Tembang Macapat (Serat Wedhatama Pupuh Pocung)
1. Pangertene lan maknane tembang Pocung
Miturut maknane tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati.
Struktur tembang macapat wonten 3, inggih punika: a. Guru gatra
Guru gatra inggih punika cacahing gatra/baris saben sapada/bait b. Guru lagu
Guru lagu inggih punika tibaning swara ing pungkasaning gatra/baris c. Guru wilangan
Guru wilangan inggih punika punika cacahing wanda/suku kata saben sagatra 2. Pathokan tembang Pocung
Pocung
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra
12 u
4
6 a
8 I
12 a
3. Watak tembang Pocung
Watake tembang pocung iku sakepenake dhewe/ luwes, lucu lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyukake). 4. Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama)
Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu
luhur. Diandharake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan.
5. Tuladha tembang Pocung
6 6 5 3 1 1 1 2 6 6 5 3
Angkara gung neng angga anggung gumulung Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama
Taman limut durgameng tyas kang weh limput Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi pengira
Yeku patut tinulat tulat tinurut Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin
Novel Jawa
1. Pangertene novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang populer. Kaya dene karya sastra crita liyane, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan.
2. Unsur Novel a. Unsur Intrinsik
1) Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa permaslahan utama kang ndhasari lakuning crita novel.
2) Setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/ panggonan, sosial, budaya, kahanan.
3) Punjering crita (sudut pandang) Sudut pandang diperang dadi 3 yaiku: a) Wong kapisan (kata ganti orang pertama) b) Wong katelu (kata ganti orang ketiga) c) Wong keloro (impersonal)
4) Alur/ Plot
Alur/ plot yaiku rerangkening/ cengkoronganing prastawa/ kedadeyan ing novel. Alur diperang dadi loro yaiku alur maju (progresif) lan alu mundur (flash back progresif)
5) Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/ pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute. 6) Gaya bahasa
Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut. 7) Pesen/ weling
b. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra ing sanjabane unsur intrinsik Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang lan sapiturute.
3. Nilai-nilai kang kamot ing novel a. Nilai sosial
e. Nilai koleksi
Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni novel iku.
f. Nilai kultural
Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/ daerah liya.
4. Jinis novel hiburan
Jinis novel hiburan kayata: a. Novel detektif
b. Novel roman c. Novel misteri d. Novel gotik e. Novel kriminal f. Novel fiksi ilmiah
Irah-irahan novel kang abasa Jawa
a. Priyayi abangan (Sapardi Djoko Damono) b. Putri Tirtagangga (Any Asmara)
Sesorah
1. Pagertene sesorah/ pidhato
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir lan sapanunggale. Maksud baku medhar pangandhikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diwedharake. Paprincening medhar pangandhikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan.
a. Hamedhar pangandhikan kang asipat mratelakake informasi b. Hamedhar pangandhikan kang asipat hiburan
c. Hamedhar pangandhikan kang asipat hamemilut marang para pamiyarsa. 2. Perangan sesorah/ pidhato
a. Pambuka
Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang Gusti
b. Surasa/ isi
Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah. c. Wasana/ panutup
Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup.
3. Unsur-unsur sesorah/ pidhato
Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/ pidhato yaiku 5W + 1H 4. Ancas sesorah
Ancase wong sesorah iku adhakane duwe pangajab kaya ing ngisor iki:
a. Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh ngrungokake.
b. Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane kang edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa.
c. Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem manut lan pracaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake.
Wacana Eksposisi
1. Wacana Eksposisi
wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos isa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki isa ditindakake lumantar sadhengah cara jlentrehake, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi.
Bab kang diinformasekake ing karangan/ wacana eksposisi isa awujud:
Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana, lan isa asipat historis (isa dicritakake kanthi cetha)
Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta
Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan. Ngembangake gagasan kanthi pola pengembangan eksposisi proses mbutuhake proses mikir utawa intelektual. Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon:
Kepriye sawijine pakaryan? Kepriye sawijine dumadi?
Objek utawa bab iki klebu kang endi?
Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae? Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki. a. Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan,
b. Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute
c. Mrelokake analisis lan sintetisisi nalika ngonceki bahan lan fakta d. Nggoleki sumber ide saka: pengamatan, sikap lan keyakinan Pathokan panulise eksposisi.
a. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/ persoalan.
b. Isi eksposisi ora duwe karep mgundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos. c. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake
d. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosisonal
e. Ing ekposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pambuktiane)
f. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug
g. Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake
h. Panulis eksposisi prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret 2. Tatacara upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
b. Siraman c. Midodareni d. Srah-srahan e. Ijab kabul
f. Upacara panggih
g. Upacara balangan suruh h. Upacara wiji dadi i. Pupuk
Aksara Jawa
1. Aksara Jawa lan pasangan
a H n N c C r
Sandhangan Tuladha Sandhangan Tuladha
taling [ = e lele = [l[l cecak = = ng gedhang= ged=
Aksara rekan kanggo nulis aksara konsonan saka tembung manca Aksara rekan isa dadi pasangan lan diwenehi sandhangan
s+ sy s+uku/ syukur
3. Tuladha paragraf Aksara rekan
?mu=ghkji
?pkG+j+lilgiw[amu=ghkjik[rog/w[nyaikubup+timh. rwuh[azsTbvuj+mJ+m\
t=gtep[ro[npdfipri=zisiqikSiqik,semnaugkulw/gku. ?swi[skuwikulw/g[n
pkG+j+liznkK[kacrtsku/rnK=zunD=mublig+\jen_[z ausTf+\j+I!ufin\,ai=acr
kuwik[bhpdsen_lnZ|cpH[kpnuwunMr=pkG+j+ lilnB|p+timh.
Unine :
Munggah kaji
Pak Ghazali lagi wae munggah kaji karo garwane yaiku bu fatimah. Rawuhe ngasta banyu zam-zam. tangga teparone padha diparingi sithik-sithik, Semana uga kulawargaku.