane gedhe banget bedhane, nanging tumrap kang ngrasakake durung mesthi bedda.

Wong panahan, wong main, wong mancing, wong njala, wong ngingu manuk, wong nganggit layang, wong nggambar, wong mbathik lan liya-liyane, kabeh padha duwe PANGUDHI. Sarehning duwe pangudi, kang ndadekake senenge iya yen KATEKAN PANGUDINE dhewe-dhewe. Sarehning kalane ngudi sadalan-dalan oleh undhakan, mulane kabeh mau sadalan-dalan iya padha oleh kasenengan dhewe-dhewe.

Eleding gunem : wong ngudi kawruh kasampurnan ora susah kagetan, gimiran, penginan utawa meri marang kabegjaning liyan utawa kasenganing liyan, sanajan katone luwih dening seneng lan luwih begja, jalaran, : sanajan dikaya ngapa kahanane kang katon ing lair, nanging kahaning rasa seneng iku ing endi-endiya ora liya, MUNG SAKA PANGAREP-AREP KANG KATEKAN.rehning pangarep-arep kang katekan iku KEHE TANPA WILANGAN, dadi mung kari nari sakarepe kang arep milih bae, kalawan ora susah kuwatir yen ora oleh. Dadi upama ana wong urip kang sire mung golek kasenengan bae teka ora oleh : iku saka bonggane dhewe, tetela wong murangsarak, jer lumuh golek sing bisa oleh, kudu-kudu golek sing ora oleh. Lumuh golek sing gampang, kudu golek sing angel, apa maneh yen wong golek seneng milih sing ala, mlarati utawa gawe pitunaning liyan, tetela wong bingung. Apa sababe : wong kasenengan kang becik ora kurang, sing munfangati akeh sarta sing gawe bathi tanpa wilangan, teka ndadak golek sing ala, sing mlarati lan sing gawe pitunaning liyan, yenta bedaa rasane : o r a.

...□□...

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

Sarehning wong ngudi kasampurnan iku kang diudi : kasucen, kabeningan (dudu wong golek bungah kaya wong nanton tayuban, main, rame-rame, nyawang neka-rupa, nyandhing bandha, mangan enak sapanunggalane, malah padha ngudi pisahe saka kabungahan) dadi ingatase wong kang lali yen SENENG IKU PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, kang mesthi banjur ngira : wong ngudi kaweuh disengguh ora duwe seneng sathithik-thithika, tansah susah jalaran mekak hawa nepsune, nanging sok uga eling yen seneng mengkono rasaning pangarep-arep kang katekan, mangsa ngiraa mangkono, awit ora ana bedane babarpisan karo kang bungah-bungah lan

ngenak-enak, jer kabeh-kabeh padha duwe pangudi lan pangarep-arep sarta padha dene katekane, bedane kira-kira mung mangkene :

Kang seneng marang kabungahan ora marem-marem, kang seneng marang kawruh duwe marem.

Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, kang seneng marang kawruh saya lawas saya tentrem.

Seneng marang kabungahan bakal karusakan, kang seneng marang kawruh saya nyedhaki marang slamet.

Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, kang seneng marang kawruh saya sathithik susahe.

Kang seneng marang kabungahan ora ajeg sire, kang seneng marang kawruh ajeg sire.

Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, kang seneng marang kawruh sangsaya pramana.

Sarehning seneng PADHA (mung kacek mlarati karo munfangati), mulane kang ngudi kawruh ora prelu gimir, meri, kepencut, ngrusula utawa cilik ati.

...□□...

Wong ngudi kawruh padha nindakake panggawe kang kasebut ing ngisor iki : 1. Goleka katrangan, titikan lan urusan. Enggone oleh kasenengan sadalan-

dalan kaya pulisi golek sisik melik.

2. Ngupakara tanduran, (daya, rasa) enggone oleh kasenengan sadalan- dalan kaya wong tani ngupakara tandurane. Iku durung enggone ngrasakake uwohe (watak).

3. Ngajar tunggangan, niteni wataking tunggangan (pancadriya). Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya panegar ngopeni jarane utawa tukang kumidhi ngajari gajah, bruwang, asu. Utawa kaya guru mulang bocah.

4. Nyelengi kangge sangu lan piranti, (daya gaib). Enggone tansah oleh seneng kaya wong nyelengi dhuwit ing separbang, enggone nemu piranti (wawaton) kanggo garan, kaya undhagi oleh tatah, jangka, sapanunggalane.

5. Mimisah lan ngadon-adoni, kaya ahli ngelmu pamisah (kimia). Manawa oleh rasa lan daya anyar saka enggone misah lan ngadoni, rasa anyar mau dibesut maneh lan diadoni maneh, marakake nemu kencana kang luwih endah, uga dadi piranti maneh, sapiturute. Iku kasenengan kang ora pisan-pisan kena dijajagi dening kang ora ngalami dhewe. (tak tembungake anyar mau anyare tmrap kang ngudi, nanging sajatine wis cumawis ndhelik. Kang ngudi mung nyarawedi utawa mbesut bae).

6. Ngejum, nata lan ngenam-enam pikiran kalaras karo rasa, mujudake wawangunan rupa-rupa, ora beda karo wong nganam-anam kang mujudake kekembangan lan bekakas warna-warna kang adi-adi.

7. Ngadon-adoni rasa warna-warna, ditata, diurut manut patute, kalaras karo rasane, mujudake rasa kang edi endah, patrape kaya koki gawe masakan warna-warna kang mirasa, ya iku kasenengane wong nganggit-anggit utawa nggubah. Kayata : wawangunaning wayang kang rupA-rupa candrane, karuntutake karo lalakone, gendhinge. Pathete, suluke, ada- adane, unggah-ungguhe, tembunge, tembunge, kagarba dadi siji. TUMUJU MARANG SAWIJINING RASA utawa MAKSUD. Ora beda karo gugubahan utawa oncen-oncen kang nganggo kekembangan warna- warna kaworan gogodhongan, nuli diwangun meng-KENE, kagathukake karo gugubahan kang MANGKENE, mujudake wawangunan kang luwih endah, manis sarta ngengreng.

WONG ngudi kawruh enggone gawe gugubahan RASA kang adi endah ana ing karatoning ALLAH : ora beda senenge karo para putri gawe gugubahan kembang kanggo rerengganing daLeme. Mung kacek kasar Karo alus, kasat mata karo ora. Rasa kang sumingit ana ing layang kikidungan anggitane para linuwih apa dene kang ana ing candhi, wayang, gamelan, pakem lan liyane- liyane : kabeh wujud gugubahan utawa oncen-oncen kang banget endahe. Rasa kang digubah padha maujud ana ing kahalusan, dadi rerenggan sajroning gaib, kang ORA KENA KINAYA NGAPA endahe.

8. Wong ngudi kawruh kang taberi ngrasakake lan niteni, tansah oleh pitutur saka atine dhewe. Enggone seneng kaya bocah sekolah, Rasa lan Budine kang minangka guru, alam iki minangka pamulangan, sarupane kang gumelar dadi gagaraning piwulang. Wasana : manuk, tawon, kembang, lintang, rembulan, suket, godhong, watu, lan liya-liyane kabeh padha aweh pitutur marang kang ahli sasmita, kaya-kaya sarupane kang tumuwuh padha muni dhewe-dhewe, sarta unine laras kaya gendhing kang banget kapenake.

9. Wong ngudi kawruh kang karem mbeciki sapadha-padhaning sipat (dumadi), iku thukuling niyat saka SIR KANG LUHUR, kalane thukul sire, sir kang luhur mau saya gedhe dayane, megar saya MEMPAN. Undhaking sir kang luhur upama wong oleh undhakan barang kencana. Sir kang luhur (kencana) narik kang luwih luhur maneh, iku upama wong kang oleh kencana banjur oleh inten, sabanjure : dadi duwe sesotya kencana kang dumunung ing gaib, iya ing atine dhewe. Sapa kang duwe : mangsa wong liyaa. Enggone gawe kabecikan mau mbeciki marang sapa? Iya mangsa tibaa marang wong liya, uga sipate dhewe, wasana dadi kesenengan gedhe kaya wong mbeciki anake utawa pindha wong macar kukune dhewe. (Apa sababe wong duwe pangganggep sing samono), sababe yaiku : sirna lelarane, sirna napsune kang ngajak drengki, gething, kiyanat musibat, kari suburing rasa kang ngajak asih tresna, kang dayane ayem tentrem, nikmat lan munfangat.

10. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kaya wong ngadu jago, ngadu jangkrik, notohi kertu, panah lan liya-liyane, awit saben dina

tansah notohi peranging adon-adon kang becik mungsuh kang ala. Yen kang ala kalah dening kang becik, mareme kaya botoh jago menang jagone, kaya wong main menang kertune, banjur oleh ganjaran daya alus kaya wong ngabotohan ngukup dhuwit.

11. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kang senenge kaya raja mangun perang nelukake nagara. Manawa balaning setan kalah dening balaning Pangeran, kabeh balaning setan padha teluk, manut-miturut, sirna setane, dadi kanca kabeh sayuk rujuk, tata tentrem raharja.

12. Wong ngudi kawruh uga duwe pakareman utawa rasa lega kaya rasaning wong ilang klilipe, senebe, lalarane utawa badane, iya iku enggone mbudi benggange karo kadonyan kang nyarimped utawa nggigidhuhi. Saben bisa mbuwang pakaremane (ora ketagihan maneh), rasane kaya ucul saka babadan utawa kaya bocah kang wis ora nangis disapih.

13. Wong ngudi kawruh bisa ngreti kanthi terang, yen GAWE KABECIKAN IKU GEDHE MUNFANGATE TUMRAP KANG NGLAKONI, kena kaupamakake kelangan sabenggol oleh liru satus rupiyah, nandur krambil sagluntung bakal ngundhuh pirang-pirang gluntung, kongsi pirang-pirang taun. Iku tumrape manungsa bisa ngrasa : lagi bisa mangerti bae ngrasa seneng kaya oleh kauntungan gedhe, awit arang manungsa kang bisa mangerti marang paedahing pangreti kang semono. Kang akeh mung kumambang dienggo kembang lambe, ora bisa yakin sajroning ati. Apa maneh pangreti bab rasa TRESNA MARANG DAT DADI WOT MARANG SAGARA RAHMAT. Manungsa kang wis bisa ngregani marang pangreti kang semono, iku ngrasa nemu kanugrahan gedhe, suka-sukure ngungkuli kang nemu emas.

Sawise sumurup kanthi terang, banjur DUWE NIYAT GAWE KABECIKAN, DUWE NIYAT NGUPAYA DALAN BISANE KATHUKULAN TRESNA MARANG DAT, yaiku : lagi DUWE NIYAT bae sajatine wis kanugrahan, sarta yen rinasa agawe senenging ati. Arang manungsa kang tampa kanugrahan arupa NIYAT (idham0idhaman, cita-cita kang kaya mangkono. Niyat utawa idham-idhaman iku bibit, manawa diurip-urip bisa dadi gedhe lan ngrebda banjur awoh.

Niyat kang marang kautaman iku ngadat akeh rubedane, dumunung ing atine dhewe, kayata : ana adon-adon kang kasar utawa asor mbangkang, mbabaluhi utawa sungkan, banjur ana pikir peteng kang mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikiran kang mbantah utawa madoni. Tumrap manungsa kang ora prayitna : kelu dayaning adon-adon kasar, temahan wurung niyate (sungkan, abot utawa mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikirang kang mbantah katarik saka sungkan iya saka lakune r o h-k h e w a n i. Sarehning tetela yen iku rubeda, dadi prelu kang ngrubeda mau dimungsuh, dikalahake. Yen dayane kang kasoran mau kuwat banget iya sinangkan saka sethithik, diirih-irih dhisik, digolekake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho,

wasana kena dikalahake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake babar pisan. Mangkono mau sarehning arang banget manungsa kang bisa ngrasa yen iku COBANING ATI, dadi manungsa kang sumurup utawa ngrasa kang mangkono, iku sajatine tanpa kanugrahaning Pangeran. Mangkono uga enggone niyat ngalahake adon- adone kang asor lan enggone golek reka tanpa kemba : iku kanugrahan gedhe banget, sarta yen rinasa banjur nganakake RASA SUKUR MARANG KANG GAWE URIP. Senenge durung mesthi kalah karo menang lotre, mung kacek obah karo meneng, kasat mata karo ora.

Sawise nemu pratikel utawa dalan kanggo ngalahake adon-adon kang asor, banjur katindakake : (ngulinakake nglakoni sawijining panggawe kang dayane empaning adon-adon kang becik. Ngendhih kang ala). Manawa klakon ana saperanganing adon-adon kang ala kang kalah (ora ngrubeda maneh) iku kang duwe pangudi kaleksanan pangudine, sarta yen rinasa dadi seneng sarta marem. Sakalahe adon-adon kang ala, banjur rumasa oleh kaundhakan daya alus lan padhang, prakara iki kena diupamakake wong nyarawedi : wiwit katon murnine, ndadekake saya mempenging pangudine.

Ora lawas nuli ana maneh adon-adon kang kalah sarta thukul maneh kang becik, iya nganakake seneng maneh, mangkono sabanjure : tansah oleh kemenangan salawas-lawase. Saya cedhak karo kang diparani sangsaya seneng, marga sangsaya sugih thukulan daya alus warna-warna, kabeh dadi piranti utawa sangu mbanjurake lakune, lan dadi piranti kanggo ngalahake kang ala. Wasana sangsaya lawas sangsaya banget senenge, mung rasane beda karo seneng kang katindakake nganggo adon-adon kang kasar, awit senenge sangsaya meneng lan tentrem, dadi sangsaya ora ketara senenge, awit sangsaya sirna uriping napsune, kari cahyaning rasa lan budine, yaiku : PRAMANANE. ΘΞΘ MRAYOGAKAKE MAOS : 1. Wewadining Rasa. 2. Jatimurti. 3. Kaca Wirangi. 4. Wedharan Wirid I. 5. Wedharan Wirid II. 6. Wedharan Wirid III. 7. Kun Fayakun. Sumber :

Kapethik saking Serat Madurasa, Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

Amit pasang kaliman tabek, kawula pun Kumitir nyuwun idi palilah dumateng priyagung tanah Jawi ugi para sarjanadi, bilih kawula namung sadermi ngelingaken kemawon lan angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten sanes namun rasa tresna kawula dumateng budaya

lan sastra tilaranipun para leluhur Agung Tanah Jawi. Wusananing atur, mugya saged migunani dhumateng para maos ugi sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami dumateng pun Kumitir. Nuwun.

Dalam dokumen SERAT MADURASA (Halaman 56-62)

Dokumen terkait