• Tidak ada hasil yang ditemukan

AAK culture library I Javanese Manuscripts

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "AAK culture library I Javanese Manuscripts"

Copied!
9
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT MURTASIYAH PUPUH I

ASMARADANA

1. // Ingsun amimiti amuji / anambut namaning Sukma / kang murah ing dunya reko / ingkang asih ing akerat / maring mumin sadaya / kang rumaksa ing alam iku / kang asih Nabi Muhammad //

2. // Purwaning ingsun angawi / duk ana ing Batawiyah / akampung Banjar dhukuhe / ing dina Kemis punika / diweg tanggal ping lima / sasi Sawal wulanipun / ing tahun Jim kang awal //

3. // Manira milu angawi / anembagaken carita / tan weruh ing tindha – tandhuke / anembang Asmaradana / sastrane tun aliwat / asala ing wong / minda dugong / balilu tur lewihana // 4. // Den sami angawikani / carita istri ginita / marmane ginurit

mangko / wong istri bakti nang priya / ayunira kalintang / asmarah sira arungu / tuture istri mulya //

5. // Putraning nabi sinelir / wastane Ratu Patimah / endah warnane yekti non / cahyane mancur mamadhang / kadi wulan purnama / kadya widadari turun saking sawarga adi mulya // 6. // Abakti maring Yang Widi / sarta ajrih maring priya / nastiti tata

sramane / sarta tetep ing agama / yen ratu asambahyang / anyipta ayah lan ibu / iku lampah kang utama //

7. // Tatane reke tan dhingin / ayune mangalam dunya / lan baktine ing Yang Manon / Nabi aris angandika / pituturing kang putra / E, Patimah anak ingsun / abaktiya maring priya //

8. // Tilawat sira lan dikir / aja pegat anenedha / rahina / alaum reko / tobata sira ja pegat / iku lampah kang utama / ing siyang kalawan dalu / dene tunggala ing karsa //

9. // Den bakti sira ing laki / rumasaha yen gancaran / saking asihing Yang Manon / lamun sira lulungguhan / kalawan lakinira / aja ajajar alungguh / mapan agung dosanira //

10. // Den ajrih maring Yang Widi / mring laki nira /dongeng / den nastiti awakira / den kadya angawula / ajana ingkang kadulu / anunggala manahira //

11. // Aja sira nyannyarengi / yen laki lagi adhahar / atawa andhingin sako / pan sasat sira ta jinah / agung temen dosa nira / cinawisan siksa agung / ing tembe ngari kiyamah //

(2)

12. // Yen ana ujaring laki / aja sira sambarana / den cawisi pahing pakon / aja angliruksaken ujar / lan aja sira sasaban / lamun arep lunga iku / amita ing laki nira //

13. // Manawa tan suka Nyahi / aja surang ing wong lanang / rahina ing wengi reko / cawisa sajia / den kadi angawula / yen ta kaya tatamu / den umanis ulatira //

14. // Aja langgana ing laki / pituturing kabecikan / yen sira ing ngundang reka / cawis age sumahura / tumuli sira / prapta / aja sira api tambuh / Manawa laki duhita //

15. // manawi wasana kaprapti / adoh sangkane punika / aglis suguhena reka / den arum pangucapira / den lindri ing wacana / sapanen den gupuh-gupuh / iku lampah kang utama //

16. // Lampahena dipun yakti / lamun sira jinalukan / yen duwe sungena age / yen tan darbe awakira / den aglis sumahura / kawula anedha ampun / para saben Gusti hamba //

17. // Anedha asihing laki / pangampune wong lanang / ing dunya akerat sako / apuranen dosaningwang / panedhaning kawula / dening agung sigug luput / kalangkung ajrih kawula //

18. // Lamun ingajaka aguling / aja langgana ing karsa / manawi dadi manahe / pan agung doraka nira / sarehna raganira / angabakti rumuhun / manawi seneng doraka //

19. // Karana wong istri iki / ing nembe ari kiyamah / manjing maring sawarga amarga sihing wong lanang / sakehe kang amit arsa / sami weruhena ing tutur / supaya agama Islam //

20. // Yen sira sampun aguling / anedha apangapura / ing laki nira amangko sampunira mangkana / wasuhena raganira / sarta angambil toya wulu / ilang ganda kari rasa //

21. // Wonten siwi nuwus malih / istri ayun bakti priya / Mutasiyah jujuluke / luwih sanget bakti priya / She Ngarip namanira lewih / sanget tapanipun / bakti Ngalah Rasullulah //

22. // Lan bener tokiding ati / marang Kang Maha Mulya / saban enjing karyane / dhateng ing penepenira / yen sore masuka / sira saking dhukuhe puniku / dyata nalikane sira //

23. // Seh Ngarip prapta tumuli / gupuh Dara Murtasiyah / ngambil toya amangko / arsa sira masuhana / ing sukunbe kakungira / Nyahi sampun nulya sujud / ing arasing pada nira //

24. // Tumulya amatur aris / ature maring kang raka / E, Panutan hamba mangko / ing dunya tekeng akerat / kang amarentah ing hamba / anedha ampura tengsun / sakehe dosa kawula //

(3)

25. /Seh Ngarip sumahur aris / iya ingsun angapura ing dosa nira sakathah / lamun ora dosa nira / pan sira nora dosa / balikan bakti ing kakung / lawan ing Pangeran //

26. // Lan moga sira mas yayi / manjinga ing sawarga / ing bektining dening Yang Manon / lamon moga rinaksa / saking siksa naraka / sampun alamipun iku / Murtasiyah awewerat //

27. // Seh Ngarip amuwus aris / sarwi angarasing garwa / dduh mas mirah jiwaning wang / lamon anakira lanang / arananan Kiyamat / puniku wewekas ingsun / lamun mijil istri ika //

28. // Aranana Candra Dewi / matur Dara Murtasiyah / hamba ngestokaken / ing sawewekase Tuwan / mapan hamba wanita / ing mangke salaminipun / kaparentah dening priya //

29. // Seh Ngarip kesah tumuli / marang ing panepenira / sasampun alami ta mangko / ana ing panepenira / tan pegat bakti nira / maring Yang Kang Maha Luhur / pan sampun alamira nira // 30. // Warnanen kang aneng wuri / sampun sira apuputra / estri

dahat ayu reke / mapan mangke ing aranan / si Candra Dewi ika / dening ibu nira iku / sawewekase kang raka //

31. // Mangke amiyarsa warti / Seh Ngarip yen darbe putra / alipat suka manahe / tumulya mantuk ta sira nyata satinggalira / Dara Murtasiyah iku / lamun kakungira prapta //

32. // Tumulya aglis angambil / toya ing kendi saksana / arsa masuhana mangko / ing padane lakinira / sawuse winasuhan / ing ngusapan lawan rambut / tur sarwi ingaras pada //

33. // Nulya matur Raden Dewi / ature maring kang raka / E, Panggulu Gusti ningngong / hamba anedha sih Tuwan / hamba pinta punika / ampura Tuwan pukulun / Seh Ngarip alon angucap //

34. // Ingsun angapura yayi / lamunan dosanira / mapan nora dosa mangke / balikan yayi maring wang / ing mangsa kakung ta sira / Seh Ngarip aglis tumurun / alam du king puputra nira //

35. // Ingkang nama Candra Dewi / ingkang asta punang garwa / annuli den aras mangko / Raden Dewi Murtasiyah / amundhut dhaharan / denaturaken ing kakung / Seh Ngarip nulya dhahar //

36. // Dara Murtasiyah cawis / sarta mangke ingkang putra / ing joge iku parnahe / tur sarwi aulah pandam / dyata Tuwan kang pandam / telas mangke sumbunipun / tanpa cahya punang pandam //

(4)

37. // Dadi osike ing ati / dening sun mangke lungaa / angalap sumbu ing mangko / atemah rare punika / yakti dadia duka / lan malih Seh Ngarip iku / nalikane lagi dhahar //

38. // Karana kocaping kadis / sing sapareke wanita / kang atinggal ing lakine / nalikane lagi adhahar / mangka wong wadon ika / antuk bebedon Yang Agung / lan bebedon Rasulullah //

39. // Aglis nulya angalap saking / yayi Dara Murtasiyah / arsa nugel rema mangko / tumulya anugel / watara pitung lembar / anulya kinarya sumbu / dadi cahya punang pandam //

40. // sampun tutug denya bukti / Seh Ngarip aris ngandika / ika garwa paran mulane / aweha pandam punika / ing wau ayun pejah / garwanira aris matur / karanira ayun pejah //

41. // Dening telas sumbu neki / karanipun ayun pejah / hamba nugel rambut mangke / watara pitung-pitung lembar / kathahing punang rema / kang kawula karya sumbu / dadi cahya punang pandam //

42. // Seh Ngarip amuwus aris / Eni Dara Murtasiyah / sing panggawe nira mangko / ing mangsa kang wus kaliwat / aweh weruh marang wang / mapan sinalinan sampun / rema pinggiring wadana //

PUPUH II S I N O M

1. // Seh Ngarip lingira mojar / Dara Murtasiyah yayi lunggaa sira den inggal / saking wisma isun iki / tan arasipun yayi / kagunan sira puniku / dene andhingin karsa / Murtasiyah nuwun aris / Ya Molana Tuwan panutan hamba //

2. // Mapan ngabdi tuwan / She Ngarip amuwus aris / ajana keyan rarasan / lungaa sira den aglis / sira saking dhukuh mami / tan sedhihipun angrungu / maring rarasan nira / Raden Dewi muwus sira / Ya Molana Seh Ngarip Gusti kawula //

3. // Ing dunya tekeng akerat / yen kena kawula Gusti / amomongi putra Tuwan / amasuhi uyuh tahi / juru bethek mamatengin / She Ngarip asru amuwus / isun bisa angraksa / isun bisa mamatengin / nulya ngalap Seh Ngarip katekenira //

4. // Tineken penjalin tingal / anulyan sira ginitik / Nyahi Dara Murtasiyah / tiba klenger kapati / datan embuh ing dhiri / nyata ing satepinipun / sarwi angusap waspa / nulya matur welas sih / Ya Molana Seh Ngarip Gusti kawula //

(5)

5. // Ing dunya tekeng akerat / ampuranen dosa sasami / Kyahi Gusti kawula / tan karya lampahing kandhih / punika dosa kawula / Seh Ngarip angandika asru / aja kakeyan rarasan / lungga sira den aglis / ora sudi ngarungu pangucapira //

6. // Den warnanen polahira / Dara Murtasiyah / liwat dening kawelas arsa / aglis sira amarani /maring putra nireki / den aras sarwi pinengkul / anulya amemekas / anakipun Candra Dewi / ingsun lunga yen kena bangkit kari ngawula //

7. // Lamun rawuh rama nira / saking panepen nireki / gupuh angambila toya / ing sang sira raden aglis / wasuhana tumuli / sukune rama nireku / yen sampun winasuhan / angambila sira nini / dhadhaharan aturana rama nira //

8. // Ingsun iki wus den buwang / dening paman nira Kyahi / dening doasningwang / imu mangke karan neki / ingsun den tundhung nini / dening ramaning reku / pon wewekas ingwang / den becik sira / sigra amit sarwi asung kendhi padha //

9. // Nyata serat nora medhal lungane sarwa anangis / Raden Dewi Murtasiyah / melang maring putra neki / lampah mandheg anolih / rasa-rasa mandheg dangu / kaya ora tumindaka / katon kang aneng wuri / ampuranen ing pinupuwan dhandhanggula//

PUPUH III DHANDHANGGULA

1. // Murtasiyah lungane anangis / kang den sedya dhukuhe kang rama / ayun apamit karsane / Seh Akbar wastanipun / ibu nira wasta nireki / Rabingah Adawiyah / Seh Akbar punika sadarajat waliyulah / sampun limpad tapane pan sampun dadi / sampun abadan sukma //

2. // Ki Seh Akbar wuwuse amanis / ingkang garwa nyahi anakira / semu prihatin tekane / lawan orana rawuh / baya ana sebabe prapti / nyahi inebana lawang / mapan ora arus dulu / anulungin wong doraka / aja sira sungi manjing kori / balikan konen lunga //

3. // Satekane sajabaning kori / den tinggali mineb lawangira / dyata anguwuh-uwuh age / E, Tuwan Rama Ibu / hamba nedha winengan kori / karana dhateng hamba / ing tuwan pukulun / dening hamba binedonan / den tinundhung dening mantu tuwan uni / sabab dosa kawula //

(6)

parentah / wong Mekah puniku / amarentah ing sira / Ki Seh Ngarip kang duwe kukuman nini / lah lungaa den enggal //

5. // Saking dhukuh isun sira nini / karana isun wedi maring Ngalah / lawan maring Ngutusane / Nyahi Dara amuwus / aturira amelas asih / syarane pegat-pegata / atemahan liput / dening lesu tan adhahar / tan anginum dyata tatkalane angling / matur ing rama nira //

6. // Ya Molana Rama Ibu mami / lawan Tuwan tan sudi ing hamba / hamba nedha toya bae / sawa lesung pukulun / tigang dina lan tigang wengi / kawula tan adhahar / tan anginum / banyu kaliwat kasatan / lesu lupa dening mentas anusoni / ing putra jengandika //

7. // Ibu nira sahure aririh / ismu tangis wijiling wacana / tan kena den tambak luhe / dhuh Gusti anak ingsun / Nyahi rara sawiting kami / awelas maring sira / babu anak ingsun / dening sun ajrih kaliwat / maring rama sira isun Gusti Nyahi / lungaa sira den enggal //

8. // Nyahi Dara nulya asung bakti / Rama Ibu lah Tuwan kantuna / hamba atur amit mangke / aris lampahnya durung / lunga nira sarwi anangis / manjing ing wana priga / durgamba tan ketung / tansah anutuh sarira / den jejaluk sarirane den ubangi / doraka temen para //

9. // Manjing alas metu las singgih / pring abaya reke tan ketung / ning wus lampus manahe /pahnya lon ndarung / pan lumampah rahina wengi / tansah amangwang raga / sarirane iku / tan liyan kakatingalan / anging Allah tingale dening kesinggih / sampun anyipta pejah //

10. // Buron alas akeh padha prapti / aneng ngarsa aneng wuri nira / kadya ngateraken mangko / ing ayun kadya tuduh / marga sampun jurang angawit / sela nungkuli marga / kaliwat asingup / merak menyat asahuran / pangidepe kadya reke mituruti / kadya aken wangsula //

11. // Pring adhapur munggeng kanan keri / kadya napa wuluh pang kapinancu / aren ababanjaran / mendhungin asingup / awor lawan ampak-ampak / gerebege sawaraning ampu wana prapti / kadya nempuhing sira //

12. // Kalunta-lunta lampahnya lumaris / jurang sengkan lebak kedalanan / semu kalesun lampahe / mapan salaminipun / kesahira datan abukti / datan anginum toya / sarirane lesu / tan kandheg denya lumampah / nulya reren ing sela denya alinggih

(7)

13. // Waktu Luhur mangke sampun lingsir / nulya turunira alolonan / ayun asalat karsane / anging nora banyu / kang kinarya abdas susuci / lor kulon adoh wetan / ora nemu banyu / dyata nulya maca dunga / anenedha sarta jujung tangan kalih / matur Ingkang Wisesa //

14. // Ya Ilahi Molana Gusti / Ya Tuwan kang Purba Wisesa / Angawruhi Jagat Kabeh / Tuwan sungena banyu / kawulane kang ina lewih / hamba ayun asalat / tan amanggih banyu / dungane pasthi narima / dening Ngalah nulya kinekan tumuli / mangguh ing Ngarsa nira //

15. // Maligene sarta toya wening / aneng arsa Nyahi Murtasiyah / nulya ngambila abdasa age / angucap jeroning kalbu / paran baya sun karyanya maping / pan najisnya maping ingwang / dening uyuhipun / Candra Dewi anak ingwang / nyata Ngalah aken Jabarail / manjinga ing Sawarga //

16. // Angambila nyamping den aglis / pan sungena ing kawulaningwang / kang bakti maring lakine / konen anganggo iku / lan usapen rarahine / ika lawan elarira / Jabarail gupuh / nulya manjing ing Syaga / nyata ngambil panganggo / kang adi lewih / sinunga dening sira //

17. // Nyahi Dara mangke nambut aglis / nulya nganggo wastra saking Syaga / nulya ngakat salate / pareng lan takbiripun / ngalam papat kang dipun rincik / sarengat lan tarekat / lan hakekat tan ketung / maripat mapan sampurna / wus kawayang sembahe nora kalingling / angling anak kang purba //

18. // Nulya tutug salate lumaris / aweh salam maring jin malekat / miwah mukmin sakabeh / sasampunira tutug / denya salat Raden Dewi / Jabarail angucap / lawan elaripun / sarta karsaning Pangeran / wadanane Murtasiyah nulya asalin / kadi sasi purnama //

19. // Sarirane nir emas sinangring / gilanging dunya kadya lilidah / lindri jaide karane lir lintang asusun / rema / panjang memek awilis / lathi manggis karengat / sapolahe nguyu / kaya dudu jroning dunya / ing warnane Jabarail //

20. // Marmaning Yang maring sira iki / akon mulih maring laki nira / amuktiya sira mangke / nyata tumulya wangsul / tan kawarna sira ing margi / aglisa ing lampahira / anulya anjujuk / ing dhukuhe rama nira / Ki Seh Akbar pan sampun derajat wali / kepanggih eneng Langgar //

(8)

amuwus aris / Ya Tuwan hamba tanya / pundi dhukuhipun / Ki Seh Ngarip namanipun / I Seh Akbar tumuli sumahur aris / babu wong ngendi sira //

22. // Warnanira reke ayu lewih / paran alakoning marana / kon aken anak ingngong / ASeh Ngarip dhukuhipun / Nyahi Dara sumahur aris / hamba andhatengena wewekasipun / Nyahi Dara Murtasiyah / dhateng Tuwan lawan maring Ki Seh Ngarip / Ki Akbar ngandika //

23. // Murtasiyah mangke muwus aris / Ya Molana pundi putra Tuwan / ing paran karsa lakune / tanana kang dedunung / panabdane dhateng Seh Ngarip / kalawan dhateng Tuwan / ampuranen tengsun / sakehe dosa kawula / dening Ngalah Seh Akbar amuwus aris / lah pened teka pena //

24. // Wewekas anak ingsun nini / nulya amit Dara Murtasiyah / lumaris ika lampahe / tan kawarnaa lampahipun / aglis prapta ing dhukuh neki / Ki Seh Ngarip kepanggih saweg alinggih / lagi angaji Kur’an //

25. // Syarane arum amanis / ing sorambi enggonya tilawat / Nyi Dara alon lampahe / prapta sarwi tumungkul / pan kagugu sajroning ati / polahe kakangira / Murtasiyah muwus / aris wijiling wacana / E, Kyahi mandheg sasawang ta angaji / hamba atanya Tuwan //

26. // Ing pundi dhukuhe Seh Ngarip / parnahira Seh Ngarip tumingkul / lajer ana ing dadayohe / den lingkep Kur’annipun / Ki Seh Ngarip muwus aris / paran mula atanya / maring dhukuh ingsun / Seh Ngarip inggih kawula / paran karsa anakok-kaken Seh Ngarip / punika aran hamba //

27. // Nyahi Rara wuwuse amanis / karana hamba dhumateng ing Tuwan / awiyos hamba kinengken garwa jengpukulun / Murtasiyah wewekas neki / nedha pangapura / dhateng Tuwanipun / sakehe dosa ika / apuranen lan Tuwan akena rabi / dunya tekeng akerat //

28. // Ki Seh Ngarip wuwuse amanis / Nyahi Rara andika linggiha / kawula ajeng tataken pundi pernahipun / rabi hamba puniku / Murtasiyah angucap / tanana kang den dunung / anut paran suku nira / Ki Seh Ngarip kajaran dadayoh iki / tambuh-tambuh polahira //

29. // Murtasiyah pan mesem ing ati / aningali maring laki nira / Seh Ngarip alon ujare / amanis raharum / sesemune angalap ati / maring tatamu nira / awor tindak – tanduk / mas sang

(9)

garwawong / ayu muda akon mas yayi dadya ganti / yen patut karsa dika //

30. // Murtasiyah nulya muwus aris / E, Kyahi punapa karsa ndika / Tuwan angucap mangkono / angucap ingkang dudu / dudu randa wulanjar mami / mapan dudu wuwujang / wulanjar katengsun / darbe anak laki hamba / maksih gesang Seh Ngarip tumungkul arip / rada anembuh merang //

31. // Murtasiyah wuwuse amanis / hamba taken maring jengandika / punapa paran mulane / dosane sun ing wau / garwanira tinundhung uni / hamba ayun wikana / ing wiwitanipun / Seh Ngarip alon angucap / hamba tutur dhateng jengandika Nyahi / tatkala hamba dhahar //

32. // Rabi hamba pan alaladeni / aneng arsa sarwi mangku anak / Candra Dewi jujuluke / angraksa pandam murub / ayun pejah pandangu – dangu / pandan akulirepan / telas sumbunipun / anulya aglis angalap / rabi hamba saking anugel tumuli / remane pitung lembar //

33. // Pan kinarya sumbu pandam aglis / datan weruh maring kawula / punika reke mulane / gupuh kawula tundhung / nulya kesah ika lumaris / Murtasiyah angucap / yen mangkana iku / maksih bekti dhateng Tuwan / arisipun Seh Ngarip amuwus aris / rada salah kawula //

Referensi

Dokumen terkait

Berdasarkan uraian diatas, maka peneliti terinspirasi dengan ide penghadiran Waterfall Resort (Resort Air Terjun) sebagai salah satu fasilitas penunjang pariwisata guna

Identifikasi dilanjutkan pada penilaian faktor pendorong dan faktor penghambat pada agroindustri produk olahan kopi olah basah di Desa Sidomulyo Kecamatan Silo,

Perubahan aksesibilitas petani terhadap sumber teknologi, lokasi usahtani padi, jalan raya dan pasar input akan mempengaruhi peluang petani dalam mengadopsi

Jumlah yang tidak terbatas dari kontur-kontur nada yang berbeda adalah manifestasi dari jumlah yang terbatas dari pola-pola intonasi dasar.. Setiap pola intonasi

SITI HALIMAH,

[r]

b) Meminta peserta didik untuk mengerjakan tugas yang ada pada poin c... 17) Guru menuliskan nilai yang diperoleh peserta didik, baik nilai sikap, nilai pengetahuan serta

Pada hari Minggu 20 Maret 2016, kita memperingati dan mensyukuri Ulang Tahun HKBP Bandung Reformanda dan Ressort Bandung Tengah yang ke-5 dengan melaksanakan Perjamuan Kudus