• Tidak ada hasil yang ditemukan

ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "ITMI ( Iman Tauhid Marifat Islam)"

Copied!
52
0
0

Teks penuh

(1)

I T M I

I M A N T A U H I D M A 'R I F A T

I S L A M

Alih Bahasa Tgl 3-3-1953

KARANGAN :

Th. 1791 Jawa atau

Th. 1862 Masehi

Oleh :

R. Ng. Rangga Warsita

i

(2)

BISMI’LLAHI’ RRAHMANI’ RRAHIEM

P r a w a t j a n a

YAN punika reke ingkang winastan wirid ,,Iman-Tauhid-Ma`rifat-Islam” inggih bapa-babunipun sedaja serat wirid ingkang adedasar falsafah Islam. Ingkang wonten ing djagad Kedjawen, ugi karan wirid Tjatur-Wiwara-Werit”, Tjatur : sekawan, wiwara : margi, werit : rungsid. Liripun wedaran sekawan tataran margining panembah djati ingkang sakelangkung rungsidipun. Awit menawi klinta-klintu ing penampi, bebasan umese ,,marta” temahan ,,wisa”. Amila kala sugengipun para Walijullah ing tanah Djawi duk djaman kraton agung Bintara (Demak) kala rumijin dumugi sepriki : wirid wau tansah dados kekeran, pilih-pilih ingkang udani, djer boten kasijaraken dateng ngakatah, inggih djalaran ngawekani klinta-klintuning penampi punika wau.

D

Duk kala sekawit : para Waliyullah ingkang tinanggenah dening Negari amemedjeng babagan penembah djati punika, wedjanganipun sami adapur perlambang tuwin mawi basa ingkang sinandi, ananging boten ringsed saking paugeran wirid kekeran wau.

Wiwit djaman Demak, dumugi djamanipun pandjenengan dalem Nata Sultan Agung ing Mataram, taksih lestantun kados mekaten, djer wiwit djaman Demak dumugi djaman Mataram wau : ajahan memedjang babagan panembah djati punika kalebet bebadaning Negari

(3)

ingkang wigatos, ingkang katindakaken dening para pinitjados. Pratelaning asma-asmanipun para pinitjados amemedjang wau kaewrat wonten ing serat ,,Hidajat Djati” karanganipun Sang misuwur djagad tetiga swargi Ki Pudjangga Raden Ngabehi Ranggawarsita.

Ananging lamining alami, satenah katah ingang sami amemedjang kalajan dedemitan, boten kepriksan daning Negari, tuwin katah ingkang njade ajating pangeran kalajan regi mirah(= mengku pamrih mligi babagan dunia) ladjeng katah wirid utawi wedaran ingkang mingsed sakedik tuwin mingsed katah saking paugeran kasebut nginggil. Umumipun wirid-wirid ingkang mekaten wau kaawadaken asli saking primbon Elaranipun Wali Anu utawi Nabi Anu, terkadang kaawadaken angsalipun saking seratan gaib utawi swara gaib, sapanunggalanipun.

Sabakdanipun djaman Mataram, inggih wiwitipun djaman pendjdadjahan ingkang lestantun tumindak kantun wirid-wirid ingkang dedemitan wau, mekaten seladjengipun, dumugi saderengipun djaman Indonesia Merdeka.

Pangriptanipun serat punika gadah pemanggih, bilih ing djaman Indonesia Merdeka tuwin djaman madjengipun akal-pikiran semangke punika, boten wonten pakewedipun ambabaraken sedaja kekeran ingkang mlingit punika, sinartan katrangan sadjelas-djelasipun, ingkang saget ketampi dening akal lan pikiran. Pinten banggi saged dados urun-urun tumrap tudjuwan pembangunan lahir-batos ing wekdal

(4)

sapunika. Pengubahipun kadapur pawitjantenanipun, mitra kekalih, sami dene migunakaken basa Ngoko Andap djaman punika.

Wusana menawi wonten para nupiksa ingkang kasdu njaruwe, senadjan kados pundi kemawon wedalipun, bade katampi kalajan suka pirenaning manah, saha ngaturaken genging panuwun.

Tinengeran : AMARNA SALIRA BRAHMANA SAMADI

Salamipun PANGGRIPTA

(5)

TJAP-TJAPAN INGKANG KAPING III

Isinipun tjap-tjapan ingkang kaping III punika sami kemawon kalijan ingkang tjap-tjapan I lan II, namung ingkang pinanggih tempat dipunleresaken seperlunipun. Punopo dene rumijin stensilan sapunika kaetjaping pangetjapan. Punika satunggaling kamadjengan ingkang jalaran saking pembijantunipun para mitra langganan kita. Amila kita ngaturaken genging panuwun.

PENERBIT

TJAP-TJAPAN INGKANG KAPING IV

Wirid ,,I.T.M.I” Tjap-tjapan ingkang kaping IV punika sami kemawon kalijan ingkang kaping III, naming edjaanipun abdjad-abdjad Qur’an tuwin lan hadiest kasantunan miturut edjaaan ingkang kelimrah sapunika.

(6)

I. BEBUKA WEDARING WIRID

1. MITRA

Mas, sowanku mrene iki satemene ono perlu kang rada wigathi, nalare mengkene : bareng umurku wes ngantjik satengah abad iki, teka prak-prek kerep lara, mengko gek aku iki wis jedaki marang djandjiku. Mangka aku iki suwung blung, ora duwe ngelmu sutjuwil-tjuwila.

Ana kang nekad ake jen mati iku wis ,,bar”, ora nemu lelakon apa-apa, nanging aku ora wani tiru-tiru duwe tekad (i’tiqaad = gegebengan) mengkono iku. Sebab umpama menkonowa, teneh ora ana wong ngudi ngelmu utawa nindakake dawuhing agama. Mokal jen wong kang sabegjan akeh banget iku pada bodo banget, nganti ana kang ora merlokake babagan dunja, saka bangeting marsudi ngelmu lan agama. Mokal umpama wong-wong mau mung wedi marang udjar gegorohan bae.

Tjekake : anggonku wingi-wingi ora ngupaja ngelmu iku, ora djalaran aku wis mbundeli kapertjajan kaja mengkono, mung saka lagi kalimput dening panggodaning hawa napsu bae. Hlo iku matur sak barese. Lagi saiki aku katuwuhan osik nedya ngupaja ngelmu, bareng wis …….. rumangsa tuwa iki.

Hla iku mas, amit-amit sewu, tak kira pandjenengan uga kagungan butuh kaja aku. Mulane jen pandjenengan dangan ing panggalih, ajo pada bebarengan …….. meguru. Dadi enome tunggal pesaban, tunggal pekareman, tuwane tunggal tjetjepan (wiriding guru), tunggal gegajuhan. Tetep dadi sedulur ndunja ngakerat. Rak ija ta, mas?

1. DARMA

Di, sampejan ngadjak bebarengan meguru iku aku bungah banget, sebab aku ngerti jen pengadjak mau tuwuh saka katresnan. Nanging ngendika sampejan iku perlu tak ontjeki disik, kang uga ketarik saka rasa sih tresnaku.

Pantjen, panemune wong kang akeh-akeh, ija kaja panemu sampejan iku, anggone ngudi ngelmu ke-Tuhanan iku mung kanggo

(7)

babagan ngakerat utawa babagan pati, mulane elinge ngudi: bareng wis tuwa, rumangsa wis njedaki mati. Hla iku satemene …… kliru :

I. Perkara pati uku ora milih umur. Ana kang mati isih botjah, mati enom, mati setengah tuwa, mati tuwa, mati tikluk-tikluk.

II. Ngelmu ke-Tuhanan iku ora mung maedahi tumrap babagan ngakerat utawa babagan pati bae, sedjatine uga maedahi banget tumrap uripe ana ing ngalam dunja iki, kajata njalari kadunungan rasa : tatag, tanggon, tentrem, gembira, begdja, ……….. kang ringkese rumangsa kepenak.

Dadi : kita, kang elinge ngudi ngelmu ke-Tuhanan bareng wis tuwa iku satemene ……… kasep, ananging ija isih rada betjik kasep, tinimbang ora babar pisan.

Mulane uwong kang pinareng pinaringan umur dawa, iku bisa ateges nugraga, uga bisa ateges siksa. Senadjan kasep, nanging bandjur eling, iku kena diarani pinaringan nugraha umur dawa. Dene kang ora nganggo eling, iku umure dawa tetep aran siksa. Amarga wis ora tedas pangan kang mirasa, ora tamat ndeleng sesawangan kang adi endah, suda pengrungune, tininggal para kekasihe, ndadak sedina-dinane isih tansah bentajangan bae.

Hla sampejan ngadjak bebarengan meguru iku, apa wis kagungan wawasan : sapa lan ngendi daleme ?

2. MITRA

Uwis, mas! Lan ora mung sedulur sidji loro bae kang pada ngandakake, jen guru mau pantjen peng-pengan temenan. Kajata pirsa kelakuwan lan batining wong, pirsa lelakoning wong kang wis kepungkur lan kang durung kelakon. Mulane para muride ija pada wedi asih, amarga gurune asotija Batara mengkono iku : samobah mosike kapirsan kabeh. Kawasan lan kewaspadan mengkono iku bokmenawa kang diarani ,,helderziend” kae, apa ,,okkultist” aku ora ngerti.

Nanging kaluwihane ora mung mengkono bae mas ! kajata jen muride nemu ribed anak bodjone lara, disuwunake tamba mrono, …….. bisa tjes pleng temenan. Ribed apa bae, djandji matur uga diparingi pitulungan daja kekuwatan gaib, mulane akeh para siswane

(8)

kang pada nemu kamuljan ana ing masarakat iki, kajata kang laku dagang bisa sempulur dadi lan sugihe, kang. Tjekel gawe enggal munggah pangkate, mundak bajare.

Ana maneh kang elok, mas! Ana salah sawidjine siswa kang disereg ing pengadilan perkara kriminal rada abot. Miturut panemu-panemu kang dedasar juridisch, mesti kokum. Bareng tekan ing dina putusan, ndadak ……….. bebas, kaanggep perkarane kurang terang. Ora lija, sebab siswa mau diparingi sarat dening gurune kang linuwih iku mau.

Hla kaelokane lija-lijane kang umume diarani kadigdajan, kanuragan, kawidjajan, ……….. wis adja mundut pirsa, mas. Tjekake sarwa ana sarwa mumpuni, lan uga diparingake marang muride kang duwe penjuwun.

Emane daleme ora ana ing Negara kene. Nanging ija ora kagolong adoh banget saka kene, lan ora kalebu rekasa lakune upama sowan mrana, djer daleme iku ora adoh saka palerenan sepur utawa bis.

2. DARMA

Mengko ta, di! Asmane lan daleme adja sampejan ngendikake disik, perlune pangrembug kita bisa mung apa anane bae (objektief). Jen wis tau krungu asmane, daleme lan riwajate, luwih-luwih jen wis tau kepetuk utawa kenal karo prijajine, bokmenawa pangrembug kita bandjur kawoworan sentimen.

Satemene aku kurang mangerti marang ngendika sampejan iki mau. Kaja-kaja sampejan mau adjak-adjak bebarengan golek ngelmu patitising pati, sarehning rumangsa wis sepuh, bokmenawa sawajah-wajah tumekaning djandji. Aku bandjur koreksi satitik, jen ngelmu patitising pati iku ora lija ngelmu ke-Tuhanan, sarta ngelmu ke-Tuhanan iku satemene uga migunani tumrap urip kita ana ing ndunja iki.

Tuture karo ngendika sampejan sakawit mau, mestine upama kita iki sida meguru, ija kudu ngupaja guru kang sampurna ing kawruh pati patitis. Jen turute karo kandaku, kudu ngupaja guru kang sampurna bab ngelmu ke-Tuhanan, kang kanggo ing kene kana (urip ana ing ndunja lan sawise tinggal dunja). Rak ija, ta?

(9)

Nanging ngendika sampejan kang keri iki mau teka mung ngrasani kaluwihane sawidjining prijaji guru ing babagan ngelmu werna-werna, kang garise gede kalebu ngelmu sihir lan babagan pedukunan. Keprije kaluwihane babagan patitising pati utawa babagan ke-Tuhanan, - apa teorine apa teori dalah praktike pisan, - malah ora sampejan ngendikakake. Jen mung durung dingendikake ……….. bok tjoba dingendikakake pisan.

Hla saupama kaluwihane ja mung kaja kang wis sampejan ngendikakake mau, rak ora tjotjog karo kebutuhan sampejan ta ? Apa pantjen kebutuhan sampejan kang kaingsedake saka sakawit ? Kajata kaingsedake : bokmenawa jen ana perlune butuh pitulungan daja gaib : wis tjumepak, sukur ketularan kagungan kaluwihan dewe. Apa mengkono ?

3. MITRA

Jen kebutuhanku mono tetep, mas, ora owah saka sakawit. Hla saupamane kita oleh guru kang kagungan kaluwihan werna-werna iki mau, rak ija marem, ta? Apadene saumpama kita satitik satitik bisa ketularan kaluwihaning guru mau kae, ra ija luwih prajoga, ta ?

Mareme lan luwih prajogane iku, ora djalaran aku kepengin oleh pitulungan ngelmu sihir utawa kepengin medukun, apa maneh kepengin bisa dadi dukun dewe, iku ora mas.

Mungguhing aku. Kabeh babagan lahir iku luwih mantep jen digarap setjara lahir uga. Kajata babagan lara ija mantep goleh tamba marang dokter. Jen kepengin munggah pangkat, ija kudu sregep lan tumemen anggone njambut gawe. Jen kepengin sugih anggone dagang, kudu ngerti marang kawruh dagang. Umpama kena ing perkara, ija prajoga ndjaluk tulung marang adpokat. Hla bab kadigdajan, pantjen wiwit enom mula aku ora seneng, jen kumudu ,,djaga diri” aluwung sinau pentjak utawa ngesak revolver. Apa maneh bab nakokake nasibing awak, saja tak sirik banget, sebab jen dibedek ala : tjilik atine, jen dibedek bedjik : ngendel-ngendelake.

Dene mareme umpama duwe guru kang linuwih iku, ora lija mung ngandelake pijandel, jen kita iki disidikara dening titah kang wis

(10)

ketjedak karo kang nitahake, - kang Maha Kuwasa – mulane ija kasinungan kuwasa : kinatjek karo sapadaning tumitah. Mengkono uga luwih prajogane saupama kita bisa ketularan duwe kaluwihan setitik-satitik, ora lija ija djalaran kita ngrumangsani : maune kalimputan ing pepeteng, djalaran saka tuntunaning guru bandjur oleh pepadang sawetara.

Bab ngelmu ke-Tuhanan kang pandjenengan ngendikakake iku mau, aku ora dikandani dening para sedulur kang wis tau njuwun berkah mrana, apa teorine bae, apa teori dalah praktike pisan. Umpama dikandanana, terkadang ija klira-kliru anggonku ngaturake marang pandjenengan, awit aku durung terang, endi kang aran ngelmu ke-Tuhanan , endi kang kelebu sihir, lan pedukunan iku. Saka pengiraku, sarehning wis djeneng ketjedak iku mau, mesti ngelmune ke-Tuhanan uga wis luwih sampurna tinimbang karo kang durung ketjedak.

Hla mungguh pamanggih pandjenengan keprije ?

3. DARMA

Panemu sampejan : kabeh babagan lahir iku luwih mantep utawa matuke kudu digarap setjara lahir uga, iku aku mupakat banget. Malah saka kejakinanku mengkene :

Kawruh kelahiran (wetenschap) karo kawruh kebatinan (mystiek) iku umpama suruh mono : lumah lan kurebe, pada duwe kawudjudan dewe-dewe. Sidji-sidjine pada drajate lan pada pigunane, ora teka kang sidji luwih luhur lan luwih migunani tinimbang sidjine.

Dadi : saupama mystiek iku bisa tumindak bebarengan karo wetenschap, kang ateges bisa ngiseni kekuranganing wetenschap, iku betjik banget. Sebab jen anggonku ngumpamakake suruh mau bener, amesti kurebe ora bisa ditonton saka lumahe, lumahe ora bisa ditonton saka kurebe. Sampurnane jen ditonton lumahe lan kurebe.

Naning jen ana kang duwe pengira : mystiek iku bisa ,,mengatasi” wetenschep, sarta duwe pengira : luwih mitajani kanggo nggarap babagan lahir, hla iku mesti bakal ………. ketjelik.

Mula kepara njata, sok ana kedadejan : wong lara digarap dokter, wis lawas durung bisa waras, malah dokter durung bisa

(11)

nemtokake lelarane, bareng didukunake : dukune ngerti sebab-sebabing larane, lan bisa malujakake. Nanging kang mengkono iku ora kena dipastekake, mulane uga ora kena dienggo bukti jen mystiek iku menang luhur tinimbang wetenschap.

Upama kawruh padukunan iku mau luwih mitajani tinimbang kawruh kedokteran, amesti sekolahan-sekolahan dokter bakal kekurangan murid. Jen arep ana pertandingan rebut title ,,djuara”, amesti para pemaine ora pati merlokake latihan, kang diperlokake golek dukun utawa pati geni. Jen arep ana pilihan warga ing ,,dewan perwakilan” amesti ora pada mempeng anggone gawe propaganda, mung mempeng pada golek sarat. Lan bisa kedadejan ana delegasi ing sawidjining konperensi bandjur nanda tangani reketek-reketek bae, sebab kedajan dening perbawane gaib delegasi lelawanane rembugan.

Kabeh iku aku wani netepake ……… ora bakal kelakon! Awit kemadjuwaning perkara lahir iki kabeh wis miturut garis kodrating Pangeran. Mulane Pangeran mesti ora bakal marengake ananing kedadejan-kedadejan kang andjalari wurunge kemadjuwan iku mau. Hla jen mung kaelokan remeh-remeh kang ora dadi alanganing kemadjuwan lahir iku mau : mung djalaran saka pertjajane, ija kapertjajane iku mau kang dadi tamba. Hlo wong kang dibebasake perkarane iku mau , mestine ja pantjen kurang terang temenan, senadjan njata nindakake penggawe. Mengkono sapiturute.

Dadi : aku mupakat karo panemu sampejan, jen kabeh babagan lahir iku luwih prajoga digarap setjara lahir bae. Sebab ngelmu ,,kebatinan” dianggo nggarap babagan ,,kelahiran” iku kurang mitajani. Hla ngelmu kebatinan kang ora dianggo nggarap babagan lahir iku kang tak djedjuluki ngelmu ke-Tuhanan iku mau.

Mulane teruse ngendika sampejan mau kae : aku ora mupakat. Sampejan kagungan panemu : saupama kita bisa ketularan duwe kaluwihan setitik-setitik, kaanggep djalaran maune kalimputan ing pepeteng bandjur oleh pepadang sawetara. Kaluwihan iku dudu pepadang, di !

(12)

,,Nijatingsun matek adji : adjiku si djaran gojang. Tjemetiku sada lanang. Sun sabetake bumi : bengkah, sun sabetake segara : pijak, sun sambetake langit : mendak, sun sabetake gunung : gempal, sun sabetake atine si Anu : dadi edan. Ora edan dadi mojar, ora mojar dadi gendeng. Ora pati-pati mari jen ora teka ing ngarepku”

Bandjur si Anu teka temenan ana ing ngarepku, hla iku aku rak djeneng duwe kaluwihan, ta ? Nanging apa aku ateges oleh pepadang ??? Upama maune peteng, rak malah saja andedet keworan mendung, ta di ? Ha, ha, ha !

Mengkono uga bab guru kang kagungan kaluwihan werna-werna mau kae. Jen sampejan kagungan pijandel : kaluwihane utawa ,,kuwasane” iku dadi pratanda anggone ketjedak karo kang Maha Kuwasa ……. Aku ora bisa nderek. Amarga panemuku mengkene.

Miturut nalar (logika) : wong kumawula marang kang Maha Sutji iku sarate ija kudu nglelatih sutji , Kamawula marang maha adil sangune kudu ngelatih adil. Tjekake sipat-sipating Pangeran iku kudu ditiru. Hla jen sarat-sarate anggone kumawula marang kang Maha Kuwasa iku, wis dilakoni, insja Allah uga bakal kasinungan kuwasa.

Nanging sampejan adja kliru tampa ! Mungguhing Pangeran, sutjine, adile, lan sipat lija-lijane iku mau dudu ukuran ing ndunja, hlo? Mengkono uga kuwasane, uga dudu kuwasa ukuran ndunja.

Sutji Mungguhing ndunja iku ateges resik, ora ketaman rereged, nanging sutji mungguhing Pangeran iku ora mbedakake kang resik kelawan kang reged. Adil mungguhing ndonja iku, sapa temen : tinemu, sapa salah : seleh, sapa goroh : growah, sapanunggalane; nanging adil mungguhing Pangeran iku terkadang kang djudjur : kodjur, kang korup (korrupt) : ketjukup, kang tjurang : ngedangkrang, lan sapanunggalane. Hla kuwasa mungguhing ndunja iku kang elok sarwa nggumunake iku mau; nanging kuwasa mungguhing Pangeran mung bares-baresan bae, awudjud kodrat kang gumelar iki, kajata srengenge lakune adjeg, tanpa stuur, lombok, enome idjo tuwane abang, tanpa di-etjet, mengkono sapanunggalane.

(13)

Lan maneh sampejan mau kagungan pengira, jen titah iku ana kang ketjedak karo kang nitahake, ana kang ora ketjedak, hla iku aku wani netepake : k l i r u. Sebab daliling Quran andawuhake : wa huwa

ma’akum aina maa kuntum wa allahu bima ta’maluuna bashirun

(Al-Hadid : 4 = Pandjenengane Allah tan pisah kelawan sira ana ing

ngendi bae lan pirsa samubarang tindakira). Ing surat mau ajay 6

andawuhake : wa huwa ‘alimun bidzaatishshuduri (Pandjenengane

nguningani sadjroning atinira). Ana ajat maneh kang mratelakake :

,,Allah iku luwih tjedak tinimbang otot bebajunira”. Hlo rak ora nganggo pilih-sih ta, di? Nanging si titah, ana kang ngerti ana kang ora, ana kang pertjaja ana kang ora.

Karo dene maneh, di, ngendika sampejan ,,kita di-sidikara

dening guru kita” iku satemene aku ora pati ngerti. Jen tembung ,,sidikara” iku sampejan tegesi ,,perbuat”, hla iku genah salah. Sebab selagine para Nabi-Wali bae mboten saged njidikara sapadaning tumitah, tandane ora setitik kang pada kapir. Sagede mung nedahake

Shiraatha’lmustaqiem (dalan kang bener) tumrap kang gelem nggugu.

Mengkono uga kang djumeneng guru, sagede mung paring sesuluh babarane si murid : mani ahtadaa faannima jahtadi linafsihi waman

dlalla faannima jadlillu ‘alaiha (Israa’ : 15 = sapa kang oleh pituduh

iku pituduhe kanggo awake dewe, lan sapa kang sasar iku sasare uga tumrap deweke dewe). Tegese awak lija iku ora bisa njidikara awak

sedje.

4. MITRA

Wah, pandjenengan ki ndjlimet banget, nganti ngontjeki tembung ,,sidikara” barang.

Ngandika pandjenegan iku mau kabeh : aku wis tampa nanging ana kang durung tjeta.

Kaja-kaja pandjenengan kagungan panemu, jen kabeh kaluwihan kang elok-elok iku kagolong ngelmu sihir utawa bangsaning padukunan. Mangka miturut tjritane para sepuh : para Nabi lan para Wali iku uga pada kagungan kaluwihan mengkono mau. Hla iku apa ija

(14)

kagolong sihir ? Lan maneh aku tau krungu , djare kaluwihan iku ana kang ,,chak” ana uga kang ,,silihan”. Hla iku keprije bedane ?

4. DARMA

Bab kaluwihan kang elok-elok iku ora mung adapur dongeng timbal-tumimbal (overleveringen) utawa tjarita ing lajang babad bae. Kang njritakake kaluwihane para Nabi, uga kasebut ana ing kitab-kitab agama. Dadi kaluwihan kang dudu sihir iku ja ana, katrangane mengkene.

Kaluwihane iku garise gede ana werna 4, jaiku mukdjidjatinNabi, kramating Wali, mangunahing Mukmin, istidg jrating Kapir.

Nanging kaluwihan elok-elok kang kasebut ing babad utawa kitab agama iku ora kabeh letterlijk : kedadean temenan; ana uga kang mung perlambang utawa pangupaman bae. Dene kang kedadejan temenan iku ringkese; mukdjidjat, kramat lan mangunah iku, titahe kang kasinungan kaluwihan pada ora ngrumangsani anggone kasinungan. Mulane wetune kaelokane iku mesti ora kedjarag lan ora obral-obralan. Kajata :

Sunan Kalidjaga anggatukake mustakane masdjid Bintara karo Ka’bah, iku mung perlambang, pandjenengane saged njijarake piwulang agama Islam asarana kabudajan Djawa : gamelan sekaten lan wajang purwa. Dene tjeritane Sunan Benang nudingi wit aren, iku satemene pandjenengane mung ngendika bares-baresan bae : ,,i k u ( = aren, jen diupakara pametune diklumpukake) ………. r a k e m a s! ndadak miturut pandelenge si begal : uwite aren, sapapahe, sakolang-kalinge, pada dadi emas kabeh. Jaiku kang diarani kramating Wali.

Hla tjritane Nabi Ibrahim dinawuhan dening Pangeran njembeleh putrane, bandjur liniru tjempe, iku mung pangupaman bae ; pandjenengane ngebotake bektine marang Pangeran tinimbang bangeting tresna marang putrane. Pangeran ora nate dawuh marang titahe mengkono iku, lan ora nate main sulapan botjah liniru tjempe. Dene

(15)

tjritane Nabi Musa digegila dening ula sepirang-pirang saka para tukang sihire Sang Fir’aun, iku satemene Nabi Musa bandjur ngontjalake tekene bares-baresan bae, amarga saka gilane. Wusana teken mau bandjur katon ngamuk nguntali ula sapirang-pirang mau. Jaiku kang diarani mukdjidjating Nabi.

Mengkono uga kang diarani mangunahing Mukmin, si mukmin kang kasinungan kaluwihan uga ora ngrumangsani kasinungan. Wetune kaelokan kangaran mangunah (ma’unatun = pitulungan) ja mung bares-baresan bae, saka pasrahe marang Pangeran, ora djalaran dinijati.

Dene jen wonge kang kaseren kaluwihan iku ngrumangsani anggone kaserenan, sarta wetune kaluwihan kang elok-elok iku sarana dinijati, iku kaluwihan kang saka parentahing napsu, jen olehe kaserenan kaluwihan iku pantjen digajuh, hla iku dawuhing setan, sakarone kagolong istidjrating Kapir (mirsani : ,,Kuntji Swarga” III : 31)

Dene pitakon sampejan bab kaluwihan silihan karo kaluwihan ,,chak” iku miturut panemuku mengkene :

Kaluwihan silihan iku adate mung sawatara dina bae. Kajata Kjai Anu, djalaran anggone tapa mbisu utawa tapa nurut kali, bandjur kaserenan kaluwihan bisa awas lan bisa nambani nanging kabisane kang hebat iku mung sadjroning 40 dina bae.

Dene kang dudu kaluwihan silihan kang pada diarani kaluwihan ,,chak” iku, bokmenawa kang dikarepake : kaluwihan duweke dewe, awit tembung Indonesia hak utawa tembung Djawa kak iku pada ateges duwek (darbek). Jen ,,chak” saka tembung Arab haqq, tegese : bener (njata), kang aran ngelmu haqq iku ora lija kedjaba ngelmuning Pangeran, jaiku agama, dudu bangsaning kaelokan mengkono mau.

Anadene kaluwihan ,,duweke dewe” iku, mula dasar njata ora mung sadela sirna kaja kaluwihan silihan. Nanging jen kanggo obral lan sarat-sarate ngedjog daja dilirwakake, ija bandjur ngabar, pepindane kaja lampu kentekan lenga : ora bisa murub maneh.

(16)

5. MITRA

Ija-ija, mas, aku saiki wis ngerti. Dadi golek guru iku ija kalebu angel. Hla guru kang sampurna ing kawruh ke-Tuhanan, iku titikane keprije mas? Jen ana titikane, karuwan anggone ngupaja.

5. DARMA

Titikane iku : ana, nanging pangupajane iku kang rada ora gampang. Ing lajang ,,Wulangreh” njebutake mengkene (Dandang Gula):

,,Lamun sira amaguru ngelmi, amiliha sudjanma kang njata, ingkang betjik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sukur antuk wong tapa, ingkang wus amungkul, tan melik pawewehing Ljan, ……….

Sudjana kang Njata = dudu avonturier, ora gletja-gletje; Ingkang betjik martabate = durung tau diukum krana

perkara kang ngisin-ngisini;

Kang Wruh ing kukum = ngerti temenan marang hokum

(angger-angger) agama, sukur hokum lija-lijane;

Kang ngibadah = nindakake sembahjang sarengat, agama

apa kang dadi kepertjajane;

Kang wirangi = ora tjrobo (sembarangan) tindake lan

kelakuwane;

Wong tapa = manggon ing gunung utawa ing pradja kena

bae, sok uga merangi hawa napsune;

Ingkah wus amungkul = sugih utawa mlarat kena bae, sok

uga ora kronehan;

Tan melik pawewehing Ijan = ora mung sepi ing pamrih

ingatase barang kasatmata bae, uga pamrih kang arupa pengadji-adji. Hlo rak ja angel ta golek-golekane ? Ewadene guru kang sampejan ngendikakake mau. Aku ija gelem angguroni, idep-idep kanggo pengalaman, anggere :

a. Kita dimerdikakake meguru marang guru-guru lijane, ora nganggo njuwun palilah marang pandjenengane;

(17)

b. Kita dimerdikake mematja buku kawruh kebatinan apa bae, ora kanggo njuwun palilah utawa anglapurake pemaham kita marang pandjenengane;

c. Kita dimerdikakake miterang, terkadang kaja ambantah. Marang wedaran kang durung andadekake pemarem, adja nganti pandjenegane duka.

6. MITRA

Wah, wah, hla teka tirik-tirik temen. Nuwun-nuwun sewu, kersa pandjenengan ki aneh, mas ! Lumrahe kang didjandji iku si murid, dudu si guru. Saupama kita sida sowan mrana, lan pandjenengan ija kelahir andjanji mengkono, tak kira pandjenengane guru mesti ora kersa malah gerah penggalihe rumangsa di ……… sapelekake.

Hla pandjenengan kagungan kersa ndjandji mengkono iku sebabe keprije mas?

6. DARMA

Hlo, guru teka gerahan penggalih ! Iku rak durung pinda samodra, durung bisa momot lan mengku marang tjalon siswa kang isin punggung muda.

Dene anggonku kumudu andjandji iku, sebabe ija kaja ngendika sampejan mau kae : lumrahe si murid kang tampa pepatjuh ngene ngono, kang wos-wose : (a) supaja si murid fanatiek marang ngelmu lan gurune (2) si guru kuwatir bokmenawa kawijak tjupeting kawruhe.

Upama ana pitakoning murid : si guru ora bisa ndjawab, iku pantjen si guru ora perlu rikuh, sebab wong kang sampurno luwih dening sampurno, iku pantejn ora ana. Mengkono ugo si guru kang duwe penganggep : mung ngelmune dewe kang bener, bandjur para muride dipurih fanatiek kaja deweke hla iku ija ……… kliru

Hla si murid kang tjukup akal lan pikirane (senadjan ora tjerdas banget) teka dipurih ,,menelan mentah-mentahan” apa sak ngendikane gurune, iku ja ora gelem, ta ! Awit babagan roh (djiwa) iku kang tanggung djawab mung awake dewe, dudu awak lija.

(18)

Ing lajang ,,wulangreh” mau kae, uga mrajogakake kang surasane kudu ora ,,menelan mentah-mentahan” mengkono iku, balik kudu disaring awewaton : dalil, kadis, idjemak, kijas. Jen ana wedaran ngelmu kang njulajani karo wewaton werna 4 mau prajoga di ………….. singkiri bae.

7. MITRA

Hla dalah, lajak bae pandjenegan pinda Raden Sumantri duk arsa suwita Sri Ardjunasasra, hla wong pandjenengan wis kagungan gegaman kanggo ngoreksi, saka ,,Wulangreh”mengkono.

Mungguh wewaton kang diarani ..dalil-kadis-idjemak-kijas” iku mau, keterangane keprije, mas ?

7. DARMA

Ing ,,Wulangreh” ora ana pendjelasane perkara iku. Dene maksude tembung sarta tapsire kang progressief mengkene :

Dalil (wutuhe; dalil Quran) = ajat-ajating Quran, jaiku

kitabing Pangeran kang rineksa saka owahan-owahan. Njatane : senadjan ditardjamah ing basa werna-werna, kang asli ing basa Arab : isih ana. Dadi jen tardjamahane kawoworan sentimen (neselake panemune dewe) : gampang ketara.

Kadis (Hadiest) – dawuh pangandikane K. N. Rasul kang

tinampa dening sekabat, tumimbal marang tabi’in (wong kang ketemu sekabat). Hadiest shahih = kang wis ditimbang tetela benere; hadiest qudsi = pangandikane Rosulullah kang kasebutake “ dawuhing Pangeran “ dadi pada bae karo Qur’an , mulane dianggep sutji [ bener ] tanpa nganggo dirembug dawa dawa .Hadiest mutawatir = kang ora nganggo dirembug bener lupute, nanging akeh kang ngandakake. Dene jen timbal-tunimbale iku wis adoh : saka tabi’in tumimbal marang tabi’tabi’in, sapiturute, mangka kang minangka sanad (sendehan) durung misuwur bab katemenane, hla iku aran hadiest maudlu` (tjinatjad), ora kena dipertjaja.

Idjemak (Idjma’) = panemune para ngulama ahli agama

(19)

kawruhe wong wis saja madju, mesti bae panemu iku ija tambah madju (dynamisch) ora patok bangkrong bae (statisch), senadjan kang minangka wewaton uga dawuhing Quran lan Hadiest.

Kijas (qijaas) = panglimbang lan panimbang kang bisa

ditampa lan sineksenan dening akal lan pikiran, dadi ora mung gugon tuhon utawa anut grubjug bae. Sarehning kawruhe wong wis saja madju, mesti bae akal lan pikirane uga tambah madju, ora gampang dipengaruhi ing lijan.

8. MITRA

Wah,hla kok pandjenengan djebul wis kagunan sangu tarik-tarik mengkono. Mung saka ora weruhku bae, tibake pandjenengan ki wis kerep meguru lan memaos buku-buku ,umpama kita sida bebarengan meguru, pandjenengan ki ngansu pikulan warih apek geni adedamar “, beda karo awak ndengkeng iki.

Kang iku mas, menawa pandjenengan dangan ing penggalih serta ora ana pekewuhe, mbok ijaha aku pandjenengan tulari gegebengan pandjenengan. Sukur wis bisa andadekake pemarem, umpama durung marem, ja wis maedahi : besuk jen sida bebarengan meguru, ora banget-banget anggonku tingak-tinguk.

8. DARMA

Ingatase mitra-darma, aku ora keberatan minangkani pamundut sampejan iku, di! Ananging bisa marem utawa oraha, adja sampejan galih jen aku ngendas-ngendasi sedya sampeyan golek guru, utawa ora ateges aku emoh anderekake bebarengan meguru.

Dene wedjangan werna-werna kang wis tak tampa saka para guru, serta wirid werna-werna kang wis tau tak watja saka buku-buku, iku mung ana sidji kang andedakake pemareming atiku, jaitu kang aran wirid ; ,,Iman-Tauhid-Ma’rifat-Islam”. Amarga panjelasane tjotjok karo wewaton ; ,,dalil-hadiest-idjma-qijaas” mau kae. Hla ija iku bae kang bakal tak aturake. Naming adja mung sampejan hijani bae; endi kang sampejan ora mupakat, sampejan bantah. Iku bakal muwuhi terang lan gawe murnining panemu.

(20)

II. WEDARAN BAB IMAN

9. MITRA

Nderek! Nanging aku nyuwun katerangan disik: apa sebabe iman didisikake, Islam tiba keri, malah keri dewe pisan. Mangka kang wis kerep tak rungu: muslim iku durung tentu mu’min, kang tegese wong Islam iku durung mesti kadunungan iman. Iku katerangane keprije mas?

9. DARMA

Hla ija kaja mengkono iku kang tak karepake,di. Iku aran bantahan kang ora satitik paedahe.

Pantjen, umume ija kaja ngendika sampejan iku, djer tembung, Islam ing kono iku Islam araning agama. Beda karo tembung Islam ing tetaraning wirid ,,Imam-Tauhid-Ma’rifat-Islam” kang bakal tak aturake iki mengko.

Mulane ing sadjroning aku ngaturaken wirid iki mengko supaya aja wor-suh, aku lilakna migunakake tembung : agama Muhammad” ora ,,agama Islam” kaja adate. Dadi : ngendika sampejan mau kena diganti mangkene : Muhammadijjin (wong agama Muhammad) iku durung mesti muslim (djumeneng Islam).

10. MITRA

Mengko disik ta mas! Pandjenengan migunakake tembung agama Muhammad iku apa ora njudakake adjine agama Islam kang pada kita pepundi iki?

10. DARMA

Hla rak rewel: jen lagi ngrembug sawidjining perkara iku prajogane adja fanatic lan adja kawoworan sentimen. Anggonku njebut mengkono iku ora terus-terusan, mung sadjroning ngrembug bab iki bae, supaja adja wor-suh.

(21)

Karo dene maneh, menurut panemuku: ora bakal njudakake adji ora barang. Tjoba sampejan galih:

Kita sebut agama Buddha, amarga kang anjijarake: Sang Sidarta Gautama, kang sawise tampa wahju bandjur adjedjuluk Buddha. Kita nyebut agama Kristen amarga kang njijarake: Nabi Jesus (Isa a.s.) kang sawise tampa wahju bandjur adjedjuluk Kristus. Utawa kita arani agama Nasrani amrga kang njijarake iku mijose ana ing Nasaret (Betelhen).

Dadi: Djenenging agama iku umume miturut asmane kang tampa wahju lan njijarakake iku mau, ora kumudu nganggo djeneng mirunggan. Mulane saka panemuku, kita kena ngarani agama Musa lan agama Muhammad, amarga kang djumeneng Rasul (tampa wahju lan njijarake) Nabi Musa a.s. lan Nabi Muhammad s.a.w.

11. MITRA :

Ija, ija mas aku wis mufakat, dasar njatane : sjahadat kang dadi rukuning agama kita kang wiwitan iku ngutjapake: asjhadu an laa

ilaaha ilaallaah wa asjahadu anna muhammadarrasuulullah =

anekseni kawula: satuhunipun boten wonten Pangeran kedjawi Gusti

Allah, lan anekseni kawulo : satuhunipun kandjeng nabi Muhammmad utusaning Allah dadi : njebut agama Muhammmad ingatase agama islam

iku, juridisch lan psychologisch ora ana bedane.

11. DARMA :

Pantjen ija mengkono di nanging sampejan mangartosa, jen tembung, Muhammad ing kalimat sjahadat iku mau satemene mengku surasa rangkep ; letterlijk ( lahir) lan symbolisch ( batin).

Mungguhing surasa lahir, ija Muhammad asmane Nabi panutan kita iku mau, dene mungguhing surasa batin, Muhammad iku mau dudu ndjenenging wong, jaiku wudjude manungsa iki, kang adon-adonane lan kompliting pirantine pranjoto luwih sampurna tinimbang machluk lija-lijane ( ,,Kuntji Swarga” II: 8).

(22)

Mengkono uga bokmenawa sampejan wis tau maos utawa mireng tembung ,,nur Muhammad” jaiku asaling kabeh dumadi, hla iku adja sampejan kira Kandjeng Nabi Muhammad.

12. MITRA :

Amit sewu, mas, kok rada kisruh anggonku nampani. Apa ,,Muhammad” iku, kedjaba diangga djenenging wong, si tembung duwe, teges dewe ta? Hla tegese keprije? Keparenga paring penerangan kang sadjelas-djelase.

12. DARMA :

Pitakon sampejan iku bener, mung ana kang kuwalik. Sakabehing ,,tembung” iku rak mesti nduweni teges, ta di? Hla djenenging wong iku lumrahe pada milih tembung-tembung iku mau, endi kang ditjotjogi tegese. Terkadang adapur pamudji (Kuwat, Teguh I.I.I) terkadang minangka panjandra bae (Djarot, Dableg I.I.I.), ana uga kang minangka pangeling-eling kahanane utawa titimangsane nalika lahir (Buwang, Rebo I.I.I.).

Mungguh asmane Nabi panutan kita iku satemene ana 4, pada rimbagan saka tembung h a m d u n kang tegese pangalembana, utawa h a m i d a kang tegese angalembana. Jaiku: Hamid (=ingalembana), Mahmud (=kang kataman pangalembana), Ahmad (kang luwih ingalembana), Muhammad (=kang kaserenan pangalembana). Nanging kang katelah lan populer dewe: M u h a m m a d, ing kalimah sjahadat uga Muhammad, ora kena njebut asma lijane.

Dene tembung ,,Muhammad” ing kalimah sjahadat kang disurasa symbolisch iku tegese: sipat kang kaserenan pangalembaga (ing wirid-wirid kasebut : sipat kang pinudji ) ,,nur muhammad” ateges: tjahja kang kaserenan pangalembana ( ing wirid-wirid kasebut: tjahja kang pinudji)

(23)

13. MITRA :

Wis djelas banget, mas, saiki! Mulane bandjur keparenga miwiti ngendikakake wiride, kepridje wedarane bab iman iku.

13. DARMA :

Iman iku tegese: pertjaja. Ingatase wong agama Muhammad, rukuning iman iku ana 6, jaiku pertjaja marang anane: I. Allah, II.Malaekat-malaekate Allah, III.Kitab-kitabe Allah, IV.Utusan-utusane Allah, V. Dina akhir. VI.Pepasten betjik lan ala (,,Kuntji Swarga”II:24).

Nanging ing wedaran wirid iki mung bakal nerangake bab kapertjajan marang anane Allah kang sawidji (Monotheisme), tegese dudu Allah kang lara utawa luwih.

Kepertjajan marang anane kang Maha Kuwasa iku, sanjatane wis wiwit kuna-makuna mula, jaitu wiwit anane manungsa ing ngalam dunja iki, ing djaman sadurunge ana……..agama.

Tuwuhing kapertjajan mau, ora lija djalaran si manungsa njipati gumelaring alam iki kabeh kang ora bisa dikuwasani dening deweke, balik simanungsa kang kudu tunduk marang purba-wasesaning alam iku. Kajata : nalikane lagi njrempeng njambut gawe, kepeksa leren djalaran peteng, ora bisa ngerem suruping srengenge; nalika tandurane butuh udan, ora bisa ngundang udan, mengkono sapanunggalane. Dalah awake si manungsa dewe ora bisa diprentah miturut karepe. Kajata : jen pinudju arip, dilek-lekna ija meksa turu ; umure dewe lan umure lija, pada ora kena disemajani sadela bae, jen wis tekan mangsane , mengkono sapanunggalane.

Mulane bandjur tuwuh pikirane: kumawula marang kang Maha Kuwasa, sarana sesadji lan ngabekti. Dene tjarane sesadji lan ngabekti, sarta endi kang dianggep kang Maha Kuwasa iku, sidji-sidjining golongan : ora pada. Ana golongan kang duwe penganggep, jen kang Maha Kuwasa iku loro, ana uga kang duwe penganggep luwih saka loro.

Dene wulangane agama-agama kang disijarake dening para Nabijullah iku, ing bab penganggepe marang Maha Kuwasa : sidji lan sidjine ora ana bedane. Jaiku pada netepake jen kang maha Kuwasa iku

(24)

satemene mung sidji, kang asmane ing basa Arab : Allah. Hla agama kang kita rungkebi iki (agama Muhammad) uga kagolong agama kang nekadake : Pangeran kita iku mung sidji, ora loro utawa luwih.

Anggone nekadake marang kasawidjening Pangeran iku katrangane ora angel. Sebab upama Pangeran iku loro utawa luwih, amesti kala-kala perang tanding : rebut bener utawa rebut penguwasa. Hla Pangeran kang kalah perange iku bandjur kena ditetepake mesti dudu kang Maha Kuwasa. Dadi Pangeran kang Maha Kuwasa temenan ija tetep mung sidji, jaiku kang menangan dewe. Hla upama Pangeran-pangeran mau pada Maha Kuwasa kabeh, amesti anggone perang tanding rame banget, amesti seprana-seprene ora ana kang kalah utawa kang menang. Jen mengkono amesti alam kang gumelar iki tumindak sakarepe dewe-dewe utawa ……….. mogok.

14. MITRA

Logisch (tinemu ing nalar), mas! Sapa bae masti ngakoni, jen paham Pangeran sidji (monotheisme) iku kang maton. Nanging …….. endi kang sinebut Pangeran iku? Hla iku kang tak kira sidji-sidjining wong beda-beda pendumuke. Malah ana kang nganti gendeng djalaran bingung : anggoleki kang sinebut Pangeran, ora ketemu-ketemu. Kang iku pandjenengan keparenga bandjur njeplosake sawantahe bae.

14. DARMA

Iku ora wurung, di, nanging ja tak aturi sabar disik. Sebab tjeplas-tjeplos kang kurang djelas keterangane iku adate ora bisa ketampa, sisip sembire salah panampa. Dene jen wis didjelas-djelasake meksa ora bisa ketampa, hla iku kaja kang wis tak aturake mau, pantjen sidji-sidjining wong iku wis manut garise dewe-dewe. Ing lajang suluk (wirid sinawing tembung) ,,Sudjinah” disemoni mengkene (Gambuh) :

Satengah ana muwus, rada esak mamang manahipun, ija iku ngibarate desa tjilik, tan kelar kanggonan ratu, wedi bokmenawa djebol. – Iku anggep wong bingung, destun tjekak nalare wong kumprung,

(25)

sedjatine wus kena pengaruh iblis, sanggup den muljakken iku, kinen ,,wisma aneng gowok”.

Hla bab gendeng iku satemene ana werna loro. Ana kang gendeng amarga bingung, djalaran ora ketemu-ketemu; ana kang katone gendeng amarga brangta, djalaran wis ketemu antjer-antjere nanging durung kepetuk gatuk. Mulane tembung ,,ngelmu” (Arab : `ilmu = kawruh) iku ana kang ngirata basa : angele jen durung ketemu, saweneh : angele jen wis ketemu. Ing lajang suluk ,,Andondomi” disemoni mengkene (Dandang gula)

,,Pilih-pilih ingkang angawruhi, ing maknane Allahu Akbar, nora sok wonga wruh angger, jeku ingkang den luru, ndjadjah desa amilang kori, tan lija kang den arah, kang karem ing kawruh, jen tan wruh pangutjapira, nora weruh marang endase terasi, awit wus mungging sira” ……….. Hla rak tepat, ta!

15. MITRA

Elo, elo, pandjenengan ki djebul asarira bibliotheek. Aku tau krungu : djare wirid-wirid lan suluk-sluk iku sok bertentangan karo wulangane agama kita, iku njatane keprije?

16. DARMA

Akeh bae kang bertentangan! Mulane kudu disaring awewaton dalil-kadis-idjemak-kijas mau kae. Hla, gede-gedening dosa iku ora kaja dosane wong ahli kitab, alias pengawak taman-pustaka (bibliotheek), jaiku jen ,,menelan mentah-mentahan” tanpa disaring.

Saiki tak bandjurake aturku bab iman :

Pantjen, bab anane Pangeran iku kudune didumuk : muk. Jen ora mengkono, amesti pertjajane iku mung tiru-tiru bae. Senadjan lumrahe pada ngarani geloof (kapertjajan) nanging batine dewe mesti ngaku jen satemene mung bijgeloof (gugon-tuhon). Mulane iman pada iman iku ora pada, ana tatarane, jaiku :

I. Imane botjah nglakoni sarengat, iku iman mung kagawa saka taqlid (anut grubjug); pepindane pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme

(26)

ing Sentul, djalaran akeh wong kanda mengkono. Jakine (overtuiginge) ka-aranan, ,,wadjibul jaqin” = overtuiging kang kagawa saka wadjib. II. Imane para ahli kitab, iku iman tataran tarekat; pepindane : pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, djalaran wis liwat ngarepe daleme lan krungu suwarane. Jakine kaaranan ,,ainul jaqin” = overtuiging kang wis weruh antjer-antjere.

III. Imane mu’min chas, iku iman tataran kakekat; pepindane: pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, djalaran wis tau maradajoh, nanging durung nganti adu arep. Jakine kaaranan ,,haqqul jaqin” = overtuiging kang wis njata.

IV. Imane para arifin, iku iman tataran makripat ; pepindane: pertjajane jen Mas Pawiro iku daleme ing Sentul, djalaran wis tau maradajoh lan ketemu karo Mas Pawiro. Jakine kaaranan “isbatul jaqin” = overtuiging kang wis tetep, ija sampurna-sampurnaning overtuiging (,,Kuntji Swarga” I : 19; “K.S” III : 14)

Dadi : wedaran bab ,,imam” ing tatarane wirid Imam-Tauhid-Ma’rifat-Islam iki, ora kurang lan ora luwih, mung iman tataran tarekat. Ewadene jen ketrima (bisa katampa terus ing ati). Wis bisa ngrasakake nikmataning iman; jaiku samangsa wis kaja kang kadawuhake ing Hadiest mengkene, tsalaatsatun man kunna fiehi wadjada bihinna

halaawatal imaani (telung perkara kang rumaket marang sapa kang

wus ngrasakake nikmating iman) man kaanallahu wa rasululluhu

ahabba ilaihi min siwaahuma (jaiku kang tresnane marang Pangeran

lan utusane ngungkuli kabeh bae) waman ahabba abdan laa

juhibbuhu illa lillahi (lan kang tresna marang sepadaning tumitah kanti

sepi ing pamrih) waman jakrahu an ja’uda fielkufri ba’da idz

anqadzahullahu ta’aala minhu kamaa jakrahu an juiqaa fiennaari

(lan kang geting marang kekupurane wingi-wingi, sawise binuka ing

Pangeran, kaja getinge ditjemplungake geni naraka)

(27)

Ija-ija mas, aku wis tampa pangandika pandjenengan iku. Djer setitik-setitik aku wis tau krungu, jen kabeh kang isih kena digunem, - wedjanganing guru, - iku djenenge t a r e k (thariq) tegese dalan. Dadi tarekat (tharieqat) iku lagi nerangake bab dalaning panembah djati. Dene teruse iku gumantung pangulahe si muridd, wis ora kena digunem maneh.

16. DARMA

Sukur ta di, jen wis saged milah-milah dewe mengkono. Saiki tak bandjurake aturku :

Wong kang ngabekti Pangeran salijane Allah (heiden) kang babar pisan ora duwe Pangeran (atheist), lan kang duwe penganggep jen penguwasa kang duwur dewe iku ‘alam (naturalist) iku tembunge Arab pada bae, diarani K a p i r (kafirun) tegese wong kang ora oleh pepadang, dene pahame diarani kupur (kufrun). Hla iku jen dipilah-pilah asal silahe mestine mengkene.

Kapir heiden iku anane wiwit sadurunge ana agama. Sawise ana agama kang njijarake pepadang, deweke meksa puguh, ora gelem ngrewes lan nimbang-nimbang bener lupute wulangan agama iku.

Kapir atheist iku sadurunge ana agama ja wis ana, sawise ana agama, tekan dina iki, - ja ora kurang. Sebabe katon ora duwe Pangeran lan ora nindakake pangabekti marang sapa-sapa, iku umume djalaran lagi kalimput ing kasenengan. Durung temtu deweke wis duwe kejakinan bab ora anane kang Maha Kuwasa iku. Mulane samangsa ketaman ing reribed kang luwih dening banget, bandjur …… grajah-grajah saketjandake, depe-depe marang kang kinira Maha Kuwasa, wusana dadi kapir heiden. Ana uga kang kebuka ing Pangeran, bandjur ilang kupure; dene kang puguh lan tabah atine, bandjur dadi kapir naturalist.

Kapir naturalist, iku kapir ahli piker, anane sawise ana agama kang njijarake pepadang. Deweke ngemohi sesembahanne kapir heiden sarta gelem nimbang-nimbang wulangan agama kang netepake anane Pangeran kang mung sidji (monotheisme). Nanging sarehning katrangan bab Pangeran iku kurang tjeta tumrap dewewke, mulane bandjur grajah-grajah kang ketemu mung ………. Gumelaring alam iki (natural).

(28)

Bandjur duwe penganggap jen sak nduwure iku wis ora ana panguwasa maneh (,,Kuntji Swarga” I : 15).

Hla iku, Di miturut panemuku kang ora kawoworan sentimen Pada-pada kitabing Allah, kang tjeta gambling anggone nerangake sipat-sipating Pangeran iku : Al-Qur’an. Mulane tuwuhe golongan naturalist iku ija ana ing tanah-tanah kang ora kasorotan pepadanging Qur’an.

17. MITRA

Mengko ta, mas! Anggone ngarani kliru tumrap panemune golongan naturalist iku : awewaton apa ? Hla golongan kang kasorotan pepadanging Quran iku : A p a lan E n d i kang dianggep Pangeran Maha Esa kang asma Allah iku ? Keparenga pandjenengan bandjur ngendikakake.

17. DARMA

Wah, pitakon sampejan iku ,,boleh” Di. Nanging ja adja kesusu ta, selot-selote mengko rak tekan kono.

Kaum naturalist ora oleh pepadanging Al Quran kang ngemot ajat-ajat bab dumadining langit-langit lan bumi sarta kang ana ing antarane iku saka sabdaning Pangeran : kun fayakuun (anaha sira,

bandjur ana pada sanalika). Senadjan mengkonowa, deweke mesti wis

oleh pepadanging Toret (At Taurat) surat Genesis (Purwaning dumadi) kang uga mratelakake mengkono. Nanging dawuhing surat mau bandjur ora dianggo waton, djalaran ing kitab iku ora ana katrangan-katrangan maneh bab sipat-sipating Pangeran kang bisa maremake tumrap deweke.

Senadjan mengkonowa, pantjen nek deweke bisa mikir : jen kabeh kang ana iku mesti ana kang anganakake, lan kabeh kedadejan iku mesti ana kang andadekake. Hla iku jen diurut-urut, nganti tekan ….…… e m b u h. Nanging ,,embuh” iku dudu tjarane wong ahli piker, sebab surasane bisa ateges ija, uga bisa ateges ora, dadi tanpa katetepan. Miturut nalar kudu anekadake A N A N E ,,kang luwih disik, ora kedisikan” sarta ,,kang djumeneng kelawan pribadine, ora ana kang ,,andjumenengake” jaiku kang disebut ………... Allah. Dene

(29)

gumelaring `alam iki, ora ija kedjaba mung salah sawidjining sipate Pangeran anggelar kodrat iradate bae.

Anadene kitab-kitabe Allah kang sadurunge Quran iku, pantjen, isine pada awudjud b a b a d kang mung njritakake sadjarahe (asal-usule) Rasul, lelampahane nalika ,,dipanggihi” Pangeran lan kaparingan dawuh (wahju), lelampahan lija-lijane bab anggone njijarake agama. Ora njritakake bab sipat-sipate Pangeran, malah jen njritakake Pangeran iku kaja-kaja ana blegere, nanging bleger luar biasa, kang ora saben wong bisa weruh.

Hla Qur’an ora wudjud babad mengkono iku. Sawutuhe Quran kang kandele 30 djuz (djilid) utawa 114 surat (bab) iku mligi ngemot dawuh-dawuhing Pangeran kang ditanpa dening Nabi Muhammad SAW. Dawuh-dawuh mau akeh banget kan sinartan katrangan bab sipat-sipating Pangeran, antarane kaja kang wis tak aturake mau kae :

(1) Tan pisah klawan sira lan pirsa samubarang tindakira, (2) Nguningani sadjroning atinira

(3) Luwih tjedak tinimbang otot bebajunira (4) lan lija-lijane kang surasane sairib mengkono

Kang iku, umat Muhammad kang tinarbuka, wis ora mamang maneh anggone netepake jen Pangeran iku adja digoleki mrana-mrana, balik kudu mung niti priksa kahanane si manungsa dewe. Mulane bandjur ana unen-unen man `arafa nafsahu faqad `arafa rabbahu =

sapa kang weruh pribadine temen-temen weruh marang Pangerane

(“Kuntji Swarga” I : 36; “K.S” II : 3), malah ana kang wani nekadake :

asjhadu an laa ilaha illaallaah wa asjhadu anna laa ilaha illa anaa =

anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kadjaba kang asma Allah, lan anekseni ingsun : satuhune ora ana Pangeran kedjaba mung ingsun.

18. MITRA

Aduh, aduh, bandjur keprije genahe iku mas? Aku teka durung bisa tampa.

(30)

18. DARMA

Kang pada nekadake mengkono iku dudu ngulama sembarangan bae, jaiku para zaahid-zuhhaadda (= kang ora mentingake babagan dunja, zuhud) kang wis tekan tataran `arifin (ahli makripat). Dadi anggone nekadake mengkono iku genah ora awur-awuran lan ora karana urusan dunja. Nanging ……….. bareng wong-wong kang durung tekan tataran kono pada gumampang ,,ngoper” panemu mau, hla bandjur dadi kliru tampa werna-werna, luwih-luwih kang kedadejan ana ing tanah Djawa kene.

Mulane nalika djaman Demak tekan djaman Mataram, kang kuwadjiban anggelarake wirid iku mung para Walijullah lan para ngulama agung kang pinidji dening Negara, supadja adja ana kang kliru tampa. Ananging ija ana Negara kang anggone nglarangi wong memedjang wirid iku djalaran kena pengaruhe kaum d o g m a t i k u s (pertjajane tanpa dinalar), kang wos-wose mung kuwatir jen suda kadjen keringane.

Dene klirune tampa werna-werna iku, kajata ana kang adarbe penganggep jen kang sinebut Pangeran iku : urip kita iki. Ana maneh kang nekadake : napas, angen-angen, rasa, njawa, djantung, budi, eling, banju kang nelesi utek, roh utawa djiwa, …….. embuh lijane maneh.

Hla kabeh-kabeh iku terang dudu Pangeran kita. Ana kang kalebu piranti wadag utawa pirani alus bae, ana kang mung talining urip, pratandaning urip, utawa kang njababake urip bae, dene roh utawa djiwa iku mung badan alus kita bae. Wis terang jen kabeh-kabeh mau salah sebab isih kena tinoton mawa paningal wadag utawa paningal gaib, apadene isih kena tjinakra bawa lan kinaja ngapa.

19. MITRA

Jen aku ora kliru, kang sinebut Pangeran iku, sukma kita, mas! Nanging kaprije djelase : ……. Njumanggakake. Aku durung dong.

(31)

19. DARMA

Ngendika sampejan iku rak mung perkara ,,asma” ta, di. Kena bae sampejan njebut : Jenovah, Deo, Theo, God, utawa lija-lijane maneh, sebab kang ngaturi djedjuluk iku si manungsa iki, miturut basane dewe-dewe. Ing basa Arab sinebut ,,Allah” asale tembung ateges ,,kang sinembah”.

Ingatase wirid, kang perlu iku dudu tembunge, nanging pendumuke : muk, rak ija ta? Hla saiki sampejan tilingake kang trawatja :

Kita ora mamang maneh, jen kang sama Allah iku Dzat kang tan pisah kelawan kita, ana ing ngendi bae lan ing dalem kahanan kang keprije bae, kajata ing sadjroning kita melek, lungguh, ngadeg, mlaku, turu, lan lija-lijane, kang katembungake isih urip iki; senadjan besuk jen roh kita iki wis pisah karo raga kita, si roh kang isih lestari urip langgeng lan si raga kang wis adjur dadi lemah, uga isih kalimputan dening dzating Pangeran.

Dadi wis terang jen kang asma Allah iku dudu urip kita iki, dudu napas kita, dudu roh kita, lan lija-lijane maneh, kaja panemu kang sasar mau, djer Allah iku ora ndjaba ora ndjero, tan kena kinaja ngapa, gesang tanpa roh, kuwaos tanpa piranti.

Ananging iku mau kena diarani mung Allah sidji-sidjining manungsa bae; bangsa kita Djawa ana kang njebut asmane Hjang Suksma, asale tembung ateges ,,sesembahan kang ora katon” (ing basa Sanskrit Purusha). Mula dasar njata Hjang Suksma iku ora katon sarana pandulu wadag utawa pandulu gaib. Upama isi kena dinulu, amesti isi kena kinaja ngapa, lan isih ana sipat anjar kang ngemperi. Hla iku terang jen dudu Hjang Suksma. Dene kang sinebut ,,sukma” dening wong akeh iku surasane mung ateges njawa utawa roh (djiwa), mulane den satiti adja nganti kliru pangerti.

Anadene Allahe sidji-sidjining manungsa iku sedjatine ora lija kedjaba mung wewajangane Allah . Pangerane sakabehing machluk ija kang nitahake gumelaring alam iki kabeh (ing basa Sanskrit Isjwara), pepindane kaja dene djembangan sewu isi banju ana satengahing alun-alun, sajekti kabeh pada kepanduman wewajanganing srengenge ing

(32)

wajah tengange, tan ana kang kaliwatan (,,Kuntji Swarga” I : 33-34-35-36; ,,KS” II : 2).

Mungguh wewajanganing Pangeran kang kababar marang sagunging dumadi iku ing basa wirid kasebut : Nur Muhammad tegese tjahja kang pinudji. Kita ora mamang maneh jen kabeh titah iku pada asal saka nur Muhammad mau, amung beda-beda wadah lan isine; ana kang aran bangsa watu, tetuwuhan, kewan, manungsa, machluk abadan alus lan lija-lijane. Senadjan manungsa pada manungsa sajekti ora pada kahanane, kagawa saka bedane kang pininda djembangan lan banjune iku mau.

Wusana adja salah pengira : jen tjahja mau salugu-lugune tjahja, iku mung pepindan bae, djer kang asma Allah kita sajekti dudu tjahja. – T a m m a t.

20. MITRA

Matur nuwun, mas (karo prebeng-prebeng mrebes mili), penampaku wis tjeta gamblang, lan rumangsa marem. Pandjenengan tetep sedulurku tuwa!

20. DARMA

Pada-pada di. Jen sampejan wis rumangsa marem sjukur alhamdulillah, saiki ganti wedaran bab Tauhid.

(33)

III. WEDARAN BAB TAUHID

21. MITRA

Ija mas, keparenga bandjur nerusake. Nanging aku arep njuwun katrangan disik : kang wis kerep tak krungu, tembung t o k i d iku surasane sairib karo t e k a d, apa iku ,,tauhid” kang kalebu ing wirid iki ?

21. DARMA

Sampejan mundut pirsa mengkono iku, bener, supaja terang, ora klira-kliru ing pangerti.

Pantjen, umume tembung tokid lan tekad iku panganggone lira-liru, terkadang dirangkep awudjud purwakanti sastra, djalaran kinira pada tegese. Nanging sanjatane tegese beda banget.

Tembung ,,tekad” tumraping pagunem pedinan iku tegese : kekentjenganing karep (volharding), kajata gede tekade = rosa banget karepe, tekad-tekadan = ora wedi bakal keprije wusanane, djer karepe wis kentjeng. Hla iku asalae saka tembung Arab i`tiqaad kang tegese gegebengan utawa kapertjajan; iku tembung aran kang dirimbang saka tembung krija u` t a q a d a, tegese : pertjaja. Teges mengkono iku kanggone ana ing paguneman ngelmon, kajata : anekadake = ngantepi kapertjajane.

Dene tembung ,,tokid” iku ora tinemu ana ing paguneman pedinan, mung tinemu ana ing paguneman ngelmon bae, sarta tegese ora pada karo i`tiqaad mau. Tokid iku asal saka tembung Arab tauhid jaiku tembung krija kang dirimbag saka tembung wilangan waahid; dadine tembung aran at-tauhid ateges kawruh bab tauhid. Hla iku perlu dirembug kang sadjelas-djelase disik, supaja terang penampa sampejan marang wedaran bab tauhid mengko.

Tembung wilangan wahid iku tegese s i d j i. Upama wahid iku tembung Djawa, krijane dadi ,,mahid”; upama tembung Sunda krijane dadik ,,ngawahid”; upama tembung Insonesia, krijane dadi ,,mewahid”. Hla sarehning tembung Arab, krijane uga miturut tata-basa

(34)

Arab, krijane dadi ,,tauhid” mau kae, tegese : n j a w i d j e k a k e. Dene surasane ana rong werna kang miturut tata-basa : pada benere.

a. Tumrap wulangan sarengat, njawidjekake iku ditegesi nekadake mung sawidji, ora loro utawa luwih, lan dudu kang lijane. At-tauhid = kawruh kang nerangake sipat-sipating Pangeran, padane Al`aqaid.

b. Tumrap wedaraning wirid, njawidjekake iku ateges n u n g g a l m u n g s a w i d j i, sirna rasa-rumangsane luwih saka sidji. At-tauhid = kawruh manunggal, jaiku kang nerangake tjara pratikele anjirnakake rasa aku idjen-idjen (individueel) dadi rasa aku sawidji (universeel). Jaiku kang bakal tak aturake iki, minangka teruse wedaran bab imam kang wis nerangake kalajan gambling bab monotheisme (anekadake Pangeran mung sidji).

22. MITRA

Nuwun-nuwun sewu, mas, aku rada kodeng anggonku mikir. Ing wedaran bab iman, kita wis anekadake jen Pangeran iku tan pisah kelawan kita. Geneja isih keronehan dirembug maneh? Upama tudjuwaning pangrembug iku perlu anjatakake paham kang wis ditekadake mau, geneja wedaran tokid iku ora medarake panunggal kita karo ,,kang tan pisah” mau kae ?

22. DARMA

Pitakon sampejan iku wangsulane rada sulit di. Nanging sarehning sabagean wis sampejan wangsuli dewe, dadi suda sulite, ewadene wangsulane ija isih kudu rada dawa.

Wedaran bab iman, bab tauhid, bab apa bae ……, iku mung djeneng ngelmu (‘ilmu). Hla ngelmu iku bisane ana wohe (berhasil) utawa jakin ing njatane, ora lija kedjaba ditindakake utawa dingamalake (‘amal). Dene wedaran bab tauhid iku tudjuwane ora lija ija nerangake tjarane ngamalake iku mau. Terange : kajata wedaran bab iman, kang anekadake Pangeran tan pisah kelawan kita iku, senadjan akal lan pikiran kita wis bisa anekseni, nanging rak mung lagi dadi pangerti bae, durung tekan ……… njatane.

(35)

Anadene kita kang asipat wadag iki, teka arep njatakake kang asipat alus, iku rak ora mungkin, ta, di ! Apa maneh jen si wadag arep njatakake kang tan kena kinaja ngapa, saja ora mungkin banget. Kang mesti : wadag iku mung bisa njatakake kang wadag bae. Kang alus mung bisa dinjatakake dening kang alus uga. Hla kang tan kena kinaja ngapa, anggone njatakake ija jen ………. tan kena kinaja ngapa.

Dadi : ing dalem kahanan sirnaning rasa aku idjen-idjen dadi rasa aku sawidji mau bae, ora kurang lan ora luwih : mung tataran bae kang kudu kita liwati. Sampurnane tekan djumeneng Islam isih kudu ngliwati disik tataran sidji maneh kang aran Ma`rifat.

Ing Hadiest kang ndawuhake bab sapa kang wis angrasakake nikmating iman mau kae, antara lija rak ana kang njebutake ,,kang tresna marang sepadaning tumitah kanti sepi ing pamrih” (,,I.T.M.I.” : 15), hla iku wis terang : samangsa rasane aku idjen-idjen iki isih kandel, ora bakal karaketan sipat kang mengkono iku. Rak ija ta?

23. MITRA

Ija ija, mas, saiki aku wis dong. Mulane pandjenengan kaparenga bandjur miwiti ngendikaake wedaran bab tokid iku Nanging nuwun-nuwun sewu, aku arep ngoreksi setitik bab tembung ,,nunggal mung sawidji” mau kae, kiraku luwih trep jen diganti : n j a r i r a s a w i d j i. Apa ora mengkono?

23. DARMA

Mupakat banget, di! Tembung ,,nunggal mung sawidji” iku, kedjaba kaku, pantjen salah penganggone tembung ,,mung”. Hla iku untunge jen rembugan karo sedulur kang kagungan taalgevoel. Aku iki saja tuwa ndadak basaku daerah saja groboh.

Anadene wedaran bab tauhid, satemene aturku mau kae wis wiwit, hla teruse mengkene :

Kang andjalari kita kadunungan rasa aku idjen-ijden iku, ora lija djalaran kita kadajan ing piranti kita dewe kang aran indrija 5 : pangambu, pangrungu, pandeleng, pangejam, panggepok, lan …….….. (1) akal (2) ati (3) napsu, iku (,,Kuntji Swarga” I : 29). Dene blegere

(36)

kang wadag iki rak mung monat-manut bae. Mulane bisane sirna

rumasane aku idjen-idjen dadi rumasa aku sawidji, ora lija kedjaba :

ang l e r e n a k e makartine piranti-piranti iku mau.

Dene bisane piranti-piranti mau leren sadela ora makarti, tumrap kita wong agama Muhammad, saranane : d z i k i r, jaiku ngutjapake unen-unen (lapal). Djenenge dzikir dalah lapale werna-werna, kang baku : aran dzikir nafi isbat, jaiku ngutjapake unen-unen laa ilaha

illaallah, kanti mangerti tegese :

Laa ilaha = ora ana Pangeran = ngorakake anane (nafi) Illaallaah = kedjaba mung Allah = netepake anane (isbat)

Sepira suwene anggone ngutjapake lapal mengkono iku utawa jen nganggo diwilangi : pira kehe, iku mung gumantung seneng parenge kang nindakake bae. Wusana bandjur diterusake ngutjap isbate bae jaiku lapal illaallaah, illaallaah, suwene utawa kehe, uga mung terserah kang nindakake. Bandjur ngutjapake musbite (kang ditetepake) bae, jaiku : allahu, allahu, sateruse, nuli ditjekak hu, hu, sateruse ………. Lerene jen wis krasa kesel, utawa kebandjur turu, utawa ……..…. katekan sedyane.

24. MITRA

Hla kang katembungake katekan sedyane iku mau jen keprije, mas?

24. DARMA

Perkara ,,jen keprije” iku diterangake tiba keri bae, Kang perlu dirembug saiki bab bisane katekan sedyane; jaiku jen tjukup sarat-sarate sarta ketrima. Dene tembung ketrima iku mung kanggo gampange gunem bae, sanjatane pantjen wis miturut takdire dewe, amarga ora ana kedadean kang tanpa sebab, dumadine takdir ija mawa sebab (,,Kuntji swarga” II : 35; ,,K.S” III : 12)

Anadene sarat-sarate nindakake dzikir tumrap sedya iki mau, mangkene :

a. Tumindake adja mempeng kaworan daja-daja, sebab jen kaja mengkono, amesti durung nganti katekan sedyane : wis bosen. Mangka katekaning sedya iku ora bisa kawruhan pirang sasi, pirang taun

(37)

utawa pirang windu. Mulane tumindake dikaja nindakake salat sarengat bae (kanti eklas netepi wadjib), kang adjeg lan tlaten ing wajah bengi : sasireping djalma. Pedinane : kedjaba netepi rukuning agamane, linambaran mudjahadah lan rijadlah (merangi hawa napsu lan ora ngumbar kasenengan) apadene ngurip-uriping rasa asih marang sepada-pada.

b. Anggone ngutjapake lapal ora kumudu njuwara, kena mung dibatin bae; lan ora perlu molehake sirah, sebab obahing sirah iku bisa andjalari ana pengalaman, nanging dudu pengalaman kang kita sedya.

c. Nalika arep wiwit dzikir, kudu kanti kang mligi : mung nedya njatakake surasaning wedaran tauhid = n j a r i r a s a w i d j i, mau kae. Anadene tembung ,,dzikir” iku sanjatane ateges : ngeling-eling, jaiku eling marang maksude lapel laa illaha illaallaah kang diutjapake iku. Nanging elinge iku mung minangka dasar duk nalikane nijat bae, lire ora kena lali marang i’tiqaadkita ingatase Pangeran kang wis kawedarake tjeta gambling ana ing wedaran bab imam. Dene sadjroning dzikir: ora perlu dibarengi ngeling-eling apa bae.

Sarana sarat-sarat iku mau, jen ketrima, ing sawidjining wektu : ana pengalaman ……….. p l a s ……….. bjar, kita ana ing sadjroning alam (=ing ndalem kahanan) : dudu ngimpi, dudu melek, dudu rem-rem ajam. Ija pengalaman mengkono iku kang katembungake katekan sedyane anggone tauhid (njarira sawidji). Awit ing waktu iku : sirnane rasa aku idjen-idjen dadi rasa aku sawidji. Ing waktu iku, ana kang nganggo weruh rerupan, ana kang ora, nanging rerupan kang diweruhi mau ora lija ija ………. rupane dewe.

Anadene bisane tekan ing tataran kono iku wis angel banget, jen ora kelawan nugraha (ketrima). Mulane akeh bae kang duwe penganggep, jen iku kang diarani makripat ing Pangeran, djer wis r u m a s a : (1) ora ana apa-apa kedjaba mung ingsun, (2) ija sira ija ingsun, (3) kang nembah ija kang sinembah, lan lija-lijane.

Hla iku luput ing pijangkuh (zich overschatten) di! Muga-muga kita adja mengkono.

(38)

Ing sadjroning pengalaman iku : mung lagi sirnaning rasa aku idjen-idjen dadi rasa aku sawidji bae, jaiku kang diarani tauhid. Dene rupane dewe kang katon iku, - jen ora palsu, - ora lija kedjaba mung w e w a j a n g a n e (terugkaatsing) djiwane dewe, kang ditonton dening rasa djati, mulane ana kang ngarani, m a j a n g g a s e t a (wewajangan putih), dadi terang jen dudu Pangeran (,,Kuntji Swarga” III : 27).

Pengalamane kang mengkono iku padane kaja nalika Nabi Musa a.s ana ing tempurane segara loro. Fawadjadaa `abdan min

`ibadinaa atainahu rahmatan min `indinaa wa `allamahu min laduuna `ilman (Al Kahfi : 65 = ketemu kawulaning Allah kang wis

antuk nugraha lan kawulang ngelmu linuhung dening pandjenengane),

jaiku kang lumrahe didjejuluki N a b i H i d l i r, emane ora ana kang njritakake wernining pasurjane. Dene jen ing tjrita pedalangan, pengalaman mau kaja nalikane Aria Bratasena ana satengahing samodra ketemu karo D e w a R u t j i, kang pada wedanane tjeples kaja Arya Bratasena.

25. MITRA

Aduh, kangmas sedulurku dewe! Aku saiki ngerti, jen wirid kang pandjenengan paringake aku iki sanjata ora ana kang ngluwihi duwure, amarga aku tau krungu : djare duwur-duwuring gegajuhan iku ija kaja pengalamane Arja Sena iku mau. Mangka miturut ngendika pandjenengan : iku durung tekan.

25. DARMA

Ija ta di, nanging kita adja fanatiek. Jen ana wedaran ngelmu saka sapa bae, ija prayoga ditimbang lan dilimbang, bokmenawa djelase lan matone ngluwihi wirid iki.

Jen ngelmu iku diukur saka ,,gegajuhane”, amesti ora pada panemune, djer sidji-sidjining wong iku beda-beda kang ginajuh. Nanging jeng pengukure iku wewaton wis tekan apa durung, tak kira ora ana panemu werna-werna. Dene kang diarani ,,tekan” iku ora lija kedjaba ……….. inna lillahi wa inna ilaihi radji`uun (satuhune asal saka

(39)

Hla iku, di, jen Pangerane wong sadjagad iku tak upamakake segara, pepindane manungsa iki, retja ujah (Hjang Suksma kang kuwaos tanpa piranti) dibuntel ing kapas (djiwa = badan alus kang mawa piranti rasa djati), bandjur dilapisi ing malam (badan wadag dalah pirantine indrija 5 lan lija-lijane), dadi arupa retja malam, kang tansah katut ombaking samodra, nanging ora ketambasan banjuning segara.

Dene pengalaman kang kaja Aria Bratasena iku, pepindane si retja malam ing waktu iku : nisihake malame, dadi arupa retja kapas, kang bandjur bisa nesep banjuning segara. Mulane katembungake ngantjik tataran kakekat (haqiqat), djer uwis bisa njatakake utawa uwis weruh ing njata (haqq) : panesepe banju segara ing retja kapas, jaiku wewadining urip (Ing pedalanan kasebut ,,banju sutji”). Balik si retja ujah, rak durung bali asal, ta?

Mungguh nabi Hidlir tumrape Nabi Musa, utawa Dewa Rutji tumrape Arja Sena, iku uga sok katembungake G u r u S e d j a t i. Kasebut ing quran nabi hidlir kang kasinungan ngelmu linuhung (ladunna `ilman) iku akeh wewulangane marang nabi Musa a.s, mengkono uga ing tjrita pedalangan : Arja Sena uga diwedjang dening Dewa Rutji. Hla iku sampejan mangertosa, iki perkara penting temenan.

Wudjuda apa bae, jen medjang temenan kaja pamedjange A marang B, iku genah asal saka ndjaba. Senadjan katon kaja rupane dewe, ija palsu. Kang diwedjangake mesti mung bangsaning kaluwihan utawa i`tiqaad kang sasar.

Dene kang ora palsu : ora nganggo memedjang mengkono iku, djer kang katon kaja rupane dewe iku ora ora lija mung terugkaatsing bae. Anggone katjritakake mulang (medjang) ana ing Quran utawa ana ing pedalangan iku, djalaran kang ngantjik tataran kono iku akibate kaja oleh wedjangan werna-werna, luwih-luwih babagan ke-Tuhanan. Tekan samene wedaran bab tauhid : t a m a t, ganti wedaran bab Ma`rifat.

(40)

IV. WEDARAN BAB MA’RIFAT

26. MITRA

Ija mas tak tilingne temenan. Nanging aku kepengin gerti disik kang sadjelas-djelase ngendika pandjenengan kang keri dewe iki mau.

Aku tau krungu, djarene : ing kitab-kitab agama iku pada njeritakake bab kawulaning pangeran kang aran malaekat D j i b r i l, sok diutus peparing dedawuhan marana para Rasul lan marang para Nabi. Mangka pandjenengan mau ngendika : wudjuda apa bae kang asale saka njaba iku, wedjangane mesti mung bangsane kaluwihan utawa i’tiqaad kang sasar. Hla iku genahe keprije mas?

26. DARMA

Soal iku mau patjen sulit, di tegese sulit iku, dene ora sadengah bisa tampa. Hla sebabe ora tampa iku ora merga apa-apa, mung djalaran pada nganggo taqlidul ‘aqli, tegese akal pikirane pada kaling-kalingan. Gegambaran miturut pijandele kang nut grubjug. Dadi: jen sampejan ngrasakake djelase soal iku mau, ora liya sarate kudu nisihake disik gegambaran lan pijandel-pijandel mau. Ana dene djelase mengkene:

Jen ana kang nduweni penganggep : malaekat Djibril iku sawidjining kawulaning pangeran kang sok maringake dawuh marang para Nabi kang sugenge ora nunggal sak djaman, serta bola-bali ja mung sidji iku kang diutus, iku penganggep kang kliru, di! Jen nduwe penganggep mengkono turute mesti ija duwe penganggep, jen Pangerane wong sedjagad iku kaja kepalane markas agung, kang kagungan ,,koerier” (djuru diutus) sidji bae, ora solan salin; turute maneh banjur nggambarake tekane utusan iku saka kana-kana (ndjaba). Hla mangka senjatane ora mengkono.

Tjeritane Hadiets Mi’raj: nalika malaekat Djibril diutus Pangeran nimbali Nabi Muhammad s.a.w. kang uga bandjur ngirid tindake, bareng meh tekan pangajunaning Pangeran, utusan mau kepeksa

Referensi

Dokumen terkait

Kesimpulan dari penelitian ini yaitu: 1) Ketuntasan belajar peserta didik pada siklus I menunjukkan bahwa peserta didik yang tuntas sebanyak 31 orang

Pembelajaran Learning Cycle 7E berbasis inkuiri merupakan pembelajaran matematika yang menggunakan tahap-tahap model pembelajaran Learning Cycle 7E dengan berdasarkan pada

Sebagai bagian dari membangun hubungan, pelaku melakukan penyesuaian perilaku dan gaya berkomunikasi sehingga membuat korban nyaman berbicara dengan pelaku. Selain

Semakin tinggi konsentrasi Na-CMC yang ditambahkan maka semakin tinggi pula overrun es krim sari biji nangka yang dihasilkan namun overrun es krim sari biji

Kata kunci: Risiko saham perbankan, book value equity to total asset (EQTA) , non performing loan (NPL) , liquid asset to total asset (LIQATA), standard deviation of ROA

Abstrak. Penelitian ini dilaksanakan dengan tujun untuk mengetahui pengaruh Pengaruh Profesionalisme Guru, Diklat, dan Prestasi guru terhadap Kualitas Pendidikan di Sekbin 3

Dengan adanya sistem informasi administrasi kependudukan ini, proses pelayanan kepada publik akan meningkat baik dari segi waktu maupun kualitas pelayanan itu

Selain rilis kinerja 2Q17 dari berbagai perusahaan, sentimen yang penting pada pekan ini adalah rilis data inflasi Juli dan pertumbuhan ekonomi 2Q17..