• Tidak ada hasil yang ditemukan

WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER! Endah : Sugeng enjing Bu Retno?

SOAL BASA JAWA 5 SEM. I SESI MICARA

I. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER! Endah : Sugeng enjing Bu Retno?

Bu Retno : Ya,lo.Kok esuk-esuk kowe kok wis tekan kene?

Endah : Inggih Bu,kula badhe wawanrembug kaliyan panjenengan babagan Kopsis wonten ing SD mriki.

Bu Retno : Kanggo apa wawanrembug babagan Koperasi iki? Endah : Kagem kegiatan Bu? Punika tugas saking Pak Agus. Bu Retno : Apa sing arep kotakokake?

1. Basa sing digunaake Endah diarani basa ………. 2. Basa sing digunaake Bu Retno diarani basa ……….. 3. Kowe arep menyang ngendi kok mlaku wae?

Ukara ing dhuwur iku nganggo basa………..

4. Basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa ………

5. Sampeyan badhe tindak pundi?

Ukara ing dhuwur iku owahana dadi basa kramaalus! ………..

6. Kowe dikongkon ibu mangan saiki.

Ngoko aluse yaiku ……… 7. Pakdhe lagi teka saka Yogya.

Ngoko aluse yaiku………. 8. Kula tumbas buku wonten Koperasi

Ngoko lugune yaiku ……… 9. Bukune digawa mulih Bu Guru.

Ngoko aluse yaiku ……… 10.Kowe mau bengi turu jam pira?

Ngoko aluse yaiku ………. 11.Kowe mau apa ora sida lunga menyang Lamongan?

Ngoko aluse yaiku ……… 12.Pak Guru teka nunggang sepedha motor karo nyangking tas.

Krama aluse yaiku ………. 13.Rini dipun utus dhateng toko mundhut obat

Krama lugune yaiku …………..

14.Dhokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888.

Ngoko lugune yaiku ………. 15.Awit saka gedhe lelabuhane,pamarentah Indonesia maringi anugrah Pahlawan Kemerdekaan

Nasional kanthi Surat Kekancingan Presiden RI No.590/1961. Lelabuhane artine yaiku ……….

16.Haji Umar Said Cokroaminoto nate ngasta dadi pegawe pamarentah ing Kabupaten Ngawi Jawa Timur suwene 3 taun.

Ngasta artine ……….

17.Bung Tomo wusanane entuk gelar Pahlawan Nasional saka pamarentah. Wusanane artine ……….

18.Apa kuwi tukonmu?

Ukara kasebut Manawa disalin nganggo basa kramalugu dadi ………..

19.Basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-tembung krama inggil diarani basa ……….

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 86 Hari : Sugeng siyang Pakdhe

Pakdhe : Sugeng siyang.Assalamualaikum Hari,Adi,Jaya : Waalaikumussalam wr.wb Adi : Saking tindak pundi Pakdhe?

Pakdhe : Ora saka ngendi-endi.Saka ngomah bae.Iki lho,arep golek silihan drai.Iki sikilku rada linu

Hari : Wah …..obengipun kedah spesial Pakdhe.

20.Panganggone krama lugu yaiku marang wong sing ………..sing durung raket.

21.Sing dadi paraga ing pacelathon dhuwur iku yaiku ………..

22.Paribasan ‗ Katon cempaka sawakul ‗ artine ………..

23.Anggone nawani panganan mung digawe abang-abang lambe.Tegese abang-abang lambe yaiku ………

24.Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae utawa ora mung salugune bae diarani tembung ……….

25.Prapto kuwi bocah mata dhuwiten.Tegese mata dhuwiten ………..

26.Kanggo nyukupi kabutuhane olehe nyambut gawe direwangi ………. (tembung entar)

27.Bocah lanang kudu amba jangkahe.Amba jangkahe tegese ………..

28.Tukang kayu kuwi anggone kerja katon mempeng.Tembung mempeng kosok baline ……….

29.Manuk emprit mangan pari.Dadi murid ………

30.Ngasah arit nganti landhep.Dadi murid kudu sregep.Ukara-ukara iku kalebu ………. 31.

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 87 KUNCI BASA JAWA SESI MICARA

1. Krama 2. ngoko 3. ngoko lugu 4. ngoko lugu

5. Panjenengan badhe tindak pundi kok tindakan kemawon 6. Panjenengan diaturi ibu dhahar sakiki

7. Pakdhe lagi dugi saka Yogya 8. aku tuku buku neng koperasi 9. bukune dibeta wangsul Bu Guru. 10.Panjenengan mau bengi sare jam pira?

11.panjenengan mau apa ora sida tindakan menyang Lamongan? 12.Pak Guru rawuh nitih sepedha motor kaliyan ngasta tas. 13.Rini diaturi dhateng took tumbas obat

14.Dhokter Soetomo lair neng Nganjuk tanggal 30 Juli 1888 15.Jasane

16.Megawe 17.Akhire

18.Punapa niku tumbasan sampeyan 19.Krama alus

20.Sadrajat

21.Hari,,Adi,Pakdhe,Jaya 22.disenengi wong akeh 23.lamis,ora temenan 24.Entar

25.sing dipikir mung dhuwit/tamak marang dhuwit 26.adus kringet 27.akeh ikhtiyare 28.Kesed 29.sing taberi 30.Parikan 31.

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 88

………..

Laire disajeni raga ndhepani siti bantala Didusi banjir eluh lan ludira Yen kok aji sarana roti lan dholar Tetegen gendera-gendera sing kumlebet ing dhuwur kubur Kanggo ngisi kamardikan Dudu rebut kursi lan cecongkrahan Persatuan! Sijining daya minyak gapura Tata tentrem kerta raharja Manawa ora,bangsa bakal kelem ana dhasaring samodra

SOAL BASA JAWA 5 SEM. I

SESI MACA

I. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER! 1. Sapa bae paragane pacelathon ing dhuwur iku? Yaiku…………

2. Olehe migunakake pacelathon ing dhuwur nganggo basa apa? Yaiku basa………

3. Gagasan baku pacelathon ing dhuwur yaiku ………..

4. Irah-irahan sing cocok kanggo geguritan kasebut yaiku ………

5. Mbak Nita matur marang ibune,yen eyang kakung arep rawuh. Ukara langsunge yaiku ………..

6. Guruku dhawuh,yen kanca-kancaku padha baris ing latar. Ukara langsunge yaiku ………..

7. Pak Guru ngendika,‖Kowe kudu sregep mlebu sekolah.‖ Ukara tak langsunge yaiku ………

8. Ukara langsung diarani uga ukara ………

9. Ukara tak langsung diarani uga ukara ……….

10.Sing diarani parikan yaiku unen-unen kang akehe ………..

11.Gatra kapisan ing parikan diarani ………..

12.Gatra kapindho ing parikan diarani ………..

Doni : ―Mbak,dakkandani,ya.‖

Ratna : ―Apa ta Dhik,apa arep ngajak nonton bioskop?‖

Doni : ―Ora kok.‖

Ratna : ―La apa,gek ndang kandhakna!‖

Doni : ―Coba bedheken,apa kira-kira mbak?‖

Ratna : ―Emoh ah.‖

Doni : ―Yen mbak Ratna bias mbedhek tur bener ,sing dak gawa iki jupuken.‖

Ratna : ―Hara,rak tenan ,ta!‖

Doni : ―Iya,tenan apa coba bedheken!‖

Ratna : ―Ngerti aku.Dhik Doni bubar entuk arisan, ta? Hayo,ndang digawa

rene,daak pek tenan cilaka kowe.‖

Doni : ―Yen mbak Ratna kleru kepriye?

Ratna : ―Ya wis ,mengko dak traktir kowe.Ning janjine ora kena milih sing

larang-larang lo!‖

Doni : ―Ha,ha,ha! Ngene lo mbak,saiki rak wis pungkasane taun pelajaran ,mau

awan akau tampa raport.Dadi sing tak gawa iki ya raport kok.Horee!‖

Ratna : ―Wah,cilaka aku.Beja kowe Dhik.Ya wis iki dhuwite gek ndang tukua dhewe.La kepriye,kowe rak munggah ta,Dhik?‖

Doni : ―Iya mbak.Oleh pandongane Mbak Ratna uga Bapak lan Ibu aku munggah

kelas V.Matur nuwun ya,Mbak hadiyahe.‖

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 89 13.Pathokan gawe parikan ing saben gatra mawa telung macem pedhotan : 4 wanda/4 wanda ; 4 wanda

/ 8 wanda ; lan 8 wanda / 8 wanda.Parikan ing ngisor iki mawa pedhotan ……….

14.Manuk emprit,mangan pari Dadi murid,………..

15.Mepe gabah,tengah latar Dadi bocah,………..

16.Endhas gatel,dicokot tuma Ati pegel,………..

17.Manuk platuk , mabur ngetan Esuk-esuk, ………

18.Abang-abang ora legi Tiwas dagang ………

19. Wedang bubuk tanpa gula Ja sok ngamuk ……….

20.Puntadewa ,Werkudara lan Janaka putrane prabu Pandhudewanata karo ……….

21.Nakula lan Sadewa putrane prabu Prabu Dewanata karo ……….

22.Kurawa iku cacahe ana ………..

23.Para Pandhawa ora bias dikalahake jalaran ………..

24.Para Kurawa iku watake ……….

25.Sing kalebu Pandhawa yaiku ……….

26.Pambarepe Pandawa yaiku ……….

27.Watake Puntadewa yaiku ………

28.Watake Werkudara yaiku ………

29.Watake Janaka yaiku ……….

30.Watake wuragile Pandhawa Nakula lan Sadewa yaiku ………. 31.

Kembang mawar,sumebar tengahing latar Aja samar,yen pengin dadi kawentar.

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 90 KUNCI BASA JAWA SESI MACA

1. Doni,Ratna 2. ngoko lugu 3. munggah kelas V 4. kamardikan

5. Mbak Nita matur,‖Bu eyang kakung arep rawuh.‖

6. Guruku dhawuh,‖ Kanca-kancamu padha baris ing latar.‖ 7. Pak Guru ngendika yen aku kudu sregep mlebu sekolah. 8. pacelathon 9. Crita 10. gatra 11.purwaka 12.tegese (karepe) 13.4 WANDA/8 WANDA 14.sing taberi 15.kudu sabar 16.ora ketemu kanca 17.wis parikan 18.ora dadi 19.Gelis tuwa

20.Dewi Kunthi Talibrata 21.Dewi Madrim

22.satus

23.tansah andhap asor,tumindak becik,lan mbela ing bebener 24.Angkara murka ,adigang adigung adiguna

25.Puntadewa,werkudara,arjuna,nakula,lan sadewa. 26.Puntadewa

27.sabar,adil,sugih pangapura, lan selawase ora tau goroh 28.jejeg mantep kekarepane,bias ngrampungi sabarang gawe 29.Alus bebudine,prigel manah

30.Luhur bebudine,welas asih marang sapepadhane,betah ngempet sekabehing panandhang 31.

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 91 Katur

Bapak/Ibu Guru

……….

SOAL BASA JAWA 5 SEM. I

SESI NULIS

I. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER! 1. Tulisen nganggo aksara jawa! Pak Camat tindak Semarang. 2. Roning mlinjo,sampun sayah nyuwun ngaso.Unen-unen iku kalebu ………..

3. Njanur gunung,kadingaren dolan mrene.Unen-unen iku kalebu ………..

4. Nggodhong garing,esuk-esuk kok wis ……….

Jangkepana wangsalan dhuwur iku!

5. Sudarsih nyiram kembang.Sudarsih yen ditulis jawa yaiku ………

6. Marga enteng tangane,Nunuk diseneni bulike.Apa tegese enteng tangane ? 7. Enteng tangan kalebu tembung ……….

8. Pak Hermawan bening atine.Tembung bening atine tegese ………

9. Watake wong loro iku beda banget kaya ………..

10.Raden Nakula satriya ing ………..

11.Perangan layang ngisor iki diarani ………

12.Kediri,18 April 2011. Perangane layang iku diarani ………

13.Sadaya warga panitia saderengipun ngaturaken gunging panuwun dhumateng panjenengan awit saking kawigatosan saka rawuh panjenengan.Nuwun. Perangane layang iku diarani ………..

14.Tembung-tembung kang tegese padha diarani ……….

15.Bung Karno miyos tanggal 6 Juni 1901 ing Surabaya. Miyos dasanamane ………..

16.Bung Karno seda yuswa 69 taun Yuswa dasanamane ………..

17.Rukun agawe sentosa,crah agawe bubrah. Rukun kosok balene ………

18.Sing abot dak gawane,sing ………. gawanen.

19.………. ing pamrih,rame ing gawe. 20.Biyen uripe sangsara,saiki ………..

Tembung kosok balen sing trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ………

21.Bapak (tandur) pelem ing kebon.Tembung tandur benere ………

22.……….. miji timun.

23.Budhe wonge sugih,nanging utange arang wulu kucing. 24.Tembung utange arang wulu kucing nduweni teges ……….

25.Utange arang wulu kucing kalebu unen-unen ………

26.Ganepana tembung sanepa ngisor iki! Suwe mijet ……….

27.Makelar iku olehe kandha manis banget. Tembung sanepa sing trep kanggo ukara ing nduwur yaiku ……….

28.Tukang gawe grabah diarani ……….

29.Playune bocah iku banter banget Sanepa sing cocok karo ukara ing nduwur yaiku ……… 30.Hamidah nulis surat ing kamar

Ukara iku udhalen manut panggonane! 31.

https://sites.google.com/site/jakailmu Page 92