• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT KRIDHAMAYA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SERAT KRIDHAMAYA"

Copied!
17
0
0

Teks penuh

(1)

S E R A T K R I D H A M A Y A

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

@@@

DHANDHANGGULA

Pada 01

Raras ingkang sarkara mintasih, mring sanggyaning kang samya punikas, lawan ingkang nyarsakake, menggah suraosipun, serat Wirid Kridhamaya di, den agung aksamanta, nulus sabek sadu, yen wonten cingkranging wanda, myang kithaling tetembungan sawatawis, lan kalintuning sastra.

Pada 02

Panringa pangapura yekti, jatosipun kasagedan kula, dereng sapintena kehe, teka gumagah purun, angrerakit basa gitadi, dahat dera tan ngrasa, lamun maksih kuthung, walaka niring weweka, sepen kawruh cubluk tuna ing pambudi, cupet mring panggraita.

Pupu 03

Mboten sande kathah kang ngesemi, awit saking luputing panindak, datan pakoleh tanduke, tyas berung kadalarung, kebat kliwat nora nyukupi, sasar kurangan nalar, lalabete tan antuk, ing wuwulang prasarjana, kang wus putus mumpuni saliring kawrin, marma sanget kuciwa.

Pada 04

(2)

Pada 05

Lawan malih kula suwun ugi, jinampuwa dening Hyang Wisesa, paringa kanugrahaNe, amrih sageda lulus, anggen kula manawung tulis, samben selaning karya, mung katimbang nganggur, neng wisma mengku sungkawa, labet saking kacombrengan samukawis, tanana kang tinengga.

Pada 06

Mangka purwaning wasita gati, kang supaya dadya pralampita, sagung pramardi budine, kang sengsem ngisep kawruh, keparenga mulati mirit, tindaking kang mrih arja, myang watek kang bagus, supyantuk kanugrahan, dingapura sakehing dosa nireki, ingkang wus linakonan.

Pada 07

Kawuwusa kang warneng tulis, nenggih wonten sajuga pandhita, putus sampurna kawruhe, titis prastawa teguh, wicaksana limpat ing budi, agal rempit tan wawasa, gentur tapanipun, ginanjar panjang yuswanya, ajejuluk Sang Pandhita Yatnajati, asramen pucak arda.

Pada 08

Wisnatan Wahmaya kang dhiri, ardi luhur tanana tumimbang, menggah ageng myang inggile, lan ngongkang samodra gung, kanan kering oeoereng curi, gawat kaliwat-liwat, arang ingkang wantun, angancik puncaking arda, sajejege tanana liya kang wani, saking sru gawatira.

Pada 09

Tarlen amung ri sang maha yogi, lan pra cantrik manguyu jajanggga, kulina saha wasesa, ya ta sang maha wiku, darbe canrik kang kinasih, sasat putra priyangga, gangsal cacahipun, juga Wasta pun wiwita, kang kakalih aran puh Rahsaya cantrik, katiga pun Citaya.

Pupu 10

Kapatira Budata wawangi, kang kalima Karsaya parapnya, limeku kinasih kabeh, wau ta kang cinatur, amarengi sajuga ari, wanci Hyang Bagaskara, wus meh tunggang gunung, yeku bakda salat Ngasar, duksamana sang Pandhita Yatnajati, karsa lenggah ing langgar.

Pada 11

Den adhepi cantriknya kakalih, pun Jiwita kalawan Rahsaya, caket tumungkul lungguhe, Sang Wiku manah darum, marang cantrik ingkang ngadhepi, “Heh cantrik sireku, apata padha wus lama, sakarone anggonmu pada ngadhepi, aneng ngarsa manira”.

(3)

Pun Jiwita abdheku sumaji, mring Sang Dwija makaten aturnya, “Dhuh Sang Widra saestune, wau saderengipun, sang Pandhita pinarak munggwing, madyaning pacrabakan, pun cantrik wus ngantu, maera rawuh andika, anyenyambi anata mangrasikani, bale kang kagem lenggah”.

Pada 13

Sang Awiku angandika malih, maring Rahsaya mangkana sabdanya, “Lah cantrik paran wartane, mhhonmu padha nenandur, palawija apa lestari, myang tanduranmu gaga, apa bisa metu”, rahsaya matur ngrerepa, “Estunipun angsal pangestu Sang Yogi, sagung taneman kula”.

Pada 14

Subur genjah tan wonten kang gering, kang mekaten tarlen sing berkahnya, pamuji ndika yektine, lan pangestu Sang Wiku, kang sumebar nyamati wiji, temah saged widada, thukulnya ngrembuyung, lulusa datanpa sangsaya, kang minangko dados rarabuking siti, tegal-tegal sedaya.

Pada 15

Nggih punika wawatek sang Yogi, dennya tansah ambek paramarta, mamayu amrih ayune, sadina-dina manggung, angecani tyasing sasami, sirik weh serikinh lyan, mung anggung anggunggung, lumuh sungkan yen nacad, ala becik sanityasa ing ngelmi, met susukaning liliyan.

Pada 16

Dene ingkang minangka siraming, tetaneman ing tegal sedaya, punika saking dayane, sih kadarmaning Sang Wiku, dera manggung dadana mintir, mring janma kang kasrakat, ri ratri lumintu, slami datanpa kembat, anenuju sakarep-kareping janma, tan arsa karya cuwa.

Pada 17

Sang Pandhita manambung sabdanis, mring Jiwita tanapi Rahsaya, makaten pangandikane, “ Ya bangetira meng sun, nggonmu njunjung kluhuran kami, sapata kang kuwawa, junjung prawirengsun, kajabane amung sira, ing samangko seje kang dakwuwus genti, kadangmu kang titiga.

Pada 18

Ana ngendi tan angadhepi, pun Jiwit Umtur prasaja, mangkana cantrik umature, “Nuwun ndika ndangu pun cantrik, kadang kula titiga, neng tegalan macul, samya andamel gadhanagan, badhenipun kataneman kacang ruji, kenthang miwahkatela”.

Pada 20

(4)

Pada 21

Matur nuwun sandika cantrik dwi, gya lumengser sira ngarsa Sang Dwija, sumedya nuruh kadange, njunjug mring tegilipun, katon maksih sami ndhangiri, taneman palawija, samana dupi wus, perak nulya awawarta, ring kadang tri makaten denira angling, “Dhuh kadang tri sadaya, den pirengna wuwusku kariyin, ywa katungkul dhangiri tanduran”’ wau tau cantrik katrine, dupi miyarsa wuwus, sigra noleh bareng tumoleh, sareng samya tuminggal, yen kadangnya sepuh, kakalih angulatana, pun Citaya, Budaya, Karsaya sami, merak nungsung pawarta.

Pada 22

Pan makaten Citaya derangling, “Lah ta kakang paran wigatinya, de sira nusul marene”, Jiwita nambung wuwus, “Away dadi kageting ati, nggonku katemu sira, ana parlunipun, manira ngemban dhawuhnya, Sang Pandhita tekaku kinen animbali, bocah telu prasamya.

Pada 23

Mengko yen wus wanci tengah wengi, jeneng sira padha didawuhana, mrih ngadhepa neng ngersane, mungguh ing parlunipun, aku tan wruh kurang mangerti, “ Citaya lan Budaya, Karsayatrinipun, dupi ngrungu ling mangkana”, saur manuk mangkana dennya mangsuli”, dhuh Kakang mengko sira.

Pada 24

Umatura ri Sang Maha Yogi, yen wong telu umatur sandika, ri sang Dwija timbalane, mangke kewala dalu, kula mreg sowan Sang Yogi, wau ta Jiwita, Rahsayadwinipun, reh wus trang wangsulanira, gya pamitan wangsul yun matur Sang Yogi, dennya samya dinuta.

Pada 25

Tan wibawa lampahnya neng margi, mung pinunggel mrih gancanging crita, wus prapta ngabyantarane, Sang Yatnajati wiku, marikelu denira linggih, anekeri Sang Jati, meh anguswajengku, Sang Pandhita angandika, Mring Jiwita makaten sabdanya Yogi.

Pada 26

“Paran wusananira, sakorone anggonmu ngulati, baya bisa pinanggya sadaya, kadangmu tetelu kabeh”, pun Jiwita umatur, “Sangking antuk barkah pamuji, paduka Sang Pandhita, duk wau amba wus, tiga pisan lagya dhedhangir neng tegil, nulya kawula undang”.

Pada 27

(5)

Pada 28

“Lah ta payo wus bubaran cantrik, ingsun arsa angasoken badan”, “sumangga” cantrik ature, laju linggar Sang Wiku, pun Jiwita Rahsaya tuwin, maksih neng pacrabakan, anata dudunung, kang badhe kangge lungguhan, ngadhepi Ri Sang Wiku Yatnajati, away nganti kuciwa.

Pada 29

Kuneng gantya amangsuli malih, cantrik tiga kang sami ngandika, dupyantara wus wancine, timbalan kang tinamtu, cantrik katri angumpul sami, Citaya myang Budaya, lawan Karsayeku, laju budhalan asarengan, sru ginelak wonten tri dera lumaris, anyipta daya-daya.

Pada 30

Prapteng ngarsanya Sang Maha Yogi, duk samana tan kawarneng margi, wus prapta pacrabakane, Citaya gya amuwus, “Kakang kula aminta Kori”, wauta pun Jiwita, dupi angrungu wuwus, wiwara nulya binukka, cantrik katri sakala samya umajeng, laju lungguh sata.

Pada 31

Jajagongan ngiras angentosi, rawuhipun Sang Maha Pandhita, datan dangu antarane, dera sami alungguh, pan kasaru rawuh Sang Yogi, nulya pinarak lenggah, duksamana sampun, eca Sang Wiku lenggahnya, tan adangu imbal wacana Sang Yogi, mekaten sabdanira.

Pada 32

“Heh ta kabeh bocah telu cantrik, marma sira sun timbali samya, jatine ana gatine, bocah lima sadarum, ing samengko arsa sun wangsit, dimen padha mangertiya, lan supaya weruh, tindak becik miwah ala, awit kabeh manuswa tumitah urip, wajib nampik miliha.

Pada 33

Ingkang becik wajib denarepi, ingkang ala pantes ginuwanga, amrih rahayu uripe, cantrik lilima wau, samya matur asaur peksi, mekaten aturira, “Dhuh Sang Maha Wiku, sadaya dhawuh andika, mugi-mugi kula sageda nglampahi, lulus salaminira”.

Pada 34

Sang awiku ngandika malih, mring para cantrik mangkana wuwusnya, “Lah cantrik tanggapen age, kabeh pituturing sun, away ana nganti kang cicir, manira yun wedharna, ngelmuning ngidhup, kang nuntun mring karaharjan, kang supaya raharja sajroning urip, lulus tanpa sangsaya.

Pada 35

(6)

jarwa, mung sumedya nungkul, ajrih lamun anglirwakna, sakathahing warsitaning Sang Yogi, tan pisan yen nyingkura”.

P A N G K U R

Pada 01

Sang Pandhita malih nabda, marang cantrik lilima kang neng ngarsi, mangkana sabda Sang Wiku, “Heh cantrik pirengenta, dene gemi mrih trewaca pananggalmu, saiki ingsun amurwa, anglairake wawangsit”.

Pada 02

Makaten pamarsitanya, “Lah ta cantrik padha insun tuturi, wajibe manuswa iku, manembah mring Pangeran, awit kabeh obah osiking pramakluk, atas karsaning Pangeran, kang kwasa sung pati urip.

Pada 03

Begya cilakaning janma, kojur-mujur tarlen karsaning Widhi, titah mung darma lumaku, tan bangkit karya muga, marmanira samengko padha den emut, angelingi mulanira, purwanta nggenira urip.

Pada 04

Dumadi neng ngalam donya, wineruhke lelakon ala becik, lan sira kinen dudulu, gumlaring ngalam donya, wit urip puniku wis ginawe punjul, timbang sarananging gesang, titah liyane sujanmi.

Pada 05

Mulane wajib manuswa, analangsa sumungkem ing Hyang Widhi, ywa pegat ing siyang dalu, supyantuk nugraha, dingapura sakabehing dosa nireku, dene teranging panembah, mangkene padha dieling.

Pada 06

Ana sembah catur swanta, yeku sembah kang konjuk mring Hyang Widhi, catur papat tegesipun, swanteku, kaweningan, aeit sapa sumedya nembah Hyang Agung, mrih bisa konjuk Hyang Sukma, kanggo budi suci.

Pada 07

Mangkene menggah terangnya, tumanjane sembah kang catur warni, mring trape sajuru-juru, kapisan sembah rasa, kapindhone sembah cipta aranipun, tri sembah jiwa ranira, kaping pat sembah ing dhiri.

Pada 08

(7)

Pada 09

De sembah rahsa kumangka, kanggo minta amrih ungguling jurit, supaya manggya rahayu, aneng jroning payudan, away nganti tumekaning lara lampus, kapindhone sembah cipta, mangkane patrape kaki.

Pada 10

Sadina-dina den bisa, anetepke amrih sengsemingati, ywa ngumbar hardaning kayun, dikukuh ing panancang, awit yen wus bisa sengsem jroning kalbu, kawawa asung papadhang, neng jroning pangraseng urip.

Pada 11

Iku wus dadi panembah, pikantuke kanggo manggayuh mamrih, katekana sedyanipun, sedya kang mrih utama, katekane sembah jiwa patrapipun, sadina-dina den bisa, ngesema rarasing ati.

Pada 12

Katamana lara penak, bener luput ala tanapi becik, tanggapen lan sukeng kalbu, ngudiya eseming tyas, away nganti darbe pangresula kulup, karana eseming nala, iku bangkit maweh wening.

Pada 13

Neng jroning pangraseng gesang, weninging tyas dadi sembah sayekti, panembah ingkang kadyeku, kinaryannya amiminta, utamane ing tembe praptaning layu, muga-muga amanggiya, rahsa sudibya ingkang ngakir.

Pada 14

Kaping pat sembah raga, de tegese sembah raga puniki, wekel kas sing badanipun, diajek ing panindak, kang saregep tindak kang jujur, iku wus wajibing panembah, sembah ing raga sejati.

Pada 15

Pikantuke sembah raga, pan kinarya anjangka mring rejeki, kadonyan sasaminipun, kang kanggo jroning gesang, kabeh mau margane bisa pikantuk, mrih katekaning pajangka, kanthi nganggo watek kadwi.

Pada 16

Siji teman lan antepan, lamun biso nganggo watek kadyeki, manawa inggal tinemu, ing samupakatira, katimbalan atase sakeng darbe kayun, marmanya padha den taha, ywa nyerang saliring kapti.

Pada 17

Hyang Widhi, samengko gantya cinatur, sun arsa miterangna, utamaning watek kang bisa nununtun, widada dumadinira. “Cantrik gangsal matur inggih”.

(8)

Pada 01

Wajibe janma taruna, tumitah neng donya kaki, sabisa-bisa den arah, nganggo watek nem prakawis, mangkene trangireki, mungguh wawatek nem iku, kang kapisan intiyar, mantep ingkang kaping kalih, telu temen dene kaping pat tetepa.

Pada 02

Kaliamne angapura, kenenem narima kaki, mangkene katranganira, wijange sawiji-wiji, den titi ing panampi, ywa nganti ana tumpang suh, tegese tembung istiyar, ngaurip iku wus wajib, angupaya apa kang dadi butuhnya.

Pada 03

Kapindho mantep tegesnya, sabisa-bisa ngaurip, ngesthiya anteping budya, budi kang amrih basuki, away pisan ngendhoni, yen durung bisa kacakup, wit kodrating suksma, sakehing tumitah urip, sapa darbe watek temen tinemenan.

Pada 04

Kapingpate tembung tepa, mangkene tegesireki, sayogyane ing ngagesang, sabisa-bisa mangudi, ngegungna tapa kaki, tepa mring samining ngidhup, ywa dhemen tindak siya, aja nganggep lawan edir, nglegutakna asih tresna mring sasama.

Pada 05

Lima tembung ngapura, mangkene tegese kaki, ngaurip neng ngalam donya, darbeya watek utami, dhemen amemenehi, ngapura samining makhluk, kang nandhang kaluputan, ywa sira males ngalami, marsudiya murih kamot bubudenira.

Pada 06

Kaping nenem tembung narima, tegese mangkene kaki, ngaurip sayogyanira, darbeya narimang takdir, ywa nyerang ing pambudi, tan prayogya temahipun, kabeh tindak sumengka, iku nir prayitneng batin, marma samya den ageng paranimanta.

Pada 07

Wateke budi narima, unggul wekasaning wuri, seje budi kang nyerang, tangeh yen bisa lestari, marma welingku kaki, den abanget panganggepmu, away sira nyingkura, marang pitutur kang becik, sayektine bakal ana paedahnya.

Pada 08

Yen sira mituhu jarwa, warsitaku kang kawijil, mbokmanawatembe sira, anemu kamulyan kaki, lulus bisa mukti, tanana sangsayanipun, mangkeneku wus dadya, pranatan adiling Widhi, sapa becik bakal antuk kabecikan.

Pada 09

(9)

Pada 10

Punapa wus saged pana, punapa dereng tan uninga, mbok kadanguwa priyangga, wauta sakawan cantrik, nambung umatur aris, dhumateng Sang Maha Wiku, makaten aturira, dhuh sang pupundhen dasih, estunipun kula ugi wus trewaca.

Pada 11

Sang Pandhita malih nabda, semu kacaryaning galih, mangkana pangandikanya, “Heh cantrik lilima sami, sarehing sira wus, bisa anyakup pitutur, tutur kang kawahya, samangko ingsun aganti, sumedharnya saha ngalirake piwulang”.

Pada 12

Utamaning gegayuhan, kang pantes gagayuh dhingin, mung ana patang praka, anggapen ingkang nastiti, tancepna sanubari, cancangen kenceng ing kalbu, mrih ywa nganti katriwal, kanggowa salami-lami, pan cantrik sareng umatur sandika.

Pada 13

Ngadika malih Sang Dwija, “Lah saiki sun nurwani, amedharake warsita, prakara panggayuh becik, padha kepareng ngarsi”, cantrik gya mangsah umaju, tumungkul pasang karna, mangliling wisik Sang Yogi, Sang Pandhita manabda malih mangkana.

Pada 14

Mangkene katrangira, “Silahnya sawiji-wiji, panggayuh patang prakara, kang tumrap kanggoning ngaurip, supaya angindhaki, ngancik lalakon kang bagus, lah padha wiyarsakna, wijanging panggayuh kaki, lakonana kalayan karsaning tyas.

A S M A RA DA N A

Pada 01

Juga kena den ranira, kawiryan den kapindhonya, artawan kaping telune, kagungan kaping patira, guna kawiryan ranira, papat iku pedahipun, mangkene kateranganya.

Pada 02

Kawiryan tegese kaki, kagem ratu l;an prentah, yeku drajat kapya yen, marga wong kagem Sang Nata, tanapi pamarentah, gedhe cilik sor unggul, nanging wis mengku wibawa.

Pada 03

Tegese wibawa kaki, den ajeki ing sasana, lamun wus darbe papasthen, balanja sapantesira, tinampan saben candra, dene pahargyan amung, mayar nora ngrekasa.

(10)

Matmanya den sami ngudi, mamrih kagema Sang Nata, kanggepa ing salawese, norane kagem Sang Nata, kagema pamarentah, kaparenga anggegaduhuh, nindakake panguwasa.

Pada 05

Mangkoneku pan keni, kinarya pakuwatira, uripe neng donya kiye, sanadyan orane bisa, sugih nanging wus mayar, bisa ajeg panganipun, lumintu sadina-dina.

Pada 06

Dene artawan kang dwi, mangkene mungguh terangnya, yogane ngaurip darbe, panggayuh mring kasaguhan, mrih bisa rawat bandha, ngungkuli sasaminipun, dadi aran urip mulya.

Pada 07

Marma welingku dieling, ywa lumuh nggayuh arta, udinen mrih bisane, awit lamun nora bisa, kalakon rawat bandha, uripmu nista kalangkung, sinatru sapadha-padha.

Pada 08

Katelune dipun nastiti, tegese tembung gunawan, mungguh terangnya mangkene, ngaurip sabisa-bisa, mangudi mrih sampurna, tegese sampurna putus, mumpuni saliring guna.

Pada 09

Kasusastran miwah ngilmi, ywa nganti dhagel tan yogya, nora nana paedahe, seje lan kang wus sampurna, ngelmu tanapi sastra, uripe nora pakewuh, anggone anggupaya boga.

Pada 10

Wit manungswa kang wus ngeting, sakridhaning kasusastran, kawruh gaibe apadene, iku dadi pangungsenya, janma kang tuneng sastra, lan janma sepen kawruh, tekane kanthi weh ruba.

Pada 11

Marmanya weh ruba awit, areo minta pitulungan, apa sing dadi butuhe, kang supaya tinuduhan, barang kang durung wikan, kang wus dadi wajibipun, ingulat tan mrih pinanggya.

Pada 12

Kamangka sira wus bangkit, maweh tuduh kang sanyata, yekti gedhe tarimane, kajaba gedhe trimaya, aweh bungah mring sira, mangka linuring pitutur, ruru basa kuwasanya.

(11)

Awit bakuning wong Jawi, duk kuna prapteng samangkya, kudu weruh ngelmu gaibe, gaib kodrat tegesira, marma den bangetsira, mangudi mrih lebdeng kawruh, kanggo pikuwating gesang.

Pada 14

Genepe kaping pat kaki, diyatna lan den prastawa, tembung guna kawignyane, pan mangkene tegesira, sabisa-bisa janma, andarbenana panggayuh, mumupuni saliring karya.

Pada 15

Kang dadi praboting ngaurip, kalumrahe ing akathah, udinen awit amrih wignyane, wit manungswa kang wis lebda, mumupuni liring karya, akeh wong kang minta tulung, kinen garap pakaryannya.

Pada 16

Apa sing kang den senengi, ing mangka sira wus bisa, nuruti apa karepe, sayekti dahat sukanya, agung pangalemira, mring sira dene wus besus, bisa anuju sakarsa.

Pada 17

Apa maneh yen wus dadi, barang ingkang sira garap, pasthi ana lilirune, dhuwit ing sapantesira, tinimbang keh ing karya, wus jemak mangkono iku, mangkana tinimbanganira.

Pada 18

Kang mangkana iku kaki, manawa uga wus kena, kanggo pikuwat uripe, sanadyan nora sugiha, nging uripe tan nistha, wit pangane wus kacakup, nora nganti kakurangan.

Pada 19

Bogan yen sira tan ngudi, lawan nora manggayuha, mrih cukup salah sijine, sokur-sokur lamun bisa, papat kacukup pisan, orane siji wus lowung, ugere bisa katekan.

Pada 20

Yen ta kacukupa kaki, salah siji mbokmanawa, uripmu tiba nisthane, wit tuna pambudidaya, akale tanpa guna, tanapi piyandelipun, uripe temah sangsara.

Pada 21

Dadine banjur netepi, ana paribasan ika, aji godhong jati amoh, upamane bangsa ganda, ambune arum jamban, tanana kang dadi wanuh, labet samar yen kakenan.

Pada 22

(12)

Pada 23

Rahsaya matur umaris, “Dhuh Sang Dwija pepundhen kula, kang tuhu wicaksanane, sayekti prakadang kula, agung mangayam-ayam, ganjaraning Sang Wiku, pamarsita kang utama”.

Pada 24

Sang Pandhita nabda malih, mekaten dhawuh Sang Dwija, “Heh cantrik lilima kabeh, sira padha angrungokna, saliring warsiteng wang, samengko wiwit sun catur, pocung samya kaestokno”.

P O C U N G

Pada 01

Kaya kang wus dakwejangake mring sireku, salah sajuganya, away nganti tuna kaki, dene yen wus kacakup slah sajuga.

Pada 02

Sira laju rina wengi den sujut, manembah Hyang Suksma, sajroning sujut sireka, nunuwuna wahyu nygrahaning Suksma.

Pada 03

Kang sinebut sastra jendra yu linuhung, awit sastra jendra, mengku rahmat kang linuwih, kang kawawa sung papadhang donyakerat.

Pada 04

Yektini pun kalamun sira wus antuk, nugrahaning Suksma, ingaran sastra jendra di, jroning ngurip tanana sangsayantra.

Pada 05

Marmanipun tanana sangsayen ngidhup, awit kodrating Hyang, sapa manuswa kang bangkit, gayuh marang sastra jendra ayuningrat.

Pada 06

Bakal antuk kanugrahaning Hyang Agung, ana catur warna, wijange mangkene cantrik, kang kapisan kaparingan kanugrahan.

Pada 07

Kadwinipun kayuwanan kang tumurun, dene katelunya, kabrayan ingkang wus mesthi, kaping pat genepe iku kayuswan.

Pada 08

Tegese catur bab mangkene kulup, tembung kanuragan, iku pinaringan gaib, luwih teguh lan nganggo meguru sira.

(13)

Dene tembung kayuwanan tegesipun, pinaringan kodrat, dening Hyang Kang Maha Luwih, keslametan lulus sajroning ngagesang.

Pada 10

Kang katelu tembung kebrayan kulup, mangkene tegesnya, jinampu dening Hyang Widhi, pinarengke lulus mengku kluwarga.

Pada 11

Tegese bisa tumerah tumuruntun, uripe tan cuwa, bisa mencarake wiji, tutug nggone amengkuoni anak rayat.

Pada 12

Kaping catur tegese kayuswan iku, antuk kamurahan, palimirmaning Hyang Widhi, uripira pinaringan urip dawa.

Pada 13

Bisa tutug anggonmu ngemong anak putu, janma kang mangkana, iku kena den arani, urip mulya siniyan dening Hyang Suksma.

Pada 14

Heh ta puthut dadi kawruhananmu, sarehning samangkya, wus titi terang baresih, pituturku mring sira kang wus kawahya.

Pada 15

De pikirmu apa carem apa durung, yen durung matura, mumpung ana ngarsa kami, lamun durung pan ingsun maksih kaduga.

Pada 16

Weh pitutur mrih bisa carem pikirmu, ywa sumelang sira, uger aku misih urip, nora kewran yen sira mung minta wulang.

Pada 17

Nulya matur Budaya sarwi tumungkul, makaten aturnya, mring Sang Wiku Yatnajati, mugi-mugia andadosna uningan.

Pada 18

Manah ulun tanapi kadang sadarum, samangke wus padhang, datan wonten kang ngalingi, dupi sampun nampi warsita andika.

Pada 19

Ingkang kantun raosing tyas lir ginrujug, kang tirta nirmala, panggesangnya wong sabumi, adhem asrep sumyah rasanira.

(14)

Pindhanipun kadyangganing wit kang alum, duk mangsa katiga, ngaretek ronya barindhil, dupi sampun kataman dresing sang warsa.

Pada 21

Uwitipun seger waluya tan alum, wus rumaos gesang, wit pantuk dayaning warih, kadya tangi garegah saking kantaka.

Pada 22

Nambung wuwus ri Sang Yatnajati Wiku, tujuninmg kang sabda, dhawuh mring Karsaya cantrik, pan makaten dhawuhnya Sang Maha Dwija.

Pada 23

“Heh puthut paran panampi nireku, warsita manira, bab gancaraning Hyang Widhi, sakirane apapawa wus trewaca”.

Pada 24

Dene yen wus bisa cumanthel sadarum, dahat sukaning wang, de padha mengku lulungit, pan Karsaya mangsuli matur makaten.

Pada 25

Dhuh-dhuh adhuh Sang Dwija jijimat ulun, saliring warsita, andika kang ulun tampi, kados-kados tan wonten ingkang katriwal.

Pada 26

Mbok bilih wus kinodrat dening Hyang Ngagung, kula lan pra kadang, jer wus pinasthi nanggapi, warsitanta sadaya ingkang kawahya.

Pada 27

Yata Sang Wiku dupi myarsa tur, wimbuh sukaning tyas, makaten ngandikan malih, mring pra cantrik makaten andikanira.

Pada 28

Saiki wus lega rayaning tyasingsun, mung kari sajuga, pituturku mring sireki, miterangke jejering Gusti Kawula.

Pada 29

Siji iku tanggapen ywa kongsi kisruh, lah mara rungokna, dakterangne ing samangking, cantrik gangsal umatur nuwun sandika.

Pada 30

Sang Awiku malih ngandika arum, samengko sun murwa, nerangke Kawula Gusti, piyarsakna amrih timbuling wasana.

(15)

Pada 01

Kang kasebut Kawula iku ta kaki, panca driya gesang, raraketan lawan dhiri, cinancang sariningwanta.

Pada 02

Wahananane napas sira kang sajati, de sarining tirta, wahanane yeku getih, kang nyrambahi angganira.

Pada 03

Kang katelu ingaranan sarining agni, dene wahanane, rasa karasa sejati, dupi talinya wus wudhar.

Pada 04

Pancadriya gesang pisah lawan dhiri, laju bali marang, asale purwa kang nguni, manjing alam langgeng laya.

Pada 05

Nora owah tetep ing salami-lami, tan kena cinandra, dunung panggonanireki, ananging uga karuhun.

Pada 06

Kang mangkono wus tetep Kawula-yekti, kena ingaranan, mawor roroning ngatunggal, lan menenging pancadriya.

Pada 07

Satelenging meneng pan jumeneng ening, eling dumeling tan lali, mobah rasaning Hyang Suksma.

Pada 08

Myarsa ganda wuninga tanpa piranti, sugeng salawasnya langgeng suci nora gingsir, ngebeki rat angganira.

Pada 09

Anguripi sakehing titah donyeki, bisa nukseng malembat, cilik tan kena tinitik, cedhak tur nora singgolan.

Pada 10

Anira dhingini sagung dumadi, kawawa manuksma, nora sesek ing ngarempit, datan logro ing ngajembar.

Pada 11

Yen wujud dalem buta tan kena jinimpit, adoh tanpantara, cedhak rumaket neng dhiri, yeku Pangeran sanyata.

(16)

Pada 01

Kapriye kanthine puthut, nggonira padha nanggapi, warsita kang limang ebab, baya wus samya nyakupi, yata wau pun Jiwata, mangsuli umatur ris.

Pada 02

Dhuh-dhuh sang Maha Wiku, mugi andadosna uning, pun dasih lawan pra kadang, dupi anampeni wangsit, andika ingkang pungkasan, raosing tyas ulun kadi.

Pada 03

Siniram tirta sawindhu, adhem asrep anyrambahi, marang saranduning angga, sanadyan pra kadang ugi, pan makaten ciptanira, cocog sami tan nalisir.

Pada 04

Ingkang mekaten puniku, wau tetela yen antuk sih, kanugrahaning Pangeran, tinurunan wahyu gaib, kinodrat dening Hyang Sukma, kula lan pra kadang sami.

Pada 05

Wus tinakdir ing Hyang Agung, kalamun saged nampeni, warsita ndika Sang Dwija, mboten langkung mugi-mugi, angsala barkah andika, lulus ing salami-lami.

Pada 06

Sageda awet lestantun, nggen kula ndherek Sang Yogi, neng donya prapteng delahan, tan sumedya angoncati, makaten ubayeng driya driya, kadang-kadang kula sami.

Pada 07

Yata wau sang Wiku, duk myarsa turira cantrik, sumedhot jroning wardaya, wasana ngandika aris, “Lah cantrik lima sadaya, aturmu kang wus kawiji.

Pada 08

Banget panarimaning sun, de sira padha darbeni, tyas setya kaya mangkana, yekti bakal tak timbangi, asih tresna marang sira, timbange setyanireki.

Pada 09

Kajaba ta iku puthut, rehning wus antara lami, nggonmu ngadhep neng ngraseng wang, lahya yo bubaran sami, wis padha sira ngasoa sun arsa nungku samad.

Pada 10

Pra cantrik bubaran sampun, sosowangan samya mulih, wau ta Risang Pandhita, gya mangsa muja semadi, miminta sihing Bathara ywa ana sangsayeng dhiri.

Pada 11

(17)

Pada 12

Rasakna sajroning kalbu, den prastawa bab kang titi, angger-anggering Pangeran, ngadat wataking dumadi, beraten budi kang nistha, ijolan kang utami.

Pada 13

Kipatna den kongsi jauh, rong bedahat mrih ywa bali, galo keh tuladhanira, warnane janma kang nyingkir, sinau mulyaning budaya, tangeh lamun bisa becik.

Cekap semanten rumiyin, kawula nyuwun agunging pangaksami menawi wonten kalepatan, wusana mugi sami basuki lestari nir ing sambikala

Referensi

Garis besar

Dokumen terkait

Membawa dokumen Penawaran asli dan Dokumen Perusahaan Asli serta 1 (satu) set fotocopy dokumen dari data-data isian formulir kualifikasi yang diinput di dalam Sistem Pengadaan

Untuk mengetahui kualitas layanan Bank Jateng Syariah KCPS UMS pada kepuasan nasabah, digunakan model SERVQUAL dengan metode Structural Equation Modeling (SEM) yang

[r]

seks bunga drlakukan dengan metodc deskriptilyaitu dengan nenghrtmg rasio scks bunga.. lantan, bclina dln hcmaprodlt dalan saru

Kesimpulan penelitian ini adalah pemberian hormon FSH dan PMSG menghasilkan pertumbuhan volume ambing yang baik selama bunting, dengan bobot dan jumlah anak yang

Hasil dari Tugas Akhir ini adalah kerangka uji algoritma berupa mekanisme pengujian algoritma yang terdiri dari kumpulan metrik untuk menilai kualitas algoritma penjadwalan,

Metode penelitian yang digunakan dalam peneliltian ini adalah metode penelitian secara kualitatif, dimana metode ini bertujuan untuk menjelaskan atau

Diperoleh data nilai sikap, nilai proyek, nilai produk, proses penilaian sikap, proses penilaian proyek, proses penilaian produk dan hasil wawancara yang berupa respon