• Tidak ada hasil yang ditemukan

nitisake wijining dumadi

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "nitisake wijining dumadi"

Copied!
8
0
0

Teks penuh

(1)

Nit isake Wij ining D umadi

Mengandaikan kedewasaan pencari tema ini, saya memetik teks berikut dari catatan tambahan dalam buku R.M. Soewandi (tt). Falsafah Centhini. Solo: Toko Buku “Sadu Budi”. Semula terbit keinginan saya untuk menerjemahkannya ke dalam Bahasa Indonesia agar dapat lebih mudah dipahami oleh siapa saja yang kebetulan tertarik pada artikel ini. Tapi, saya segera disadarkan oleh ketidakmampuan saya sendiri dan kekhawatiran bahwa terjemahannya justru bisa menjadikan tema naskah ini terbaca cabul (sebab saya tergolong yang merasa ngeri, eh, geli pada definisi yang digunakan UU Pornografi), kendati sesungguhnya saya selalu melihatnya sebagai ‘pembelajaran’ yang sangat berguna dalam bahasa yang wajar saja. Begitulah, saya mengagumi kelenturan bahasa Jawa … yang tetap indah tatkala digunakan untuk melukiskan anatomi tubuh (bahkan organ seks), teknik ‘bikin anak’ yang berkualitas baik, termasuk bagaimana mengeksplorasi kenikmatan yang memberikan manfaat bagi lelaki-perempuan dalam senggama yang bertujuan prokreatif dan bahkan … pembatalannya yang juga bertujuan baik sekaligus meminimalisasi kekecewaan kedua belah pihak. Sungguh, pengetahuan yang semacam ini – dipercaya atau tidak – pastilah bermanfaat bagi para pasutri yang menginginkan anak-anak mereka berkualitas warga negara Indonesia sekaligus warga dunia yang baik. Semoga posting ini bermanfaat.

Untuk memahaminya, yang sama sekali tidak bisa berbahasa Jawa – bahkan

ngoko, ragam bahasa yang digunakan penulis teks ini – saya persilakan

bertanya kepada teman yang sehari-harinya berbahasa Jawa atau yang pernah belajar bahasa Jawa di SD dan SMP. Agaknya, sedikit pemahaman saja cukuplah untuk menimba pengetahuan yang disampaikan penulis teks ini. Sex-education selengkap ini (biopsikospiritual dalam terang nuansa filsafat Jawa) terlalu sayang diabaikan. Tetapi juga dimaklumi: memikirkannya buang waktu saja. Sex-education? Sudah ‘kenyang’. Sekarang praktiknya. Naluri sudah bicara tentangnya secara berbeda! Benarkah?

NITISAKE WIJINING DUMADI Bab Laku Nitisake Wijining Dumadi

Murih Tumuruning Wiji Kang Becik

(2)

1. Lila, iya iku wong priya kudu lila yen kelonglongan, ing kene karepe nuruti panjaluke rabine, amarga panjaluk mau, yen kapiturutan, dadine rabine banjur dhemen marang lakine, ing wusana bisa mantep.

2. Narima, iya iku wong priya kudu narima marang suka-pirenaning rabine

(kang arupa leladi saka rabine), amarga ing atase laden iku yen katarima, tegese katampa kalayan seneng, mesti bakal gawe legane kang leladi, ing wusana dadi madhep lan sregep.

3. Temen, iya iku wong priya kudu nuhoni ing semayan utawa

sesanggeman, amarga manawa netepi ing janji, iku bisa mahanani katresnan, ing wusana dadi kedep.

4. Utama, iya iku wong priya kudu demen ngapura marang kaluputane

rabine, amarga dadi wong priya iku manawa sabar demen ngapura marang kaluputan kang remeh-remeh, iku bakal mahanani tumemening rabine, ing wusana dadi gelem labuh.

Ana dene nyumurupi wewijangane wiji, iku kudu ngreti marang lakuning wektu karon-sih, dene lakune karon-sih iku uga ana petang prakara, iya iku: eneng, ening, awas, eling.

1. Eneng, iya iku wektu karon-sih atine kudu eneng (menep), dene paedahe

bisa suwe wetuning rahsa, lan gawe kandeling wiji,. Amarga ati kang menep mau bisa ngenthelake wiji (jiwa), kentheling jiwa bisa mahanani kandeling wiji, ing wusana dadining anak ing tembe bisa dawa umure.

2. Ening, iya iku atine kudu ening, dene paedahe bisa nikmat rasane lan

manfaat. Amarga kaweningan mau bisa gawe weninging wiji (tetep trimurti), wiji kang tetep trimurti mau ing wiji ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kawasa.

3. Awas, iya iku kudu mulat kedep-liringing rabine, wektu karon-sih, kendho apa mempeng, utawa ngulatake tumitising wiji ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kang wis kapratelakake ing dhuwur.

4. Eling, iya iku aja mikir liya-liyane, kajaba eling yen wektu iku lagi nitisake

wiji, mula yen rabine semu kendho ing karon-sih, wajib eling, manawa durung binuka bakuning rasa, tumuli duweya osik sumedya mbuka kadatoning rahsa, supaya rabine mau gumregut rasane, lan maneh yen nyumurupi cahyaning wiji ala kang bakal tumitis, banjur enggal-enggal bisa nglebur sarana laku nusupake utawa mutahake menyang ing jaba. Dene manawa uninga wiji becik kang bakal tumitis, iya banjur bisa mrenahake ing papan samestine.

(3)

1. Marahi, iya iku sadurunge tumindak karon-sih, kang priya miwitana mbuka rasa sarana kekembangan saprayogane, dene paedahe bisa mempengake atining rabine, yen wis katon mempeng rabine tumuli tumindaka karon-sih, iku rabine saka katuju karepe dadine banjur lega kanti suka rena. Mula sadurunge karon-sih luwih dhisik mangsetiya tumuruning wiji kang becik (teteping trimurti), kapantenga ana ing cipta.

2. Meruhi, iya iku aja nganti nerak wewalere, nanging malah mbumbonana

kang prayoga. Dene wewaler iku: nyumurupi wewadining wanodya lan wewadining wiji. Kang diarani wadi mau katerangane mangkene: bab kang diarani tumindak rusuh, iya iku rusuh arep nyumurupi marang wewadining wanodya. Dene kang diarani elok, iya iku arep nyumurupi wewadining wiji.

Dene wadining wanodya bakuning rasa, iku wijang-wijange mangkene: ing sajroning baga iku ana kulite alus sarta sangisoring batuk baga ing jero uga ana kulite kang diarani daging song, song mau gedene pada lan batuking baga, mangisoring song ana urate loro (diarani purana), urat iku lengket ing semu katone mung siji, iya iku kang minangka let-letan banyu telung warna, iya iku: satengening urat iku dalan banyu sene, sakiwane urat iku dalan banyu suker (getih), mung tengahing urat loro mau iku dalaning banyu rahsa pita (kama). Dene urat loro iku ing dhuwur gathuk karo song, terusane anjog ing lawang kadatoning rahsa, lawang mau ngrukubi Sang Hyang Kamajaya (uwel), kang diarani uwel iku lawang kekandhanganing jabang bayi, wujude mung bening kaya kaca.

Mungguh kahanane song mau iya iku poking rasa, amarga samasa kagosok (kagepok) banjur mekrok, kaya dene kewan kintel saben kagepok banjur mlembung, mekroking song mau jalaran saka rasa keri, yen wis krasa keri iku bisa narik rosaning rasa nikmat. Dene lawang yen wis menga banjur kawawa nduwa, uwel, iya iku narik kekandhanganing bebayi. Kekandhanganing bayi mau yen nganti nyaut utawa nadhahi kamaning priya, iku adate tumrap wanodya awake mesti banjur krasa keri, gumriminging rasa temahan dadi cape (marlupa).

Saiki mratelakake kekandhanganing bebayi, mungguh wewijangane mangkene: ing sadurunge kaisenan wiji saka wong priya, kekandhangan mau wujude isih kimpes, sarta mawa urat dumunung ing pucuk minangka gantilan. Urat mau ana loro, kang siji urat urut-urutane kang anjog ing jantung, dene sijine urat urut-urutane kang anjog ing wadhuk.

(4)

ngumandhang ing kekandhanganing bayi. Kandhang bayi iku manawa panyaute bener ora luput, nganti bisa ngamedi pucuking pasta-purasa (ngepuh kam), ing mangka kapinujon kasusupan wiji, iku banjur bisa kalebon mani, dene mani kang wis kumpul lawan wiji ana sajroning kandhang kono, iku mratandhani yen wiji bakal dadi, mula wong wanodya banjur ngandheg. Ing sajroning ngandheg, upama kinaron-sih ing priya liyane iku wis ora bisa kasusulan wiji kang dadi maneh, kajaba kang nitis sapisan mau. Yen kurang pracaya katerangane kene ginawe kosok bali, kang minangka tandha seksine iya iku bapa manawa wis mati kajupuka balunge, anak kang isih urip kairisa wetokna getihe katetesna ing bebalunging bapa mau, mesti getihing anak banjur amblas (kasesep), manawa dudu getihing anak dhewe iku mesti ora kasesep (ora ambles ing bebalung).

Ambaleni wiji kang wis ngumandhang ing kekandhangan, ing kono mani saya suwe saya tambah matimbun-timbun, yen wis kebak banjur malembung. Yitnamaya urube saya banget, sasuwene kasalad urubing Yitnamaya wusanane banjur kenthel, samasa wis kenthel banjur kumulit, yen wis kumulit banjur gana, nanging isih kakum ing banyu. Sajroning gana kakum ing banyu, iku banjur nurut bolonganing urat kang gandeng karo wadhuk. Mungguh kumambanging gana iku kaya dene banyu kang dumunung ing godhong lumbu. Sawise mangkono gana banjur gatra kaya pepukiran ing manusa, gatra mau saya suwe saya mundhak gedhe lan mundhak kekuwatane, ing kono banyu kang kakuman gana banjur njendhel, jendhelaning banyu uga banjur mundhak sumaring maneh, ampase pada kelet ing kuliting bayi, dene sarine dadi kawah. Mula pepelinge wong tuwa-tuwa, tumrap wong wanodya kang ngandhut lagi masane gana, iku aja sok ngajangake solah-bawaning raga, awit manawa kepleseting wiji, iku bisa njalari gagar (kluron).

(5)

tandha-yektine, iya iku wujuding rupa mesti mirib (memper) bapa lan biyung, sabab wektu sih-sinihan sisi lan sijien tunggal padha nancepake katresnan, kaya rahsa narik jiwa, mula anak iku uga kena sinebut layanganing jiwa, dadi wis tetela tanceping warna kang ana ing cipta iku mahanani warna, rahsaning karsa lan greneking cipta mahanani wewatekan lan lelakon, mula iya ana paribasan: Kacang manut lanjaran. Utawa: Ora ana banyu mili mandhuwur. Kang mesthi banyu mili mangisor. Karepe bebasan iku mangkene: Rupaning anak iku mesthi mirib wong-tuwane.

Samengko mratelakake wewijangane wiji kang katarik saka dayaning bapa, ing nalika lebuning wiji mbarengi lebuning napas, nuli sumimpen ana ing utek, banjur rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari iya sarining utek, pamanggone sajroning manik. Sawise wiji ana ing kono kawawa manuksma ing pramana sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana ndayani tunggal karep, yen wis nunggal garepe wiji narik daya surenging karon-sih, mangkono iku manawa cinegah dadi paedah, yen linantur dadi batur. Tegese: Sing sapa nuju kasusupan wiji, mangka bisa nanggulangi karepe iku sayekti bakal tambah muncaring cahyane lan padhanging pamwas, dene yen tinurutan bakal kawawa mahanani anak, dadi tetela wijining anak iku manut empaning cipta, sarta urubing pramana minangka bahu (nguled), bumbu yen wis kauled ing bahu banjur kumpul, dene matenge saka daya Yitnamayaning biyung, dadi matenging panganan mau jenenge wis mapan, mulane mangkono, amarga urubing pramana iku manut mapaning cipta.

Terange mangkene. Saupama tanceping cipta welas asih, urubing pramana sarta wiji mesthi maya-maya, iku mahanani wewatekaning anak ing tembe linulutan ing sapada-pada, sarta jatmika alus ing budi, nanging kurang lantip ing panggraita.

Saupama tanceping cipta matutuk rumasa kabeneran ing sapolah-polahe, urubing pramana sarta wiji mesthi biru muyek marakata, iku mahanani wewatekane anak ing tembe bodho ing budi, nanging becik atine.

Saupama tanceping cipta kadereng ing kabudayan, urubing pramana sarta wiji mesthi warna abang mbaranang mblerengi, iku mahanani wewatekane anak ing tembe landhep ing panggraita sarta berbudi, nanging getapan sarta panas baranan.

(6)

ndaluya, dora-cara, kang mangkono iku adate sok kataman lara owah (gingsir).

Saupama tanceping cipta kang lagi nungkul ing puja brata, mangke katarima, urubing pramana sarta wiji mesthi warna ijo nom mancur maya-maya, iku mahanani wewatekane anak ing tembe demen ngapura ambek paramarta, sarta wicaksana, kang mangkono iku adat sok bisa kasinungan darajat kawiryan.

Mungguh kang kasebut ing dhuwur kabeh mau, tumrap ala beciking wiji. Dene kandel-tipising wiji iku manut wancining karon-sih, nalika terangke mangkene: Yen wanci awan, wijine tipis, sabab ing wanci mau pramana nedhenge amer. Yen wanci bengi, wijine kandel, sabab ing wanci mau pramana nedhenge kenthel. Mulane sabisa-bisa manawa karon-sih, miliha wanci lingsir wengi tumekaning bangun esuk, iku wijine mesthi kandel kang njalari dawa umure.

Kapriye carane nyumurupi wujuding wiji, sarehne wiji iku bangsaning alus, dadi enggone nyumurupi iya sarana alusing pandulu. Kang diarani alusing pandulu iku ana limang prakara, iya iku saka beninging ati, sirnaning kekarepan, sarehing pangganda, lereming pancadriya, jatmikaning solah bawa. Yen wis bisa netepi laku limang prakara iku, lagi bisa nyumurupi wiji kang sawantahe.

Bab panengeraning wiji

(7)

Lan maneh kanggo panengeran sawise wiji tumiba ing biyung, manawa bakal dadi lanang sang bapa katara swatata, anadene yen bakal dadi dhampit sakarone mempeng (padha andrenge) ing swatata.

Ing dalem layang Pangracutan amratelakake kawruh kang aran: Sajatining Lanang lan Sajatining Wadon, iku genahe mangkene:

Kang ingaranan roh Idlafi, iku rohing wadon, nanging dumunung ana ing lanang. Sajatining wadon iku roh Kudus mulya, nanging rohing lanang, mapan ing wadon, kang mahasucekake ing jinem, padha mapan sajroninng junup, mula kawasa anuwuhake karkat dhewe-dhewe, amarga rohing wadon kaango lanang, rohing lanang kaanggo wadon, dadi saka anggone arep narik rohe dhewe-dhewe, ing wekasan aliru lambang sari padha carane, temah kawasa anganakake sifat, mula ingaran sanggama, tegese benering sawiji balaka, utawa saresmi, pikarepe campuring sari wor syuh dadi padha mareme, awit kasamadan dening Dzat-ing Pangeran Kang Amahasuci, anggone arep cumitak warnaning bapa-babu, mula kang pancen waskita marang rahsaning karon-sih, yekti bisa angarani sadurunge kababar.

1. Kaya ta, ing dalem salapan dina, sakaloron mau kang anduweni kumenyut dhisik sapa, saupama wanodya kang ngrasakake kangen dhisik marang priyane, tumekaning kalakon anitisake wiji yekti bakal lair putra priya.

2. Kaya ta, kang anduweni kumenyut dhisik kang priya, kangen marang rabine, tumekani nitisake wiji, sayektine bakal lair putra wanita, ananging kudu banjur ditimbangi careme, supaya sakaro-karone atunggal, awit manawa kurang dhauping cipta, rasane bakal sulaya, sanadyan bakal tumuwuh ing tembe wijine anduweni cacad, mungguh wujuding cacad iku warna-warna.

* Manawa ana lelabet cuwaning panggalih, kurang sarujuking saresmi mau, tembene anumusi wewatekaning putra kerep kacuwan ati, tarkadhang nandhang susah ing uripe;

* Manawa ing dalem saresmi mau anduweni ngeres ing panggalih semu duka, nanging ora kawedhar, ing tembe wijine kalabetan watak sugih napsu hawa, tarkadhang tiwas uripe.

(8)

wis tumeka sataun aran bocah tawa lare, tegese kuwat, mula banjur angetung taun.

Saka wasiyat dhawuh wewelinge Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, prakara panitikan ora kena sembrana ngarah apa, malah ing sabisa-bisa angestiya peta, tegese ing dalem karkat mau bisaa banjur tampa-tinampaning cipta sasmita, dadi aran sakaroning atunggal, sarta kudu suci supaya becik tumusane, utawa bisaa pasang gelaring salulut, tegese kang wanodya aja nganti liya pancipta pangalembana marang priyane, sanadyan priyane iya anyiptaa marang wanodyane, aja angrasakake liya-liyane, iya iku wiji sajati premati.

Sawenehing wong sajroning saresmi karo bojo, ora mawa pepantengan sakaroning atunggal, malah anduweni liya panyipta, tarkadhang anggagas kasenengane dhewe, kang mangkono iku upama bisa dadi wiji, sok ambilaheni wong tuwa, iya iku kang ingaran anak agawe rusak, yoga karya rengkaning praja.

Dene prataping wong ajejodon mau, bisaa cadhang-cinadhang, tegese wajibing wanodya ora kena adreng ing panedya kudu dianggo wadi, priya iku wewenange angon cipta-sasmitaning wanodya, sakira ing dalem sadina kono ora ana sebab apa-apa, tanpa labet susah, apa dene sepi pakewuh, iku tandha yen Pangeran Kang Amahasuci anggone bakal nitahake wiji, wiji ing sasama, iya iku jatining Trimurti, akeh kang dadi anak anung angungkuli bapa. Sanadyan para luhur manawa kabeneran pakartining budi, kalayan nastiti, yekti bisa dadi. Dene kang agawe rusaking nagara, iya saka kurang saranta, temahane kurang prayoga lelegetaning ngaurip.

Bab pangleburing wiji ala

Referensi

Dokumen terkait

Dimana sistem yang ada saat ini pada proses pengolahan data produksi dan transaksi penjualan es balok masih kurang efisien karena menggunakan Microsoft Excel yang

WO yang diterima oleh ADMSR adalah WO yang dibuat oleh Stock Kepper yang kemudian ditandatangani oleh ADMSR, Administration Head (ADH), Bagian Pool dan Supplier itu sendiri.

Berdasarkan beberapa pendapat di atas, dapat disimpulkan bahwa stres adalah tekanan yang terjadi akibat ketidaksesuaian antara situasi yang diinginkan dengan

[r]

Semua pendekatan dan metode pendidikan dan pengajaran (pembelajaran) haruslah mengacu pada tujuan akhir pendidikan yaitu terbentuknya anak yang berkarakter taqwa

[r]

Berdasarkan latar belakang diatas, maka dibuatlah suatu Sistem Informasi Simpan Pinjam Pada Koperasi Prima Buana Mandiri Berbasis WML yang dapat memudahkan

[r]