• Tidak ada hasil yang ditemukan

NGELMU KASUNYATAN

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "NGELMU KASUNYATAN"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Maskumitir 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

N GELM U KASUN YATAN

Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa nyumurupi marang uripe, garise dew kang landesan kukum sebab lan akibat (daruna lan wahana).

Kang minangka tulada dadi gagaran neniteni dumunung ana ing kahanane wong kang berbudi cukup, lire wong kang ngenggoni sipat-sipat kamanungsane, awatak asih marang sapadane tumitah, ambeg welasan gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap awake dewe lsp. Yen menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial, kang gemblengane banjur dadi wong sing bisa ngayomisesamaning ngaurip tanpa melik apa-apa.

Mung perlu wae diimuti yen sipat sing kaya mangkono mau senajan ta becika pisan nanging yen kurang wicaksana anggone ngetrapake wahanane malah dadi kosok balen. Welas marang sak pada-padane tumitah kan kanti wicaksana iku ateges welas marang soksapoa kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono dadine malah banjur welas tanpa alis, semono uga ngenani prakara tetulung, yen kleru cak-cakane wahanane malah malah ngapitunani sing ditulung. Dadi bakune tindak kautamankasebut ing duwur kang kudu dilekasi adedasar kawicaksanan iku, kajaba wujud dadi kasuyatan uga kudu kang wahanane ora bakal agawe kapitunane jiwa maran sapa wae kang ditamnduki kautaman mau.

(2)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Maskumitir 2

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

babrayan mesti gede panarimone marang wong kang sipate kaya mangkono mau.

Anadene kang diarani bisa mranata lakune nafsu lan meper sakehing pakarti kang tuwuh saka rangsang saya krekating jasad kadagingan iku, mranata bekaning urip lair lan bekaning urip batin. Bekaning urip lair kang tuwuh dening pakartining pancadriya lan bekaning urip batin kang tuwuh dening ubaling nafsu patang perkara, yaiku ; Mutmainah, Supiyah, Luwamah lan Amarah.

Nafsu patang perkara kasebut sarta pakartining pancadriya, iku samangsa ora dikendaleni, lire diuja tumindak ing salonggar-longgare, wahanane tumrap salira pribadi banjur dadi mbakar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi, watak dara cidra, demen fitnah lan nganiyaya ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing sabanjure dadi demen marang tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran), laku nista, ambeg degsura, kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak brata. Kabeh mau pada mujudage sambeganing laku tumraping urip ya lait ya batin.

Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu lan ngeker pakartining pancadriya, temah bisa mranata jiwane sarta banjur ora wigih ngadepi sakehing goda rencana maheka warna sarta wasis nyabili seprelune. Yen wis kaya mengkono, dadine mestibanjur ora bakal kasamaran samangsa kudu ngadepi pati, karana jeroning uripe ora ninggalake tabe bebibget apa-apa.

Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane iku bisa lestari slamet iku kudu katindakake kalwan tanpa leren ing salawase urip, kanti awawaton sing wis ditetepake dening ngelmune, lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya karo gegebengane.

Mula mangkana jalaran samangsa wis niyatingsun nggilud marang sawijining ngelmu, panggilutu kudu sing kalawan temenan, ora kena sulaya utawa nyulayani sakabehing angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan sawijining prajanji kang kawetune lan kalakone mung sapisan. Bener ya sapisan iku, yen ta luputa ya ora kena diambali maneh dadi samangsa ora ngati-ati, wahanane bisa drawasi.

(3)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Ing antaran srana kang menika warna, srana panggayuke bisa kanti nggladi murih lair lan batine bisa tumata lan tentrem, meneng, wening lan dumunung – Tegese meneng iku ya menenge raga kang kaprabawa dening nafsu, wening iku weninge pikir, ngedohake gagasan sing tumuju marang tindak ora perlu lan ora utama, temah dumunung ana ing pusaraning gegayuhan. Jiwa raga sakojur gumolong gilik dadi siji ngadepi pajumbuhan kang pratitis nganti bisa klakon.

Yen laku sing kaya mangkana mau bisa digawe pakulinan lan bisa ajeg, samangsa ana gawe parigawe sawanci-wanci bisa diecakake kalawan ndadak sarta lekase bisa titis lan tatas. Satumungging rimbagan, gilig kaya gilige jladren kang munggah ing cithakon.

Surasane ngelmu sejati iku yen dirasakake temenan mula pancen nyenengake, karana bisa miyak sakabehing warana sing nutupi gaibing Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah saisine kabeh, wiwit kang agal kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.

Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem, kentir ing daya enggala bisa nyakup sakabehing isine wiwit “HA” nganti tekan “NGA”. Sing kaya mengkene iki njalari kurang pramareming panggudi lan suusurapane banjur mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki marga saka kapiluyune – malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi iku mau, nganti lali ing weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae, ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing anduweni reh kebatinan.

(4)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Maskumitir 4

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

Referensi

Dokumen terkait

Ana dene sarengat sing kanggo gagaran pamilihing kahanan, endi sing sejati lan endi sing mung pulasan, yaiku pangeling-eling marang Pangeran manunggale Kawula

Biyèn – biyèné neptu kang ana ing dina utawa sasi lan taun Jawa, kagunakaké kanggo Biyèn – biyèné neptu kang ana ing dina utawa sasi lan taun Jawa, kagunakaké kanggo nengeri lan

Kanyatan kang ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa urip ijen, nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing alam

Tradisi Lara Pangkon ing Wewengkon Mojokerto bisa digunakake minangka sarana lan prasarana kanggo ngraketake kluarga, bisa uga masyarakat supaya mangerteni

Tradisi Lara Pangkon ing Wewengkon Mojokerto bisa digunakake minangka sarana lan prasarana kanggo ngraketake kluarga, bisa uga masyarakat supaya mangerteni

kabeh ing sekabehe rukune sholat lan sekabehe syarate sholat lan sekabehe kang ambatalaken ing sholat lan sekabehe wong kang kuwasa ingatase ... Bagi wali anak laki-laki

kabeh ing sekabehe rukune sholat lan sekabehe syarate sholat lan sekabehe kang ambatalaken ing sholat lan sekabehe wong kang kuwasa ingatase ... Bagi wali anak laki-laki

Miturut dhata (50) lan (51) nduweni teges kondhektur ngongkon kernet kanggo menehi weruh marang penumpang supaya mundur amaraga ing mburi akeh bangku kang