KIDUNG KURUKSETRA
Swasana samaptaning yuda kang gumuruh ing madyaning
Kuruksetra ginambar wontening Perangan Kapisan inggih punika Kurawa lan Pandhawa kekalihipun kadang tunggal wredha ananging samya memungsuhan. Kekalihipun anggadhahi senopati kang prakosa asikep gegaman lan piandel ingkang ngedab-edabi. Risang Arjuna haniti priksa wadyabala kalayan Risang Kresna kang pinatah minangka kusiring rata lan lakuning urip. Dumadakan Sang Arjuna rumaos kejot wontenipun wewayangan tumpesing wangsa Barata, wangsa lan pepundhene dhewe. Raganya rinasa ngalumpruk, manahnya geter lan giris, ing pangangen-angen tuwuh gegambaran leburing wewangunan, tatanan lair lan batin kang karana dumadining perang iki. Arjuna tan kepingin tandhing yuda mateni sanak kadange dhewe amarga dadi mungsuhe. Ora karana wedi nanging rumangsa sedhih lan dosa. Arjuna kudu milih ing panggonan kang angel, antarane panalangsa lan panandhang.
Pangadikane Dhestrarastra :
1.
//Ing pal agan T egal Kur uk set r a / samapt a yuda anak -anakk u
l an Anak Pandhu / apa k ang bak al den l ak oni / he.. Sanjaya/
cr i t ak na mar i ngsun//
Kuruksetra yaiku jagading manungsa, ya kayadene wadhaging manungsa, yaiku uriping manungsa, ing kono sipat ala lan becik tansah rebut papan lan nguasani sakabehe. Pancen urip iku perang, perang antarane kabecikan lan kawicaksanan lawan kanisthan lan angkara. Gegambarane Kurawa dipapanake ing papan kang ala lan salah, ewadene Pandhawa didunungake ing panggonan kang becik lan bener. Mula saka iku Kuruksetra uga diarani Dharmaksetra, yaiku panggonan ing kono bab kang bener lan kawicaksanan utawa Dharma kang langgeng iku kudu ditohi minangka laku lair lan batin.
Ature Sanjaya :
2.
//Kawul a ngawuni ngani wadyabal a Pandhawa / si aga madeg
yuda i ng madayaning r ananggana / dene, Dur yudana mr epegi
Gur u Dr ona / nul i humat ur //:
Duryudana :
4.
//Ing r i k u War ast r at ama ugi / sami k al i an Bi ma l an Ar juna /
Yuyudana, Wi r at ha l an Dr upada /, sadaya sami pr ak osa//
5.
//Ugi Dr est ak et u Cek i t ana / l an Raja Nagr i Kashi k ang
pr ak osa / Pur uji t sar t a Kunt hi boja / saha Sai bi a Bant hengi ng
manungsa//.
6.
//Lan ugi Yudamani u k ang pi dek sa / Ut t amauja k ang gagah
pr ak osa / put r a-put r a Subadr adewi l an Dr aupadi / sadaya
sat r i a gung.
Maharaja Dhestrarastra kang wuta uga digambarake kayadene wong wuta ing bebener, ora bisa mbedakake ala lan becik, bener saha luput. Lumrahe kang kasenggol digunakake, ora mengerteni sapa sejatine kang becik lan luwih becik, rumangsane kang caket iku bener sakabehe. Kanthi kahanan mangkono iku dheweke ora bisa ndulu babar pisan, mula ora bisa mrentah kayadene ratu. Ing kono kraton diprentah dening Duryudana sasuwene Anak-anak Pandhu ana ing pasetran, kanggo nggenepi prajanjen kang wus den putusake. Hananging Duryudana ora gelem menehake kraton kang kudune dadi darbeke Putra Pandhu, ya Pandhawa, kang miturut prajanjen kawuri. Pokale Duryudana iku dadya mulabukaning Perang Agung Trah Bharata, ya Bharatayuda.
7.
//Sal ajengi pun k awuni ngana duh Bapa Gur u / Pandhi ta
i ngk ang t uhu wi cak sana / para Manggal ani ng yuda i ng
bar i san k i t a / k agem paduk a k awul a sebat ak en par a-par a//:
8.
//Sepi ndah paduk a Bapa Gur u, lajeng Bi sma / Kar na t uwi n
Kr i pa, sadaya t ansah jaya / sar t a Aswat t ama l an Wi k ar na /
ugi Somadat t aput r a//
9.
//Wont en mal i h sat r i ya-sat r i ya pr awi r a / t oh ji wa t oh nyawa
l el abet mr i ng k ul a / hanyangk i ng sanjat a manek awar na /
sadaya sudi r a i ng r ananggana//
Sapisan, Jaran awujud Cahya Ireng iku nggambarake Sipat Angangsa,
nuwuhake luwe lan salit saha ngantuk. Dununge ana ing weteng, dalane ing tutuk.Kapindho,
Jaran awujud Cahya Abang iku nggambarake Sipat Brangasan, nuwuhake kamurkan, iri lan nesu. Dununge ana ing Empedhu, dalane ing talingan.Katelu,
Jaran awujud Cahya Kuning iku nggambarake Sipat Birahi, nuwuhake kangen, pepenginan, rasa bungah. Dununge ana ing Limpa, dalane ing paningal.Kapat,
Jaran awujud Cahya Putih iku nggambarake Swasana Katentreman, nuwuhake watak loba ing kabecikan, kautaman lan kaluhuran. Den wujudake : pasa, tapa nganti lali marang kekuatane. Dununge ana ing Balung, dalane ing Grana.10.
//Mbot en k i nt enan k at hahi ng wadyabal a k i t a /, pun
pandhegani deni ng Bi sma / Andul u k at hahi ng wadya
k awuni ngan / Bar i sani pun Bi sma//
11.
//Jejeg angadeg jr oni ng bar i san / si r a, samapt aa i ng
br agada / mbel a Bi sma i k i / padha l an dr ajat i r a//
Ature Sanjaya :
12.
//Mur i h nuwuhk en t ek ad / Sat r i a Kur u, Eyang Bi sma / sr u
ni up Sangk al a Cangk ange / gumur uh k adya Si nga ngger eng//
13.
//Sangk al a, T ambur l an Pung-pung / Bendhe sar t a sul i ng
sungu / ngumandhang sesar enga / umyung gawe gi r i s//
14.
//Wus madeg sangi nggi l i ng r at a / abyor si ner et T ur angga
Set a k ali h / Kr esna l an Ar juna ugi / samya ni up Sangk al a
jaya//
den merekake, yen wus pesthine bakal teka dhewe, yen durung pesthine dioyaka ora bakal kecekel. Ora usah nggege mangsa, menawa wus wancine... sapa kang bisa selak ? Pecut dadi panjurung ing laku, uga dadi tandha lan ngelingake manawa lakuning urip ora lumaku ing dalaning bebener.
15.
//Sangk al a Pancajani a pun kumandhangk en Kr esna /
Sangk al a Dewadat t a deni ng Ar juna / saha Bi masena k ang
gal ak k adya Asu-ajag / ni up sangk al a, ar an Paundr a//
16.
//Yudhi st i r a r aja, put r a Kunt hi dewi / ni up sangk al a, nama
Anant awi jaya / Nak ul a l an Sahadewa, sangk al anya /
Sughosha l an Mani pushpak au//
17.
//Kashi r aja, War ast r at ama manggal a / Si k handhi ugi
mahar at hah / Dr est hajumna l an Wi r at ha / saha Sat iak i kang
t an k at andhi ngan//
18.
//Dr upada saha put r a-put r a Dr aupadi / l an Subadr a put r a,
asanjat a mahasak t i / duh, r at u gust i k ul a pangar epi ng nagr i
/ sangk i ng sadaya k ebl at samya h ani up sangk al a//
19.
//Swar a ngumandhang gumr anggang / ngebek i ak asa l an
bawana / ngget er k en manah / put r a-put r a Dr est ar ast r a//
Gumuruh swaraning bendhe-beri, gong, kendhang, tambur,
suling sungu saha sangkala, mratandhani prang den wiwiti. Ing barisan Kaurawa, hamung Bisma kang haniup sangkala, dene ing laskar Pandhawa, lelimane haniup sangkala lan uga Kresna. Dene Sangkala iku minangka pambrongot jiwaning prajurit lan minangka tengara siaganing prang.
Sangkala Sankham, kagungane Bisma, ginawe saka cangkang. Sangkala Pancajania, tegese pamekak pancadriya, kagungane Kresna, digawe saka bebalung yaksa samudra. Sangkala Dewadatta, tegese nugrahaning dewa, kagungane Arjuna, wujude cangkang. Sangkala Paundra, tegese roh Bhatara Siwa, kagungane Wrekudara. Sangkala Anantawijaya, tegese kajayan kang langgeng, kagungane Yudhistira. Sangkala Sugosa, tegese swara ngrangin, kagungane Nakula. Sangkala Manipuspaka, tegese sekar mutiara, kagungane Sahadewa.
tangis. Wusananing urip, praptaning ajal kapaes kanthi eseming lathi tumrap manungsa kang buntas kewajibane urip.
Jabang bayi linair ing bumi kanthi anggawa tangis, amarga nyumurupi manawa dheweke katemben nilarake alam langgeng lan kudu miwiti urip ing alam maya. Kamangka, ing alam langgeng kahanane sarwa ajeg, kalis ing sipat owah gingsir lan kasirnan. Ing kono, ora ana sayah, ora ana luwe, ora ana rusak, ora ana sedhih, ora ana lara, ora ana pati. Dene ing alam maya ya ing donya iki, kang langgeng hamung siji yaiku "sipat owah gingsir" iku dhewe.
Isining donya hamung sarwa semu, kang pinter bisa lali, kang digdaya bisa lena, kang dhuwur bisa kajlungup, lan kang urip kudu mati. Akeh-akehe manungsa padha lali marang kanyatan iki, satemah para manungsa tansah :
padha rebut bandha kang yektine bisa sirna,
padha rebut drajad kang wusanane kudu seleh,
padha rebut menang kang pepuntone kudu mati.Yen keturutan kang dadi karepe bakal gumuyu, yen cabar panjangkane bakal nangis.
Mula eling-denelinga wasitane para sepuh :
Tumindaka sakarepmu, sejatine sira bakal ngundhuh wohing
pakarti,
Tresnanana kang siro karepake, sejatine kudu pepisahan,
Uripa sakarepmu, sejatine sira bakal mati.Manungsa kang lali ing kene, tegese lali marang sangkan lan paraning dumadi. Dheweke saka jagad liya, parane marang jagad liya, ing donya iki hamung makarya lan tumindak saperlu ngudi sanguning urip ing alam kalanggengan.
Tumrap manungsa kang eling, yektine urip ing alam maya iki hamung ngenteni kumandhange sangkala kang kapindho, yaiku tengara akhiring alam maya lan uga pratandha wiwitaning alam langgeng. Manungsa kang mangkono, kanthi eseming lathi mungkasi ing donya kang hamung sagebyarring thathit bebasane. Dene, manungsa kang lali bakal kejot lan nembe emut manawa kudu tanggungjawab marang abeh amal kang den lakoni.
Arjuna minangka senapatining prang asikep panji kanthi lambang Hanuman sang Wanara Seta. Hanuman dadi pralambange Lelabuhan, Sucining manah, lan Kasudiran kang kudu sinandhang para satriya.
Mangkono swasana ing palagan, Yudhistira tumingal mring wadyabala Kaurawa kang tuhu birawa kapandhegan Bisma, satemah tuwuh rasa miris. Arjuna tanggap ing sasmita, sumengka mungkasi sandheyaning Yudhistira kanthi caos atur : "Kang njangka Kajayan datan kathah saged ngasoraken kanthi kasantosan lan agunging panguwaos
kalamun katandhingaken kalayan dayaning Bebener, Raos
pasedherekan, Welas asih lan Luhur budi. Kajayan badhe rinegem lamun Kresna sumandhing, karana Kresna minangka lambang Jejeging Adil lan Marganing Bebener".
Sawise matur kang mangkono, Arjuna age samapta gati sawega diri tumujweng palagan. Eling-eling Satriya iki, pantes sinudarsana satriya samya. Wus trep yen Arjuna nyandhang sipat Wirotama, Surengrana, Sudibya, Santika sarta Bawa Laksana.
Arjuna uga asring sinebut Bharata (trahing Bharata), Dananjaya (jaya ing bandha-donya), Gudhakesa (rikma ngandhan-andhan), Kunthiputra (putra Kunthidewi), Kurunandana (trahing wangsa Kuru), Mahabahu (asanjata sakti), Pandhawa (siji antarane lelima Pandhawa), Parantapa (kang ngasorake para satru), Parta (putra Pritadewi), lan uga Anagha (kang ora nyandhang luput), lan uga Bharatasaba, Bharatasattama, Bharatasresta, Janaka, Kuruprawira, Kurusattama, Kurusresta.
21.
//Lan, duh Gust i Hamangk u Bumi / mr i ng Kr esna, Ar juna
humat ur / At uri pun Ar juna / Lampahna r at a t umek eng madya
/ madyani ng bar i san l el or o, Kr esna!//
22.
//Amr i h sun bi sa nyumur upi / k ang samya si aga, k ader eng
campuh / k ang k udu sun adhepi samengk o / jr oni ng payudan
i k i //
23.
//Lan bi sa nyumur upi dhewe / k ang samya car ub wor ,
bebar i s i ng k ena / l i l a mat i mbel ani har dani ng nepsu / put r a
Dr est ar ast r a k ang asor budi //
angkara, ora mikirake raharjaning praja kepara nyengsarakake kawulane, kang dipikir mung seneng, weteng, deleng.
Kaku : ora kober ngrungu atur pemute wong liya.
Angkuh : rumangsa ora ana kang ngungkuli kuwasane kajaba awake dhewe.
Licik : ngakali wong liya mamrih menange dhewe. Loba : kepengin ngrengkuh samubarang kang kadulu. Sura : wani, ora duwe wedi.
Julig : wasis yen tumindak ala.
Brewu : mbebuwang bandha tanpa guna mung golek mareme dhewe.
Katelah Duryudana mengku teges Culika ing paprangan. Kurupati iku Ratune wangsa Kuru, dene Suyudana Sinuyudan karana asring weweh dana, sanadyan mung kanggo kasukan.
Duryudana minangka pangareping Kekuatan Angkara perang lawan para putra Pandhu. Lelorone minangka putra siswa Mahaguru Drona. Pandhawa minangka pralambang Kekuatan Luhur yaiku sipat wani, resiking ati, rasa narima, kang kabeh iku dadi watake Pandhawa.
Sejatine manungsa, nduweni Jiwa ing jro sanubari kang kagambarake laku jantrane Kresna, tansah nuntun marang dalaning bebener. Uga nyandhang Budi Luhur kang kagambarake pakartine Pandhawa. Sipat Angkara uga ora bisa sirna saka pribadine manungsa, kayadene patrape Duryudana sagotrah.
Wimbane Kaurawa lan Pandhawa iku minangka brayat dhewe, Sipat Angkara lan Budi Luhur iku lelorone tansah sasandhingan jro pribadine manungsa. Kaurawa iku satru mungguhing Pandhawa, tegese sipat ala iku kudu den asorake.
Ature Sanjaya :
24.
//Duh, Paduk a Rat u Gust i k ul a / mi r eng pamundhut i ng
Ar juna i ngk ang mak at en / Kr esna hamapanak en adi r at anya /
i ng madyani ng bar i san k ek al i h//
25.
//Ing
sangajengi ng
Bi sma
l an
Dr ona
/
l an
pr a
manggal at ama / Sabdani ng Kr esna : "Sawangen Ar juna / t r ah
Kur u car ub wor i ng k ana"//
27.
//Lan Kunt hi put r a ugi andul u / par a mar asepuh, k
anca-r owang / sadaya sanak -k adang jejeg humadeg / janca-r oni ng
bar i san k ek al i h//
28.
//Kant hi agengi ng r aos panal angsa / r aos duhk i t a k awi yos
i ng l esan / At ur i pun Ar juna / Ndul u sanak -k adang, duh
Kr esna / bebar i s si aga magut yuda//
29.
//Kr asa pepes ot ot -bebayuk u / k r asa k ak u l at hik u / gumet er
sar anduni ng badank u / l an mr i nding gi t hok k u//
30.
//Gandhewa l ol os sak a ast ak u / l an k ul it k u k r asa panas
sumel et / i ngsun t an k uwawa ngadeg maneh / l an manahk u
pet eng l el i mengan//
31.
//Ingsun andul u pr at andha al a / duh Kr esna, t an ana
beci k e / ak u mer jaya sanak -k adang / jr oni ng papr angan
samengk o//
Arjuna sigra tumingal marang siji-sijine sanak-kadang, uga para guru humadeg ngaglah siaga tetandhingan. Rasa rangu-rangu wiwit tuwuh jroning ati. Ranguning tyas sangsaya gedhe, amarga sanak-kadange kabeh mapan ing lelorone bebarisan kang bakal tetandhingan, Kaurawa iku kadang tungal wredha lan Pandhawa iku tunggal Bapa.
Tan kuwawa Arjuna meper rasane dhewe, kasangsayan wus nguwasani jiwa lan ragane. Rangu-rangu, was sumelang, sedhih lan sonya campur bawur dadi siji, satemah marbawani Sang Apekik kendel kadya reca. Sejatine, jro kahanan kang kaya mangkono iku dadi margane bisa wruh Karsane Kang Mahakuwasa.
32.
//Ingsun or a k epengi n menang / uga or a k r at on or a
k amul yan, Kr esna / apa paedahe k r at on l an k amul yan / l an
ur i p i k i si san, duh Gowi ndha?//
Arjuna datan nyumurupi prakara kang luwih prayoga katimbang tumindak mrajaya sanak-kadange dhewe. Dheweke arsa ngluwari dhiri saka kamulyan lan endahing kadonyan.
aluwaran ing yuda iku dudu patrap satriya. Kanan ya Luput, Kering ya Kliru.
Luwih prayoga nora menangi Bharata Yuda, mangkono pamawase Arjuna. Amarga, rebut menang ing antarane Kaurawa lan Pandhawa kanggo mburu kamulyan lan kadonyan kanthi sesinglon mBelani Raharjaning Praja lan Kamulyaning Kawula. Nanging nyatane ... Yen menang, kang bisa ngrasa kamulyan hamung para satriya. Jaya utawa asor, padha bae tumrap kawula hamung kasangsaran kang sinandhang. Mangkono mungguh panganggepe Arjuna marang kejeme perang, sanadyan pamawas mangkono iku nora kudu bener sawutuhe.
33.
//Padha k anggo sapa den samya r ebut k e / k r at on,
k amul yan l an sesuk an / ana i ng k ene samapt a i ng pr ang /
ngor banak e ji wa l an bandhane//
34.
//Gur u, bapa, pr a at maja / l an eyang, paman uga / l an
pr i pean, put u, mar at uwa / l an sanak -k adang l i yane//
Janma kang wruh marang kawajibane urip kudu nindakake Pancadarma :
1. Bekti mring Pengeran Kang Maha Agung,
Amarga Panjenengane maha peparing, sabarang titah asale sakaPengeran, bali marang Pengeran.
Catur Sembah minangka wujud bektine : Sembah Raga,Sembah Cipta, Sembah Jiwa lan Sembah Rasa.
2. Bekti marang Bapa-biyung,
Amarga Bapa-biyung minangka lantaran uripe manungsa ingdonya, uga kang nggulawenthah, sarta Guru Kapisan.
Wujud bektine : Mikul dhuwur - Mendhem jero.Mikul Dhuwur, tegese nindakake kang dadi pituduh lan wasiat, sarta njaga asmane wong tuwa.
Mendhem jero, tegese anak kudu bisa nyimpen wewadi.
3. Bekti marang Maratuwa,
Amarga Dheweke minangka lantarane manungsa bisa ngrasaswarganing donya.
Wujud bektine : tan prabeda bekti marang Bapa-biyung.4. Bekti marang Guru,
Amarga Guru kang maringi pituduh, satemah kang ora wruhdadi wruh, ora bisa dadi bisa, bodho dadi pinter.
Bekti bisa den wujudake, kanthi nuladhani kang dadi pakartine,nindakake amanate, nyingkiri wewalere, ngamalke ngelmune.
Amarga panjenengane dadi sulihing Bapa-biyung, papane sambat lan sebut yen Bapa-biyung wus nora sembada.
Bektine : nyambung tali paseduluran, bantu-binantu ingsadhengah bot-kerepotan.
35.
//Ak u or a nedya numpes dhewek e / sanadyan dhewek e
mat eni ak u, duh Kr esna / nadyan k anggo t et el uni ng jagad /
apa maneh mung mbut uhi mayapada i k i //
36.
//Sawi se numpes put r a Dr est ar ast r a / k amul yan endi k ang
bi sa r i nasa? / Janar dana, hamung dosa / yen mr ajaya si
dur ak a i k i //
37.
//T an pat ut mungguh k i t a / mr ajaya k adang, put r a
Dr est ar ast r a / wus t r ep, k epr i ye k i t a bak al mul ya / sawi se
numpes br ayat e dhewe, duh Madawa?//
38.
//Sanadyan mungguhi ng dhewek e / k ang ji wane gi nubel
si pat l oba / t an wr uh dosa mr ajaya k ul awar ga / t an nger t i
k i yanat numpes r owang//
39.
//Genea k i t a or a el i ng / dosa k ang mangk ono i k u, duh
Kr esna / El i ng mar ang k al i mput an / numpes k
adang-k ul awar ga pr i badi //
Tetep puguh pangrasane Arjuna. Sanadyan Kaurawa wuta ing bebener amarga jiwane kasaput ing nepsu loba, nanging mrajaya Kaurawa iku dosa. Karana, Kaurawa kang reged jiwane diprajaya dening Pandhawa kang resik jiwane, ya ing kene papane Dosa.
40.
//Manawa k ul awar ga wus ajur / l an wus l ebur pauger an
l uhur / jeji bahan l an wewal er i ng k ul awar ga / den k uwasani
dur angk ar a ngambr a-ambr a//
Titah urip iku ana kang nguripake, mungkasi uriping titah iku wasesaning Pengeran. Sabarang kang urip iku wus kinanthen rejeki, pakarti, panyandhang, laku lan pituwasing kardi. Pakartine titah, wujud pakarti luhur lan ala iku kanggo nggenepi Jangkaning Jagad.
Cilik mateni semut, gedhene mrajaya manungsa iku ora ana utamane, kajaba hamung dosa pikolehe. Prastawa paten-pinaten iku kudu ana lamun kanthi dhedhasar nggenepi Jangka iku mau. Cethane mangkene : Mrajaya titah kanggo mamrih jejeging Bebener iku pakarti luhur, nanging mateni wong manawa hamung nuruti hardaning nepsu iku angkaramurka.
Arjuna ora gelem numpes Kaurawa manawa hamung pengin oleh kamulyan kang wujude negara lan panguwasa. Ing kene Arjuna datan trep mapanake pakarti mateni utawa numpes Kaurawa, Bener nanging durung Pener. Arjuna mapanake pakarti iki ing wujude "mateni kadang dhewe", kang kudune den papanake wujude "mbengkas angkaramurka". Ya ing kono, pacoban kang awrat iku dumadi manawa nyirnakake brayate dhewe. Kayadene manungsa kang jaya manawa merangi satru, nanging tanpadaya lamun kudu perang lawan nepsune dhewe.
Arjuna minangka jejering satriya, kudu bisa nyirnakake rasa asih mring satru, amarga pakarti "numpes Kaurawa" iku dadi kawajibane Sang Satriya muhung njangkepi darmaning satriya, mbengkas angkaramurka lan mbelani jejeging adil.
Akehe manungsa nuladhani pakartine Arjuna kanthi mapanake ing panggonnan kang luput. Anteng jatmika yen nyumurupi ngambra-ambrane durangkara lan leburing paugeran luhur, nanging bakal cancut-gumregut manawa kanggo mbutuhi dhiri priyangga. Tega mrajaya kadang yen lagi rebut warisan, njlomprongake rowang yen lagi golek aran, ora isin laku culika yen mbelani kamulyan semu, lali suba-sita yen lagi nguber mareming nepsu. Remeh temen patrapmu he manungsa ..., Sejatine, sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada. Yitna yuwana lena kena, tansah kinanthi ing saben pakarti.
Tan ana kamulyan kang dumadi kanthi bebanten kulawarga dhewe, ora ana Mulya ancik-ancik sangsaraning liyan, kepara nistha. Ora ana Butrawali kang manis rasane sanadyan digangsa legen sawindu.
41.
//Yen dur angk ar a wus k uwasa / duh Kr esna, wani t a i l ang
wi r ange / l an manawa wus mangkono wani t a / duh War sneya,
sudr a-br ahmana t an pr abeda//
Durangkara wus ngambra-ambra, nemahi sirna wirange wanita. Wanita jarwane Wani Ditata. Manawa Wanita wus ilang wirange, tegese Wanita wus nyimpang saka kodrat kawanitane. Kang wajibe kudu mranata bale wisma lan momong para putra wus tinilar. Samengko ing jaman edan, wujuding wanita tan luwih aji timbang barang, barang kang kanggo rinasa nikmate, disawang kaendahane, kasade marang kang mbutuhake. Amarga kang biyene Wadi, saiki ora den aling-alingi, kapara den pamerake ing papan kang ora samesthine. Swarganing manungsa aneng ngandhap ing suku wanita, wus ora trep maneh. Martabat Ibu kang minangka Guru Kapisan mungguhing manungsa wus sirna. Wasitane para Winasis, Jejeg lan enggoking bebrayan agung iku gumantung ana wanita. Manawa Wanita wus ora jejeg maneh, banjur kepriye bebrayan agung bisa jejeg ?
Ya mangkono iku kahanane Jaman Edan. Swasana jro Kala Bendu, Pituduh ora digugu, Tuladha wus ora ditiru, Kang ura dianggep maju, Candu padha diluru, Pra mudha lirwa sinau, Kang bener dianggep kliru, Kang salah bisa gumuyu, Kabeh marga dadi lunyu, Kang lena bakal kesluru.
Mobah-mosiking kahanan ora bisa den simpangi, mengko yen tumeka titi wanci, akhiring Kala Bendhu puniki, Kala Suba kang gumanti. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.
Sudra-Brahmana iku trap-trapaning catur kasta, kang jangkepe ana Brahmana, Ksatriya, Waisia lan Sudra. Kasta ing kene kanggo milah-milaha jejibahane wong roning bebrayan gung. Pamilahe jejibahan ing bebrayan agung uga bisa kaperang mangkene : Ulama Teguh Kang Kapitayan; Pamong Praja Kang Adil; Sodagar Kang Jujur; Wong Mudha Kang Tekun ing Karya. Manawa patang perangan iku bisa lumaku kanthi bebarengan, kanthi idin Kang Maha Kuwasa bakal bisa kajangka Tata Kaprajan lan Gesang Bebrayan kang Tata Tentrem Kerta Raharja, Gemah Ripah Loh Jinawi.
42.
//Runt uhi ng budi i k i anggawa / br ayat l an par a jagal e
mar i ng nar ak a / suk smani ng l el uhur t i ba l ar a / k abeh donga,
banyu l an boga t an ana maneh //
43.
//Dosa l an l ebur i ng t r ah i k i / andadek ak e r ubuhi ng
bebr ayan gung / adat k el uar ga l an k huk um k ast a / ajur
-mumur t i ni ndhes dur angk ar a//
44.
//Ki t a k abeh wus manger t eni / duh Janar dana, papan
t umr ap manungsa / k ang budaya l an pauger ane r i nusak /
yai k u i ng nar ak a yek t i //
45.
//Oh, sepi r a gedhe dosane / hangr encana mat eni k
adang-br ayat e dhewe / hamung k ar ana r asa pengi n nguwasani /
mel i k k edat on l an k amul yan//
46.
//Mungguh i ngsun l uwi h pr ayoga manawa / Kaur awa
k ant hi asi k ep gegaman / k at amakna mar engsun i ng payudan
/ i ngsun dat anpa sanjat a, pasr ah// [1]
Ature Sanjaya :
47.
//Sa sampuni pun pr at el a mak at en / Ar juna ngal umpr uk i ng
sa
ngi nggi l i ng
r at a
/
gandhewa
saha
jempar i ng
k adhawahak en / k ant hi r aos duhk i t a bot en k ant enan//
Wus kacarita ing ngarep manawa Arjuna tansah rangu-rangu jumangkah prang karana jiwa kasatriyane lan dosa kang bakal sinangga. Mangkono iku minangka gegambaran sejatine polahing jiwa manungsa kang ngancik sangareping kori tumuju tataran batin kang luwih dhuwur.
Arjuna mbeguguk ngutha waton nora gelem maju perang, hananging Sri Kresna tansah nglelipur uga ora mbenerake manawa dheweke sedhih lan mangu-mangu manahe.
Ing kene Kresna njlentrehake manawa kang wus Wruh ora bakal sedhih ing pati, urip apadene..., sabab manungsa mesthi mati. Ing paprangan kang mati hamung wadhage nanging satemene jiwa iku datan sirna. Kang Wruh, sejatine nora mateni sapa bae. Wajibe satriya iku njejegake Bebener, ngundhuh kamenangan ing donya iki lan kabagyan ing mbesuke, lan perang ing madyaning yuda iku ora agawe dosa. Kelangan Kasatriyane luwih asor tinimbang pati.
1.
//Dumat eng Ar juna, k ang k er em i ng r aos wel as asi h / k ant hi
soca
ak ek em beng
waspa
/
l an
r i nuji t
manahnya
/
Madhusudana mi car a mak at en//
Sabdane Sri Baghawan :
2.
//Sak a ngendi t ek ane sedhi h l an ngl ok r o / i ng k ahanan k aya
mangk ene i k i / pat r ap dudu kaya sat r i ya / t an l uhur lan
ngl el i ngsemi , oh Ar juna//
Arjuna maksih duwe rasa welas marang kadang-brayate yaiku Kaurawa kang bakal den adhepi. Rasa welas kang mangkono iku nora trep kalayan sipating satriya, sipate Wangsa Arya. Kamangka Wangsa Arya iku tansah nyandhang sipat wani, teguh, agung lan luhur pakartine. Nadyan wujude kadang, yektine Kaurawa iku satru kang hambeg budi candhala lan kudu sirna.
3.
//Aja den umbar k asangsayani r a / k ang mangk ono i k u dudu
wat ak Ar juna / si si hna r asa nglok r o l an mi r i s i k u / gya
bangk i t oh sat r i ya pr awi r a//
Arjuna ambantah :
4.
//Nangi ng k edah k ados pundi kul a, Madhusudana / saged
mr awasa Bi sma saha Dr ona / k ant hi war ast r a i ng payudan /
mangk a pi yambak i pun pat ut k ula pepundhi , Ar i sudana//
5.
//Ing jagad puni k a, k al angk ung sae gesang ni st ha /
k at i mbang mejahi par a gur udi bya / nadyan k ebl i nger nangi ng
t et ep gur u k ul a / mr ajaya pi yambak i pun sami kal ayan gesang
adus get i h//
6.
//Kawul a mangu-mangu, pundi k al angk ung sae / numpes
pi yambak i pun
punapa
k ul a
kat al i kung
/
par a
put r a
Dr est ar ast r a k ang k i t a k edah per jaya / l an mbot en pant es
ur i p, sampun angadhang //
7.
//Sempl e manah k ul a, put hek pami k i r k ul a / babagan
jeji bahan, k ul a nyuwun pi t edah paduk a / k awedhar na mr i ng
k ul a k ant hi gambl ang pundi k alangk ung sae / k ul a si swa
paduk a, i ng paduk a k ul a dhedhepe, k awedhar ana k ul a//
k awul a r egem k awi r yan l an panguwaos / dat an pepi ndha
sar t a wasesani ng k ahyangan//
Arjuna nora bisa nglakoni urip mulya manawa kudu adus getih, jalaran urip kang mangkono iku sejatine kanisthan, kasangsaran, angkara lan nerak jejeging adil. Arjuna ora mung nglokro, was-sumelang lan mangu-mangu nanging uga nyadhong pituduhe Sang Gurusuci. Amarga hamung Kresna kang bisa paring pepadhang, lan uga bebener murih bisane ndulu endi bener lan endi luput.
Ature Sanjaya :
9.
//Sasampuni pun pr at el a dhumateng Kr esna / Gudhak esa
angucap mr i ng Gowi ndha / "Kul a t an badhe magut yuda" /
nul i k endel sal ak sa k at a//
10.
//Jr o swasana k ar ant a-r ant a / i ng madyani ng bar i san
k ek al i h, duh Bharat a /, si nar t an esemi ng l at hi Hr i si k esa /
pi t ut ur mak at en//
Kresna uga asring katelah Aciuta (kang nora kengguh), Arisudana (tansah unggul ing yuda), Gowinda (pamomong, cahyaning cipta ), Hrisikesa (kang murba pancadriya), Janardana (tameng munggweng janma ), Kesawa (arikma ngandhan-andhan), Madawa (Garwane Laksmi Dewi), Madusudana (kang mbesmi Yaksa Madu), Mahabahu (asanjata sekti), Warsneya (trah Wangsa Wrisni), Wasudewa (putra Wasudewa), Wisnu (titisane Bathara Wisnu), Yadawa (trahing Wangsa Yadu). Kajaba iku Kresna uga nduweni jejuluk: Hari, Harimurti, Kesinisudana, Mahayogi, Narayana, Purusotama, Sri Bhagawan, Yogeswara.
Kresna jejuluk Sri Bhagawan, piyambake kang medharake
Wewadining Jiwa, amarga Jiwa minangka bab kang siningit lan suci, ora sadhengah titah bisa wruh. Ing kene Kresna mengku karep supaya Arjuna bangkit kasatriyane, nuduhake marganing urip lan gya murwani karya minangka jejering satriya.
Sabdane Sri Bhagawan :
11.
//Si r a sedhi h t umr ap wangsa cul ik a / nangi ng si r a mi car a
budi pak er t i / Sang Luhur Budi k al i s i ng duhk i t a / ya t umr ap
sasama l an k ang sumar e//[1]
ateges sirna sipat asih marang sasama, nanging kapara kudu mangkono.
12.
//T an ana wek t u, k ang i ng k ono / i ngsun si r a l an par a r aja
i k i or a ana / l an t an bak al ana saat i ng k ono / anani ng ana
t an bak al pur na sanadyan sawi se ur i p i k i //
Ukara kang muni "ingsun, sira lan para raja" ing kene dudu sipat badan wadhag, nanging Jiwa (uga asring sinebut Jagad Alit) kang mapan jroning raga, minangka peranganing Jiwaning Jagad Gedhe.
Sejatine Jiwa iku titahing Pengeran kang linair ing alam langgeng, mula Jiwa kalebu "perangan sejatine ana", "Sejatine Ana" ora liya ya muhung Pengeran. Mula ing kene Jiwa katelah "perangan", lan kang "ana" iku ora bakal sirna. Dene raga iku cinipta ing jagad maya, ya kalebu ing perangan sejatine "ora ana", mula dheweke kudu nyandhang sipat owah gingsir lan pepuntone bakal sirna yen wus tekan mangsa kala, kalane pepisahan lan Jiwa.
13.
//Sawi se mapan i ng r aga i k i / wi wi t k uncung ngant i gel ung
/ t an wur ung ji wa mr i ng r aga l i ya mal umpat / Sang Luhur
Budi dat anpa k engguh//
14.
//Sesam bungan l an badan wadhag, oh Ar juna / nuwuhak e
adhem l an panas, suk a l an sangsaya / l an k abeh i k u t ek
a-l unga, dat an a-l anggeng / mua-l a sangganen, Kunt hi put r a//
Yektine rasa seneng lan sedih iku tuwuh lan subur amarga di openi lan den kulinakake dening raga. Nora tembung trep manawa manungsa kudu seneng kalamun lagi katurutan lan sedhih manawa lagi cabar kakarepane. Manungsa bisa darbe rasa anteng jatmika lan padha sampurnanya ngadhepi leloro prakara, amarga hamung rasa Kumingsun kang kaprabawan dening pakulinan iku. Kumingsun iki tansah makarti sasuwene jiwa kinunjara dening raga, lan gumantung marang kawruh lan pakartine jiwa iku dhewe. Kalamun Jiwa wus mardika, satemah wening ing cipta, lan bakal ngadhepi sakabehe (seneng lan sedhih, adhem lan panas) kanthi prasaja lan sampurna, amarga dheweke wruh manawa sabarang kang teka iku bakal lunga.
Urip langgeng iku nora padha kalayan kabeh titah ing jagad iki. Urip kang mangkono luwih luhur katimbang urip lan pati, ora nyandhang seneng lan sedhih, adhem lan panas, tan kaprabawan sadaya prastawa. Gesang langgeng iku wujude sampurnaning cipta tumuju manunggaling jiwa lan Jagad Ageng kang abadi.
16.
//Kang or a ana, or a bak al ana / kang wus ana, bak al ana
sal awase / Lel or one hamung bi sa den manger t eni / deni ng
manungsa k ang wr uh Sejat i ne Bebener //
17.
//Kawr uhana, k ang angl i mput i samudayane i k i / t angeh
r i nusak , t an ana k ang bi sa nyi r nak ak e / Sejat i ne, t an
k ajamah k asi r nan//
18.
//Badan wadhag - k ang madhahi / k ang l anggeng, t an
r i nusak / l an t an wi nat es - bak al musna / mul a t umandanga,
he Bhar at a//
Kang sinebut "Sejatine" utawa "Kang Sejati" ing kene tegese Jiwa, mula sinebut Sejatine amarga tan bisa den nalar kanthi kawruh kaprah, nanging nembe bisa dimangerteni kanthi Kawruh Sejati, ya Ngelmu Hakikat. Dene, Raga iku dudu wujud sejati nanging hamung
wewayangan, lan nora bisa gepok senggol kalayan sipat
kalanggengan apamaneh kudu manunggal. Raga mangkono cinipta saka anasir papat, lan Jiwa saka Nur. Nanging tumrap manungsa kang wruh marang jejibahan, ora jeneng aneh manawa Raganya nyandhang sipat langgeng.
Raga kataman rusak lan sirna, jiwa kalis sipat mangkono. Mula, padha makartia mumpung jagad maksih padhang lan raga durung sirna, amarga Jiwa bisa makarti uga migunakake titihan raga. Titi mangsa sirna raga, wus puput wektune makarti. Urip pindha mampir ngombe suwene.
19.
//Kang ngi r a Ji wa i k u bi sa gawe pepat i / l an k ang duwe
panyangk a yen Sejat i ne bi sa di pat eni / l el or one i k u cubl uk
sayek t i , amar ga / Kang Sejat i i k u k al i s sak a si pat mer jaya
l an pi ner jaya//
20.
//Kang Sejat i i k u or a l i nai r ak e l an mat i / yen wus ana or a
bak al or a ana / Sejat i ne or a li nai r ak e, l anggeng sal awase /
Kang Sejat i or a si r na sanadyan r aganya mat i //
21.
//Kang Wr uh, - Kang Sejat i dat an si r na / l anggeng, t anpa
l ai r , t anpa owah / Kepr i ye bi sane, he Par t a / mat eni l an
ngupaya pat i -Ne//
22.
//Kayadene si r a l uk ar busana / l an gant i bar ang k ang
anyar / mangk ono Ji wa ni nggal r aga l ama / l an i ng r aga
anyar humanji ng//
23.
//Kal i s l andheping gegaman / t an k ebr ongot i ng dahana /
t an gar i ng i ng sami r ana / t an t el es i ng war i h//
24.
//Kang Sejat i k ali s dayani ng gegaman / dahana, sami r ana
l an war i h / Sejati ne l anggeng, t an owah / t an gi ngsi r ,
panggah sal awase//
25.
//Ji wa wi nur si t a t an k ajamah / l epas jagadi ng pi k i r , or a
owah / Yen wr uh Sejat i ne mangk ono / mest hi ne sedhi h dat an
si nandhang//
Jiwa kalangkung luhur tinimbang sabarang anasir, langgeng lan tangeh dinalar. Jiwa datan murba lan kapurba dening pakarti, uga nora kaprabawan dening owah gingsiring pikir, urip lan raga. Kabeh wuwujudan bisa owah, teka lan lunga, nanging Jiwa tetep panggah salawase.
26.
//Manawa dadi pangi r amu mungguh / Ji wa t ansah l ai r l an
mat i / anangi ng, oh Sat r i ya asanjat a di bya / samest hi ne
haywa si r a nal angsa//
27.
//T umr ap k ang l ai r , pat i i k u wus pest hi / t umr ap k ang
mat i , l ai r i ku k udu / mangk ono i k u sayek t i ne or a bi sa den
sel ak i / mul a si r a dat an pant es nandhang r oga//
Nadyan pati tan bisa diendhani, nanging ora ateges kudu mbenerake dumadine rajapati, nganyut tuwuh lan paprangan. Janma tan bisa ngarep-arep petine manungsa kanthi wawaton manawa kabeh titah kudu mati. Tumrap Jiwa sampurna, nora bakal nggege mangsa jangkaning jagad.
28.
//T i t ah i k u i ng pur wane dat an katon / mung k at ongt on i ng
madya k al a / l an samar i ng wusanane / genea mest hi sedhi h,
he Bhar at a//
manungsa cilike mrabawani gedhene ngendhaleni Jiwa. Kang mangkono aja nganti dumadi.
29.
//Ana t i t ah wus andul u si pat Agung-Nya / ana k ang mi car a
Kawi bawan-Nya / l an uga hangr ungu Wi sesa-Nya / hanangi ng
nor a sawi ji k ang wus k r ungu manger t eni //
Nora kathah kang wruh, mireng lang micara babagan Jiwa, karana ora akeh kang rila laku jejeg ing kapitayan lan makarya tanpa pamrih. Akeh kang kepengin mgregem sejatining bebener, nanging dheweke nyandhang rangu lan miyur. Manawa kalis ing rarangu, keh-akehe samya mupus amarga awrating panyandhang jro lumaku ngudi sejatining bebener iku.
30.
//Kang mapan i ng sadhengah t it ah / nor a bak al bi sa
k aper jaya / Sak a i k u, oh Bhar at a, aja ngum bar wi yoga / i ng
pat i ne t i t ah si nga-si nga//
31.
//El i ng mr i ng k awaji bani r a / si r a aja ngant i mi r i s /
T umr api ng sat r i ya t anana k ang l uwi h mul ya / k ajaba
ngr ungk ebi jejegi ng adi l //
32.
//Mongk ogi ng par a sat r i ya, oh Par t a / pi ni ji l abuh nagar a /
t anpa den upaya ugi / k or i k aswar gan wus t i nar buk a//
33.
//Kal amun si r a dat an hangl ak oni / ngr ungk ebi jejegi ng adi l
mau / ni nggal k e k awaji ban l an k asat r i yanmu / mul a, dosa
gedhe t umr ap jeneng si r a//
Tetembungan "perang" lan "satriya" mengku karep lair lan batin. Perang njejegake bebener tata lair mbelani nusa, bangsa lan agama, uga minangka perang antarane ala lan becik. Sapa kang selak kanthi wawaton kiyanat, miyur lan jirih iku dosa.
Satriya mangkono nora hamung amarga manungsa linair satriya, nanging luwih katujokake marang "darmaning satriya" kang den wujudake ing sipat lan pakarti.
34.
//Kr i dhamu bak al dadi pocapane k awul a / l an t umr ape
janma k ang l i nuhung / k el angan k awi r yan i k u / l uwi h ni st ha
t i ni mbang pr al aya//
36.
//Ak eh pangundhamana mar ang si r a / deni ng par a sat r u /
ngal a-al a l an ngi na k ati asanmu / Apa ana k ang l uwi h
nyedhi hak e k at i mbang i k u//
37.
//Umpama t i was, si r a bak al manji ng swar gal ok a / ut awa
yen jaya, si r a bak al ngi sep maduni ng donya / Mul a agya
bangk i t , Kunt hi put r a / gel engna t ek ad, hamagut yuda//
38.
//Kant hi pi anggep suk a l an duhk it a / bat hi l an r ugi , jaya
l an asor , t an pr abeda / nul i maju acampuh pr ang / si r a t an
t umi ndak dosa//
39.
//Mangk ono pi wul ang Sank hya mri ng si r a / nuli pi ar sak na
pi wul ang Yoga / Manawa si r a sawega hanampa, he Par t a /
si r a bak al k al i s sak i ng pangi k et i ng k ar ma//
Sejatine Satriya jroning paprangan hamung sasangu tekad lan kapitayan, datan nggegadhang jaya, seneng, donya, panguwasa lan swarga. Manawa wus mangkono Satriya, seneng lan sedhih, jaya lan asor tan prabeda. Satriya bisa makarti ing kahanan singa-singa, kalis ing pangiketing kawajiban lan pangiketing panjangka.
40.
//Jr o pr ak ar a i k i t an ana musprani ng upaya / t an ana
sambek al a dat an pur na / nadyan set hi t hi k dhar ma i ki /
sat emah k al i s i ng r asa gi r i s//
41.
//Sant osani ng ci pt a, Kur unandana / t umuju mar ang
pangajab sajuga / Hanangi ng k ang mak si h k api r angu / megar
ambyar t anpa wusana//
42.
//T em bung ngayawar a l an samudana / k aucap par a
Sank uni / ngr asak ak e k ang si ner at i ng Ki t ab / l an pr at el a : "
or a ana l i ya k ajaba i k i !, he Ar juna//
43.
//Nepsu pr i badi l an k aswar gan dadi pangajabnya / bak al
l ai r ut ama mi nangk a k anugr ahan / Lan k ang weh pi t ut ur
yek t i / nedya ngupadi k amul yan jat i //
44.
//Kang ci pt ane mak si h k engguh / mar ang pepi ngi nan
k amul yan l an panguwasa / k i nunjar a pi wul ang kang
mangk ono / or a mant her , t an pat ut l ak u samadi //
Ner na budi mu mar ang k asucen yek t i / l uwar ana dhi r i mu sak a
wi sayane k adonyan, manunggal l an Ji wa//
Sakabehe isen-isen jagad iku darbe watak telung prakara kang sinebut Triguna. Triguna saka tembung Tri tegese telu, Guna tegese sipat utawa watak. Sapisan, watak lantip, padhang, resik, bungah, lan anteng. Kapindho, trengginas, carub wor, nepsu, sedhih, sarta leget. Dene kang Katelu, cubluk, peteng, reged, kebluk, lan mati. Dadi, raga utawa wadhag nduweni siji antarane tetelu sipat iku.
Kresna mamrih supaya Arjuna luwar saka Triguna utawa cethane uwal saka pangiketing sipat, sandhangan lan watake raga, uga kalis saka kunjarane Loroning sipat, yaiku ala-becik, seneng-sedih, adhem-panas, lsp.
46.
//Wi mbane sendhang i ng t l at ah banji r / k ar oban war i h
sadhengah papan / mangk ono i k u Ki tab Suci / tumr ap
br ahmana k ang wi cak sana//
47.
//Kawaji banmu samengk o hamung t umi ndak / mak ar ya
dat an k inant hen pamr i h / Aja sapisan nugr aha k ang k aest hi /
uga aja mung k endel dadi par ane k ar t i //
Ukara "makarya datan kinanthen pamrih" iku nora ateges "makarya tanpa ngarep-arep pituwas", sabanjure kalis ing sadhengah panjangka, kaya gegambaran iki : Wong olah tetanen kang sregep nggarap sawahe, nalika wus wancine panen, karana ora ngarep-arep kasil, banjur pari kaobong. Ora... dudu mangkono, karepe ! Werdine mangkene : Pepucuking panjangka manungsa iku makarya lan tumindak murih luwar jiwane tumujweng kamardikan langgeng, manunggal lan Sejatine Jiwa. Mandheg lan nora nggape marang kawajiban sarta tanpa makarya lan tumindak, uga dudu mangkono. Amarga makarya kanthi pamrih nugraha utawa nora ngape marang kawajiban mangkono, lelorone ateges ngumbar jiwane satemah jiwa tansah kinunjara.
48.
//Ner na ci pt amu mar ang k asucen yek t i / Mak ar t i a dat anpa
pamr i h, Dananjaya / t eguhna mr i ng guna l an uga t i was /
k ar ana, t eguhi ng ji wa yai k u mar ga//
49.
//Asor k awi r yani r a l amun ngemungk en k ar ya / t anpa
t eguhi ng budi , he Dananjaya / Sumar aha mar ang Kang Maha
Pi r sa / muspr a k ang ngar ep-ar ep pi t uwasi ng k ar ya//
50.
//Kang wus manunggal k ant hi budi suci / pr asaja mr i ng al a
l an beci k / mul a, t i ndak na yoga / amar ga mung Yoga k ang
wask i t ha i ng k ar ya//
Janma kang wus meneb jiwane, datan kasampiran pamrih pribadi ing sakabehing pakarti, saka iku dheweke luwar saka sipat asor lan ang-kara. Ciptane prasaja, satimbang, wening, nora rinegedan dening sipat, sandhangan lan watake raga.
51.
//Janma k ang ji wane manunggal l an Kang Maha Pi r sa / t an
nggegadhang pi t uwasi ng pambudi / Ngl uwar i dhi r i sak i ng
pangi k et i ng k al ai r an / t umek a papan ing k ono k al i s i ng
k asangsayan//
52.
//Manawa ci pt amu wus bi sa l uwar / sak i ng wewayangani ng
k adonyan / si r a bak al t eguh marang / k ang wus l an bak al
k api ar sa mengk o//
53.
//Manawa war t a mamr i h t umpangsuhi ng ci pt amu / jejeg t an
mi yur maneh / t ansah samadya i ng samadi / i k u at eges si r a
wus nganci k yoga//
Manungsa kang kalis ing pangiketing kalairan, dheweke wus mapan ing tataran Kamardikan, ing kono bakal kalis ing sadhengah kasangsayan.
Warta, ya prakara kang wus-nedheng-bakal kapireng, ing kene tegese Kitab suci. Manungsa kang wus Meneb, tan mbutuhake maneh kitab suci, karana dheweke wus mapan ing tataran luwih luhur, lan kang kaserat ing Kitab suci wus manunggal ing cipta, wicara lan pakartine.
Arjuna tetanya :
54.
//Punapa pr at andhani ng manungsa wi cak sana / l an t eguh
k api t ayan
ing
samadi ,
duh
Kesawa
/
Kados
pundi
pambudi nipun, mi car a / t at a l enggah, mi wah l ampahi pun//
55.
//He Par t a, yen manungsa nyi r nakak e / sal i r i ng nepsu kang
t uwuh jr o at i ne / l an suk a hamung k ant hi bek t i mr i ng Ji wa /
mul a dhewek e den ar ani manungsa k ang t eguh k api t ayane//
Manungsa kang ngumbar hardaning nepsu, mburu apa kang kudu den mangsa, sejatine dudu nepsune kang rinegem, kepara jiwane kang kajaring dening nepsu, kaya ula kang binungkus kulite dhewe. Mula, manungsa kang wus luwar saka kunjaraning nepsu, gegembarane kaya Ula nglungsungi.
56.
//Janma k ang dat an sedhi h jr oni ng sungk awa / jr oni ng
suk a t an bungah k al angk ung / k al i s i ng nepsu, nesu l an ajr i h
/ mangk ono i k u k asebut wong suci t eguh k api t ayan//
57.
//Kang or a nduweni pepi ngi nan apa bae / suk a l an sedhi h
t an gi nape / Nadyan k amul yan l an k asangsayan si nandhang /
den ar ani nduweni t eguhi ng Ji wa//
58.
//Pi ndhane Penyu ngger et si k i l e l umebu i ng awak k e /
dhewek e
meper
l el i ma
pancadr i ya
/
sak a
sadhengah
pepi ngi nan / mangk ono Ji wa yen wus t eguh//
Nepsu, nesu lan wedi iku godha tumraping jiwa, seneng lan sedhih iku kalebu peranganing nepsu. Janma kang wus luar saka tetelu godha iku pepuntone bakal kalis ing prabawaning seneng lan sedhih. Ing titi mangsane bakal ngrasa yen seneng lan sedhih iku tan prabeda, iku tegese wus bisa ngendhaleni dhiri, nguwasani godha kang sawau tansah hanglimputi.
Manawa kamulyan nedheng rinasa, becike aja den gung-gungake, samono uga yen nandhang sangsaya haywa ngomel tan karuhan. Pindhane sekar kang mekrok lan alum, adhepana kanthi prasaja, aja mung yen mekrok lan wangi tansah den pupuji, yen aking tebih kabuang. Mangkono manungsa kang wus meneb, satimbang ing kahanan suka lan duhkita tan prabeda.
59.
//Kang bi sa ngendhal eni hawanepsune / pepi ngi nane si r na,
nangi ng r asa k apang mak si h sinandhang / l an k apangnya
i k u
uga
bak al
si r na
/
lamun
Kang
Maha
Pi r sa
hangejawant ah//
Hawanepsu pancen bisa kapeper, pepinginan bisa kasirnakake. Nanging manungsa kang wus meper hawanepsune, keh-akehe maksih nyandhang pepinginan ing atine. Saka iku, nora hamung pancadriya, uga jiwa kudu kapeper dimen bisane manunggal. Yen jiwa wus manunggal kalayan sejatining jiwa, iku margane Pengeran Hangejawantah.
61.
//Sawi se bi sa ngendhal eni sak abehe / dhewek e k udu
l ungguh k ant hi ner i ng ci pt a mar ang Ingsun / Kar ana, k ang
bi sa ngendhal eni pancadr i ya / den wast ani nduweni t eguh
k api t ayan//
Tetembungan "Ingsun" tegese Pengeran Kang Maha Pirsa, kang den lisanake dening Kresna. Sabdane Kresna, sadhengah upaya iku muspra kalamun nora kinanthen nering cipta lan datanpa lalandhesan bekti mring Gusti. Lakuning Jiwa, datan hamung nering cipta lan meper hawanepsu, uga kudu kanthi adrenging karsa lan laku bekti kang datan kendhat.
62.
//Yen ci pt ane t ansah t umuju mar ang k adonyan / mul a,
pepi ngi nan wus tuwuh / Lan pepi ngi nan i ki nuwuhak e nepsu /
l an nepsu agawe nesu//
63.
//Sak a br amant ya nuwuhak e pet engi ng pi k i r / pet engi ng
pi k i r nuwuhak e l al i / l al i agawe r usak mar ang ci pt ani r a /
ci pt a t an t umat a i k u pur wane k asir nan//
Nepsu iku daya kang ngedab-edabi. Manungsa bisa ngregem kamulyan lan kawiryan sundhul wiyati amarga dayaning nepsu. Nepsu uga kang bisa njlomprongake manungsa marang jurang kasangsaran. Nepsu kang cabar panjangkane dadi nesu kang makantar-kantar, temah gela wusanane.
Nepsu gawe nesu, nesu gawe petenging pikir, petenging pikir gawe rusaking pikir, pupuntone rusaking pikir agawe sirna. Sirna, ing kene mengku karep sirnaning budi luhur lan tuwuhing budi candhala. Ya mangkono iku kang sinebut Mati sajroning urip, utawa Pati sadurunge mati.
64.
//Nangi ng janma k ang t eguh k api t ayan / sanadyan ur i p i ng
madyani ng k adonyan / t ansah ngendhal eni nepsu, k ali s i ng
seneng l an ser i k / ngr egem k at ent r eman jr o ji wane//
65.
//Jr oni ng ji wa k ang weni ng / sal i r i ng k asangsayan wus
si r na / Ci pt ane janma weni ng ji wa mangk ono / t eguh sumar e
jr oni ng k at ent r eman//
66.
//Kang ngum bar hawa-nepsu, or a duwe k asant osan / ji wane
get as, t an bi sa nganci k ner i ng ci pt a / Dat anpa ner i ng ci pt a,
t angeh k at ent r eman gi nayuh / t anpa k at ent r eman, i ng ngendi
ana k amul yan//
67.
//Manawa ci pt a wus k er em i ng pancadr i ya / k er em uga
k awr uh k abeci k ane / k adya bayubajr a hanr ajang / bai t a
k er em i ng samudr a//
68.
//Mul a, janma k ang bi sa ngendhaleni / pancadr i ya sak ing
sal i r i ng nepsu / pepi ngi nane i k u, he Mahabahu / hamung
ji wanya nganci k k asampur nan//
Pancadriya iku tangeh kapegat kalayan nepsu lan pepinginane manungsa. Bisane hamung den kendhaleni lan dikuwasani dening jiwa kang prakosa. Tetembungan "Mahabahu" tegese satriya asanjata sekti, ya Arjuna. Werdine : Arjuna iku nyandhang sanjata jiwa kang prakosa.
69.
//Apa k ang pet eng t umr ap k abeh t i t ah / i k u padhang
mungguhi ng k ang Wr uh i ng ji wa / awan t umr ape ti t ah / i k u
bengi mungguhi ng k an Wr uh i ng ji wa//
70.
//Wi mbane k al i mi l i mr i ng samudr a / nadyan t ansah
k i senan banyu nangi ng nor a obah / Mangk ono manungsa
t eguh ji wa nganci k k at ent r eman / nangi ng dudu manungsa
k ang ngumbar hawa-nepsu//
Tumrap lumrahe manungsa, sejatine bebener iku katon peteng, nanging mungguhing Manungsa Wicaksana bebener iku padhang njingglang sinawang. Dheweke bisa weruh wuwujudan kang maksih samar tumrap manungsa liya, bisane mangkono amarga migunakake Pramana Jati.
manungsa padha turu. Ing wayah awan, kalane manungsa nggugah pancadriya, sang Wicaksana kapara nutupi babahan hawa sanga.
Gegambarane Manungsa Wicaksana iku kadya samudra kang nora kaprabawan dening ilining banyu saka maewu-ewu tuk. Mangkono
manungsa kang wus ngregem Katentreman Jiwa datan
kaprabawan dening polah-tingkahing nepsu kadonyan kang lir-gumanti mrepegi sasuwening urip.
71.
//Manungsa k ang amber at sal i r i ng nepsu / l an jumangk ah
k al i s pepi ngi nan / si r na r asa "Ingsun" l an "Kumi ngsun" /
andungk ap k at ent r eman jr oni ng ji wa//
72.
//Mangk ono dr ajade k asuc en yek t i , he Par t a / Dhewek e
k ang wus nganci k dr ajad i k i / nadyan t umek eng l al i s, t an
sumel ang maneh / l an nganci k k aswar gan manunggal l an
Panger an//
Manungsa kang wus amberat hawanepsune, nora darbe pepinginan marang samubarang kanggo agunging dhiri, lan ora duwe rasa duwe. Kanthi mangkono katentreman kang rinaos, kalis ing suka lan sedhihing urip. Sabdane leluhur : "Kasarasan iku kabagyan kang linuwih, Marem jro kaprasajan iku bandha kang matumpa-tumpa, Kapitayan iku rowang sejati, Swarga iku kamulyan sejati".
Manungsa kang tumeka ing swarga iku mapan ing alaming Pengeran Kang Maha Agung, ing kono manggon salawase sumandhing lan Penjenengane.
Arjuna tetanya:
1.
//Duh Janar dana, manawi menggah Paduk a / ngel mu
l angk ung ut ama t i ni mbang pak ar t i / Kengi ng punapa Paduk a
dawuh mr i ng k ul a / ngl ampahi t umi ndak dek si a puni k a, duh
Kesawa//
2.
//Sabda Paduk a samar mungguhi ng pami k i r k awul a /
Pr ami l a, wedhar na mr i ng k ul a k ant hi t r awaca / Namung
sawi ji mar gi i ngk ang saged k ul a l ampahi / amr i h gi nayuh
k amul yan sejat i //
Kang wus kawedhar dening Kresna kawuri kurang trawaca munguhing Arjuna kapara wudhar pamikire. Saya bingung rasane Arjuna nampa piwulange Sri Bhagawan. Ing kono kaya-kaya Sri Kresna gandharake manawa tumindak kanggo njangka nugraha iku luwih asor drajade tinimbang makarti tanpa nduweni pepinginan pribadi, lan ngelmuluhur tanpa makarti iku luwih luhur katimbang makarti tanpa ngelmu.
Manawa ngelmuluhur luwih becik kanggo nggayuh kamulyan langgeng tinimbang makarya, mula apa gunane tumindak ?, Luwih-luwih tumindak gawe pepati ing paprangan. Mangkono pitakone Arjuna, lan heweke adreng nyadhong pituduh kang temen saka Sang Guru.
Sabdane Sri Bhagawan :
3.
//Wus dak andhar ak e nal i ka samono, he Anagha / Sat emene
ana l or o mar gani ng panjangk a / mar gani ng ngel mu t umr ap
par a wasi s / mar gani ng k ar t i t umr ap par a mi saya//
Sejatining Bebener iku tan ana loro, nanging Bebener iku bisa ginayuh kanthi marga kang loro. Kang Kapisan, kanthi cara nggegulang ngelmu lan kridhaning batin tumrap para winasis. Kang Kapindho, kanthi cara bekti ing karya tanpa ngarep-arep pituwas tumrap para kang makarya. Lelorone bakal antuk pikoleh kang padha tumrap panjangka kamulyan langgeng. Leloro marga iku nora bisa madeg dhewe-dhewe, kapara kudu padha lung-tinampan.
4.
//Janma t an bi sa nggayuh k amar di k an / k ar ana k endel dat an
mak ar t i / uga t an bi sa nggayuh k asampur nan / k ar ana
nyi ngk i r i k ar ya//
Ana panganggep manawa jroning nggayuh kamardikan kudu nilar sakabehing tumindak dimen luwar saka kunjaraning pituwas. Samono uga kanggo nggayuh kasampurnan, manungsa kudu nyingkiri sakabehing pakarti, amrih pituwas datan ana, saingga ana tetembungan "Nora perlu makarti, yen wus jatahe bakal teka dhewe".
Dudu mangkono kang dadi karsane Kresna ! Kamardikan ing kene dudu mardika tanpa karya, nanging mardika saking pangiketing karya iku dhewe. Lan, Kasampurnan kang den karepake yaiku ora kudu sumingkir saka pakarti, nanging sumingkir saka nepsu lan pepinginan pikantuk pituwas karya.
5.
//T an
ana
k ang
dat an
mak ar t i
/
sanadyan
hamung
sak edhepi ng net r a / Kar ana k anthi t anpa daya manungsa /
t i ni tah mak ar t i deni ng Jangk ani ng Jagad //
Salawase urip ing donya, manungsa datan bisa uwal saka tumindak. Mikir iku ya tumindak, mlaku lan makarti iku uga tumindak. Cekak aose, urip iku sawijining tumindak. Manungsa tan bisa endha, dheweke nora bisa oncat saka prakara iki, saka sipat lan khukum prakriti (jagad).
6.
//Kang l ungguh, meper pancadr i yane / nangi ng ci pt ane
t ansah nr awang k ani k mat an / yek t i ne bi ngung, nyel ak i dhi r i
/ l an den ar ani Sang Sank uni /
7.
//Nangi ng manungsa k ang bi sa ngendhal eni / pancadr i ya l an
ci pt ane, he Ar juna / Lan mak ar t i t anpa pamr i h pr i badi /
yai k u Manungsa T ama//
8.
//Mak ar t i a k aya k ang wus gi nar i s / amar ga obah i k u l uwi h
beci k t i ni mbang mandheg / Yen si r a dat an mak ar t i / nyuk upi
ur i p bae t angeh k al ak on//
Bisa bae manungsa ngeremake netrane amrih nora nyawang saliring kaendahan, uga nutup tutuke supaya ora mangan kang sarwa eco, nanging manawa maksih ngumbar pikirane lan pepingane nora den kendhaleni, dheweke bakal cabar anggone ngenebken sejatine “Laku”. Samono uga, bisa bae manungsa meper pikiran lan pepinginane, yen maksih ngumbar pancadriya, mula dheweke iku nora wruh apa sejatine Laku iku.
Meper pancadriya iku minangka pambukaning pamekak pikir lan pepinginan, utawa kanthi tembung liya, meper barang lair iku pambukaning meper barang kang batin.
Pamepering pancadriya dening pamikir iku banget piguna kanggo reresik jiwa saka nepsu lan pepinginan. Meper pancadriya ora teges kudu ninggal saliring tumindak. Ing kene piguna kanggo nggayuh manthering pakarti pancadriya marang tumindak lan pakarti kang jejeg.
Saben manungsa darbe jejibahan dhewe-dhewe. Para Wasis kudu ngamalake kawruhe jroning makarti, Satriya kudu nggenepi darmaning satriya, samono uga Sodhagar dadi babalung tumrap bebrayan gung, sarta Taruna kudu mangerteni yen minangka babalung tumrap nagara kang den gegadhang mengkone bisa mandhegani lumakuning tata praja samangsane purna para wredha.
Kresna medharake sejatine Laku marang Arjuna iki pamrihe dimen Arjuna mangerteni mungguh Laku kang kudu den lakoni minangka jejering satriya, amarga sawatara iki Arjuna maksih bingung, sedhih, rumangsa dosa. Bisane mangkono karana Arjuna durung bisa milahake, pundi Lakuning Satriya, lan pundi Lakuning Brahmana.
9.
//Kajaba k anggo panjangk a bek t i / donya i k i k i nunjar a deni ng
Kodr at Pak ar t i / Mul a, mak ar t ia k anggo ngabek t i / t anpa
pamr i h pr i badi , he Kunt hi put r a//
Sakabehing isen-isening jagad iku kinunjara dening kodrat pakarti. Nanging, manawa pakarti katindakake tan kasampiran panjangka pribadi, yaiku hamung kanggo bekti lan ngabdi, mula kunjara tan kuwawa nguwasani manungsa.
10.
//Nal i k a samono Penger an ni t ahak e manungsa / k i nant hen
k odr at l an par i ng dhawuh / "Kant hi i k i si r a bak al nur unak e
br ayat / l an i k i sapi mi nangk a pangur i pani r a"//
11.
//Mul a, memuji a mr i ng Jawat a / mugyant uk ber k ahi ng
Dewa / Kant hi t epa sal i ra k ang mangk ono / si r a wus ngr egem
Kawi cak sanan Jat i //
Manungsa lan sagung titah kudu manembah marang Pengeran, amarga sejatine Pengeran nitahake manungsa iku hamung supaya manembah marang Panjenengane. Yektine, manembah marang Pengeran iku kanggo manungsa iku dhewe, lan dudu butuhe Pengeran. Pengeran datan luwih agung manawa kabeh titah tansah manembah, lan nora dadi luwih asor lamun kabeh titah lirwa ing sembah, amarga Pengeran iku Maha Agung saka Karsane. Tan ana daya kang bisa mrabawani Panjenengane.
paparinging Pengeran, lan karana pamilih iku mau. Manawa bener pamilihe, kabegjan pikolehe, lan manawa luput ing pamilih ambabar kacintrakan. Manungsa hamung ngupaya, Gusti kang wenang maringi. Manungsa Tama hamung nyandhang dwi rasa, Sukur ing kabegjan lan Narima ing panandhang. Luwih utama manawa janma bisa tansah Sukur ing lelorone. Manembah iku yektine mujudake rasa Sukur tumrap apa kang wus den tampa.
Dadi, pakarti iku mesthi, sembah iku kedah. Makarya nemu nugraha, yen lirwa ing sembah uripe sajatah, temen ing sembah uripe turah. Janjine Pengeran, sapa manembah bakal ngrasakake urip kang luwih becik ing donya lan wurine. Kanthi tembung liya, Pengeran bakal peparing marang manungsa, Pengeran bakal peparing kathah marang manungsa kang manembah. Dene wujude sembah iku ana patang prakara :
1. Sembah Raga,
Sembah raga iku pakartine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, katindakake ing wektu kang ajeg, wantu wataking lalakon. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dhingin ajeg lan taberi, pikolehe nyenyeger badan mrih kaot.
2. Sembah Cipt a,
Sesuci tanpa banyu, amung nyunyuda hardaning kalbu,
pambukane tata titi ngati-ati, atetep telaten atul, tuladhan marang waspaos. Gagare ngungar kayun, ngayun-ayun, bangsa nganggit yen ginigit nora dadi, marma den awas lan emut, mring pamurunging lalakon.
3. Sembah Jiwa,
Sayekti luwih perlu, ingaranan pupuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan awas emut, mring alaming lama amot. Kaleme mawa limut kalamatan jroning alam kanyut, sanyarane iku kanyatan, sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa amor.
4. Sembah Rasa,
Sembah rasa karasa wosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan kasih batos. Meloke ujar iku yen wis ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel marang ing takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
13.
//Kang beci k dhahar sawi se upacar a ngabek t i / bak al k al i s
sal i r i ng dedosa / yen nyamapt ak ak e dhedhahar an hamung
nyuk upi dhi r i pri badi / mangk ono i k u t egese ngunt al dedosa//
14.
//Kar ana pangan, t i t ah ur i p / k ar ana udan, t et edhan t uwuh
/ k ar ana bek t i , t umur un udan / lan bek t i i ku dumadi saka
k ar ya//
15.
//Kawr uhana, dumadi ne kar ya i k u saka Penger an /
Penger an ya Kang Maha T unggal / Mul a Penger an k ang
nyak up sak abehe / t ansah mapan sumandhi ng mr i ng bek t i //
16.
//Kang dat an mel u ngubengak e r odhani ng ur i p / t ansah
ur i p jr oni ng dedosa / ngum bar h ar dani ng nepsu, he Par t a /
i k u ur i p muspr a yek t i //
Rodhaning urip kadya cakramanggilingan, lir gumanti antarane begja lan cilaka, bungah lan susah, tan ana pedhote. Rodhaning urip lumaku karana Jagad Alit lan Jagad Ageng lumaku bebarengan. Kang sinebut Jagad Alit yaiku manungsa, dene Jagad Ageng yaiku Bumi, Langit lan saisine utawa Alam. Manungsa lan Alam, lelorone nduweni gandheng-ceneng kang tan kena kapilahake. Manawa Budining Manungsa rusak datan mrabawani Alam, nanging rusaking Alam nemahi uriping manungsa abosah-baseh.
Pancen, agawe rusaking alam iku dudu tindak angkara, nanging iku pakartine janma cubluk. Lire, ngrusak alam iku ya ngrusak dhirine dhewe. Mula, datan ana prayogane manungsa makarti kang bisa agawe rusak mring alam. Yektine, nora ana manungsa kang tumindak luput, kang ana yaiku manungsa kang tumindak bener nanging durung pener.
17.
//Nangi ng k ang t ansah ngabdi i ng Ji wa / l an nari ma
pepar i ng-Nya / bagya ur i p k al ayan Ji wa / t an maneh k ai k et
i ng k ar ya//
18.
//Dhewek e mak ar t i t an mamr i h pi t uwas / t an r umangsa
k el angan yen nor a mak ar t i / datan gumant ung mr i ng si
ng-si nga / mur i h pi k ant uk pi t uwas apa bae//
19.
//Mul a t i ndakna sabar ang k ar t i / mi nangk a k awaji ban
t anpa bebat hen / amar ga k ar ya t anpa bebat hen / mapanak e
manungsa i ng k amul yan yek t i //
20.
//Kant hi pak ar t i mangk ono / Janak a l an Par a Sat ri ya
nganci k k asampur nan / Mur i h k amul yan l an k al uhur an ing
donya / si r a uga k udu ni ndak ak e k awaji bani r a//
Manungsa kang sabar lan narima jroning bekti sarta rila ing pangorbanan bakal luwar saka pangiketing karya, manunggal lawan Pengeran wusana nggayuh kamulyaning urip. Pakarti kang yekti luhur, iku manawa katindakake tanpa nggegadhang nugraha pribadi. Uga, pakarti kang kinanthen pangorbanan minangka tandha bekti, iku luhur kalangkung tinimbang karya kang maksih kasampiran mareming pribadi. Amarga kabeh iku ngentasake manungsa saka samudra pasucen sarta kasampurnan cipta lan jiwane.
Pakartine manungsa luhur tansah nindakake kawajibaning urip hamung mamrih kabagyan lan kamulyaning bebrayan agung kanthi laku milujengake jagad saka ubaling angkaramurka. Prabu Janaka, raja Mithilanagri ya sudarmane Dewi Sinta, pantes sinudarsana. Rasa ‘’Ingsun" lan "Kagungan ing-Sun" wus aluwaran. Saka iku, rikala kraton lan saisine kerem ing samudraning dahana, kang kawedal ing lesan "Datan ana kagungan-ku kang kobong !"
21.
//Samubar ang pak ar t i ne Manungsa T ama / par a janma t ut
i ng wur i / Samubar ang t ul adhane / dadi panut an t i t ah
ngak at hah//
Manungsa lumrah tansah tut wuri lakuning janma pinunjul wiwit jaman biyen mula. Janma pinunjul mangkono linair supaya nggawa pepajar tumrap pamikir lan titah ngakathah jroning urip ing donya. Ana kang linair dadi Bhagawan, Pendheta, uga dadi Nabi kang kabeh iku minangka panutan tumrap manungsa kang urip ing jagad.
22.
//T an ana pak ar t i k ang k udu Ingsun t i ndak ak e / t an ana
pi t uwas k udu Sun jangk a / i ng T r i l ok a, he Par t a / nangi ng
Ingsun t ansah mak ar t i //
23.
//Amar ga, Par t a, manawa Ingsun / or a t ansah mak ar t i , t an
ana pi t uwas / Janma i ng sadhengah papan sadhengah
pr ak ar a / bak al t ut wur i l ampah Ingsun//
24.
//Manawa Ingsun k endel i ng k ar ya / l ebur t anpa dadi jagad
i k i / l an Ingsun mi nangk a Mar gani ng Kar usak an / nyi r nak ak e
sadaya t i t ah//
bisa mujudake lan nuduhake pakartine manungsa tumuju marang kasampurnan lan kamulyan langgeng sarta nggulawenthah jagad lan njaga amrih kalis ing kasirnan.
25.
//Kaya si cubl uk mak ar ya amar ga nugr aha / mangk ono
samest hi ne k ang wasi s mak ar ya / nangi ng dat anpa pamr i h
pr i badi , he Bhar at a / k ajaba muhung r ahar jani ng manungsa//
26.
//Haywa manungsa k ang wi cak sana / mbebi ngung si cubl uk
mak ar ya angangsa / k ajaba hamung andul u k ang pada
mak ar ya / si nambi weh t ul adha m ak ar ya bek t i //
Kresna arsa aweh pepeling manawa para janma kang wicaksana aja nganti mbebingung lan gawe kendho kapitayane manungsa kang cupet kawruhe. Amarga, sanadyan para manungsa iku datan wasis nanging nora bisa selak saka rasa tanggungjawab marang pakarti, pangabekti lan katresnane dhewe-dhewe. Bisa bae amarga cubluk, satemah makarti kang nalisir saka angger-angger. Marang kang mangkono iku perlu piwulang lan panuntun amrih jejeg laku lan pakartine. Kawruhana, tumrap manungsa kang mangkono iku, kapitayan marang Pengeran luwih kandel katimbang pracayane marang sapadha-padha. Lan, amrih manungsa bisa nyandhang budi kang luhur, nora bisa ginayuh ing sakedheping netra nanging kedah den upaya kanthi sathithik mbaka sathithik satemah kalakon jangkane.
27.
//Sadhengah k ar ya k ar ana Guna / nangi ng k ang pet eng
pi k i r e / k ar ana k asaput ing r asa k umi ngsun / panganggepe :
"Ingsun i k i sang pak ar t i "//
28.
//Nangi ng t umr ap k ang wr uh, he Mahabahu / bedane Ji wa
l an si pat guna / el i ng manawa Guna hamung mr abawani
mr i ng Guna / l an k al i s i ng pangi k et i ng pi t uwas k ar ya//
29.
//Kang k ent i r i ng apus-k r amane guna / k i nunjar a i ng
p