• Tidak ada hasil yang ditemukan

A. Asiling Panaliten

1) Validasi dening Dosen Ahli materi

Saderengipun nglampahi uji coba mediadhumateng siswa SMA kelas XI, langkung rumiyin nindakaken validasi utawi uji kelayakan media. Validasi

gadhah ancas kangge mangertosi kelayakan saha kualitas media pasinaon ingkang dipundamel. Wonten tataran menika ugi, sasampunipun media dipunevaluasi dening dosen ahli, lajeng media pasinaon sengkalan ingkang dipundamel dipunndandosi supados ngasilaken media ingkang sae kanthimateri ingkang trep. Validasi dening dosen ahli materi menika dipuntindakaken kanthi cara panaliti nyaosaken media pasinaon sengkalan supados dipunpirsani saha dipunevaluasi babagan ingkang kirang trep lajeng dipunserat wonten ing angket pamanggihahli materi.

Dosenahli materi kanggemediapasinaon sengkalan wonten ing panaliten kasebut inggih menika Drs. Afendy Widayat, M.Phil. Validasidening dosenahli materitumrapkualitas mediapasinaon menika dipunlampahi kanthi cara maringi pambiiji saha pamrayogi ngengingi andharan utawi isi materi wonten ing salebeting media pasinaon.Validasi dening dosen ahli materi dipunperang dados kalih perangan pambiji inggih menika perangan piwulang kasusun saking sangangindikator,saha perangan leresipun isi kasusun saking wolungindikator.

a) Validasi kualitas mediadeningahli materitumrap perangan piwulangan Validasi kualitas media perangan piwulangan kasusun saking sangang indikator, antawisipun: indikator kualitas anggenipun maringi motivasi siswa, jumbuhipun indikator kaliyan Kompetensi Dasar wonten ing Kurikulum 2013, jumbuhipun materi kaliyan Kompetensi Dasar wonten ing Kurikulum 2013, leresipunmateri,cethanipun andharanmateri,cekap anggenipun maringi gladhen,

jumbuhipun gladhen kaliyan indikator, leres anggenipun ngginakaken basa saha ejaan, cetha anggenipun ngginakakenistilah.

Validasi dening dosen ahli materi tumrap kualitas media perangan piwulangan dipuntindakaken dumugi validasi kaping kalih. Wondene asilipun validasi I & II tumrap kualitas media perangan piwulangan saged dipunpirsani wonten ngandhap menika.

Tabel17: AsilingValidasi Dosen Ahli materitumrapKualitas Media Perangan Piwulangan

No. Indikator ValidasiI Validasi II

Biji Kategori Biji Kategori 1. Kualitas anggenipun maringi

motivasisiswa

5 Sae Sanget 5 Sae Sanget 2. Jumbuhipun indikator kaliyan

Kompetensi Dasar wonten ing Kurikulum2013

4 Sae Sanget 5 Sae Sanget 3. Jumbuhipun materi kaliyan

Kompetensi Dasar wonten ing Kurikulum2013

5 Sae Sanget 5 Sae Sanget

4. Leresipunmateri 4 Sae 4 Sae

5. Cethanipun andharanmateri 3 Cekap 4 Sae 6. Cekap anggenipun maringi

gladhen

4 Sae 4 Sae

7. Jumbuhipun gladhen kaliyan indikator

5 Sae Sanget 5 Sae Sanget 8. Leres anggenipun ngginakaken

basa saha ejaan

3 Cekap 4 Sae

9. Cetha anggenipun ngginakaken istilah

3 Cekap 4 Sae

Rata-rataPersentasi Biji % % = 80% (sae) % = 88,89% (sae sanget)

AdhedhasarTabel17 menika, saged dipunmangertosi bilih pambiji dening dosen ahli materi wonten ing validasi I pikantuk rata-rata persentase 80% ingkang kagolong sae. Miturut pambiji menika dosen ahli materiparing dudutan bilih media pasinaon menika sampun saged dipunuji coba wonten sekolah, ananging kanthi revisi. Ingkang prelu dipundandosi inggih menika perangan cethanipun tampilan tuladhamaterisengkalan lamba supados langkung cetha saha trep ugi dipuntambahi paugeran anggenipun nemtokaken watak tembung sengkalan.

Sasampunipun media sampun dipundandosi jumbuh kaliyan pamrayogi dosenahli materi,salajengipun dipuntindakakenvalidasiII. Saking asilvalidasiII wonten nginggil nedahaken rata-rata persentase 88,89% ingkang kagolong sae sanget. Indhakanipun bijikualitas media saking dosen ahli materi tumrap saben indikatornalikavalidasiI saha II saged dipunpirsani wonten inggrafikmenika.

PambijiKualitas MediadeningAhli MateriPerangan Piwulangan

Gambar 3:Grafikpambijikualitas mediadeningahli materiperangan piwulangan 0 0.5 1 1.5 2 2.5 3 3.5 4 4.5 5 Kualitas anggenipun maringi motivasi siswa Jumbuhipun indikator kaliyan Kompetensi Dasar wonten ing Kurikulum 2013 Jumbuhipun materi kaliyan Kompetensi Dasar wonten ing Kurikulum 2013 Leresipun materi Cethanipun andharan materi Cekap anggenipun maringi gladhen Jumbuhipun gladhen kaliyan indikator Leres anggenipun ngginakaken basa saha ejaan Cetha anggenipun ngginakaken istilah Validasi I Validasi II

b) Validasi kualitas mediadeningahli materitumrap perangan leresipunisi Validasi kualitas media perangan leresipun isi kasusun saking wolung indikator, antawisipun:indikator materitrep kaliyan ancasipun piwulangan, cetha anggenipun ngandharaken materi, sistematika andharan materi, jumbuhipun tuladha kaliyan materi, basa ingkang dipunginakaken gampil dipunmangertosi, gambar ingkang dipundamel trep kaliyan materi, rumusan gladhen jumbuh kaliyanKompetensi Dasar,saharumusangladhen jumbuh kaliyanindikator.

Validasi dening dosen ahli materi tumrap kualitas media perangan leresipun isi dipuntindakaken dumugi validasi kaping kalih. Wondene asilipun validasiI & II saged dipunpirsani wonten ngandhap menika.

Tabel18: AsilingValidasi Dosen Ahli materi tumrapPerangan LeresipunIsi

No. Indikator ValidasiI Validasi II

Biji Kategori Biji Kategori 1. Materi trep kaliyan ancasipun

piwulangan

4 Sae 4 Sae

2. Cetha anggenipun ngandharaken materi

3 Cekap 4 Sae

3. Sistematikaandharanmateri 3 Cekap 4 Sae 4. Jumbuhipun tuladha kaliyan

materi

5 Sae Sanget 5 Sae Sanget 5. Basa ingkang dipunginakaken

gampil dipunmangertosi

3 Cekap 4 Sae

6. Gambar ingkang dipundamel trep kaliyanmateri

4 Sae 4 Sae

7. Rumusan gladhen jumbuh kaliyan Kompetensi Dasar

4 Sae 4 Sae

8. Rumusan gladhen jumbuh kaliyan indikator

5 Sae Sanget 5 Sae Sanget Rata-rataPersentasi Biji

%

% = 77,5% (sae)

% = 85% (sae sanget)

Ningali Tabel 18 kasebut saged dipunmangertosi bilih pambiji dening dosen ahli materi wonten ing validasi I pikantuk rata-rata persentase 77,5% ingkang kagolong sae. Salajengipun media dipundandosi miturut pamrayogi dosen ahli materi. Sasampunipun media paripurna anggenipun ndandosi jumbuh kaliyan pamrayogi dosen ahli materi, salajengipun dipuntindakaken validasi II. Saking asil validasi II wonten nginggil nedahaken rata-rata persentase 85% ingkang kagolong sae sanget. Indhakanipun biji perangan leresipun isi tumrap saben indikator nalika validasi I saha II saged dipunirsani wonten ing grafik menika.

PambijiKualitas MediadeningAhli MateriPerangan Leresipun Isi

Gambar 4:Grafikpambijikualitas mediadeningahli materiperangan leresipun isi 0 0.5 1 1.5 2 2.5 3 3.5 4 4.5 5 Materi trep kaliyan ancasipun piwulangan Cetha anggenipun ngandharaken materi Sistematika andharan materi Jumbuhipun tuladha kaliyan materi Basa ingkang dipunginakaken gampil dipunmangertosi Gambar ingkang dipundamel trep kaliyan materi Rumusan gladhen jumbuh kaliyan Kompetensi Dasar Validasi I Validasi II

Olahipun data asiling pambiji kualitas media dening ahli materi nalika validasi tataran I saha II dipuntingali saking perangan piwulangan saha leresipun isi kapacak wonten inggrafikngandhap menika.

Gambar 5:Grafikpambijikualitas mediadeningahli materi

Dokumen terkait