• Tidak ada hasil yang ditemukan

serat nawalapatra kaendahaning bawana

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "serat nawalapatra kaendahaning bawana"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

K A END A HA NING B A W A NA

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

@@@

LAGON – K EK AWIN

DHANDHANGGULA

1. Gara-gara : goro reh kagiri, ruharaning bumikneng hangkara, Hyang Yama-brata, puwara warsa surud, datan mantra tumruning siti, bumi sasat kinuras, pameresing trutuh, papanas sumuk manglanas, saisining bumi kandhah kasmala gring, taru lata mangarang.

2. Sato-sato kukilaning wanrdi, pinanljer dening bentering surya, maketer yayah tanpa reh, masrang saparan tinut, ing papanas tanpa ntuk matis, wimbuh sinarang boga, gung

haksana surud, larupala kasangsaya, tela-tela telenge

ngluweng ngajrihi, yeku wahyeng sasmita.

(2)

4. Lebu mangampak mbubul kasilir, tiniyub dening maruta manda, lumeng ing tawang wus dene, meses lesus pamusus, taru mabra winaweng langit, lir lekasing sungkawa, ning dyah mangrontog glung, labet kalungsen hasmara, puspitaning weni paraning geng runtik, menur malathi wigar.

5. Kawur sumawur mawra kasawasih, hangsanane agung sinagsaya, elik tanpa ndon rum-rume, taru-taru tumuyung, wiyang dening lebu manindhih, roning pisang lumayang, dresing driya nempuh manguwir rujit katiwar, aken sampur alneru serenging runtik, dadya paraning duka.

6. Wimbuh ing taman kataman wingit, rengating sari yayah karuna, sinerang Hyang Harunane, ambasmi angkup-angkup, kukudhupe bela kaswasih, rondhon sru kararantan, malum layu-layu, yayah sasmiteng pralaya, lalu njengtung tuntunging wreksa prihatin, kendraning taru mabra.

7.Hergula bang cahyanya ngalentrih, tanpa jwala kaniran suganda, awelu pasang pasmone, kucem manisnya surud, roning bakung tan ketang amrih, resmi langening keswa, pangosweng buratrum, wilising taru sinamar, panaputing lebu weh sureming eksi, laring manyura bela.

8. Amantoni tyasing magong wingit, wilising lar temah tan tumular, ing keswa tambuh papaes, soka hangsana tanjung, kasok lesah kusut kaswasih, ngenani geng duhkita, mayanira surud, kaharat sruning katresan, tinres dening trenyuhing wardaya rujit, nglentrih lir tanpa jiwa.

(3)

SINOM

1. nDungkap praptaning ubaya, tanggaping mangsa gumanti, Hyang Jagad masung sasmita, mintonken pratandhaning sih, masih kasmaleng bumi, kang keneng dhendhaning waktu, gumanti Kwera-brata, masung kamartaning bumi, mendhung-mendhung ngendhanu ing dirgantara.

2. Sinuksmeng tidharsa maya, gumebyar thathit sisiring, masrang sumungsun liweran, winantu guntur nggeteri, tidhem ing ngawiyati, Hyang Warsa sreseg tumurun, riwis mangrawis raras, sesep-sinesep ing bumi, temah tuntum rengating bantala rengka.

3. Kadresan warsa tumumpa, satataning maosadi,

pangusadaning bantala, kasmala lalu pinulih, lir gring meh prapteng wanci, petiting yatma rinacut, puwara lebda jiwa, mangkana isthaning bumi, wrekseng wana mintonken nir duka cipta.

4. Sumungsun semi ngrembaka, srining pradapa sung resmi, manardi lir sinumbaga, sumbageng tingkah geng kingkin, kakenan geng prihatin, kuru aking semu surud, murud jwaliteng netya, temah luwaring punagi, nir kasmala mala gung pinaripurna.

5. Satata salin husika, sinuk semining mamanis, wenesing netya wiletan, wimbuh sumbaga pinardi, taru-tarunira ari, asri sawang pamurweng glung, roning pakis sasmita, apan sasangkon sinuji, kancana bra pinatik ing candrakanta.

(4)

7. Sakala ambabar warna, panjarahing kang sarwa sari, saruni kalak kananga, hangsana noja bang kuning, abra babaring gambir, menur malathi sumawur, edangane ngayangan, basanta teleng taluki, tarate bang gumawang aruming slaga.

8. Rum-ruming gandakusuma, sumyar ing angin sumilir, marbuk tumameng ngakasa, saparan kebekan amrik, masung hasmareng gati, panggrejitaning lulut-kung, ron pucang kamarutan, ingaken wudharing weni, kombang-kombang umung mangrabaseng puspa.

9. pangisepe reresepan, pantatan pamudyaning sih, ruruhing capaka mulya, tinut ing gambir malathi, yayah rengganing weni, rontog pareng wudharing glung, srenging priya srenggara, raragam ngunus mamanis, roning tiris mirut kerit ing maruta.

10. Kengising ponang nyudenta, katali sulaning eksi, satata sampur kawedhar, puthon mas katon dumeling, masung kesar sawitning, wangwang rinancaneng wangun, wangunaning pranaja, maharja hasmareng branti, kawatgata titis tumetesing cipta.

11. Angkup-angkupe kuwangwang, mengkap lir kincanging alis, kudhupe kumedhap-kedhap, ing netya amiwal kapti, namun pancering liring, saruni sekar sisirun, pepes pange lumayang, kandhah panuksmaning warih, lir sasmitaning dyah tan sambadeng karsa.

12. Sri raras ruming udyana, kumonang sru milangoni, ngenati sucipta branta, branta rarasing geng wingit, duk kaprananing gati, panggupitaning wedyeng nung, kongas ungasing netya, sunigya stya maworsih, sru tinula tulyeng tyas tan paja muga.

(5)

myat langening sarwa sari, panjetunging surya lir lekasing lekasing priya.

14. Angles tumilar papreman, ing dyah kang kapati guling, kasok pinudyeng srenggara, labeting driya kaliling, roning aren mangrawit, ingaken lir wudharing glung, wohing aren upama, roroncen gambir malathi, galugune ingaken wentis kawedhar.

15. Swasana sinuksmeng praba, soroting pradanggapati, lalayung mabang sumirat, sirate tumameng bumi, ngenani sarwa sari, taru-taruna sumunu, taman-taman murwendah, wus dene wangunan sami, wimbuh praba prabawaning puspatenja.

16. Sagung wangunan kumonang, mintonken srining pangeksi,

bumi wimbuh binusanan, rumenyep-renyep mangrawit,

maharjeng cipta witning, lumilir pudyasmareng rum, kukileng wreksa lumrang, rumebut pang swaranya sri, manyunare mangungong lir pudyastawa.

17. Kitiran mangimbal raras, araras ruming kekawin, pangidunging priyembada, mardu-mardaweng palupi, tidharsa ngelik-elik, mintonken raras-kung lulut, surud soroting surya, lir mutung silem ing tasik, kari mangu Hyang Bumi kaniran praba.

18. Gumanti Sang Hyang Candrama, mungup bang wetan

mangrawit, kendraning Hyang Dewanggana, panuju

purnamasidi, sumirat narambahai, wenesing cahya mangedus, ari langening bawana, masung lam-laming oangeksi, lintang mabra ing tawang kesisan ima.

(6)

20. Satataning widayaka, nayakaning sujanadi, dining tyas

wening ngumala, martani sotyeng mamanis, yayah

candhanasari, sarira kebekan mardu, mardu-mardaweng ulah, mangulahing mangastuti, pun pangripta tangeh lamun makatena.

21. Yekti tan paja tumimbang, widnya mindha ngirib-irip, satataning Muniwara, mandar kawangsul sawitning, ina sru dameng budi, pangrurahing wisaya gung, manggung keneng durmala, liniput dursila juti, sru karoban karmaning hangkara murka.

22. Mungkur rehing tri susila, silaning sujana sebit, dahat sruning mudha dama, kotamaning tyas tan kesthi, rinantas rontang-ranting, kawiseseng pangulah dur, kari dhustha candhala, marma dahat sru minta sih, maring sanggyaning sudyapta amariksa.

23. Ing sastra tanpa mardawa, tangeh lamun anglabeti, masung ing reh parikrama, kramaning sarjana niti, puwara kang kekawin, sinegeg pamarneng kidung, ri Soma manis enjang, punggung mudha Soemodidjojo Ngajogja.

Referensi

Dokumen terkait

Faktor pengaruh kebudayaanberada pada kategori sedang.Hasil uji analisis hubungan antara faktor- faktor pembentuk sikap dengan sikap petani terhadap program GP-PTT dalam

Mekanisme pembiayaan mengunakan akad rahn diatas sah menurut hukum Islam karena terpenuhinya semua rukun dan syarat yang dilandaskan pada Fatwa DSN MUI Nomor:

memberikan kemudahan untuk mengetahui jumlah pinjaman, mengecek angsuran pinjaman oleh anggota/ non anggota koperasi, mengetahui profil anggota secara cepat dan mengetahui

Dalam tampilan menu informasi cuti karyawan ini user yang login sebagai personalia atau karyawan dapat meng input kan nomor pengajuan cuti karyawan pada

Dalam memperoleh kompetensi tersebut para mahasiswa UNNES wajib mengikuti proses pembentukan kompetensi melalui kegiatan Praktik Pengalaman Lapangan (PPL) meliputi

berdasarkan gambar 4.31 dari kelas X MA Miftahul Jannah siswa yang tuntas memiliki persentase 0 % sedangkan siswa yang tidak tuntas memiliki persentase 100% hal ini

Penelitian ini dapat disimpulkan, bahwa kandidat bahan urug yang baik adalah formula dari campuran antara 50% pasir kuarsa berukuran -20+40 mesh dengan 50% bentonit berukuran