• Tidak ada hasil yang ditemukan

MERUHI KAWERUH

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "MERUHI KAWERUH"

Copied!
12
0
0

Teks penuh

(1)

M E RU H I K A W E RU H

Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan

muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir

utawi mangertos sebab saking pangraos.

Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken undhuh-undhuhan

saking sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk

ing weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun tegesi nanggapi dhateng

ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika. Nampi

ebahing indriya saged kanthi nginjen, mrisani, mireng, ngambet,

ngraosaken, lan nggrayangi.

Amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan

guneman kanthi patitis [njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun

sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun kaliyan piwulang

nyumerabi kawontenanipun [pangrembuging] barang-barang, basa

monceripun mungel Zaakonderwijs verbonden met spreek en verstands

oefeningen.

Pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening raos hambetahaken

saha niyatipun kepingin mangertos punika ingkang dados dhasaring

kaweruh. Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken

pangertosan.

Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung saking ngapalaken

utawi nirokaken isining buku utawi saking maos reriptan ing Pawartos Jawi

upaminipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan

nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang.

Ilmu iku kalakone kanthi laku, sadaya piwulang punika sagedipun tumanja

kedah kanthi tumandang utawi nglampahi piyambak, boten cekap namung

taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah purun

(2)

Pancen pikiran punika ingkang saged nuntun kitanyinau kaweruh. Awit

saking punika kaweruh lelandhesan barang mesthi, tegesipun wonten bukti

mawujud nyata wontenipun lan saged dipun buktekaken kanthi limrah,

pinanggih ing nalar saha encering pikir.

Ing kaweruh boten wonten bab ingkang winadi, sadaya kedah dipun

dhasaraken barang ingkang mesthi. Pitados dhateng dhiri pribadi saha

pikajengan ingkang sentosa, punika ingkang dipun betahaken kangge

nyinau kaweruh, saking tataran ngira weruh, ngaku weruh, ngantos dumugi

nyata weruh utawi temen weruh [badhe kapisah kababar ing wingking].

Sapunika badhe kula lajengaken malih anggen kula gendhu-gendhu rasa

bab kaweruh, mliginipun kaweruh bab nalar.

Kaweruh bab nalar punika kaweruh ingkang madosi dhateng

hukum-hukumipun pikir. Nalar gadhah kewajiban madosi dhateng cara utawi

teknikipun mikir. Ing sabrang Kilenan kaweruh bab nalar punika dipun

wastani logika, saking tembung logos ingkang ngemu teges piwulang

kangge cara mikir ingkang mlesed, saha nyukani pitedhah supados boten

mlesed.

Pramila logika ugi dipun wastani piwulang bab rasio utawi perbandingan,

amargi logika saweg tumindak makarya manawi wonten tiyang mastani

*anu* dipun gandheng kaliyan *anu* sanesipun, ngantos nuwuhaken

pamanggih.

Supados pikir wau ketingal, pikir wau dipun wujudaken mawi

tembung/ukara/basa. Logika lajeng ngonceki pamanggih wau lan ngudi

dhateng ceplesipun pamanggih wau, tegesipun madosi zhang-zhanganipun,

inggih punika gandhengipun si *anu* kaliyan pun *anu* sanesipun wau,

cocog miturut nalar punapa boten.

Sanadyan zhang-zhanganipun utawi gandhengipun wau sampun miturut

(3)

mlesed. Pamanggih ingkang mlesed punika kosokwangsul kaliyan

pangertosan [upaminipun: pasagi-bunder], utawi boten laras malah congkrah

kaliyan pengalaman sanyatanipun [upaminipun: geni-adhem].

Logika boten madosi kasunyatan awit punika sanes wajibipun. Madosi leres

utawi ngudi dhateng sejatining bener punika dados tanggel-jawabipun

Filsafat, sanes urusanipun Logika [ingkang mligi namung madosi bener

tumrap bageyanipun], dados benten kaliyan Filsafat ingkang madosi bener

tanpa wates, umum, mutlak.

Logika namung dados prabot kangge nitipriksa lampahing pikir ingkang

leres. Tiyang saweg saged madosi kasunyatan utawi sejatining bener

manawi anggenipun ngedalaken pamanggih wau boten nalisir saking nalar,

inggih makaten punika ingkang dipun wastani lampahing pikir ingkang leres.

Ngantos dumugi pundi pentog wohipun pikir, punika boten dados obyek

wawasanipun logika.

Kados ingkang sampun kula serat lan kapacak ingPawartos Jawi mriki riptan

asesirah Lung Tinampen, satunggaling pamanggih punika saged dipun

wujudaken sarana ngaku utawi selak, ngantebaken/positif utawi

ngorakaken/negatif, dados saged ya utawi ora, inggih punapa boten [manawi

ngedalaken pamanggih mbokya aja karo ngeden].

Pamanggih punika rak namung keyakinan, ingkang tiyang sanes boten

kedah sarujuk, "Lho, punika rak pamanggih panjenengan, manawi miturut

kula boten makaten ...", sanadyan ta anggenipun ngedalaken

pamanggihipun wau kanthi lelandhesan bukti-bukti ingkang kiyat.

Dados pamanggih punika namung mahyakaken *mbokmanawi*, sanes

barang ingkang sampun tamtu kasunyatanipun [they express probabilities

rather than certainties] lan taksih ngemu suraos *kinten-kinten* [they are

subject to doubt].

Saben tiyang tamtu anggadhahi pengalaman ingkang dipun alami piyambak.

(4)

inggih sami, lajeng pengalaman wau dipun wastani pengalaman obyektif,

awit wonten cundhukipun antawisipun pengalaman subyektif lan obyektif

ngantos tiyang saged ngertos-ingertosan, lajeng saged linton-lintonan

pamanggih mawi dhasar nalar.

Nalar wau lajeng saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang

mlesed. Wonten ing babagan kasusilan, tiyang saged mbedakaken pundi

ingkang leres lan pundi ingkang klentu sarana nalar. Wonten ing pikir, tiyang

saged mbedakaken nyata lan ora nyata, cocog lan mlesed. Kangge

ngedalaken pamanggih, tiyang saged mastani manawi positif

[ya/ngaku/ngantebaken]: godhonge ijo. Utawi manawi

negatif/ora/selak/ngorakaken: godhonge ora ijo.

Wujudipun ingkang sanyatanipun [gagasanipun nyata utawi nyatanipun]

pancen kados ingkang dipun tingali tiyang wau sanadyan cara nerangaken

benten. Bentenipun manawi nerangaken sarana positif, punika genah

nyata/konkrit, upaminipun: ijo. Cetha warnanipun setunggal inggih punika ijo,

nanging saged ugi dipun terangaken manawi *ora ijo* punika saged

nggadhahi teges warni-warni, waton boten ijem.

Manawi tiyang ngedalaken pamanggih, punika tamtu mawi dhasar

keyakinan ingkang leres sampun kados makaten punika wontenipun,

tegesipun tiyang wau nggadhahi kemanteban tumrap bab ingkang dipun

pikir, dene pamanggih wau saged nggambaraken keyakinanipun.

Keyakinan wau saged ngengingi punapa satunggaling bab punika *saged

kelampahan*, *boten saged kelampahan babarpisan*, *kedah kelampahan*,

utawi *saged kelampahan dados saestu*.

Bab ingkang *kedah kalampahan*, punika tamtu ugi *saged kelampahan*,

dados boten dipun endani lan *kedah kalampahan*, wonten ing salebetipun

kawontenan ingkang kados punapa kemawon.

(5)

ugi tansah kadosa pundi kemawon punika *kedah kelampahan*, jalaran

manawi boten, tamtunipun bab wau boten badhe kelampahan.

Bab ingkang *boten saged kelampahan babarpisan*, punika boten saged

kelampahan kanthi kados punapa kemawon. Kosokwangsulipun, bab

ingkang *saged kelampahan*, punika wonten warni-warni caranipun

*kinten-kinten* saged kelampahan. Watesipun *kinten-*kinten-kinten* wau celak kaliyan

*kedah kelampahan*, nanging tamtunipun boten saged sami kaliyan *kedah

kelampahan* wau.

Ingkang boten saged dipun kinten-kinten punika tansah *saged

kelampahan*, nanging punika watesipun celak kaliyan *boten saged

kelampahan babarpisan*, nanging ugi boten saged sami kaliyan *boten

saged kelampahan babarpisan*. Manawi ingkang *saged kelampahan*

punika *saged kelampahan dados saestu*, inggih lajeng dados *nyata*.

Punapa ingkang sampun nyata saestu, punika tansah kadosa pundi

kemawon sampun kedah makaten. Manawi punika boten saged dipun tampi,

sadaya ingkang nyata badhe ical sesambetanipun kaliyan ingkang rasional.

Dados ingkang *kedah kelampahan* punika ugi nyata badhe dados nyata

lan punika *kedah kalampahan*, wonten ing kawontenan ingkang kados

punapa kemawon.

Kosokwangsulipun, ingkang sampun dados nyata, punika inggih *kedah

kalampahan*, sanadyan gandhenganipun boten saged dipun tedhahaken

[dipun ketingalaken]. Tiyang ngedalaken pamanggih ingkang limrah dipun

dhasaraken mawi punapa ingkang ketingal ing mripat, upaminipun:

godhonge ijo. Pamanggih wau mawi dipun yakini saestu kanthi tamtu. Tanpa

keyakinan ingkang sentosa/pasti wau, tiyang boten saged mikir miturut

nalar/logika.

Saged ugi pamanggih wau lajeng kasusul boten leres jalaran mripatipun

goroh, nanging pamanggih wau lajeng saged dipun leresaken, dipun ewahi

(6)

sanadyan pancadriyanipun boten saged dipun pitados satus persen,

nanging pamanggih ewa semanten tetep pitados dhateng keyakinanipun.

Punika amargi nalika ngedalaken pamanggih taksih pe-dhe bilih kawontenan

wau inggih kados nalika dipun sumerebi/tingali, punika dados dhasaripun

sedaya cara mikir [ingkang cundhuk kaliyan nalar]. Mawi dhasar punika

satunggaling pamanggih saged ngengingi bab ingkang boten kedadosan

utawi bab ingkang dereng kedadosan. Pamanggih kados makaten wau

taksih nggadhahi teges *kinten-kinten*. Tumrap ingkang sampun *tamtu*

punika ugi nggadhahi undha-usuk. Wonten *tamtu ingkang mesthi*, lan

wonten *tamtu ingkang mesthi boten*. Upaminipun: *tamtu ingkang mesthi*

bilih sebageyan punika langkung alit tinimbang kaliyan wetah [the whole

should always be greater than any of its parts], punika minangka tuladha

tamtu ingkang boten saged dienyang malih, liripun jawabanipun sampun

gumathok. Punika saged damel conto manawi badhe ngrembag bentenipun

punapa ingkang namung *pamanggih* lan punapa ingkang saged

kawastanan *kaweruh *.

Dipunwastani kaweruh manawi barang ingkang saweg dipun pikir punika

njalari kita mikir kanthi cara tartamtu, ingkang sampun boten saged dienyang

malih. Anggen kita mikir madosi jawabanipun arahipun tumuju dhateng

jawaban ingkang sami, boten wonten pilihan sanesipun malih. Mila

jawabanipun boten saged dipun lebetaken dhateng ewoning pamanggih

pribadi malih, amargi saben tiyang waras mesthi sarujuk utawi sami

pamanggihipun bilih saperangan punika mesthi langkung alit tinimbang

kaliyan ingkang taksih wetah.

Kosokwangsulipun, manawi kita taksih rumaos bebas anggen kita mikir

madosi jawabanipun, punika taksih winates arupi pamanggih, dede kaweruh.

Minangka tuladha: "Punapa tiyang Jawi remen dhahar gudheg?" *Temtu

ingkang mesthi boten* bilih loro ping loro kuwi padha karo lima. Tamtu-tamtu

kados nginggil wau ngengingi babagan ingkang abstrak lan tumrap

barang-barang ingkang wujudipun sarana dipun sukani pangertosan/definisi, mila

(7)

Benten kaliyan babagan ingkang konkrit/nyata. Wonten ingriku, sanadyan

tamtu, nanging taksih wonten mlesedipun. Manawi wonten mendhung

lelimengan, kula sanjang "Wah udan", sanadyan kula saged lepat, nanging

sekedhik sanget amargi limrahipun inggih jawah saestu, mesthi udane.

Nanging sanadyan namung sakedhik, kula ugi saged mlesed, sareng wonten

angin ageng, mendhungipun ical, boten saestu jawah ... weee ngapusi

mendhunge!

Nanging ugi wonten kawontenan ingkang tamtu kenging dipun temtokaken

nyata saestu, upaminipun: sepur Taksaka mangkat saking Yogya

tujuwanipun dhateng Jakarta, punika tamtu ingkang kenging

dipuntemtokaken nyata saestu badhe dumugi Jakarta, awit umumipun

badhe dumugi Jakarta.

Nanging ugi wonten malih kawontenan bilih katemtuan wau gumantung

saking ingkang ngendika piyambak. Upaminipun kados conto kula ing

ngajeng: "Wah hawane kok adhem biyanget", kamangka ingkang dipun ajak

wicantenan saweg kringeten gobyos.

Dados saged dipun tetepaken bilih wonten ing babagan konkrit/nyata, bab

tamtu punika taksih saged dienyang, nanging wonten ing babagan ingkang

abstrak/boten nyata, bab tamtu punika sampun boten saged dipun awis

malih, fixed price, tamtu nggih tamtu, nanging, sepisan malih nanging ...

manawi sampun sami cocogipun ing bab definisinipun. Tegesipun, manawi

pangertosanipun boten saged sami, wonten ing babagan abstrak wau ugi

boten wonten tamtu ingkang satus persen tamtu.

Para sutresna Pawartos Jawi ingkang saweg rumagang ing damel, ingkang

saweg suka parisuka sasampunipun pikantuk suka bebungah saking

akathah, ingkang gesangipun nyawo glethak namung dalederan tansah

dhahar tuwin nendra kewala, punapa dene ingkang namung lelambaran

sumendhe dhateng kodrat, wewengan, wewarah, sasmita, lumantar

(8)

Sampun njih, sapunika keparenga kula minca-mincu umik-umik ngungelaken

aji-aji tan ana ajine:

Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing

tawang-towang, kalilanana ingriki Mastoni njegur mak byurrr, tumut ceciblon penak

seger munyer-munyer mak serrrr, sinambi tetembangan hambarang jantur

tuwin hambalang gondhang tutur, sanadyan namung badhe sinurak hambata

rubuh kabalang tetembungan nonjok wadhuk nyogrok tenggak dening para

*sutresna* budaya ingkang anggung memardi mardawaning budaya luhur,

nanging pangandikanipun sarwa-sarwi jeleh-jeleh anjelalak sajak ngemu

groyok boten wewah menthes lan maedahi punapa dene salaras kaliyan

kayektosan mekar mungkaring jaman gagrag enggal, puput pepet

pepunthoning nggalih lajeng boten ajrih ing tumindak worsuh ngidak-idak

asmanipun asanes ing sangajengipun akathah, nama tiyang pancen sampun

remuk rempu rasa retu panggraitanipun, bangsat keparat!

Murih boten sangsaya kapanjangan panglantur kula, prayoginipun kula

lajengaken malih nyobi ngonceki bab Meruhi Kaweruh punika.

Nyata Weruh, Ngakoni Weruh, lan Ngira Weruh

Tataran Nyata Weruh

Wanci sonten kula saweg mlampah-mlampah. Sareng dumugi margi

prapatan ingkang rame, kula sumerab wonten becak kaserempet truk

gandheng, becak jempalik, penumpange wutah, tangise mutri Cina, sambate

wedhus Jawa, gelasaran melas asih. Kaweruh kula ing inggil wau nama

tuwuh saking temen weruh utawi saking nyata weruh, sarana manoni

piyambak prastawa utawi kedadosanipun, dede saking tembung jare.

Kaweruhipun tiyang ingkang saking nyata weruh utawi temen weruh, punika

kaweruh ingkang tuwuh saking panyrawungipun pancadriya kita dhateng

(9)

sinten kemawon manawi dipuntakeni jawabanipun mesthi sami, sauger

tiyang wau taksih waras utawi boten gothang salah satunggaling

pancadriyanipun, upaminipun: es punika asrep, sarem punika asin [yen

duwe karep mbok aja isin-isin].

Tataran Ngaku Weruh

Tiyang jaman samangke sampun sami ngakeni bilih bumi punika bunder radi

lonjong sakedhik. Kajawi punika, bumi punika ebah mubeng ngubengi

porosipun, sarana makaten lajeng lumampah ngubengi surya. Dene pun

sasangka lampahipun ngubengi bumi.

Kaweruh kados conto ing inggil punika nama kaweruh nyata, ingkang tuwuh

saking ngaku weruh utawi ngakoni weruh awit kaweruh wau tuwuh saking

muluring pamikir, tuwuh saking kamajenganing pamikiranipun manungsa.

Manawi pamikir kita boten mulur, inggih boten saged katuwuhan kaweruh

makaten wau. Punika jalaran manawi kita namung lugu migunakaken

pancadriya lan raos pangraos, cobi bumi punika manawi dipun sawang

ngangge paningal, mrika-mrika rak ketingalipun radin kemawon, namung

kados klasa memet dipun gelar, boten awangun bunder. Saya kok dipun

cariyosaken bumi punika ngubengi surya, sangsaya boten mathuk awit

ingkang genah miturut pangraosing manah kita surya ingkang ngubengi

bumi.

Makaten manawi tiyang namung ngangge pirantos pancadriya lan raos

pangraos. Nanging sareng tiyang pikiranipun saya majeng, dangu-dangu

kraos, ngertos manawi bumi punika bunder, antawisipun dipun buktekaken

kaliyan sinten niku sarana nitih baita ing seganten, angkatipun mangilen

terus, jebul njedhulipun lha kok saking wetan. Ingriku tiyang tansaya

kenceng anetepaken bilih bumi punika bunder.

Tuladha malih bab muluring pikir: Kita sadaya ngakeni manawi ing tembe

kita mesthi pejah. Raos ngakeni makaten punika sayektosipun inggih tuwuh

(10)

asipat gesang punika ing tembe mesthi sami nemahi pejah. Wekasan saking

muluring pamikir kita, kita lajeng wani netepaken bilih kita sadaya punika ugi

badhe nemahi pejah sanadyan dereng sumerab benjang punapa.

Tataran Ngira Weruh

*Kaweruh* ingkang tuwuh saking ngira weruh makaten nyatanipun pancen

ora weruh, dados sanes kaweruh [kangge nggampilaken anggen kita

mbandhingaken lajeng kula dadosaken setunggal ingriki]. Nanging sanadyan

nyatanipun ora weruh, sampun dados wataking manungsa, manawi dipun

peksa-peksa purih weruh inggih saged, hla lajeng ngira-ngira.

Upami wonten pitakenan, "Bab lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah

punika kados pundi?" Punika pamanggihipun tiyang satus trekadhang inggih

warni satus. Lah sayektosipun dipun punapak-punapakna tiyang boten

sumerab. Mila manawi wonten ingkang kenceng netepaken pamanggihipun,

saupami dipun suwun kapurih mbuktekaken saknyatanipun inggih glagapen.

Dados agami punika sanes kaweruh, nanging punika pangandel/iman/faith,

tiyang kantun ngandel kaliyan boten.

Tiyang badhe ngandel dhateng rembaging sanes punika ugi wonten

saratipun: tiyang ingkang cariyos wau mitadosi, lan salajengipun angsal

paseksen tiyang tiga sekawan gangsal cariyosipun sami, cocog kaliyan

rembagipun tiyang sanes ingkang mitadosi wau.

Upami wonten tiyang cariyos bilih ing New York punika saben taun dhawah

salju. Lha ingkang cariyos makaten boten tiyang setunggal kalih, prasasat

kathah sanget, cariyosipun nggih sami, cocog boten beda-beda. Lah punika

ugi kenging dipun pitados sanadyan punika taksih tembung jare. Saupami

ing tembe saged tindhak dhateng Noo Yawk piyambak ing wanci musim

asrep, kaweruhipun tiyang wau saged dados kasunyatan. Ing ngriki kaweruh

wau lajeng ngancik saking tataran ngira weruh tumuju dhateng tataran nyata

weruh. Sing maune mung jare, sapunika sampun saged mbuktekaken

(11)

Makaten ugi kaweruh saking agami [saking ngira weruh], punika taksih

gondar-gandir. Nanging saged ugi ngancik dhateng tataran ngaku weruh

sarana muluring pamikir, lan saged ugi ngancik dhateng tataran nyata

weruh. Ning inggih saged mbleduk tanpa kukuban. Upami wonten pitakenan

kados ing ngajeng, "Swarga lan neraka punika punapa pancen wonten lan

kados pundi?"

Pitakenan punika manawi badhe dipun jawab mawi wewaton tataran nyata

weruh genah boten saged, jalaran tiyang ingkang badhe jawab wau tiyang

gesang ingkang dereng nate pejah lan dereng nate ngalami utawi

ngraosaken piyambak kados pundi swarga neraka punika..Yen wantun

cariyos kados pundi lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah lajeng

manggen ing swarga utawi neraka, punika mesthi ngapusi, goroh.

Saged ugi dipun *buktekaken*, nanging kedah mangkat saking wewaton

tataran ngakoni weruh utawi saking muluring pamikir, awit muluring pamikir

punika ugi wonten ingkang dumugi kasunyatan. Nanging kedah prayitna

paseksenipun, manawi sepen ing tandha saksi namanipun taksih wonten in

tataran ngira weruh, dados namung kapitadosan.

Tuladha malih: Sukarjo ngakeni bapakipun punika pun Wakidjo.

Pangakenipun Sukarjo punika sayektosipun sakawit mesthi namung ngira

weruh, namung saking kapitadosan, awit dipun punapak-punapakna pun

Surya mesthi boten utawi dereng sumerab bapakipun punika sinten, wong

wiwit dereng mbrojol sampun dipun *bucal*. Sumerabipun Sukarjo punika

saking ibunipun [utawi tiyang sanes] ingkang nyariyosaken bilih Wakidjo

punika bapakipun, sarta saksinipun kuwawi, inggih punika tiyang-tiyang

ingkang katranganipun sami, cocog. Sareng sasampunipun dipun padosi lan

saged kepanggih, nyata leres bilih pun Wakidjo punika bapakipun. Lha

ingriki kaweruhipun Sukarjo ingkang sewaunipun mangkat saking tataran

ngira weruh, sapunika sampun saged ngancik dhateng tataran nyata weruh.

Dados *kaweruh* agami punika prayoginipun kita tampeni kanthi muluring

(12)

saged ngancik tataran nyata weruh. Kados pundi? nyuwun pangapunten

awit kula piyambak dereng dumugi ingriku.

You know, legalism has never been my strong suit. I simply don't see the

difference in the goals of the various paths. Belief can bring comfort, that's

very true, at least comforting thoughts, although it can also bring other

things.

Ing wasana, mugi lumintuning pudyastawa saking Gusti hambabar daya

Referensi

Garis besar

Dokumen terkait

 Tokoh dalam drama mengacu pada watak (sifat-sifat pribadi seorang pelaku. Aktor mengacu pada peran yang bertindak atau berbicara dalam hubungannya dengan alur peristiwa).

[r]

Dalam BAP tidak terdapat alat bukti pentunjuk padahal jika dilihat dari keterangan yang telah diberikan oleh saksi I, sebenarnya secara tidak langsung keterangan

[r]

yang disampaikan secara online melalui Sistem Pengadaan Secara Elektronik (SPSE) untuk paket kegiatan: Pada hari ini Senin Tanggal Dua Puluh Lima Bulan Juni Tahun Dua Ribu Dua

yang disampaikan secara online melalui Sistem Pengadaan Secara Elektronik (SPSE) untuk paket kegiatan: Pada hari ini Senin Tanggal Dua Bulan Juli Tahun Dua Ribu Dua Belas, kami

Konsep pembelajaran berbasis kompetensi/CBT (Competency based training) berfokus pada apa yang dapat dilakukan mahasiswa (kompetensi) sebagai kemampuan bersikap, berpikir,

Berdasarkan Penetapan Pemenang Nomor 09/P4-R021/2/2012 tanggal15 September 2012, Unit Layanan Pengadaan Kementerian Perindustrian mengumumkan Pemenang untuk