UNGGAH - UNGGUH BASA
Mata Kuliah : Bahasa Jawa Semester : 6
Oleh : Drs. Ngatman, M.Pd
▸ Baca selengkapnya: guneman karo kanca kang wis padha tepung lumrahe nganggo basa
(2)Pigunane Nyinau Unggah-ungguh Basa :
Mbangun bebuden kang becik
Nggladhi basa andhap asor
Ngajeni marang wong liya
Molah-malihing tembung jalaran kahanane sing padha guneman:
Umur-umurane
Derajad, pepangkatan
Peprenahan
BASA NGOKO
Cak-cakane / trap-trapane :
Marang wong sing kulina utawa sapadha-padha
Marang andhahan, wong kang kaprenah enom, marang anak putu.
Yen lagi ngunandika, gunem ijen.
Wong seko manca.
Bocah cilik sg gunemane durung ganep.
Basa Ngoko :
1. Ngoko Lugu
2. Ngoko Andhap :
Antya basa
Basa antya
Cak-cakane basa ngoko andhap :
Sadulur tuwa marang sadulur nom yen pangkate sing luwih dhuwur, dene sing nom anggone mangsuli
nganggo basa krama.
Bangsa priyayi marang sadulur kaprenah tuwa, iku mau manawa sing nom kudu nganggo basa ngoko banjur
sing tuwa anggone nanggapi iya ngoko.
Garwane priyayi marang sing kakung, yen wis nganggo basa ngoko andhap.
Priyayi padha priyayi yen wis kulina banjur bisa gunakake basa ngoko andhap.
BASA KRAMA
Basa krama iku basa sing ngajeni marang wong sing diajak guneman.
Basa krama dibedakake :
1. Mudha krama
2. Kramantara
3. Wredha krama
1. Basa Mudha Krama (Krama Alus)
Basa mudha krama iku lumrahe sing nganggo:
Wong nom marang wong tuwa
Murid marang gurune
Rewang/ pembantu marang bendarane
Kanca padha kanca kang durung padha kulina
Priyayi marang priyayi sak babage
Reh-rehan marang pimpinan
Tuladha : Inggih mangga, dherekaken sugeng tindak.
2. Basa Kramantara
Basa kramantara iku lumrahe dianggo :
Tumrap sapadha-padha, kayata priyayi kang rumangsa menang sausap drajade karo sing diajak guneman.
Tuladha :
“Lo sampeyan, mangga ingkang radi celak mriki.
Punapa saking griya kemawon?”
3. Basa Wredha Krama
Basa wredha krama iku basane wong tuwa marang wong anom sapadhane, nanging ngajeni sawetara.
Tuladha :
“Kados pundi kabare Dhi angsal sampeyan dhateng Sala, punapa angsal damel?”
KRAMA INGGIL
Basa krama inggil iku basa kang ngajeni banget, lagu dhekung (ora kena kamoran mesem), culing tembung-tembung kudu cetha sora, lan wujude kaya basa mudha krama.
Tuladha:
“Nuwun inggih, matur sembah nuwun sanget dalem antu-antu. Abdi dalem kawula tansah cumadhong dhawuh panjenengan dalem”.
BASA MADYA
Basa Madya yaiku basa sing taklie ana tengah- tengah antarane basa ngoko lan krama.
Wujude tembung-tembung madya kamoran ngoko lan krama.
Basa madya kena dibedakake dadi 3 (telung) warna :
1. Madya ngoko
2. Madyantara
3. Basa Madya Krama
1. Madya Ngoko
Lagune sakepenake, tumrap wong kapindho dianggo tembung dika, tembung-tembunge ngoko, madya, lan kaworan krama.
Basa madya ngoko iku panganggone nganggep sapadha- padha.
Bakul padha bakul.
Priyayi marang wong cilik yen priyayi mau ora nganggo basa ngoko.
Tuladha:
2. Madyantara
Basa madyantara nganggep sapadha-padha, lagu sakepenake, tembung-tembunge ngoko lan madya, diselingi krama tumrap wong kapindho.
Lumrahe basa iku sing padha nganggo :
1. Priyayi marang sanak kaprenah tuwa kang luwih asor drajade utawa pepangkatane.
2. Priyayi padha priyayi kang wis kulina.
3. Bojone priyayi marang sing kakung, mangkono mau manawa durung ngango basa ngoko.
Tuladha:
“Sampeyan napa duwe wiji lombok sing apik?”
3. Basa Madya Krama
Basa madya krama iku basa kang tembung-tembunge madya, krama, lan krama inggil.
Basa madya krama lumrahe sing padha nganggo:
1. Priyayi marang sanak kaprenah tuwa kang luwih asor drajade.
2. Priyayi padha priyayi kang wis padha kulina.
3. Garwane priyayi marang sing kakung, mangkono mau yen durung nganggo basa ngoko.
Tuladha:
“Wanci ngeten kok seg kondur Pak? Napa kathah
BASA KRAMA DESA
Sing padha nganggo basa iku mung wong-wong
desa bae, lumrahe wong sing ora ngerti utawa weruh ing sastra.
Tuladha nganggo tembung krama
Krama desa Krama
Nami Nama
Kepel Kapal
Tebah Tebih
Tuladha nganggo tembung krama inggil utawa tembung kawi:
Krama desa Ngoko
kula paringake dakwenehake
asta kula tanganku
tigang santun telung sasi
rema kula rambutku
Tuladha nganggo tembung kahanan:
Krama desa Ngoko
ambetan duren
samberan pitik
waos untu
jenean kuningan
Tuladha sing duweni teges dhewe:
Krama desa Ngoko
kedhangsul kedhele
watesan semangka
bal gedibal batur
janggel boga jagung
Tembung-tembung krama desa uga akeh kang munggah drajade dadi tembung krama kaya tuladha ngisor iki:
Krama Desan Krama / Ngoko Krama
ujungan godhong ujungan
kaiman kauman kaiman
gantos ganti gantos
wantun wani wantun
prihatos prihatin prihatos
wucalan wulangan wucalan
BASA KEDHATON
Basa kedhaton iku basa sing dianggo para sentanane ratu lan para abdi manawa lagi padha guneman ing ngarsane Sang Nata, ngarsane Pangeran Pati, utawa para abdi ana ing sajroning kraton.
Tuladha:
“Kala wingi ing griya jengandika kados wenten tamu?”
BASA KASAR
Basa kasar ikut basane wong lagi nepsu utawa
muring-muring, lumrahe tembunge kasar, ngoko lam bisa uga kamoran krama yen pasrawungane biasa nganggo basa krama.
Bab iki ora perlu diwulangake ing sekolah.