• Tidak ada hasil yang ditemukan

WEDARAN BAB MA’RIFAT

Dalam dokumen ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam) (Halaman 40-48)

26. MITRA

Ija mas tak tilingne temenan. Nanging aku kepengin gerti disik kang sadjelas-djelase ngendika pandjenengan kang keri dewe iki mau.

Aku tau krungu, djarene : ing kitab-kitab agama iku pada njeritakake bab kawulaning pangeran kang aran malaekat D j i b r i l, sok diutus peparing dedawuhan marana para Rasul lan marang para Nabi. Mangka pandjenengan mau ngendika : wudjuda apa bae kang asale saka njaba iku, wedjangane mesti mung bangsane kaluwihan utawa i’tiqaad kang sasar. Hla iku genahe keprije mas?

26. DARMA

Soal iku mau patjen sulit, di tegese sulit iku, dene ora sadengah bisa tampa. Hla sebabe ora tampa iku ora merga apa-apa, mung djalaran pada nganggo taqlidul ‘aqli, tegese akal pikirane pada kaling-kalingan. Gegambaran miturut pijandele kang nut grubjug. Dadi: jen sampejan ngrasakake djelase soal iku mau, ora liya sarate kudu nisihake disik gegambaran lan pijandel-pijandel mau. Ana dene djelase mengkene:

Jen ana kang nduweni penganggep : malaekat Djibril iku sawidjining kawulaning pangeran kang sok maringake dawuh marang para Nabi kang sugenge ora nunggal sak djaman, serta bola-bali ja mung sidji iku kang diutus, iku penganggep kang kliru, di! Jen nduwe penganggep mengkono turute mesti ija duwe penganggep, jen Pangerane wong sedjagad iku kaja kepalane markas agung, kang kagungan ,,koerier” (djuru diutus) sidji bae, ora solan salin; turute maneh banjur nggambarake tekane utusan iku saka kana-kana (ndjaba). Hla mangka senjatane ora mengkono.

Tjeritane Hadiets Mi’raj: nalika malaekat Djibril diutus Pangeran nimbali Nabi Muhammad s.a.w. kang uga bandjur ngirid tindake, bareng meh tekan pangajunaning Pangeran, utusan mau kepeksa

ditinggal, amarga ora kuwat mbandjurake lakune ngirid iku……..…kang mengkono iku rak terang: klirune kang nggambarake mau kae ta ? Awit turute karo gegambaran mau: utusan iku mesti wis kulina karo kang ngurus, ora bakal ora kuwat ketemu maneh karo kang ngutus, upama dalane rumpil banget utawa tjahjane kang ngutus amblerengi banget, mestine kang ora kuwat mbandjurake laku iku rak kang ditimbali, dudu si utusan. Rak ija ta? Hla terange mengkene :

Pangeran wong sedjagad kang tak umpamakake srengenge tumrap si djembangan isi banju (,,I.T.M.I”:10), iku babar pisan ora bisa dirembug. Mulane jen kita nekadake pandjenengane iku kagungan koerier : salah, jen nekadake ora kagungan : ija salah.

Dene kang isih kena dirembug iku mung kang pinda wewajanganing srengenge tumrap si djembangan isi banju mau (..I.T.M.I”:19), jaiku Hjang Suksma kang tan pisah kelawan kita ana ing ngendi bae. Ija pandjenengane iku kang kagungan kawula malaekat tanpa wilangan kehe, kang uga tan pisah kelawan kita, djer para malekat iku patjen kagolong piranti kita,sarta sidji-sidjine pada kabubuhan kuwajiban dewe-dewe.

Dadi tembung ,,Djibril” iku kudu eigennaam (djeneng awak), jaiku djenenging kuwadjibane, serta sidji-sidjining wong,- ora pilih Nabi utawa dudu,- pada duwe Djibril dewe-dewe (,,Kuntji Swarga” III : 37,38).

Tumrap Nabi Musa, Malaekate djibril iku ora lija kang lumrahe disebut nabi Hidlir iku mau. Upama Arja Sena iku ana temenan, Djibrile ija Dewa Ruttji mau kae. Dadi kang aran malaekat Djibril iku ora lija kedjaba djiwane (rohe) dewe kang wis bisa nganakake terugkaatsing. Mulane Djibril iku ana ing Qur’an uga sinebut Ruhul-Qudus (roh sutji) utawa Ruhul-Amien(roh kang pinartjaja), ing tembung mantja ana kang ndjejuluki Lager Ik utawa Tweede Ik.

Anadene anggone njritakake Djibril iku nemoni utawa maringake dawuh, iku kena bae, padane Nabi Hidlir lan Dewa Rutji uga nemoni serta memulang iku mau. Awit njatane: sapa kang oleh pengalaman kaja mengkono iku, akibate bandjur kaja tampa wulangan werna-werna bab ke-Tuhanan, kang setjara gampange katembungake:

nampani dawuhing Pangeran lumantar malaekat Djibril. Dawuh kang kaja mengkono iku, tumrap para Nabi kearanan wahju, tumrap salijane Nabi kearanan ilham. Mulane malaekat Djibril iku uga kasebut malaku’l wahji, tegese malaekat tukang maringake wahju. Nanging tembung wahju ing basa djawa iku sedje , djer pantjen ora asal saka wahju tembung Arab; dene penganggone tembung ilham” ing djaman saiki iki kemurahen.

Bab anane malaekat Djibril lan bab anggone maringake dawuhaning Pangeran iku, tumrap aku, di, wis ora tida-tida maneh : ija kaja kang wis tak aturake iki mau. Amarga ing surat Asj Sju’araa’: 192-195 andawuhake mengkene : wa innahu latanzielu rabbi’l ‘alamiena (satuhune dawuh iki diturunake dening pangeraning ‘alam kabeh)

nazala bihi arruhu’l amiena (lumantar malaekat Djibril) ‘alaa qalbika litakuna minallmundzirienna (marang atinira supaja sira dadi

golongane wong kang aweh pepeling) bilisaanin ‘arabijjin mubienin

(kelawan bahasa arab kang pratela).

Tjoba galihen : mesti bae dawuhing Pangeran iku kelawan basa Arab, djer kang diparingi dawuh : panutan kita Nabi Muhammad. Dene nalika Pangeran paring dawuh marang para Nabi sadurunge Nabi Muhammad, mesti bae kelawan basa ibrani. Lan nalika pangeran paring dawuh marang Buddha Gautama mesti bae kelawan basa S a n s k r i t. sebab kabeh dawuh mau alaa qalbika (marang atinira).

Keprije di, apa isih kurang tjeta?

27. MITRA

Wis tjeta banget, mas ! mulane pandjenengan keparenga bandjur ngendikake wedaran bab Ma’rifat, tak tilingne kang trawatja.

27. DARMA

Aku matur beres bae, di : tumrap kang wis berhasil anggone Tauhid, jaiku kang wis ngantjik tataran Haqiqat mau kae, tekane ing tataran Ma’rifat iku satemene wis oleh tuntunane G u r u S e d j a t i (,,ITMI” : 25) kelawan keparenging Pangeran, djer Pangeran pijambak wis ndawuhake kasebut ing Hadiest Qudsi mengkene : laqad thaala

sjauqul abraari ilaa liqaai wa anna ilaa liqaaihim isjadduu sjauqan

(= temen wus lawas kawula kang betjik-betjik brangta ketemu kelawan

Ingsun, lan Ingsun luwih brangta ketemu kelawan kawula kang betjik-betjik iku). Kasebut ing Hadiest iku uga, Pangeran ngendika mengkene :

man taqarraba ilajja sjabran taqarrabtu ilajhidzi raa`an (= sapa

njedak marang Ingsun sak tjengkang, Ingsun njedak marang deweke sak asta).

Dadi : kang wis ngantjik tataran haqiqat iku kena diarani wis oleh marga gampang anggone ndjangkah marang tataran kangduwur maneh (Ma’rifat, Islam). Anadene wedaran bab Ma`rifat kang bakal tak aturake iki mung minangka antjer-antjer bae, adja nganti kita kliru penganggep : lagi tekan Haqiqat rumangsa wis tekan Ma’rifat, kang akibate bandjur mung mandeg semono bae.

Ma’rifat iku tembung Arab, asale saka tembung krija `arafa, tegese : ,,weruh”. Nanging dudu weruhing mripat kang diarani ndeleng (zien), uga dudu weruhing pikiran kang diarani ngerti (begrijpen), jaiku weruh (= weten) kang dirimbag dadi kawruh ( = wetenschap). Ma`rifat, tegese babagan meruhi; tumrape wirid ateges : babagan meruhi Pangeran, kang weruhe ora sarana mripat, ora sarana pikiran iku mau.

Hlo, lagi udal-udalaning tembung bae rak wis ………… sulit, ta di ? Ananing sampejan adja kagungan pengira, jen ngelmu Ma’rifat iku ngajawara, sebab tembunge bae wis sulit. Amarga kang pada nggajuh ngelmu Ma`rifat iku dudu wong kang bodo-bodo utawa bingung atine, sak njatane malah para mu`min chas (tjerdas) kang tha`at (setya) banget marang agamane. Saka tha`ate, akeh bae kang nganti ora merduli marang urusan ndunja. Mulane kita golongan mu`min `am (lumrah) iki, pantjen ora mungguh upama natjad marang kawulaning Pangeran kang tha`at iku sidji-sidjining wong pantjen beda-beda, pada bae karo ukuraning iman uga ora pada. (,,I.T.M.I” : 15)

Tha`ate mu`min `am : ora nerak laranganing agamane, sarta temen-temen nindakake rukune kang lima : sjahadat, shalat, zakat, puwasa, hadji, wis tjukup. Jaiku kag diaranai nindakake Sjari`aat.

Nanging tha`ate mu`min chas ora marem mengkono bae. Anggone ngutjapake kalimah ,,laa ilaha illaallaah” kumudu ngerti : endi

sinebut Allah iku. Ing wedaran bab imam wis ditjeplosake sedjati-djatine, ananging rak mung langi pangerti bae, djer iku lagi tataran Thariqat. Mulane isih kumudu n j a t a k a k e.

Wusana anggone njatakake iku bandjur oleh pengalaman ing ndalem kahanan Tauhid, nanging uga durung andadekake pemareme, djer iku lagi tekan tataran Haqiqat bae. Ing tataran iki terang durung ,,ketemu” karo kang sinebut Allah, mangka ing kitab-kitab agama pada njritakake jen para Rasul iku kang sawidjining wektu ,,ketemu” karo kang sinebut Allah iku. Mulane isih kumudu ndjangkah maneh nganti weruh (`arafa) kanti jakin temenan marang Panjdenegane Allah kang banget dibrangtani iku, jaiku ndjangkah tataran Ma`rifat.

Dadi : kang pada marsudi ngelmu Ma`rifat iku ora lija ketarik saka tha`ate marang Penuntune, ija diestokake dawuhe, ija dituladani lelabuhane. Awit dawuhing Pangeran kang disijarake dening para Rasul ija mengkono iku. Dene tekan utawa orane djangkah mau, gumantung keparenging Pangeran pijambak.

28. MITRA

Ija ija, mas, aku wis tampa pangendika pandjenengan iku. Mulane bandjur keparengan nerusake : keprije pendjangkahe saka tataran Haqiqat marang tataran Ma`rifat iku. Sarta miturut wedaraning wirid, kang katembungake tekan ing tataran Ma`rifat iku kang kaprije ?

28. DARMA

Ija ta di, aku mung saderma medarake bae, mangsa boronga sampejan kang nampa. Awit wedaran bab Ma`rifat iku kena diarani medarake antjer-antjer kang uwis dialami para nabi lan para Wali, kang tumrap kita isih njamut-njamut angalangut. Ewadene sarehning dudu Nabi dudu Wali ja ana kang bisa tekan tataran Ma`rifat (kasebut : `Arifin), prajogane kita ora ngapes-ngapesake awake dewe lan ora ,,putus asa”.

Mau wis tak aturake, ing dalem kahanan Haqiqat iku pepindane kaja dene retja malam ing sadjroning segara, kang bisa nisihake malame, satemah dadi retja kapas : bisa nesep banjuning

segara ,,I.T.M.I” : 25). Hla ing ndalem kahanan Ma`rifat iku pepindane : retja kapas mau bisa nisihake kapase, satemah dadi retja ujah : bandjur ……... luluh dadi banju segara maneh. Anggone n i s i h a k e ,,kapas” iku padane ditinggalake ,,Djibril”, nalikane Nabi Muhammas SAW wis meh tekan pengajunaning Pangeran mau kae (“I.T.M.I” : 26).

Dene luluhe retja ujah dadi banju segara iku, jen ing Quran : kaja nalikane Nabi Musa ,,pirsa” Pangeran sarana mandeng gunung. Ing kitab Taurat kasebutake djenenge gunung iku Sinah (Sinai), jaiku kang kasebut gunung Tursina ana ing lajang-lajang Djawa (,,thur” iku tembung Arab, pada karo ,,djabal”, ateges gunung). Dene gunung Tursina kang dipandeng dening Nabi Musa iku sanjatane : putjuking grana (antaraning mripat karo) kang dipandeng ing nalikane dzikir.

Sabandjure ana ing surat Al A`raaf : 143 disebutake mengkene : falammaa (nalikane) tadjalla (weruh tjeta) rabbuhu (Allah

Pangerane) lildjabali (kelawan iku gunung) dja`alahu (bandjur dadi)

dakkan (remuk sumjur) wacharra muusa (lan ambruk Nabi Musa) sha`iqan (semaput).

Pantjen, ing ndalem kahanan Ma`rifat iku, jen diterangake sarana tembung, pol-pole mung bisa migunakake tembung sha`iqan (semaput, klenger) iku mau. Dene djelase ing waktu iku nabi Musa a.s angambah pengalaman kang tan kena kinaja ngapa, ing ndalem kahanan kang tanpa piranti , sairib karo sifat sifate Pangeran ,kang ugo tan kena kinaja ngapa lan kuwaos tanpa piranti. Dene pangemper-emper kang gampang dipaham : ing wektu iku kaja ……….. sare kang ora supena.

Ija kaja mengkono iku kang diarani makripat ing Pangeran, kasebut ing wirid. Kang angel iku sarat-sarate anggajuh, hla kang angel luwih dening angel iku bisane kegajuh. Dene teorine mengkene :

Pengalaman kaja nalika ngantjik tataran Haqiqat ///////; dilanjahake disik, lire anggone oleh pengalaman kaja mengkono iku kudu bola-bali. Babagan iki beda karo botjah sinau nulis : jen wis bisa nulis aksara ,,pa” sepisan bae, saben-saben ija bisa, lawas-lawas bisa tur rikat. Balik babagan iki ora mengkono. Senadjan wis tau berhasil oleh pengalaman, nanging ora saben-saben tumindak bisa berhasil.

Hla kang kasebut lanjah iku : saben tumindak ja berhasil, lawas-lawas berhasile kalajan gampang (rikat), lawas-lawas maneh : lagi dinijati bae wis berhasil. Jen wis kaja mengkono iku, katone majangga seta (terugkaatsing) mung kari kala-kala jen ana perlune utawa jen dinijati dipurih katon.

Kelanjahan kang mengkono mau, miturut nalar ja ora aneh. Awit bisane berhasil iku ora lija : saka lerene piranti-piranti wadag, kari nganggo piranti alus kang aran rasa djati iku mau (,,I.T.M.I” : 23, 24). Dadi soale : soal tehniek nglerenake, tehniek iku tinemune saka pengalaman rambah-rambah.

Menawa wis lanjah lan ora tentrem ana ing tataran kono, wis sedenge wiwit ndjangkah tataran Ma`rifat. Jen pendjangkahe iku temenan, tan ora kena adeging uripe pedinan bandjur beda karo kang uwis. Maune mung (1) netepi rukuning agama, (2) mudjahadah lan rijalat (rijadlah), (3) ngelelatih asih marang sepada-pada (,,I.T.M.I” : 24), kalajan ora dinijati bandjur kadunungan sipat … z u h u d, jaiku rasaning ati kang ora gandrung marang apa bae, kedjaba mung gandrung marang Pangeran.

Para zaahid-zuhhaadda ing djaman saiki, ora kumudu sumingkir saka masjarakat utawa menganggo pating srempal, iku ora. Menganggo salumrahe, njambut gawe salumrahe, mung bae adoh saka pengaja-ngaja, kang lerege mung mikolehake diri pribadi. Kabeh tumindake kanti eklas (karana Allah), apes-apese tumrap rahajuning djagad, apese maneh tumrap rahajuning masarakat sakiwa-tengene.

Dene laku-lakune anggone dzikir, ija ora beda karo kang wis tak aturake mau, mung nijate bae kang beda. Kang disik mua nijat njarira sawidji (,,I.T.M.I” : 24), saiki nijate : “Makripat ing Pangeran “ mulane ora bakal merduli rerupan lan pengalaman apa bae, kang tinampa dening rasa djati. Leren-lerene dzikir jen wis kesel, utawa bandjur turu, utawa ………… gunung tursina remuk sumjur, bandjur plas oleh pengalaman kang tan kena kinaja ngapa, jaiku lerene rasa djati ora makarti.

Sumjure gunung Tursina iku ana ing wirid-wirid katembungake fanaaiil-fana (rusaking rusak) kaja kang katjritakake ana ing lajang ,,Tjentini” mengkene (Dandang gula) :

,,Wau kang abengat wirid dikir, samja anater panggujengira, ndungkap panak-ul-panane, antaranira kantu, anggulinting pendah kajwaking, winot sewu kalimah, ing sa-napasipun, lalja toh djiwangganira …….”

Hla iku sampejan adja kliru penampa, di ! Jen anggone ,,anggulinting pendah kajwaking” iku djalaran saka obahing sirahe anggone dzikir, amesti ora kena dipadakake karo Nabi Musa a.s anggone makripat ing Pangeran mau kae. Destun pada karo disuntik morphine utawa kakehan minum djenewer.

Lan maneh kita kudu eling : ngelmu ke-Tuhanan iku ora kena ginajuh kelawan ora mangan ora turu. Upama tumindak mengkono iku oleh pengalaman, ora lija kedjaba bangsaning sasar, kang kagawa saka owahing piranti, mulane agama Muhammad ngaramake; kenane mung ngurangi mangan turu sawetara.

Tekan samene wedaran bab Ma`rifat wis tammat, ganti wedaran bab Islam, wedaran ora dawa-dawa mung tjendak bae.

Dalam dokumen ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam) (Halaman 40-48)

Dokumen terkait