SERAT WARNA-WARNI
PUPUH I KINANTHI
1. || Kinanthi amurweng kidung, srinarendra kang mandhiri,
surakarta kaping sanga, puwara widugdeng kawi, wasis ing gendhing wus kondhang, mumpuni kidung palupi ||
2. || Memalat waluyaning kung, mangripta kidung sesingir,
ngulari lejaring driya, driyarda asemu wingit, mangun wudharing duhkita, tumuntur karsaning widdhi ||
3. || Wedharing nala mangapus, puspitanireng utami,
tumamem ing driya aywa, kabanjur rudahing ati, tinaliti nuladheng tyas, tyasing sujanma utami ||
4. || Utamanireng pamengku, wewengkoning praja luwih,
wahyaning wektu kawuryan, waluya sining praja di, suminggah kala dursila, lelayaran met kang sepi ||
5. || Pinapas sagung rubiru, rerusuh gelahing nagri, nagri
yem mangayem-ayem, memayu waluyeng dasih, datansah pangudining tyas, tata tentreming nagari ||
6. || Rumaras-raras rum-arum, rum-arumira pinurih,
rumaketing pawongmitra, memitran samaning janmi, sapraja ywa na bencorah, rahayune kang pinurih ||
7. || Tumuntur utamanipun, mring putra-wayah ing wiru,
ruwiya ingkang utama, linuriya aywa lali, lelabet antuk nugraha, padhanging tyas narambahi ||
8. || Mring bumi tulus tinandur, kadarmanireng wadya lit,
lumaksana tan reksa, satitah narimeng ati, miturut tanpa leleda, widadanireng praja di ||
9. || Andina-dina tumimbul, purbaning kahanan jati, tuhu
adining tyas tama, pamardi murtining ati, tetumanen dimen tuman, kataman sarejuning sih ||
10. || Sih-sinihan ing sawegung, gung kinudang saprajadi,
dining kanang sru kaonang, onang jana nungsa jawi, wirotama trahing tapa, tur ta sinihan dewa di ||
11. Derajad winantu-wantu, tan kendhat saengga riris, riris
sedheng masa astha, esthining jagat ngestheni,
12. || Bumi gung-agung jumurung, mring sang mulkaningrat jawi, winantu agung kagungan, marang yang kang murbeng dhiri, raras ingkang karasikan, sanetyasa sakayuning ||
13. || Kayumanan ing sakayun, memayu isining bumi,
mardawa darunanira, reringane wus rinukti, tan pepeka lumaksana, pinardi dimen lestari ||
14. || Lestarining osikipun, manungsa kang sinung eling,
marang utamaning tindak, ing buwana aywa nisthip, panggosthinireng kasidan, sidaning dadi adadi ||
15. || Dadiya jayeng jaya nung, wenang amengku mumpuni,
mring manungsa kang widada, darsaneng praja utami, mulus tulusa utama, sedyane ingkang marsudi ||
16. || Dumadi dadi tumuwuh, wuwuhing kawruh martini,
mring wewengkon sang sinewa, weweton rumiya nabi, kita kangjeng rasullullah, insa allah mitulungi ||
17. || Mring umat kang sedya anut, agama ingkang utami,
memudhar ruweting driya, ywa sulaya kang patitis, tinimbanga ingkang terang, aywa age den lakoni ||
18. || Nastitining barang kawruh, wruha mring janna
mumpuni, mintaa tuduhing sastra, sastra ingkang ngemu wadi, wadakane kinawruhan, nistha madya mayang utami ||
19. || Utamanira wong iku, sabarang karepireki, den ririh
pangarahira, sayektine dadi olih, nora luwih nora kurang, sedyanta malah mepeki ||
20. || Pae kalamun kesusu, sabarang karepireki, tan katekan
temah susah, sumawana tan antuk sih, ing rama-ibu kapiran, dhuh mulane wong taruni ||
21. || Nyingkirana saru siku, manawa dadi prayogi, mituruta
karsanira, kadang wreda kang sung peling, eling-elingen ywa ilang, lelangen wulang utami ||
22. || Memanuha janma luhung, dimene anenulari, mring sira
ambeg utama, tumurun wahyune jali, jumbuh lan karsaning suksma, suksmanen aywa nalisir||
23. || Sirira an osikipun, ya rabbil rahmanirakim, kang
muya-muyaning tindak, tindaking tanajul tarki, kaki kinen ywa kagiwang, den gawang ywa na ngalingi ||
senyari, jer ijajil datan tebah, manggon neng kalbu tan mijil ||
25. | Anjajal tan pegat jujug, maring ati kang tan yukti,
telaten tan kemba-kemba, lamun durung den turuti, talikanen den tetela, laraping pangrusak budi ||
26. || Budiman kang nora keguh, ginugah mring taru iblis,
ayekti iku nugraha, ilahi ngaliyil ngalim, yakalbu mukmin bettolah, amanggon tan owah gingsir ||
27. || Jer siruhu winihipun, sirullah ingkang nampani, dadi
sining jagat-raya, gumelar wus amepeki, apa kang winalang driya, kawula mung anglakoni ||
28. || Lelakone den kaetung, aja mutung aneng kelir, lir
ringgit durung raina, ki dhalang nis nora pamit, belenconge ngalad-alad, nyalad mahaput kang kelir ||
29. || Perabote mawut-mawut, kang darbe wisma sumingkir,
kapiran dhalang yaganya, amung keri sepa-sepi, tan ana tinujweng karsa, dhedhayohe samya bali ||
30. || Mengkono upamanipun, pralambange wong aurip,
rapeta ngadu pucukan, pucuke netra jro jawi, winawasa aywa was-was, den andahan dadar dhiri ||
31. || Wus lami pamardinipun, kang nganggit sayah kepati,
panurate saben dina, selane praluning nagri, senadyan dinugekena, nedha tembangipun salin ||
32. || Respati pon ping selikur, mukaram wukune ringgit,
jimawal ing masa astha, windhu adi kang lumaris, sengkalanira rinipta, tata muluk ngesthi aji ||
PUPUH II
DHANDHANGGULA
1. || Pan pinardi wuwuhing penganggit, mring nak-rabi
tutuging ruwiya, supaya tembe wurine, tumrapa dadi tutur, marang ah1i kang sedya eling, ngeling-eling wewulang, amung lowung-lowung, kinarya anyandhet driya, driya arda kang tan wrin tata utami, yeku mangka pusara ||
2. || Saranane wong nedya utami, awal-akir kadi datan
medal, saking wulang sudarmane, sampat lamun ginilut, lelabuhan utama nisthip, mring patraping suwita, mtang
dadi wong agung, ing driya ywa gung kagungan, den patitis dhuh babo olah prajadi, den ayem satoseng tyas ||
3. || Tyas tan keguh memanising estri, ring ature wadya
kang tan lana, yogya winawas yektine, ywa corah dipun samun, amet daya ywa ngetarani, den wani atinira, ing netya aywa ru, sirung lengus wacanarda, tan jatmika ing solah nora prayogi, den manis ulatira ||
4. || Lan den nedya tapa sapakolih, nanging aja neng pucuk
andaka, sepi nora antuk gawe, tanpa rowang mung ngantuk, layap-layap impene becik, nging yektine tan kena, iya antukipun, kacakrabawa ing cipta, kang cinipta sayektine mikatoni, aneng jroning supena ||
5. || Nora kaya wong tapa neng nagri, wruh ing tatakrama
parikrama, tan kidhung solah bawane, tur leket mring sang prabu, rau yekti badaling widdhi, kuwasa ambagea, mring kawulanipun, mung mituruta sakarsa, sang sinewa kang nulls iki nglakoni, mangkya gumantya nata ||
6. || Tur ta akeh kang ngalang-alangi, suprandene meksa
keturutan, saking temene atine, tan keguh pinrih rusuh, mung nuhoni rehing sudarmi, ing mengko tan sulaya, pangudang ramebu, dhuh mulane wekasingwang, den miturut ing yayah-rena ywa wani, wak dhewe wus kalakyan ||
7. || Yen mungguha surya kang anulis, wektu asar leket lan
surupnya, wus adoh lawan bangune, dhuh pirangbara ingsun, lamun misih lawas nunggoni, mring anak-putuningwang, iya awet idhup, araling umat tan kena, tinamtokna yen ana karsaning widdhi, ayekti tan suminggah ||
8. || Lamun misih kuwat awas eling, bok menawa awet aneng
dunya, angemuli nak-putune, yaiku bejanipun, yen kelakon kajadireki, sun muji amemuja, ing siyang myang dalu, sanadyan parta ing lena, kang sinedya tinggala labet utami, mring praja kawistara ||
9. || Luwih rungsit-rungsiting pakarti, kang tinitah
amengku-buwana, wengi tanpa antuk sare, yen nadhah mangu-mangu, jroning bukti akeh pinikir, lapuran nistha madya, utama puniku, pamengkune mancawarna, kyehning bangsa sumawana minta bumi, bumi keh paekanya ||
10. || Paekaning liyan dipun udani, dedimene ywa sawaleng karsa, sasanane dimen oleh, ywa tuna kawruhipun, marang pae-paening jinis, watake kinawruhan, supadi ywa kidhung, pakumpulan warna-warna, den patitis pangucap winor memanis, nging atwa keneng kemat ||
11. || Tegese kemat dhuh anak mami, sarupane kang enak
pinagan, mring netra anyenengake, anggendeng
jumarunuh, amemanuh kang makewuhi, ing madya lan wusana, utamaning kawruh, wruha pakewuhing jaman, dhuh nakingsun kang gumantya narapati, titinen dimen tata ||
12. || Tar len amung ywa keneng memanis, manising kang
saniskareng basa, liyan manise kang anduwe, duweni buwana gung, tansah langgeng tan owah gingsir, mung iku kang panintan, sakayuning manus, manungsa poma den awas, mring sasmita kang samaraywa tan uning, ningena aywa corah ||
13. || Dhuh nakingsun kang gumantya aji, aywa karem ing
arta busana, nanging aywa nyepenake, mring arta busaneku, parlu dadi saraneng nagri, nistha lamun tan ana, utawa den agung, asugih bala branarta, tur ta bisa meminta ganjaran maring, wadya kang setyeng karya ||
14. || Yen sinewa den awas ningali, marang wadya apa
karyanira, aywa dhompo pamintane, mring karya wajibipun, tuwin wadya ciptane rungsit, tan heres sedya lawan, parentahireku, wong agung aywa kuciwa, agal-alus mring karepe wadya mamrih, urcara tan prasaja ||
15. || Wus winawas ing jaman samangkin, akeh kang mangerti
basaning liyan, kapiran basane dhewe, jamake wong met kawruh, den salesihwajibireku, den manggon tekadira, ywa was-was ing kalbu, iku lagi ngupayaa, kawruh liyan dadiya busaneng nagri, ywa malbeng kalbunira ||
16. || Kabudayan dayane pinurih, amimbuhi budi kang
santosa, tinimbang mrih utamane, inata kang tartamtu, marang wadya kang oleh budi, budyruja dadya tandha, utamaning laku, kang ngasta praja tan nendra, anastiti mring wajibira tang gingsir, arum wijiling abda ||
PUPUH III M I J I L
1. || Wuryaning piwulangingsun kaki, kang wus winiraos,
ingkang tumrap sarkara kanthine, nora saking luwihing pangeksi, mung kepeksa wajib, pitutur nak-putu ||
2. || Nora kurang pituturing nabi, lawan para katong, kang
wus kocap kitab jawa rabe, nging kumudu manira muwuhi, minangka wulang mring, atining nak-putu ||
3. || Mung dumunung mring ahli pribadi, boya mardi ingong,
mring umate liyan sakarepe, pae lawan pitutur jeng nabi, sayekti linuri, mring janma sawegung ||
4. || Gunggungane wong urip puniki, aja karem goroh, sapa
wonge dinoran sukane, nadyan silih jasade pribadi, lamun nyulayani, lawan karepipun ||
5. || Kaya kolu-koluwa gebugi, mring awake mak bog, apa
dene wong liya yektine, yen dinoran sayektine runtik, unggahira malih, sanadyan Hyang Agung ||
6. || Nora sarju dinoran sujanmi, tandhane mengkono,
lamun janma temen pamintane, nging tinimbang lan pangkatireki, sayekti Yang Widdhi, miturut sakayun ||
7. || Duninging timbangira Hyang Widdhi, wujude
mengkono, kadi lemut minta ganjarane, kanang gajah sayekti tan olih, wit angganireki, tan kawawa nyangkul ||
8. || Lamun sira trahing nayakadi, aywa karep babo, saben
wana menek dadi kethek, prayogane suwiteng narpati, den temen nastiti, iku adatipun ||
9. || Wahyu iku datan anibani, manungsa kang adoh, lawan
ingkang sinengitan lire, yekti tiba mring kang den senengi, mulane wong ngabdi, minta asihipun ||
10. || Nora dupeh putrane pribadi, lamun kabesturon, nora
anut rehing sudarmane, tan prayoga wekasaning wuri, pae kang antuk sih, lestari sakayun ||
11. || Pan wus akeh tuladhane nguni, atmaning sang katong,
kang tan antuk brekahing bapake, tan prayoga dadining kadidin, dhuh mulane kaki, ngabektiyeng ratu ||
12. || Nadyan dudu ratune pribadi, urmat mring sang katong,
supayantuk brekahe wahyune, ratu iku musthikaning bumi, bumi kang darbeni, ya rabbil rahmanu ||
13. || Nenulara brekahing narpati, kamukten prapteng don, tumuruna mring anak-putune, ywa kalimput kasukan tan eling, dhuh-dhuh anak mami, den nedya rahayu ||
14. || Wus lumrahe manungsa puniki, ana kang antuk don,
weneh tansah kacuwan karsane, iku pasthi lupute pribadi, tan awas mangliling, kalamangsanipun ||
15. || Mangsa udan meh suruping rawi, teka lelungan don,
pesthi bae kalocut awake, pepadhane wong kesed tan nagkil, jasade besisik, bibirira biru ||
16. || Pasthi bae tinarka madati, mengkono dating wong,
janma karem botohan yektine, lamun kalah tinarka memaling, yen kitab sinandhing, tinarka makedum ||
17. || Nanging yekti solahing sujanmi, katandha katonton,
ingkang temen lan goroh atine, pinet saking wirasat jro manik, nanging pilih-pilih, kang uninga iku ||
18. || Jaba kang wus binuka ing gaib, waskitha ing raos, sarta
eling maring caritane, iya Iman Sapingi ing nguni, nanging luwih remit, pakaryaning gambuh||
PUPUH IV G A M B U H
1. || Kejaba kang wus weruh, marang elmu wirasat wong iku
, sapatemon tan samar kareping janmi, katandha neng badanipun, barang karepe wus jumboh ||
2. || Jomblah pakartinipun, lman Sapingi wirasat iku , wus
tinata neng kitab kinarya pasthi, tur kaiden kanjeng rasul, lawan sakabate manggon ||
3. || Nanging ta pethek iku , maksih kuwasa yang
mahaluhur, upamane wong raine burik cekrik, pasthi ala rupanipun, nanging atine tan goroh ||
4. || Sababe manungseku, bisa ngliling mring saliranipun,
yen rumasa alane bisa ngowahi, pae lan kewan sadarum, lamun cirine wus awon ||
5. || Tan bisa owah iku, sebab tanpa ngen-angening kalbu,
yen manungsa pinunjul titahing widhi, bok menawa bisa nglebur, alane pating cerengos ||
6. || Dhuh anak-putuningsun, den angliling mring
wayanganipun, wadakane pinrih sima saking dhiri, bok menawa labetipun, sirna lan brekahing katong ||
7. || Tarik-tinarik iku, bejaning wong lan brekahing ratu, nora pae kawula kelawan gusti, sayekti limput-linimput, jasad tebenging Yang Manon ||
8. || Yang Manon kang amengku, marang uriping manungsa
tuhu, ingkang padhang anglimput peteng sayekti, panas ngilangken dhemipun, mengkono martabating wong ||
PUPUH V S I N O M
1. || Wus wateke wong taruna, keras budi kurang titi, mung
karep ubyung-ubyungan, sayah nora antuk kasil, barang kang den karemi, mirungga ginawe parlu, anebih mring wong tuwa, wedi lamun den srengeni, wus rumasa lamun durung nut ing karsa ||
2. || Karsane ibu myang rama, winulang utameng dhiri, wus
adate wong taruna, pangrasane den srengeni, bungah yen den turuti, polah ingkang nora patut, nanging ta ana uga, wong anom kang mituruti, wewulange rama ibu lumaksana ||
3. || Kang mengkono arang-arang, takdir dadi manungsadi,
lir carita jaman kuna, iya Jeng Nabi Ibrahim, lawan putranireki, Ismail kang bangun turut, mring bapa pinrih lena, tan suminggah anglakoni, aja ingkang pinurih dadi utama ||
4. || Sapa ingkang sugih beja, linuwih mung Nabi Brahim, lan
putra Ismail lskak, jer miturut ing Yang Widdhi, nurunken para aji, kongsi jaman akir besuk, ing Ajam lan ing Arab, lan sakehing para alim , sami mijil saking Ismail lan lskak ||
5. || Ing jamane majalengka, Brawijaya kang mungkasi,
pantes kinarya ruwiya, patraping bapak lan siwi, Rahaden Patah nami, kang ginadhang madeg ratu, tur sedya mrih utama, rumangsuk agama suci, kumawawa amardi marang kang rama ||
6. || Dadi keleru ing patrap, wong tuwane pinaredi, sang
nata tan sarju ing tyas, temahan mikrat tan wigih, nging semune sang aji, serik marang putranipun, kelakon tan widada, dera megeg narapati, nora kaya lelakon bondhan
7. || Timur winor lan wong desa, kinen tapa anglakoni, lega galihe sang nata, antuk sihing awal-akir, miturut ing sang aji, beja ketibanan wahyu, lumuntur datan kendhat, nugrahane amimbuhi, dadi tampa kamuktene tanah jawa ||
8. || Prapteng mengko nora ginggal, trahing Tarub kang
antuk sih, amangku rat tanah jawa, tumangkar ngebeki bumi, sapa kang anuhoni, wong tapa nut tuduhipun, bapa tur naradipa, prayoga lamun linuri, maksih akeh tuladan nistha utama ||
9. || Tuladaning puruwita, mring guru jaman kariyin, kadi
Arya Bratasena, mantep anglabuhi pati, tur ta nora sayekti, pituduhing gurunipun, mamrih sirnaning Sena, malbeng telenging jeladri, nora mati malah antuk sihing dewa ||
10. ||Yen wong tapa adedana, bandha bau lawan bukti,
angenaki atining liyan, musungsung mring Sribupati, katrima pandongeki, Singaprana aranipun, demang desa ing Sima, wusanane jaman mangkin, nurunaken narendra ing Surakarta ||
11. || Iba-iba trahing nata, yen lelabuhane becik, utawa
berbudi sabar, pasthi wahyune sumandhing, lir sang mulki astha ji, ngantuk anemu praja gung, nging abot lakunira, cegah wanita jekining, yen kang nulis minta ampun boten bisa ||
12. || Mung mukti lan panjang yuswa, katularana kang nulis,
padhanging driya trus netra, wasis ing sabarang kardi, pantes yen busana di, dinulur sakajadipun, tumuntura
mring wayah, amung ingkang saprakawis, kang
mangripta nyuwun pamit sugih garwa ||
13. || Tambah wajibing taruna, leketa sujana wegig, minta sih
sang bijaksana, tumuntura kawruh luwih, kang perlu den kawruhi, prayoganing tindak-tanduk, myang tatakrameng praja, pae-paening nagari, lan patrape prayogane pamongmitra ||
14. || Pamitran sakehing bangsa, prayogane den kawruhi,
lair-batine tan kena, tinitiya kang patitis, tumraping kawruh sami, ywa dhompo pamintanipun, wijange kinawruhan, tumpraping engga pinardi, dadining kanggoning kawruh ywa bencorah ||
15. || Rahayune kang pininta, pinujiya ingkang sami, kehning jana kinulina, rerukunan tan ayenggring, kekenan ing sakapti, katandukan marbuk arum, rum-arume angambar, angambar srujuning ati, tinitenan ing jana sapramudita||
16. || Yayah rume puspitabra, angambar ngebeki bumi,
karenan nanduki grana, ning manungsa kang jurungi, mring pra mudha kang darmi, ing kawruh ingkang linuhung, kinudang-kudang dadya, busananira prajadi, kanugrahaning praja tulus rahruja ||
PUPUH VI P O C U N G
1. || Aywa ancung yen suwita mring wong agung, lawan
kancanira, lamun sira antuk singgih, den abisa ngenaki atining kanca ||
2. || Pan ing nguni ana panukawanipun, narendra kaping pat,
arane bagus Semail, kinasihan marang kanjeng Sripamasa ||
3. || Pan utama labuhane Mail mau, antuk sihing nata, dadi
Jayengastra upsir, sinung aran Rahaden Jayengmarjaya ||
4. || Saya nemen prayoganing tindak-tanduk, wimbuh sihing
nata, kinulawisudha malih, apan dadya nayaka tengen keparak ||
5. || Sinung aran Sasrawijaya Tumenggung, saya wruh ing
karya, mumpuni rumekseng nagri, nuju ana pepatih keneng bencana ||
6. || Mangkupraja araning patih dibya nung, sekti
mandraguna, prakosa tur teguh wani, ing sawiji dina Dyan Sasriwijaya ||
7. || Kinen nyekel mring patih kang ambeg purun, sendika
tumandang, ki patih tan bisa osik, saking bisa nanduken sabdaning nata ||
8. || Tur ta iku bapakne dhewe tan gigu, marma srinarendra,
ascaryeng tyas wimbuh asih, pan ing wuri gumatya rekyana patya ||
9. || Patangpuluh taun dadya patih anung, kaonanging jana,
Sasradiningrat dipati, amumpuni pangrehing praja wiryawan ||
10. || Prapteng lina neng mageri kuburipun, iku wong abeja, saking labuhane becik, marma pantes tinulad para taruna ||
11. || Paribasan wong labet temen tinemu, aran Kyai Sara, ing
manggaran dhukuh pinggir, ring narmada lelakone Kyai Sara ||
12. || Lagya adus sang nata jengkar mangidul, marang
pranarag, Ki Sara amitulungi, anabrangken sang nata kalawan putra ||
13. || Pan ing mangkya Ki Sara turune kumpul, lawan
srinarendra, antuk nugraha nulungi, dadya Arya Mataram Adikusuma ||
14. || Aja kadi mangunoneng Ki Tumenggung, nyidrani sang
nata, kawenangan mangkubumi, pan dhineplok daginge binadong sona ||
15. || Lan padhane mantri lungguhe le tuku, adate tan lawas,
rong turunan null enting, bali mulih dadi bujang mikul salang ||
16. || Lamun sira neng wisma dhuh wong abagus, nyambiya
pakarya, ira ingkang makolehi, dimen jenak atinira aneng wisma ||
17. || Anenandur ingkang ana nipkahipun, tambah rasulullah,
wohing palakirna dadi, ingkang mangka nikahing garwa lan putra||
18. || Iku dadi nayakengrat kanjeng rasul, maksih sumajiwa,
nglakoni wajibing dhiri, panji klanthung bae pijer seseretan ||
19. || Lah kepriye kelakone karepipun, yen ana lowongan,
pyayi sregepe kepati, panedhane pan nuli ginentekena ||
20. || Yen tan antuk nuli bali maneh mlincur, sarwi,
nguman-uman, tan antuk dene wak mami, dadi sanak panjalukku tan sinungan ||
21. || Pasthi gila wahyu iku yen andulu, labuhan mangkana,
wahyune lumayu ngenthir, asedyaa taberi saregep seba ||
22. || Lawan kudu bisa basa sastra telu, jawa arab landa,
kinarya sangune ngabdi, dadi nora kidhung lamun ana karsa ||
23. || Jer samengko ingkang kanggo telu iku , pae jaman
kuna, wong tapa kang den ulati, nadyan bodho sayekti yen pinilala ||
24. || Kaya Bagus Gimbal gawene lumaku, tangeh yen kanggonan, ngelmu lair lawan batin, suprandene padha kayungyun tut wuntat ||
PUPUH VII P A N G K U R
1. || Padha ngungkuma kanisthan, bok menawa bejane
anekani, adhuh babo wong abagung, prau kandheg samodra, parang jaja ing wanodya aranipun, kalamun sira suwita, labuhana prapteng pati ||
2. || Suku jungkur layar kaga, den perigel silahira sumiwi,
bayem arda kursi agung, den anteng neng paseban, aja mulih lamun durung wayahipun, yen nedya suwiteng nata, aja keset aneng panti ||
3. || Kalesa kentar ing tirta, jobin citra mijil eropa nagri, den
merekati ing tembung, sumarah ing sakarsa, marang gusti suling kukila kang muluk, arka kang munggeng wadana, sawangen tingaling gusti ||
4. || Braja pangapit jajaran, mlinjo wana dhuh babo wong
asigit, yen tan ana perlunipun, ywa wurung nagkil sira, papah aren pangudange anak kakung, aywa leleda yen dandan, den arikat ingkang jening ||
5. || Wanita kang durung krama, wreksa reta bumbu
soganing kain, kalamun tangi wong bagus, aywa kawanen sira, kretek bata ala nganggur becik subuh, mina pinet jroning bara, ywa nendra surup tan yekti ||
6. || Dhuh kulup angur salata, sokur ing yang gonira sinung
urip, nanging yan ana tengadur, kang timbang perlunira, tinggal salat aja was atinireku, sebab perluning asalat, sima was-wasing ati ||
7. || Sun ambaleni carita, lelabuhan tyas temen mring
narpati, nguni ana demang dhusun, gyanti jayakartika, ian ing taji aran sutajaya cucuk, labet temen lawan tapa, memuji brekah narpat i||
8. || Sutajaya wus widada, darbe turun wanodya yu linuwih,
kagarwa marang Sang Prabu, Pakubwana ping tiga, apeputra kaping pat kang madeg ratu, samangkya nurunken marang, narendra Surakartadi ||
9. || Gantya Ki Jayakartika, darbe turun wanodya yu linuwih, kagarwa marang sang prabu, mijil Pakubuwana, kaping wolu pan ing mangke buyutipun, saking ibu sang sudibya, kusuma Surakartadi ||
10. || Dhuh nak putu sir manira, sung tuladha utamaning
dumadi, sapa kang sedya karungu, lumebu driyanira, tur linakon sakuwasanira bagus, menawa Hyang Mahamulya, sir marma marang sireki ||
11. || Poma-poma teraingwang, aja sira sedya umadeg aji,
mung nyuwuna berkaipun, leluhur para nata, sebab ratu yen sinedya dadi luput, amung sang asmakul husna, kang minta adeging aji ||
12. || Balik mung ngaub-auba, endi ingkang pinilih
mangkubumi, lamun sira darbe sunu, ayu ing warnanira, pepujinen dadiya timbanganipun, sayekti nora duhraka, kumambang ing yang widdhi ||
PUPUH VIII MASKUMAMBANG
1. || Lir giyota narmada wong aurip, tirta purbaning yang,
kang mangka eroh kemudhi, isine cipta lan ripta ||
2. || Mudhik milir bait lakunireki, juragane ngiras, iya kang
nyekel kemudhi, bebakule durung teka ||
3. || Mareng palwa lelakone tuna-bathi, kalamun cilaka,
praune kerem neng kali, barange katut ing toya ||
4. || Kang kemudhi lungane tan ana uning, jer iku opahan,
wedi lamun den srengeni, mring kang andarbeni barang ||
5. || Lah pikiren dhewe anak putu mami, sapa kewajiban,
andarbeni donya iki, den rempit nanging cupana ||
6. || Yen ketemu dununge we tatadarmi, sayekti nugraha,
nanging ta angel kepati, yen tan awas ing sasmita ||
7. || Sasmitane sang wiku tanggaping ati, nira kang
waskitha, lelejeme sang angsung sih, sayekti minulyeng jagat ||
8. || Wus semono bae sedheng memucuki, yen tumrapa
dhalang, yogya lelakone salin ||
9. || Semuning don nampa wulang utami, kang kanggo neng
10. || Pasemone kuda curigestri tulis, jarwane mangkana, kuda den kuwat terampil, curiga landheping cipta ||
11. || Wanitadi ben bisa ngenaki ati, tur manising sabda,
karya kayungyun ing laki, satra parigeling basa ||
12. || Basa nistha madya utama ngawruhi, myang basa lyanira,
bisa anyampuri angling, yeku dununge kang sastra ||
13. || Sokur lamun sira bisa anguwruhi, sastra jroning badan,
yoga minta tuduh maring, ulama pratameng sastra ||
14. || Amintaa dununging tepakur kaki, lan tarek sekawan,
martabat sapta naweki, lawan sampurnaning salat ||
15. || Aja pijer salat kaya bocah cilik, tertipe rinasa, kusuke takbir ywa lali, ikrane menawa kena ||
16. || Wajah lawan ihtidal ayat nusuli, mung dadi kekembang,
alang-anjir kaya biting, iku kaki kawruhana ||
17. || Bar jamangah kutbah sarapan mukminin, ayate
mangkana, yapat luraban sawahi, wardining rapal mangkana ||
18. || Heh manungsa ngupayaa pangeran lain, kang murba
ing ira, kang esa amung sasiki, yen liyeku pan cilaka ||
19. || Dadi dudu pangeran kang murbengjati, jatining
manungsa, samar sinamun ing eblis, poma kulup den waskitha ||
20. || Barang tindak-tanduk dipun amumpuni, kalawan
rasehna, manungsa kang ahli budi, ing kawruh durmaning jaman ||
PUPUH IX D U R M A
1. || Aywa age ngubungi karsa tan yoga, saringen dipun
wening, pituturing jaman, kuna manungsa tama, den temen sira memundhi, brekahing basa, nabi ratu myang wali ||
2. || Aywa lali lebokna ing driyanira, supaya amimbuhi, ing
driya santosa, mring kawruhing Yang Sukma, kang gumelar den kaliling, lelabetira, nistha madya utami ||
3. || Lamun sira dhemen anabuh gamelan, ywa pijer
ngelak-ngelik, semuning pradangga, sayekti kawruhana, jer iku yasaning wali, amesthi ana, semune kang piningit ||
4. || Barang katon karungu sayekti kena, pinet umpamneki, lamun dhemen sira, ngingu mineng panepang, nyamleng lan panemu mami, pasemunira, kawula lawan gusti ||
5. || Yen leledhang mring kebon angundhuh kemban , aja
pijer sesumping, pikiren kang lata, kembang lan uwohira, nalikane durung mijil, neng ngendi gonnya, prayoga den kawruhi ||
6. || Lawan woh kang enome kecut kalintang, tuwa lebi
kepati, legine kang teka, sinimpen aneng apa, ula sawa luwih becik, ing citranira, sapa ingkang anyungging ||
7. || Lawan pandam pinaten urube sima, genine menyang
ngendi, lintang yen raina, sesinglon aneng apa, bayi neng garbaning babi, apa ta gesang, apa yektine mati ||
8. || Yen kang swara karungu nampeki kama, kapriye ta
sireki, paran ta kang swara, lumebu jroning kama, paran pangrungu marani, lah encupana, iku cangkriman mami ||
9. || Pan wus lumrah wong ngucap jalu wanita, mangkene
denira ngling, ya masa watira, kalamun awakingwang, misih pinayungan maring, Yang Mahamulya, priye dunungireki ||
10. || Pan ing nguni kang nulis wus minta jarwa, mring wong
kang mumpuni, Kusumadilaga, sang wiku tejamaya, tansah sinangga ing krami, prapteng pralina, wakne durung muruki ||
11. || Mangka perlu pangrung ningsun duk kuna, ageme
senapati, alaga mataram, elmu kanggo ayuda, arep nendra mentas guling, tandah kawangwang, ywa pegat angulati ||
PUPUV X MEGATRUH
1. || Aywa limut memundhi pituturipun, panembahan
senapati, alaga nateng mataram, kanugrahana dumeling, lelabet utamaning don ||
2. || Luwih luhung lamun angleluri iku, wewulang jeng
senapati, layang sruti aranipun, sangangpuluh pada naming, surasa utamaning wong ||
3. || Lamun bisa nampani wulang sang prabu, sayekti dadi utami, sebab ing nguni srimulku, sabarang wus den lakoni, wulange tan ana linyok ||
4. || Dhasar ratu lelanang nungsa jawa nung, yeku layak
linaluri , nambahana bejanipun, mring anak putu ing wuri, brekahe tumrap ing mengko ||
5. || Yen srinata ing mataram Sultan Agung, tan kena tiniru
yekti, mapan iku wali ratu, mujijade mratandhani, mintaa brekah kemawon ||
6. || Sebab wali tur umadeg ratu agung, yaiku Yang Maha
Suci, wus ngedheng dadi sang prabu, lir jeng rasulullah nguni, wus kalilan tunggal enggon ||
7. || Upamane wong anelat labetipun, duk enome Sunan Kali,
jaka blunthahe kalangkung, tuwa-tuwa dadi wali, iku nugrahane Manon ||
8. || Yen tirua polahe ala kebanjur, yekti anedya anuhoni,
malah cendhak umuripun, marga konangan le maling, jasate kinrocok nguwong ||
9. || Lawan akeh murid ing tejamayeku, tan anedya anuhoni,
marang wulange sang wiku , tur wasis waskitheng wangsit, muride akeh kang linyok ||
10. || Karemane sang wiku ingkang kacatur, iku padha den
leluri, main madon madat minum, jamak wong guguru murih, ngelmune iku sumrowong ||
11. || Wus mangkono adate wong anom iku , mung kang
gampang denlakoni, naging ta wasananipun, awak rusak ati sedhih, kawruhe peteng tur crobo ||
12. || E mulane nguni bener wulangipun, kaping pat sri
narapati, lamun sira anggeguru, ulama kang ora melik, ya marang pawewehing wong ||
13. || Pan ing nguni ana ulama pinunjul, Abdulkahar abebisik,
sareh titis-lamun muruk, tur mring kitab amumpuni, bisa nawang kareping wong ||
14. || Lamun ana wong minta kawruh kang luhung, datan
banjur denturuti, binobot sakuwatipun, upamane desa cilik, tan kuwat kanggonan katong ||
15. || Padha uga wong munggah ing panggung luhur, banjir
jinujug ing nginggil, nora ngambah dalanipun, pasthi bingunge kepati, tan bisabali mangisor ||
16. || Jamaking wong mituturi mring anak-putu, dedalan sinungken dhisik, aja laju ujung gunung, sebab pakewuhing margi, margane alas tur bondhot ||
17. || Kang lumaku ngawruhi pakewuhipun, sebabing wong
wus winangsit, panggonane kang jinujug, yaiku guru utama, kasmaran pan ora linyok ||
PUPUH XI ASMARADANA
1. || Karaseng tyas lamun eling, wewulange guruningwang,
Abdulkahar wis mangruweng, alim tela ten yen mulang, kuwat umure dawa, nora sah ibadaipun, suprandene sugih garwa ||
2. || Lan bisa sejarang ngelmi, wiwit kanjeng Rasullullah,
tumerah mring ingsun mangke, dadi wruh wite kang mulang, tan mamakesmu tama, mijil saking kanjeng rasul, mring putra prateng manira ||
3. || Iku pantes linaluri, wulang kawruhe tetela, dadi tan
kowar uruse, karo nalikane arsa, mulih mring
rahmatuallah, wus pitutur mring nak-putu, iku wong waskitheng tindak ||
4. || Panuwune kang anulis, muga ta katularana, lelabuhan
kang mengkono, marmaning yang wus katandha, eling umure dawa, kuwat misih darbe sunu, nyata uripe sumrambah ||
5. || Tata pamulange titi, sarengat nuli tarekat, hakekat
makripat jenggleh, dadi tan kajaba riyah, tembunge wong sarengat, tertib tegesiro urut, urute martanatira ||
6. || Tegese martabat yekti, ngawruhi gegawanira, saking
bapa lan biyunge, lan saking paringing sukma, yeku kudu pratela, perlu dadi prabotipun, ngupaya elmu utama ||
7. || Akeh ngelmune Yang Widdhi, mangkana ibaaratira,
banyu jeladri lir mangsen, kayune upama kalam, godhong karetasira, ngelmuning yang misih agung, kurang papan mangsi kalam ||
8. || Lawan akeh kawruhneki, donga kang kanggo tetulak,
ing praja myang ing desane, kabul sepine katrima, nanging prapta samangkya, muride tan ana tiru, mung brekahe misih ngambar ||
9. || Aja kaya Bagus Jedhig, keh janma samya kagiwang, miturut saparentahe, lamun pinintanan wulang, ngelmune kang utama, mangsa bodho sauripun, suprandene pinilala ||
10. || Iya pantes yen wong cilik, tan bisa nimbang manungsa,
dalah pyayi ngetutake, wong wadon akeh jinamah, kawenangan negara, binuwang mring sabrang sebrang, wus sima kuwasanira ||
11. || Lan ana wong wadat nguni, ing Matesih wijilira, Bagus
Satriya jenenge, ya akeh kayungyun padha, yen panintanan berkah, saure dhuh anak putu, kula niki boten bisa ||
12. || Nanging pantes den urmati, jer wadat umure dawa,
menawa kabul dongane, lan ngibadah saben dina, solahira prayoga, mung lakune wadat iku, carike nora keduga ||
13. || Pae minta tuduh maring, mas pangulu tapsirmudha,
trahing wirya wruhing raos, ing kitab campura lawan, ihtidiyating praja, tinurut lan kawruhipun, jer wahyune wus katingal ||
14. || Prayoga nak-putu mami, ngurmatana mring wong tuwo,
jer iku akeh taune, sokur yen kawruhe kathah, utama pinintaa, nadyan sudra tarehipun, patute ywa siya-siya||
15. || Wong anom becik nyedhaki, manungsa kang sugih
kojah, lir paman suryabratane, ingsun iki kang kulina, akeh wulang maring wang, bok anake dhewe iku , yekti kulina manira ||
16. || Elingan sabarang weling, wewulange wong atuwa,
padha tinutuken kabeh, dadi padhanging tyasira, pinajar kwehning wulang, eman-eman paman iku , teka age-age tinggal ||
17. || Wus sampat denira nganggit, pamitane garwa-putra,
pitutur amirit dongeng, anggara kasih ping tiga, dhukut sapar kaastha, jimawal adi kang windhu ||
PUPUH XII DHANDHANGGULA
kidhung, nandhang karbin durung binangkit, laku tangan lan padha, nut kumendhiripun, petis tikta ing benggala, durung prigel serandune ajar karbin, mila pinelak-pelak ||
2. || Pan wuscelak mangkya pakartining, panjenengan
tahunancira sang, lan perlu badhe Islame, risang atmajeng ratu, para wadya kang amajibu, pakaryane pininta, dunung-dunungipun, sang dwijamantri mranata,
marang wadya Surakarta amiranti, mring wajibe
priyangga ||
3. || Aywa kusut tiningalan benjing, pakurmatan ri sang
narpaputra, mring janma liyan prajane, mila pirantinipun, maligandah sasaneng supit, rineka pindha grija, kang endah nagri rum, gapura ingakir samya, lung oranye linut ing sesungging wilis, pinrada sawetara ||
4. || Wus misuwur mring bangsa lyan nagri, pakaryane risang
narpaputra, ing taun alip tamtune, mila tyasing pra wadu, myang bangsa lan praja kang sami, rebut dhucung denira, met daganganipun, kang endah adi warnanya, cipta payu menek tikele kang bathi, menthel asimpen arta ||
5. || Tetela yen gampang mamrih picis, nagri sSrakarta wus
kasusra, wong dagang mesthi payune, supenuh isinipun, jroning praja myang desa sami, lyan bangsa samya krasan, wismeng dhusun-dhusun, gampang met pangupa jiwa, tata tentrem dursila keh sudaneki, saking parmaning suksma ||
6. || Pan sinuksma ing seari-ratri, mring sang mulki
pakewuhing jaman, wadya manut ing sapangreh, sembada wedana nung, nembadani karseng narpati, pratiwa sagotranya, sumungku samya nut, mring sang dwijamantri samya, ulah pra a mrih utama memanising, pinuji lestariya ||
7. 7|| Lestarine pinuji pinundhi, srinarendra trahing
ngeksiganda, marang pandam salamine, dadya pandam pangaub, aning wadya jalu lan estri, lumunture utama, risang narpasunu, lir rama sang narpa dibya, santoseng tyas tan ana wadya kekasih, rata pininta-pinta ||
8. || Titi teteh tetela tinali, lelabuhan leluhure ing kuna,
kakenan kabudayane, tinimbang tumprapipun, lan kang kanggo ing jaman mangkin, kinira sinuksmeng tyas,
lestarining kayun, ngayomana ing sapraja, pamudyamba dhuh gusti sang narpasiwi, adila lir srinata ||
PUPUH XIII S I N O M
1. || Rehing ta misih taruna, gustiku sang dibya pekik, aywa
karem peprenesan kang tan pantes den lakoni, sayogyane angathik, wady akang utameng kewih, pininta wulangira, lelabuhaning narpati, kang utama pangreksaning praja wirya ||
2. || Supaya katularana, derajading narapati, kinasihan ing
yang suksma, lir Jeng Sultan Agung nguni, lan sayogyanta gusti, ywa pisah lan rama prabu, upaya uningaa, pakartining narapati, dadi nora kidhung lamun ana kruya ||
3. || Sebab putraning narruya, kedah bangkit agal remit,
mumpuni sakeh kagunan, prawira alusing budi, dadi
wadya sanagri, wedi asih patrapipun, tumrampil
amemitran, wataking wong liyan nagri, samya suyud ngawula nora ngresula ||
4. || Tinggal wisma rajakaya, anak-rabu den boyongi, suwita
srinaranata, iku tandhane utami, sayid neng arab maksih, emut nalika ketemu, srinata binujana, ing mangke angsung kintaki, amemuji galur 1ir wong maca kitab ||
5. || Lir anggane wong supena, angantuk sinambi nulis,
sabtu legi ping sekawan, kasanga rabingulakir, jimakir windu adi, mandhangkungan ing jam pitu, sangkala luhurira, sang brahmana narapati, dipun agung aksama pun adisara ||
PUPUH XIV GAMBUH
1. || Sun puji dimen gambuh, dhuh gustiku risang
narpasunu, mengku praja jatmika tulus ngluluri, mring aluraning leluhur, narendra di kang kinaot ||
2. || Barkahnya kangjeng rasul, ywa katinggal agama
3. || Dumadi datan kusut, sakarsane utama tinemu, mrih lestari lelabuhan kang utami, emuta yen badhe mengku, praja di kalangkung ewoh ||
4. || Ewuh lamun tan weruh, lele jeme jagat kang winengku,
kudu meneng yen wengi kalawan wening, weningna osiking ngehu, lakuning narendra kaot ||
5. || Kurang nendra yen dalu, yen abukti dinuga ywa kaduk,
suka-suka ywa baliwur, ujwalaning yang katonton ||
6. || Tetela tan kaleru, rahmating yang dumunung neng
kalbu, kalbu babar amber ngalebi sanagri, nagri yen samya kayungyun, kayomana mring sang katong ||
7. || Katon ton siyang-dalu, kamurahaning narendra agung,
sentana sih tan ana sawaleng kapti, tentrem rineh nora ewuh, wuwuh nugrahaning manon ||
8. || Noraga wadya dhusun, sumarambah sedya anenandur,
supayane aywa kurang kang binukti, iku rahmate sang prabu, geman ing des apenuh wong ||
9. || Pinunggel tembung gambuh, adisara anyelani ngantuk,
sinambungan benjang ulun yen wus nglilir, kendel sangkalaning taun, luhur sang sarira katong ||
PUPUH XV K I N A N T H I
1. || Ngalilire saking turu, adisara dulit mangsi, anganthi
daluwangira, sedya dugekaken malih, ature anglir supena, ngenani tyase sang pekik ||
2. || Paparikan jayengranu, surya meh tumameng wukir,
dhuh gustyamba sir kawula, sebaang kang bebayani, kemating wong parayangan, singkirana ywa ginalih ||
3. || Lele gung neng narmada gung, bantal dawa kang
mangapit, ywa lali wewulangira, den kaliling siyang-ratri, barana dumunung neng wadhah, simpenen sajroning ati ||
4. || Tataling pring aranipun, kontane sang arjuna di,
tetulada kang utama, tirta mudal saking siti, dadi kombul derajadnya, nyunari supra a wening ||
5. || Senenging tyas para wadu, araning ujung deriji,
winengku narendra mulya, yayah winong ing Yang Widdhi, senjata gung ageming prang, ayem yayah ngilayoni| |
6. || Yuyu gung neng samodra gung, sujanma kang mardi gendhing, sayogyane gustiningwang, mring wadya ywa na ginething, manggis tanggung pangundhuhnya, pinuji sabaring galih ||
7. || Basane anaking putu, suling dami kang kinawi, dimen
suyud wadyabala, kalaban alusing budi, serati kang munggeng rata, antepe nora gumingsir ||
8. || Pakaryane para wiku, sidhat agung ranireki, sun puji
mugi tulusa, sinuhun-suhun siniwi, peksi sing dadya pratandha, mring dasih kabyaktaning sih ||
9. || Sesulung kang metu esuk, rasane kilang binukti, ywa
keron memanisira, wanita kang sedya mamrih, mranani ardaning driya, yayah mandaya denya mrih ||
10. || Mila-mila gusti ulun, sayogya mupung taruni, amardiya
kajatmikan, sarira terusing budi, perlu kalamun sujanma, ginadhang mengku praja di ||
11. || Bayem arda aranipun, tanah tinaneman pari, antenge
netra sujana, yen wacana ywa baribin, iku adating nararya, kang utama nguni-uni ||
PUPUH XVI M I J I L
1. || Atur ulun kang sampun kawijil, sayogya rinaos, dhuh
gustiku meh dungkap wektune, akir batik wajibe ngawruhi, prakaraning negeri, peraboting kukum ||
2. || Murad maksudnya kedah ginalih, lan ngulama kaot,
supados trang ing galih tan cewet, tinimbang lan adating nagri , ingkang wus linuri, leluhur pra ratu ||
3. || Kudu-kudu linalar linuri, luhuring keprabon,
sinuksmeng tyas paran bebukane, dening asor dados luhur yekti, tinanyakna maring, para sepuh-sepuh ||
4. || Ruwiya kang ginita rinukti, tinata wus manggon, dadya
babad yen tern bung jawane, winacaa rinasa kang sidhi, dhinedher ing galih, thulule rahayu ||
5. || Rahayune tyas puniku dadi, dedalan kinaot, bok menawi
parek lan unggyane, risang ulun sang rahmanirakim, yogya den kawruhi, peraboting turu ||
muring, kadi awakingong, ati peteng tur bintit mripate, awak lungkrah dhoso muring-muring, ta mulane gusti, dipun betah wungu ||
7. || Nadyan wungu nging ywa tanpa kardi, wajibe linkon,
dimen tuman wanuh mring wajibe, sebab abot bakal ambeneri, para janma sami, kang padudon kawruh ||
8. || Keh warnane wong murih utami, wonten sing wiraos,
ajar basa mamrih basukine, supayane ingandel sesami, nanging jroning ati, gorohe ngendhukur ||
9. || Saweneh wong temen jroning ati, nging budine lempoh,
nora ajar manjing ajur-ajer, dadi tan katon temening ati, iku ta jeng gusti, ywa samar ing semu ||
10. || Semuning ulat dhemesing angling, warna-warnaning
wong, kudu mawas sasolahbawane, dimen aywa samar mariksani, mring osiking abdi, wadya kang kawengku ||
11. || Sun kekudang dhuh ta gusti mami, miturut sapakon,
wewulange kang rama linanteh, dadi wuwuh sihing rama yekti, wadya jalu-estri, ayem manahipun ||
12. || Sebab temtu kena den aubi, lir rama sang katong, wus
rong puluh taun jumenenge, tata tentrem parmaning Yang Widdhi, sun puji lestari, aywa na kang ngancung ||
PUPUH XVII P O C U N G
1. || Lir keluwak anome arane pocung, semune anancang,
cipta kang nora prayogi, guladrawa ywa lali wewulangira ||
2. || Rama ibu ambabar tuladanipun, leluhur ing kuna, kang
nistha madya utami, sayogyane piniliha kang utama ||
3. || Utamane tumana leket wong sepuh, ingkang sugih
kojah, anjajah kawruh baresih, sinaune mumpung gusti misih mudha ||
4. || Dhuh dhaharen ature kawulanipun, wadon trahing desa,
tangeh wruh ing tatakrami, mung kadudut sih mirma marang bendara ||
5. || Rangu-rangu ing manah sedya memungu, mring galih
sang sibya, pan ing mangke nempuh byat labete tresna ||
6. || Jer ing tembe kang wajib among amengku, mring
nak-putu amba, ing desa negara sami, amemuji luhure sang narpatmaja ||
7. || Jambu wana keroncong tumraping bau, dhuh gusti manira, ywa kapok winulang becik, dimen jembar ambabar budi kadarman ||
8. || Darmastuti sestuwa pangastaweku, kekudanganira,
leluhur ing nguni-uni, nembadani narbuka tyase sang dibya ||
9. || Sabisana wasananing sujana nung, nenungku kagunan,
ing narendra nguni-uni, kang wus mashur labuhanira utama ||
10. || Marbuk arum ing sabda anrus ing kalbu, budi dadi
damar, madhangi isining bumi, binarkahan pun kaki nurkatim ika ||
11. || Kang dumunung aneng tunjungseta dhukuh, pandhita
minulya, winong mring yang mahasuci, dhuh gustiku leketa sang dwi jawara ||
PUPUH XVIII MASKUMAMBANG
1. || Arjunmg kang praja myang isine sami, kuwasaning raja,
sabyantuning nayakabdi, ing batin purbaning suksma ||
2. || Yen sinuksma mring kang wajib amengkoni, utamaning
tindak, ywa kadadak barang pikir, den sareh pangudining tyas ||
3. || Dadi titi tetela ingkang binudi, dadining kasidan,
darsananing nagara di, drawaya salaminira ||
4. || Rumat basa basukine nayakadi, teguh tan leleda, tan
lalu sabarang pikir, keras terus tan sikara ||
5. || Lerep sirep resep rasane kang ati, manuswa kang
samya, winengku neng praja sami, kesamadan rahmating yang ||
6. || Sumawana mangayubagya samya sih, sumungku
prasetya, lair-batin tan gumingsir, mring ayahan sang sinewa ||
7. || Wiku raja wewelinge kang liniling, lupiya minulya, laya
liyep jroning sepi, perlu linanteh kang nglela ||
8. || Luhur-luhur dumuluring karsa wening, kumambang
tinimbang, bisane manungku wening, ing netra ywa kasamaran ||
9. || Netra iku kanyataaning Yng Widdhi, sakehing kang warna, ginlar neng buwana di, kama kang nampani swara ||
10. || De kang grana gondam ingkang den wajibi, pangucap
punika, lantaraning karsa yekti, titinen atwa asmara ||
PUPUH XIX ASMARADANA
1. || Kasmaran jroning aguling, adisara supenanya, panggih
kaki-kaki kempong, sawa langking busananya, nursidhi aranira, mengkono wewarahipun, adhuh gendhuk aywa kemba ||
2. || Aturira marang gusti, iku pancadan utama, mermahake
utamane, mring karsane gstinira, iku tetepe tresna, wajibe wong dadi batur ||
3. || Darapon ta sira benjing, ing saturun-turunira, tinienan
mring sang katong, de tedhake wong rumeksa, mring gusti asih tresna, perlune wong rumeksa, mring gusti asihtresna, perlune wong urip iku , mung lelebet kang tininggal ||
4. || Labet ala lawan becik, kang ginunem aneng dinya,
nak-putune ngrungokake, lamun sira tan prayoga, turune kewirangan, aneng donya den geguyu, sinebut turune kumpra ||
5. || Pae kalamun utami, iya lelabuhanira, pinlala
saunggyane, mulane ngati-atiya, wong urip aneng donya, amardiya anak-putu, aywa kongsi kasangsara ||
6. || amun sira kurang budi, iya turuwa sedhela, mujiya
rahmating manon, mengko nuli ingsun prapta, memulang maring sira, banjur atuma gustimu, pituturku kang prayoga ||
7. || Dadi mengko sira nini, pama wisma walangira, dalaning
tirta gumro jog, lumebeng tyas risang dibya, wening kang toya marta, ngenani kang lata thukul, woh andadi nora kendhat ||
8. || Uwit umpamane jisim, kanglata punika cipta, pradapa
ripta pamine, rokhani telutuhira, kembang pentil rahsanya, kembang pentil rahsanya, yaiku rasullulaku, semono bae wus tamat ||
PUPUH XX MEGATRUH
1. || Datan pegat ature kawulanipun, saking osiking
kangtanpa dunung, punika ulun pinurih, matur sang atma jeng katong ||
2. || Yen awungu prayoganira kang esuk, dalil kuran wus
muradi, sapa tangi wektu subuh, memuji sokur ing widdhi, sinung rahmatingy ang manon ||
3. || Ramati iku warna-warna tumprapipun, ana dumunung
mring ati, netra kama lidhah irung, kemaluan narambahi, salira myang balung otot ||
4. || Tetanduran ingon-ingon kewan manuk, yen tulus tan
ana gering, iku rahmat dunungipun, wisma ingkang den dunungi, wutuh tan ana kang trocoh ||
5. || Akrap wadu pamongmitra saminipun, rukun datan ana
nyengkring, iku tunggil rahmat wau, tirta batala nginsani, sarana rahmating manon ||
6. || Kamurahan saking bumi wijilipun, nikmat saking toya
wening, rahmat saking angin iku, mupangati badan iki, saking agni kang sumorot ||
7. || Kukusing kang dahana muluk mendhuwur, sebabe
ginawa angin, neng gegana dadi ranu, toya lelumute mijil, dadi bumi dununging wong ||
8. || Wus semono dhingin manira pitutur, jer durung
mangsane mangkin, kamote mring budinipun, gampang yen diwasa benjing, wus kaot kawruh kinot ||
9. || Pajampuwa gustiku sang narpasunu, pralambangipun
pun kaki, nursiddhi prayoginipun, ginalih lumebeng jemih, tiniten tata katonton ||
PUPUH XXI P A N G K U R
1. || Kapungkur atur kawula, kang tiniten ing lagu gulamilir,
ulun ngaturken satuhu, nursiddhi wisikira, urut rentes reruntungan runtung-runtung, patitis tetep utama, teteladan narapati ||
2. || Tinata dimen tetela, lelabete tata kalawan titi, tur iku wus wa jibipun, putrane sang sinewa, kang ginadhang gumantya keprabonipun, putus sebarang weweka, waskitha tatag patitis ||
3. || Sabarang wajibing priya, yun linakon kagunan lan
kasektin, sekti iku keh liripun, lair batin den kena, angenani mring tyasing janma sawegung kang winenglru kasamadan, ing narendra kang utami ||
4. || Mumpuni mulat kahanan, ing prajadi dadining barang
pikir, kineker sadurungipun, winedhar aywa corah, karahayon junaga kelakonipun, lestari lumantar marang, janma ingkan den wengkoni ||
5. || Winengiru sagung tur amba, ambaboni budi pambuka
wening, ninging driya sang aulun, gusti sang narpaputra, kelakone nglakoni wewulangipun, ring rama srinaranata, tumuntur sabarang kapti ||
6. || Laladan wewengkonira, dhuh gustiku risang narendra
luwih, wuwuha derajadipun, pinuji sanetyasa, dhuh gustiku risang tenaya linuhung, amba bangun utameng tyas, tyas makirtya mamrih dadi ||
7. || Tuladaning rajatama, marbudengrat kretarta amumpuni,
kagunaning sujana nung, nunglru amenglru praja,
jatmikanta prakosa tyasira teguh, ginubel sagung durcara, pinapapas lawan ririh ||
8. || Rih-arihen anglir kenya, ingkang durung niturut ing
sakapti, iku labuhan linuhung, sabarang kang sinedya, kudu sareh aanut kalamasanipun, pujine pun kaki tuwa, katekan sabarang akpti ||
9. || Pituture kaki tuwa, ran nursiddhi tan kendhat kadi riris,
pamisike mrih rahayu, yun weruh kedadeyan, ing tyasira risang atmaja jinunjung, mrih jujur ujar jinajar, jejere tyasing para ji ||
10. || Kajibah mengku jajahan, nimbang mengku
wewengkoning prajadi, wadining praja jinungkung, kongas ing kasantikan, tinrapena ing wadya sajuru- juru, urusing pakaryanira, kombul sang sarira aji ||
11. || Dimen miturut sakarsa, sentana gung wadya prapteng
pekathik, tan ana sawaleng kayun, suyud mangayubagya, mring karsane risang tenaya tinamtu, gumantya mengku bawana, lulus lestari pinurih ||
12. || Luhuring keratonira, riris manda-manda kang sarwa sari, sarine tyase sawegung, kakenan ing tyasira, amiturut resep mring sang narendra nung, pujining para pandhita, gegana sang brahman ji ||
PUPUH XXII DHANDANGGULA
1. || Anglir madu ature pun kaki, pandhita di nursiddhi
peparab, neng tembang tembang jinlentreh, tata titi
dumunung, andunungken wajibing gusti, risang
narendraputra, amengku keprabon, bapa babuning manungsa, kang karilan badaling jeng nabi mangkin, lilumiyi parabnya ||
2. || Lil umiyi wardinipun nenggih, makluk ingkang miturut
sakarsa, ning yang kang sipat kayune, nabiyollah jejuluk, kang baboni manungsa iki, rasul ingkang rinasa, ing janma sawegung, muhammad makiki rannya, kang
madhangi tyasing manungsa kang sami, manut
agamanira ||
3. || Agama iku perlu sayekti, pikukuhe tetimbanganing tyas,
mring nistha madya tamane, mung iku rasanipun, dalil kadis kang den semoni, supaya animbanga, sagunging pra ratu, wadya kang sawaleng karsa, pinrih sirep saking kawasaning aji, wewaton kitab qur'an ||
4. || Qur'an iku rapal tembangneki, makna murad maksude
rinasa, ijemak miwah kiyase, jidiyaet winengku, rawatana yen nujwa, kalamasanipun, animakken truhing praja, jer ta ratu tetumbaling among kingkin, birat sagung durmaka ||
5. || Kalabana labuhane sami, saking leluhur nata minulya,
lumintuwa pangestune, mring sang narendrasunu, sumunaring kawruh mratani, mring utamaning wadya, lelabuhanipun, muga ta pinudyeng karsa, ang sudibya dhaharen ture pun kaki, nursiddhi kang sih tresna ||
6. || Nanging ta nyuwun aksama mami, de ta tanpa dunung
belayangan, tan kena tinamtokake, ing unggyan tan katemu, lamun nora pinudyeng kapti, yen keparenging karsa, sedhela katemu, memulang lelakonira, saking
7. || Amemuji pun kaki ri ratri, aneng arga sunya kalanira, kampir mung sedhela bae, gya turut samodra gung, yekang barulkayati nami, sumengka ing aldaka, mrapi aranipun, sedya lumebeng telaga, kalkaosar toyane sumilak wening, meneng manungku cipta||
8. || Ciptanira sang resi neng ardi, mugyantuka parmaning
yang suksma, sinung rowang sakadare, agya ana kadulu, janma priya lawan pawestri, tinanya sang pandhita, sapa aranipun, sumaur kang sinambrama, aran alun pun Kayat ingkang pawestri, pun Kayun ingkang priya ||
9. || Ngandika lon sang pandhita luwih, lah ta Kayat Kayun
aywa pisah, lan manira sedinane, banget condhong
tyasingsun, lawan sira karone sami, dadiya
kanthiningwang, memuja neng gunung, ature sabat kalinya, dhuh sang wiku kemayangan ulun kalih, panggih sang dwi jawara ||
10. || Ing sakarsa-karsa tan gumingsir, ing ayahan sang wiku
utama, milu brangta neng argane, nanging ta atur ulun, gedibale endhang lan cantrik, selamine ywa pisah, kalawan sang wiku, nabda risang pinandhita, ywa sumelang yekti tan pisah lan mami, nanging aywa pepeka ||
11. || Pakaremane lair myang batin, iku dadi pamurunge
tindak, ing dunya prapteng akire, poma ta sira iku, endhang cantrik den ngati-ati, pamuringing panedya, mrih mulih mring dunung, ature sabat kalihnya, sun pepundhi luhur sang brahmana aji, tan garis prapteng lena ||
PUPUH XXIII G I R I S A
1. || Dhuh ari sang dwi jawara, pun patik jalu wanita, nuwun
gunging pangaksama, de ta ulun kamuwawa, nuwun barkahe sang sibya, prakara isining arga, kang katonton ing kawula, wijange aran punapa ||
2. || Lenging gunung kang sajuga, arane marga suwara,
dewa loro ingkang ana, luhure kang marga swara, tursina arane ika, kang loro doh unggyanira, peparab guwa guhkarna, de kantha kang kembar rupa ||
3. || Locana jejulukira, tursina mawa prabawa, mijil braja saben dina, tan kendhatiku pratandha, yen misih ngadeg kang arga, locana ujwalanira, madhangi isining arga, katonton wewijangira ||
4. | Mendhak mendhukul wujudnya, iku kang katon ing sira,
de kang aneng jroning arga, dahana aran anala, kukuse nempuh gathita, iku ingaran pramana, geter patering aldaka, manut goyanging gathita ||
5. || Wus sedheng semono uga, pituturku marang sira, sun
arsa ngalih sasana, mring balerante ranira, Kayat Kayun apa sira, keri utawa miluwa, ature sabat kalihnya, tan betah lamun keriya ||
6. || Tumuntur saunggyanira, pepeka lamun keriya, lan
nursiddhi sang pandhita, wus jangji katelunira, yen pisah yekti druhaka, cidra marang jangjinira, sakawit katelu samya, lair-batin tan sulaya ||
7. || Heh ta Kayat Kayun samya, sun arsa kampir sedhela,
mring bukit mudambin ika, yeku sasana munilya, pra pandhita nungku cipta, neng kono dununge samya, babare sakarsanira, mundhut sarira minulya ||
8. || Mulih mring kayanganira, ungguyaning dewa minulya,
kang tan wujud nanging ana, uripe sang hyang wisesa, tan kena yen winicara, ing jagat winengku samya, kang pinuji pra pandhita, sirna sang sarira puma ||
PUPUH XXIV ASMARADANA
1. || Kasmaran jeng sribupati, ingkang lagya mangun suka,
neng langenruja karsane, animbali wadyanira, lelangen jeng pangeran, prangwadana kehe catur, wuta bucu wujil dhengkak ||
2. || Perlu mung kinon seriwis, carita kang mamrih suka,
kandha dongeng saelinge, lalu rong ratri tan nendra, dadi sayah matanta, ler-leran kudu angantuk, mata dhempet dhasar picak ||
3. || Neracak sugih mangerti, jer ta wis lawas ginulang,
mring gustine kang wus layon, dhasar wasis prameng sastra, prawira wicaksana, dhemen luwes mamrih sruju,
4. || Dewayaa maring siwi, kang ing mangke winisudha, labuhan mrih utamane, ginupita neng padesan, ran-urane wong wuta, kinarya pangemut-emut, sukaning tyas ari narendra ||
5. || Nalika ri dite kaping, selikur wulan lumampah, rabyalkir
alip taune, sinengkalan nyata mulya, sariraring sujanma, wuta wujil dhengkak bucu, antuk sihireng sarkara||
PUPUH XXV DHANDHANGGULA
1. || Widadaning carita ginupit, srinarendra dennya
mangunsuka, neng langenruja ridite, tri latri lamun dalu, amyarsaken dongenging janmi, catur bucu myang picak, karya sengsem sagung, wadya ingkang samya seba, byar raina kasukan angaben kambing, lan wraha gantya-gantya ||
2. || Maleme soma gantya nambungi, wadya pradikan dalu
dres kitab, tapsir lan pekih arane, keh misil sahing kawruh, angawruhi sucining ati, sarira batal karam, najis miwah mekruh, tertib tetepe wong salat, pinrih jumbuh makaranah lawan takbir, ekrame kang sinedya ||
3. || Lawan wajibe salaki-rabi, waris wasiyat utang-piutang,
wong nyilih tan ngulihake, tanapi dol tinuku, tebas gadhe wetuning bumi, iku ingkang rinasa, bebeneranipun, pekih wasalamungin ranya, kang linalar linulur amrih lestari, negara adilira ||
4. || Kang piniji maca kitab tapsir, abdi dalem pradikan kang
mulang, santri neng langenrujane, Amat Ilham ranipun, dhasar punjul samaning kaji, marwa piniji marang, kangjeng sang aprabu, sring dinangu babing rapal, lawan makna Ki Ilham dhasar mengerti, condhong lan srinarendra ||
5. || Mula akeh muris para santri, saking manca kayungyun
met wulang, mring Amat Ilham kawruh, sareh
pamulangipun, mamrih gampang ingkang nglakoni, winulang pinrih tuman, denira met kawruh, tur kuningan srinarendra, dadya mempeng pangajine para santri, pujine mrih katrima ||
6. || Marang kangjeng srinata kang wajib, angganjar miwah angukum wadya, Ki Santri akeh melike, menawa bejanipun, antuk bumi pradikan desi, nganggur tur oleh pangan, sapa kang kadyeku, nadyan bapa kakinira, nora bisa weh bumi nganggur binukti, aliya srinarendra ||
7. || Ingkang bisa weh drajad mring janmi, sata minta kang
patut ginanjar, sapangkate dhewe-dhewe, mung keri atetunggu, bejaning wong ingkang taberi, miturut ing sakarsa, iku adatipun, tan liya ingkang atampa, kanugrahan kang miturut ing sakapti, nira jeng sripamasa ||
8. || Sabarena sabareng binudi, dadi tentrem adate katekan,
sedya kang kalawan sareh, ririh ngruruh mrih runtut, tutut titis murih lestari, ning karsa aywa cuwa, dumadya tanturu, riwut gela tan katekan, sasedyane sabendina muring-muring, ri-ari mendem arak ||
9. || Marakaken lali ati sedhih, nalikane endeme andadra,
yen wis turu ilang deme, mulih susahe emut, awak lesah cinane nagih, gunusah nora lunga, ngantep ngajak padu, mring pradata ngajak bantah, salesihe pratanda kang den ecepi, pininta panyaurnya ||
10. || Nyelakake wus ngrasa ngecapi, yen nyanggemi nora
darbe arta, kang bakal sinaurake, ngikal basa siripun, dimen sima gugating kucir, si kucir saya jenthar, jer ta wus winuruk, mring janma kang ngalap opah, mulanra cina pelone syandadi, teteh putus prakara ||
11. || Karanane janma jaman mangkin, dipun bisa ngampet
karsanira, kang tan perlu ing gawene, lan timbangen karuhun, aywa nganti keneng piranti, tatale wus akathah, si kucir angrimuk, supaya den utangana, mendhak-mendhak si kucir ngisingi rai, bubras ambune ngambar ||
12. || Bubar-bubar tan ana niliki, sanak-mitra tan ana
martakna, pae yen beja wong kuwe, brubul sanake rawuh, ngaku melu mujekken dhingin, nalika misih mlarat, dadi sugihipun, wus mangkono kalumrahan, paribasan ana lintah padha minggir, na wader padha mara ||
13. || Pae lamun boreh lenga wangi, bebet keling sabuk
cindhe bara, kaningara kalung rante, penganten aranipun, pasthi resep kang samya tilik, tur nganggo sinunggata,
ing sakadaripun pae lamun keneng kala, linebokken mring wisma kang wus miranti, tan ana kang ngeterna ||
14. || Nastitiya dimene basuki, sanak-mitra saben dina prapta,
tur padha rena atine, sebabe bisa nyuguh, ngacarani sumeh denya ngling, dadya rahab kang samya, sinunggata iku, pae lamun sugih utang, nadyan katon sunggatanira prayogi, dhayohe kurang rahab ||
15. || Sebab welas wusananing wuri, bakal suka anemu
deduka, mangkana paribasane, mulane ta wong iku, aywa age kegedhen ati, tinata dimen tata, tetepe sakayun, ngayomi mring lyaning janma, memujiya dimen katekan sakapti, nira datan rekasa ||
16. || Rumangsaa apes badaneki, kang kuwasa mung sang
yang wisesa, sumaraha sakarsane, sinuksma mring sumunu, nir ing karsa sosiking widdhi, semune sinembadan, dadi ran muturut, karsane kang duwe karsa, sesuwunen sihing gusti tan ngendhati, titi gambuh ing cipta ||
PUPUH XXVI G A M B U H
1. || Pepeling lalinipun, tasing wadya kang samya balilu, lalu
lumuh winulang nora pinikir, malah tyase salang-surup, ruwet budine tur dhompo ||
2. || Pinardi dimen weruh, kang kejibah bebauning ratu,
wruh ing wirya kawuryaning tyase wening, nanggapi karsaning ratu, patitis tetep tan keron ||
3. || Tumpang so pametipun, jer ta melike dinokok ngayun,
sire mayar yen kelakon dadi sugih, ger gumerah pan ginuyu, jaksa karepe mengkono ||
4. || Lo lo ta aja iku, lelurinen wulanging leluhur, ingkang
nalar dumulura angleluri , lalaren prihen ywa kuwur, kawuryan tyasira bolong ||
5. || Hang sumelangipun, jer melike malah nora sruju, misih
eling wulanging bapa lan bibi, utamane mantri iku , kang tatag marang pakewoh ||
6. || Kang pekik warnanipun, ulat teguh jimen lus ing kalbu,
solah ganggas rum ing sabda ulat manis, den kawangwang barang laku, sireku parek sang katong ||
7. || Tan wande mantri iku, mapan dadi utusaning ratu, kudu tete wicaranira patitis, dutaning nata punika, tan pantes kalamun bodho ||
8. || Perlu aja kebanjur, kudu ajar wajibing tumenggung,
aywa kemba anggugah ati kang guling, jer aja lali terlalu, lumuh winulang lyaning wong||
9. || Wusana awakipun, pothar-pathir budine tan thukul, nora
kehthel ngalenthar budi tan dadi, tinitah mantri pangayun, bupati aywa macothot ||
10. || Poma aywa kepencut, lelabuhan kang mengkono iku,
kudu sareh ririh narimaning ati, titi sareh dimen gambuh, bupati aywa macothot ||
11. || Terahe dimen urut, titikane wong atuwanipun, dadi
ontung yen mengkono wong aurip, uripe sesat tan lampus, ginantyan turune manggon ||
12. || Min amin ya alkamdu, lillahi rabil alamin iku, tan
kuwasa kawula derma nglakoni, meminta mring Yang Mahagung, kumambanga mring Yang Manon ||
PUPUH XXVII MASKUMAMBANG
1. || Wus wajibe kumambang kawula iki, tegese kumambang,
sumaraha sang angsung sih, sihana salaminira ||
2. || Sari-sarining karsa rinasa sari, mamrih tan sulaya,
yektine menungsa iki, hakikine mrih karasa |
3. || Kang hakiki sayektine ingkang werdi, basa wong suwita,
kudu temen lan taberi, ras-arase binuwanga ||
4. || Atwa wangwang buwang karemaning panti, kang amrih
gumiwang, mring ciptane wong angabdi, dadi aregep aranira ||
5. || Wong saregep pasthi wruh karsaning gusti, tetela tan
samar, wanuh menawa manoni, ninging karsa sang sinewa ||
6. || Wusanane menawa sira antuk sih, sih iku tan kena,
jinaluk yekti tan keni, mung sinandhang murih kondhang ||
7. || Kadhang-kadhang sring pinuju lunturing sih, ira sang
8. || Tetaline tuladan mengkono kuwi, pasthine ingaran, janma tetep angantepi, mring wajibe nora ginggang ||
9. || Nganggang-agang angas budi tanpa dadi, deleya leleda,
dadi dedalan bilai, nganthiya sabaring karsa ||
PUPUH XXVIII K I N A N T H I
1. || saranane wong yun luhung, betah tapa kurang guling,
elingan solah jatmika, yen wacana kudu manis, amrih sengseming sasama, samaning manungsa sami ||
2. || Mrih mangsuk narimeng kalbu, budining kang den
wenehi, wohaning tyas sokur lila, badane kebawah sami, sabiyantu nut sakarsa, tan rekasa kang pinardi |
3. || Dadi atut myang miturut, manut sumarah mring gusti,
ontunge dadi bendara, rinesepan mring pra abdi, derajade wus gumawang, kakuwange anawungi ||
4. || Lir kartika panjer esuk, sumilak wadana mingis, kongas
adining kusuma, memayu mandayeng nagri, graitanen dimen sreddha, dasihe kapadhan ing sih ||
5. || Sinukarta mrih tartamtu, tamtune utama titi, tetep dadi
pangauban, ing wadya tentreming ati, tamtu kena tinuladha, tyase lir wulan dhadhari ||
6. || Amudhari tyas bariwut, ruwet kang rawat wewadi, wedi
lamun kauningan, mring sang ambeg kumaladi, tan wande pinardi blaka, kacurnan kang ambeg juti ||
7. || Ttinula-tula tinundhung, dhinadhung wayang
bedhidhing, mring padhang kasurang-surang, arang-arang kang ngaruhi, iba ta susahe ika, wong tan miturut ing gusti ||
8. || Mati neng sabrang keduwung, klowang-klawung tanpa
kanthi, sanak-sanake tan ana, ijen mung amor wong lari, basane bae wong jawa, pakewuh gone nyondhongi ||
9. || Condhonge mung uyah sekul, destun lomboke mung
siji, esuk-esuk wus ginugah, kinen dhangir kebon kopi, pinardi kalawan gebak, kartawilaga sung peling ||
10. || Klinge lungguhe iku , si nini bolenya bali, rongewu
inggrise kuna, putu loro dadi mantri, gedhong tegen lawan kiwa, tan lumuntur marang siwi ||
11. || Jer anggepe darbekkipin, gunenukokken si nini, tan anglo kang duwe setan, mula sugihe kepati, tuku mantri langak-langak, pan sinebut Raden Bei ||
12. || Den Bei gone sekuthu, bupatine den beseli, mula wani
matur dora, mring kangjeng srinarapati , nyuwungken raden tur tanpa, silsilahe saka ngabdi ||
13. || Asal sing Ki Ageng butuh, bupatine sothal-sathil, jer
pethel marang kalangan, nora seba nora kemit, pi-api pamite lara, pijer tekpo den tunggoni ||
14. 14|| sayah ngalih unggyanipun, mring kamar-bolah
lelarih, lali sesuk dina soma, sebab endeme wus dadi, dadi pamit esukira, ngelu mules muntah ngising||
15. || Semune karsa kadurus, nanging ras-arasen mikir, pi jer
nuruti kesukan, lali lamun duwe gusti, tita budine deleya, yen pinardi luwih wadi ||
16. || Jer rumasa luputipun, wus lawas ingugung sami,
punggung tumenggung nora, bisa mardi marang mantri, pitutur kang mamrih ruja, padha kapoka samangkin ||
17. || Wit lurahe nora turu, tansah ngruruh ing pawarti,
wartane sabarang polah, polahe kang den wengkoni, iku prayoga tinulat, bupati mengku pra jadi ||
18. || decimene turunipun, tung-runtung tan anyelani, iku
nugrahaning titah, tinata kudu patitis, tegese aran nayaka, sesakaning praja yekti ||
19. || Iba tajumeuripun, wong jinunjung mring sang aji, kajem
keringan ing kathah, tur ta nora nganggo picis, cis trak malu regensekap, kalu tradhak jaga baik ||
20. || Kalu sukak trima wuruk, jadi untungnya sendiri, dikata
baik tingkahnya, orang sukak dengen asih, nah sudah habis pantunnya, yang ini tembang kinanthi ||
PUPUH XXIX S I N O M
1. || Lir taru ketiban warsa, wong kang antuk sihing gusti,
riyu-riyu cahyanira, rumangsa yen bakal semi, pirangbara wohneki, yen slamet kena ingundhuh, pinangan amirasa, peloke dhinedher maning, luwih bejo yen awoh rasa tan owah ||