• Tidak ada hasil yang ditemukan

ULANGAN HARIAN B. JAWA 1 SEMESTER I

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "ULANGAN HARIAN B. JAWA 1 SEMESTER I"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

ULANGAN HARIAN SEMESTER I

Mata Pelajaran : B. Jawa

Kelas : VI (enam)

Ing kraton Kediri, Prabu Lembu Amiluhur kagungan putri aran Galuh Candra Kirana kang uga sinebut Dwi Sekartaji. Dheweke duwe sesambungan katresnan karo putra raja Jenggala aran Raden Panji Asmara Bangun, satriya gagah pideksa kang bagus rupane. Galuh Candra Kirana kang sulistya ing warna anggone sesambungan katresnan karo Panji Asmara Bangun ora dipangestoni dening ingkang rama. Awit saka kuciwaning atine, Galuh Candra Kirana banjur ninggalake kraton Kediri, lunga saparan-paran. Jengkare Galuh Candra Kirana saka kraton Kediri ndadekake Panji Asmara Bangun kebingungan, amarga ditinggal kenya kang dadi ganthilaning atine. Wis sauntara wektu anggone Galuh Candra Kirana lelungan. Dheweke nlasak-nlasak mlebu alas lan metu saka alas. Wis adoh anggone Galuh mlaku, wekasane nganti tumeka ing sawijining desakang aran Desa Karangwulusan. Amarga kekeselen lan wis suwe ora mangan lan ngombe, dheweke banjur semaput banjur tiba ambruk ing pinggir desa iku. Ing desa kasebut Galuh ditulung dening Mbok Randha Karangwulusan lan dipek dadi anak angkat. Amarga sirahe kebentus ing watu, Galuh dadi lali sapa sejatine dheweke(Amnesia). Mbak Randha Karangwulusan banjur maringi asma marang Galuh. Amarga pakulitane Galuh kang kuning langsep, dening Mbok Randha Karangwulusan dijenengake Klenting Kuning jumbuh karo anak-anake Mbok Randha sing uga duwe jeneng Klenting.

Mbok Randha Karangwulusan kagungan putri sing cacahe telu, yaiku Klenting Abang, Klenting Ijo, lan Klenting Biru. Satekane Klenting Kuning ketelune padha kesed ora gelem tandang gawe. Kabeh penggawean ing omah iku Klenting Kuning sing nandangi. Yen ora meneri anggone tandang gawe, Klenting Kuning asring disiya-siya lan disiksa dening Mbok Randha Karangwulusan lan anak-anake. Nuju ing sawijining dina, Klenting Kuning diutus Mbok Randha Karangwulusan umbah-umbah lan ngresiki piranti pawon ing kali. Klenting Kuning nangis amarga nelangsa, kena apa dheweke nampa panandang sing kaya mengkono. Dheweke nyuwun pitilungan marang Gusti kang akarya jagad, supaya enggal uwal saka pacoban kasebut.dumadakan ana manuk Bango Thongthong sing nyedhaki. Anehe manuk mau bisa ngomong lan ngrewangi Klenting Kuning umbah-umbah lan ngresiki piranti pawon. Bango Thongthong rumangsa welas mangerteni Klenting Kuning sing ngresiki dandang lan panci karo nangis. Dandang lan panci mau ora bisa putih nggilap kaya penjaluke Mbok Randha Karangwulusan. Mangerteni bab iku Bango Thongthong sing sejatine panjelmane Bathara Narada bisa mbalekake dhandang lan panci dadi putih nggilap kaya sing anyar. Bngo Thongthong uga maringi Klenting Kuning Pusaka awujud Sada Lanang. Pesene Bango Thongthong pusaka iku bisa digunakake menawa Klenting Kuning semangsa-mangsa mbutuhake pitulungan.

I. Pilihen salah siji wangsulan kang paling bener kanthi menehi tanda silang (x)!

1. Sapa sing dadi paraga utama ing crita “Klenting Kuning”?

a. Klenting Kuning c. Klenting Ijo

b. Klenting Abang d. Klenting Biru

2. Kena apa Klenting Kuning ninggalake kraton Kediri lan lunga saparan-paran? a. Amarga didukani ramane lan ibune.

b. Amarga pedhot tali katresnane karo Raden Panji Asmara Bangun.

c. Amarga sasambungan katresnane karo Panji Asmara Bangun ora dipangestoni ramane. d. Amarga Galuh Candra Kirana dijodhokake karo priya liyane.

3. Kepriye sipate anak kandhunge Mbok Randha Karangwulusan?

a. Sregep b. gati c. prigel d. kesed

4. Sawise ana Klenting Kuning, sapa sing nindakake kabeh penggawean ing omahe Mbok Randha Karangwulusan?

(2)

b. Klenting Ijo d. Klenting Biru

5. Mbok Randha Karangwulusan maringi jeneng apa maring Galuh Candra Kirana?

a. Klenting Kuning c. KlentingAbang

b. Klenting Ijo d. Klenting Biru

6. Ing ngisor iki kalebu anak kandhunge Mbok Randha Karangwulusan kejaba...

a. Klenting Kuning c. KlentingAbang

b. Klenting Ijo d. Klenting Biru

7. Indonesia negara kang subur makmur, aman tentrem, kerta ... Tembung kerta ing ukara kasebut kudune dijangkepi nganggo tembung... a. Raharja b. manungsa c. prahara d. rahayu 8. Raden Werkudara satriya kang gagah ...

Tembung gagah ing ukara kasebut kudune dijangkepi nganggo tembung... a. Raharja b. manungsa c. prahara d. rahayu

9. Tembung-tembung ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung camboran wutuh yaiku... a. Bangjo b. madu mangsa c. lunglit d. dol tinuku

10. Tembung-tembung ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung camboran wancahan yaiku.... a. Bangjo b. madu mangsa c. naga sari d. raja kaya

II. Wangsulana kang patitis!

1. Apa tegese tembung saroja iku?

---2. Tembung saroja ing ngisor iki jangkepana!

a. Kuru ... b. Tata ...

3. Tembung camboran ana 2, coba sebutna! a. Tembung camboran ...

(3)

KUNCI JAWABAN Pilihan ganda

1. A 2. C 3. D 4. A 5. A 6. A 7. A 8. C 9. B 10. A

Isian

1. Tembung loro utawa luwih seng padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane

2. Aking, krama 3. Wutuh, wancahan

Pedoman Penilaian

 Soal Pilihan Ganda skor 1, skor maksimal 10  Soal Isian Singkat skor maksimal 10

 Soal Uraian skor 4, skor maksimal 20

 Nilai = skor yang diperoleh

20 x100 ,

Referensi

Dokumen terkait

Penelitian ini menggunakan variabel terikat yaitu rasio ketersediaan beras, sementara variabel bebas yang digunakan adalah stok beras, luas areal panen padi, produktivitas

Pada tampilan histogram tersebut terlihat sebagian besar data memperlihatkan kurva yang mendatar, akan tetapi ada satu, dua atau tiga data yang memberikan nilai diluar sebagian

Atribut pada kuadran ini dianggap sangat penting oleh pelanggan tetapi pelayanannya tidak memuaskan sehingga perusahaan harus meningkatkan kualitas pelayanannya.

Adapun tujuan dari program PUAP bertujuan untuk: (1) Mengurangi kemiskinan dan pengangguran melalui penumbuhan dan pengembangan kegiatan usaha agribisnis di perdesaan sesuai

// Yang didapat peserta dalam kegiatan ini antara lain materi dari pembicara / ceramah keagamaan / perkenalan organisasi mahasiswa yang ada / dan menampilkan

Data Hasil Pengamatan Panjang Akar Media Cangkok Tanaman Rambutan (Nephelium lapaceum L). Menghitung Faktor

The properties of the membranes, especially their mechanical properties and methanol permeability, were close to that of Nafion® 117 membrane, so SPS-LS membranes

Senada dengan pendapat yang dikemukakan oleh Toto Nasehudin dan Nanang Gouzali (2012:53), penelitian verifikatif (pembukuan) yaitu penelitian yang dilakukan dengan tujuan