• Tidak ada hasil yang ditemukan

AAK culture library I Javanese Manuscripts

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "AAK culture library I Javanese Manuscripts"

Copied!
10
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT CONDRORINI

PUPUH I S I N O M

1. // Kang agnya gita sri nata / ing Surakarta nagari / Pakubuwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadilakir wulan / kanem Be sangkaleng warsi / piyarsakna trusing kang sabda narendra //

2. // Liring kang wiyata arja / ujar ugering pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / majrenih mardiweni / wiwida gônda rum-arum / rumarah ngadi warna / winoring naya memanis / mangesthia ing reh cumondhonging karsa //

3. // Awit jenenging wanodya / pegat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangunteki / kang badhar subratanipun / punggel kaselan cipta / marma sagunging pawestri / marsudia widadaning palakrama //

4. // Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lelima ayu linuwih / tiga putrining aji / kang kalih atmajeng wiku / pantes dadya tuladha / estri kang kanggeping krami / winursita dyah lima candraning warna //

5. //Kang sepuh Wara Sumbadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngresepken ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / semu kurang budaya / awijang dedeg respati / kuning wenes labete amung kepama //

6. // Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jetmika arang ngandika / tan regu semune manis / lirih tanduking angling / lumuh ing wicara sendhu / amot mengku aksama / tuhune pribadi pinrih / setyeng priya datan lenggana sakarsa //

7. // Mring maru kadi sudara / rumesep tan walang-ati / sanadyan kurang budaya / legawa anrusing batin / winongwong widadari / labet kadangira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamengkune semu ering / marunira anggepe sami nyuwita //

8. //. Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresnanira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil /

(2)

PUPUH II DHANDHANGGULA

1. // Garwa ingkang panenggak winarni / apeparab Dewi Manohara / saking pratapan wijile / putranira sang wiku / Manikhara ingkang palinggih / wukir tirta kawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wewangunan / netra jait anteng pamulune manis / yen paes wimbuh endah //

2. // Nadyan ngusut yekti maksih manis / wônda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa ngenguwung / kuning wenes masemu wilis / lir Hyang pudhak sinurat / katon warnanipun / tan pae pepindhanira / ôndakara kataweng ima manipis / rumamyang amradipta //

3. // Anyunari ingkang sitaresmi / kuciwane pan namung samatra / dene lugas gegelunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping sranduning dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungira satata amilangoni / kadya sekar kintaka //

4. // Lathi dhamis anggula sathemplik / rekta kadya kang manggis karengat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rentet rampak ing pucuk kuning / kumilat wor wicara / weh kesar kang dulu / sarwalus sasolahira / yen amesem iriban arang kaeksi / sinamun pangandika //

5. // Tembung arum rumaket amanis / tandukira angengayuh driya / bisa nuju ing karsane / priya myang marunipun / pinapangkat dennya ngladeni / susila anoraga / sepi ing piyangkuh / enget trahing dwijawara / betah nglapa kareming bôngsa ngastuti / asmara mring sasmita //

PUPUH III ASMARADANA

1. // Panengah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bagawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah respati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika //

(3)

2. // Dhemes sedhep merak ati / kadi pratima rinengga / sarenteg bang-bang awake / maweh brônta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pegat maesmu guyu / kengis kang waja gumebyar // 3. // Antenge wekasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantes yen

amathet lambe / ngiras mintokaken waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana //

4. // Jaja welar weweg isi / gemuh ingkang payudara / parigel patrap solahe / kewes wedaling wicara / tinut liringing nitya / tandang tanduke rumengkuh / mring priya myang marunira //

5. // Bisa cawis angladeni / kang dadi kareming priya / myang putra cethi sedene / marma wong sa-Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa //

PUPUH IV M I J I L

1. // Garwanira Sang Partasumendhi / ingkang cinariyos / Retna Gôndawati kekasihe / Sri Arjunayana kang sesiwi / nateng Sriwadari / ing warna pinunjul //

2. // Dedeg ngropoh sarira anglentrih / tur mardapa tinon / kuning wenes wingit pasemone / anteng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujengipun //

3. // Rema memak ngendra wila wilis / ngrarompyoh kang sinom / jôngga lumung welar pranajane / maya-maya lir cengkir piningit / anggandhewa gadhing / wijang baunipun //

4. // Wiragane anenangi branti / yen lumampah alon / ngembat madya alemes lambunge / anglir tunjung lumengganging warih / kasiliring angin / wah gandanirarum //

5. // Susileng tyas sumawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sesikune / winaweka winoran memanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum //

6. // Wasis saliring karyaning estri / reratus kekonyoh / widadari sang dyah pagurone / winulangken mring marune sami / mrih dadia kanthi / ngladeni ing kakung //

(4)

PUPUH V K I N A N T H I

1. // Garwa kang pamekasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cempala / reja ingkang asesiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih //

2. // Jenar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasôngka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / sedhet dedege respati //

3. // Gandhang kang wicara tanduk / gandes kewes anglayoni / tulus raharjaning driya / kalamun slanggatan angling / datan mawi tiningalan / sinambi ngliring dariji //

4. // Amung lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh esmu guyunira / gumebyar kang waja kengis //

5. // Narawung lir thathit barung / tumempuh sumyur ngenani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang Sang Putri Cempala / Sang Parta sande anangkil //

6. // Lawan sukane sang ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brebegi / kenyut sanggyaning miyarsa / yen sampun den wursitani //

7. // Bakit mantes lan memangun / jumbuh ingkang busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlenge tan mindho karya / dadya tuladaning estri //

8. // Miwah marang para maru / rinasuk dipun slondhohi / nora keguh rinengonan / gapyak-gapyuk den srowoli / dadya nora bisa duka / lejar lumunturing kang sih //

9. // Puwara momong angugung / marang Sang Retna Srikandhi / tuwin Risang Dananjaya / antuk babah denirasih / nanging Sang Retna Cempala / tangeh yen ageng kang galih //

10. // Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira males sih / bekti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamunjunge saben dina / sakarsane den turuti //

11. // Yeka ta cariteng dangu / estri kang kanggep ing laki / nalikane jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pinirita /

(5)

12. // Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladan / buwang caraning dumadi / bokmenawa tibeng nistha / ina lupute pribadi //

13. // Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / sang maha prameng lukita / satetanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Côndrarini //

PUPUH VI P O C U N G

1. // Dyan pinucung mastuti rehing pitutur / esthining wardaya / memudhar wedharing budi / braminteng tyas taman kendhat analôngsa //

2. //Ruwiyanung amarna reh garwanipun / Arya Dananjaya / maksih sakawan winarni / padmi kalih kekalih pangrembenira //

3. // Kang tinutur rumuhun dyah kang jejuluk / Dewi Manikarja / putrane jawateng warih / ajejuluk Pukulun Sang Hyang Baruna // 4. // Tuhu punjul warnanta sang kusumayu / prasajeng lelewa / jenar

pasariran gilig / maya-maya tinon lir sarpakenaka //

5. // Dedeg ngrangkung yen lumampah lengkung-lengkung / amucang kanginan / netra jait naya lindri / imba layu malengkung kadi wangkawa //

6. // Pindha juruh eseme winor lan tanduk / arum ngarah-arah / rumaket resep tarampil / liringira lir thathit barung lan kilat //

7. // Ambek sadu jatmika ing driya tangguh / bekti marang priya / susila anut sakapti / kinawruhan rengune maru lan garwa //

8. // Lir sadulur rumengkuh atut aruntut / tan ana rinengat / mring maru nir walang-ati / bisa karya gambuhing wardayanira //

PUPUH VII G A M B U H

1. // Garwa ingkang kapitu / Dyah Maeswara panenggakipun / sang sudewi putri saking Argadani / yoganing sang maha wiku / Sidhi Wacana kinaot //

(6)

3. // Wandanira sang ayu / dedeg pidegsa sarira pupuk / weweg musup turut saranduning dhiri / amardapa sri ngenguwung / pindha sasôngka mancorong //

4. // Balerah netra cancut / idep rampak rentet nengeng luhur / roning imba alisnya ketel tur langking / kang athi-athi malengkung / mring karna ngrompyoh kang sinom //

5. // Waja tetesing ranu / sumorot pindha kartika nawung / kengis lamun wicara linuding liring / saengga kilat mrih dunung / weh kesaring tyas kang tumon //

6. // Tanduk atuntung guyu / luwes wilet sasolahe patut / lelewane satata amilangoni / beksanta susileng kakung / jatmika anut sapakon //

7. // Miwah mring para maru / rumaket resep tan darbe rengu / sih-sinihan wus kadi kadang pribadi / suka pirena sadarum / marang ing dyah garwa anom //

8. // Sumungku mring marsepuh / marang garwa pangrembe sih mengku / dadya runtut runtungan saeka kapti / padmi pangrembe aguyub / tan pegat tyase agolong //

PUPUH VIII M E G A T R U H

1. // Sampating kang cariteng garwa pepitu / ingkang minôngka pademi / garwa pangrembe winuwus / lire pangrembe pan selir / kekasihe kang sawiyos //

2. // Retna Rarasati parabe sang ayu / niken sutane patinggi / Ki Ôntagopa pepangul / bawahing Mandura nagri / Widarakandhang ran dhukoh //

3. // Warna punjul kadi lepiyan winangun / dadya angebat-ebati / labet tinggal bapa biyung / ambesat citranta luwih / kadi sasôngka duk miyos //

4. // Dedeg sedheng pidegsa sarira lurus / wônda jenar anyunari / anglir kancana ginangsur / wadana lancap aresmi / ujwalanira sumorot //

(7)

6. // Liringira lir siring ingkang kilat pyuh / sembada utameng budi / susila anuting kakung / myang maru tan walang-ati / resep rumaket sumlondhoh //

7. // Tepung rukun tan ana kang darbe rengu / karana waskitheng budi / tan kewran ing agal alus / sanadyan wijiling alit / tan pae atmajeng katong //

8. // Amumpuni kretarta ing driya tangguh / pasanging graita lantip / sang retna pakaryanipun / bawani sagung sesaji / dhadharaning priya among //

9. // Sarwa wasis masalah pangolahipun / dhadharan kang adi-adi / cara Suralaya patut / wulanganing widadari / mawarna-warna kinaot //

10. // Sumawana sang retna rikaleng dangu / parekanira sang dewi / Wara Sumbadra sih lulut / nyuwita saeka kapti / myang kadang tunggil pasuson //

11. // Marma marunira sadaya tumutur / tresna lir sayayah bibi / Sang Parta kasok sihipun / sira dyah sumungku bekti / tan kumambang lair batos //

PUPUH IX MASKUMAMBANG

1. // Pamekase garwa pangrembe winarni / putri beboyongan / saking pulo Rajapethi / putri Sri Sasrakusuma //

2. // Apeparab Sang Retna Dewi Sulastri / tuhu yu utama / legawa anrusing budi / susila solah pasaja //

3. // Wônda jenar semu wilis netra lindri / jatmika nuraga / tanggon pamulune manis / wenes ijo amardapa //

4. // Dedeg ngronje awija kang buja gilig / turut lumung jôngga / madya pambayunnya kadi / gadhing tinon maya-maya //

5. // Rema memak lemes ngendra wila wilis / imba lir wangkawa / wiragane ngincang alis / binar myang esem nyarkara //

6. // Maweh brônta kang tumingal sang retnadi / kadi singa lupa / lampahing pada tanduking / amembat lambung lir beksa //

(8)

8. // Ambeksanta setya tuhu marang gusti / dumulur saprentah / sumala marmanta asih / sang arya myang para garwa //

9. // Dhasar nguni minôngka patiba sampir / sang dyah lan curiga / wasiyat ran Pulanggeni / dadya srananing pangantyan //

10. // Tan pepeka pra maru sadaya asih / saben sinusupan / karsane sawiji-wiji / wijahing budi raharja //

11. // Pakaryanta sang kusuma ambawani / busaneng sang arya / tuwin Dyah Banoncinawi / myang Raja Putri Cempala //

12. // Katiganya Retna Dewi Gôndawati / marma dyah katiga / rumesep sengseming asih / rahap-rumahap sadaya //

13. // Pangrengkuhe mring Retna Dewi Sulastri / rumaket lir kadang / kang anunggal yayah bibi / tan kaba-kaba ing driya //

14. // Ing pamarah pamuruke kang kranaris / samatra tan môntra / yen maru maroning laki / tangeh rengu rengating tyas //

15. // Mandar panyiptane pra garwa pangarsi / mring Sulastri Retna / ingaken kadang wuragil / linaela pinilala //

16. // Nanging ciptanira putri Rajapethi / tanna pisan-pisan / ugungan agunging galih / malah susila ngawula //

17. // Sungku sungkemira kamantyan jrih asih / mring maru kang wredha / pan samya inganggep gusti / kinawruhan sowang-sowang //

18. // Bisa mangkat ing parikrama basaris / rumeseping prana / nadyan antenging patitis / netes rumanti ing driya //

19. // Tan kumendel kumandel kendeling budi / nyenyama utama / yen sam atmajeng aji / malejeri ing prajarja //

20. // Ing sarambut aran nora anglabeti / cipta kang mangkana / mung kumawula anggusti / cumadhong cadhanging karsa //

21. // Siyang dalu mung nedya rumagang kardi / sumurup rumahab / sumusup rumesep ngati / atetes satiti tata //

22. // Dene marang samane garwa taruni / mring Ken Rarasatya / rumemen dennya nglumuhi / atut runtut tan kena sah //

23. // Tan kemeron yen maron maru sinelir / pangrehing pangarah / sakaroron nunggal kapti / lerem rehing pasudaran //

24. // Mong-ingemong tan semang-semang salami / sama parimarma / narima kadarman kalih / amot memet ing utama //

(9)

26. // Ganti-ganti denira angrumanteni / mematah pakirtyan / sangkep ikating pangrakit / tuhu tyas pasthika maya //

27. // Marma sagung cethi parekan ban sami / yam-yamen umiyat / ambeking Retna Sulastri / setya legawa ing karsa //

28. // Maring dasih tansah mangangsungi ing sih / ing karsa arsaya / marma pra dasih jrih asih / sumusup samya rumeksa //

29. // Amemudya karaharjaning dumadi / dumadining sedya / sedyaning wong gurunadi / nadi sudiya rumabda //

30. // Para maru memeruha ing pangarih / nuruh manohara / aruma lir sari-sari / rumaras rehing sarira //

31. // Kinaruha dera Sang Wara Apsari / memurih nyudara / rem-rema rehing aurip / iswara kowaraningrat //

32. // Papas papal palupi kang rinarepi / panjurung wuwuhan / garwanta Sang Pandhusiwi / sanggyaning para wanodya //

33. // Ngastutia tata-tataning pawestri / rehing palakrama / ngemu malaku utami / telada kang kacarita //

34. // Den asabar sadu darana ing budi / ngawula ing priya / suprihen waluya jati / aja ngegungken wanodya //

35. // Sayektine kudu surti ngati-ati / nastiti ing tata / ngawruhi ambeking laki / lakonana tarak brata //

36. // Aja kurang samapta tataning kapti / rumanti ing patrap / pinataha kang patitis / pantesen pangruktinira //

37. // Lawan kudu den bisa nuju ing laki / apa kang sinedya / lamun ora bilaeni / iya kalaren kewala //

38. // Nadyan kina marua ing sanga sisih / aja pisan-pisan / nganti sakseriking laki / terusna daleming driya //

39. // Aywa cipta panas mring marunireki / mandar surupana / supaya lulus lestari / utama panemunira //

40. // Sawatara den bisa angirib-irib / nelad labuhannya / garwane Sang Pandhusiwi / widadaning palakrama //

41. // Mongka iku putrane para narpati / myang suteng pandhita / tan pae darahing luwih / tapa lan amengku praja //

42. // Suprandene tan môntra-môntra nglabeti / yen darahing tapa / miwah darahing narpati / sungku sungkeming ngawula //

(10)

44. // Marma para kenya eling den aeling / ngelingana nulad / laladaning wanodyadi / sedya angudi widada //

45. // Yekti abot pratikele wong akrami / aywa anggegampang / amiyagah ing pambudi / luput pisan kena pisan //

46. // Lamun gampang sayektine luwih gampil / yen angel kangelan / tan kena tinambak warni / myang tinambak rajabrana //

47. // Titi tamat panitranireng ratyadi / kang môngka pralambang / palupining pra kenyadi / raharjaning palakrama //

48. // Amarengi ing ari Anggara Kasih / candrama sutresna / pralikan Rabingulakir / kayuman warsa Jimawal //

49. // Sayogyane kenya mangesthia jati / lambanging sangkala / rikala manurat jari / mangayubagyeng wasita //@@@

Referensi

Dokumen terkait

Berdasarkan uraian diatas, maka peneliti terinspirasi dengan ide penghadiran Waterfall Resort (Resort Air Terjun) sebagai salah satu fasilitas penunjang pariwisata guna

Identifikasi dilanjutkan pada penilaian faktor pendorong dan faktor penghambat pada agroindustri produk olahan kopi olah basah di Desa Sidomulyo Kecamatan Silo,

Perubahan aksesibilitas petani terhadap sumber teknologi, lokasi usahtani padi, jalan raya dan pasar input akan mempengaruhi peluang petani dalam mengadopsi

Jumlah yang tidak terbatas dari kontur-kontur nada yang berbeda adalah manifestasi dari jumlah yang terbatas dari pola-pola intonasi dasar.. Setiap pola intonasi

SITI HALIMAH,

[r]

b) Meminta peserta didik untuk mengerjakan tugas yang ada pada poin c... 17) Guru menuliskan nilai yang diperoleh peserta didik, baik nilai sikap, nilai pengetahuan serta

Pada hari Minggu 20 Maret 2016, kita memperingati dan mensyukuri Ulang Tahun HKBP Bandung Reformanda dan Ressort Bandung Tengah yang ke-5 dengan melaksanakan Perjamuan Kudus