• Tidak ada hasil yang ditemukan

Ujian Sekolah Bahasa Jawa Tahun 2014 2015 - www.harrywidhiarto.com UJIAN SEKOLAH 2011

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Ujian Sekolah Bahasa Jawa Tahun 2014 2015 - www.harrywidhiarto.com UJIAN SEKOLAH 2011"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

1

PEMERINTAH KABUPATEN PEKALONGAN DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMAN 1 KANDANGSERANG

Alamat : Jl. Raya Kandangserang, Kab. Pekalongan 51163

UJIAN SEKOLAH TAHUN 2014/2015 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XII IPA / IPS Hari / Tanggal : Jumat, 6 Maret 2015

Waktu : 09.30 – 11.00 WIB ( 90 Menit )

I. Pilihen salah sijine jawaban nang ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) nang aksara a, b, c, d, utawa e sing dianggep- paling bener !

1. Dina Senen Wage tanggal 21 Februari 2005, Pamarentah Provinsi Jawa Tengah ngadani “Peringatan Hari Bahasa Ibu Internasional Tahun 2005”, mapan ing Auditorium RRI Semarang, kawiwitan jam sanga esuk nganti rampung. Dirawuhi dening Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto, warga DPR Prop. Jateng, Kepala Dinas Dikbud Jateng, birokrat, pakar/pengamat budaya, para guru, siswa SD, SLTP, lan SLTA sakutha Semarang, para tamu undangan, lan saka kalangan pers. Adicara iki diisi pentas pakeliran padhet wayang kulit, dening dhalang Ki Enthus Susmono saka Tegal, kanthi lakon “Pendadaran Satriya Kawah Candradimuka” lan peparing bebana “Sayembara Njarwakake Pidhato Gubernur Jawa Tengah”.

Pawarta ing dhuwur nyritakake bab apa ?

a. Peringatan Hari Bahasa Ibu Internasional Tahun 2005. b. Pidhato Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto.

c. Pentas pakeliran padhet wayang kulit dening dhalang Ki Enthus Susmono. d. Pendadaran Satriya Kawah Candradimuka.

e. Sayembara Njarwakake Pidhato Gubernur Jawa Tengah.

2. Ing pangandikane, Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto netepake yen ing saben dina Selasa, basa Jawa wajib digunakake kanggo basa pengantar tumrap PNS birokrasi lan pendhidhikan. Wose tumrap PNS Jawa Tengah ora ndeleng asli sukune, ing dina Selasa wajib migunakake basa Jawa minangka basa padinan, sanadyan mung sabisane. Tekad lan pencanangane iki bakal diwiwiti saka anggone Gubernur ngendikan, nelpon, lan utusan marang staf tumekane marang walikota lan bupati sa- awa Tengah. Bab iki ditanggapi kanthi antusiyas dening para undangan ing auditorium kasebut lan masarakat pendengar RRI Semarang. Pokok pikiran utama pawarta ing dhuwur yaiku …

a. Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto netepake yen ing saben dina Selasa basa Jawa wajib digunakake. b. Basa Jawa wajib digunakake kanggo basa pengantar tumrap PNS birokrasi lan pendhidhikan.

c. Ing dina Selasa wajib migunakake basa Jawa minangka basa padinan, sanadyan mung sabisane. d. PNS Jawa Tengah wajib migunakake basa Jawa.

e. Gubernur ngendikan, nelpon, lan utusan marang staf tumekane marang walikota lan bupati sa-Jawa Tengah nganggo basa Jawa.

3. Dina Selasa didadekake dina basa Jawa ing Jawa Tengah. Tegese basa Jawa wajib digunakake kanggo basa pengantar tumrap pegawe negeri sipil (PNS) birokrasi lan pendhidhikan. Iku ngemu surasa yen saben dina Selasa PNS birokrasi ing pamarentahan provinsi, pamarentah kota, pamarentah kabupaten sa-Jawa Tengah kudu nganggo basa Jawa ing kantore. Mangkono uga PNS pendhidhikan, ateges …

a. PNS pendhidhikan kudu pinter basa Jawa.

b. Basa pengantar ing sekolah-sekolah kudu nganggo basa Jawa. c. Saben dina Selasa wong sa-Jawa Tengah kudu nganggo basa Jawa.

d. Ing sekolah-sekolah saben dina Selasa migunakake basa pengantar basa Jawa. e. Kudu ana pendhidhikan basa Jawa.

4. Perangane pawarta iku, ing basa Inggris diarani 5 W + 1 H, yaiku : Who, What, When, Where, Why, lan How. Manawa ing basa Jawa, pangertene 5 W + 1 H, yaiku :

a. Kepriye, genea, ing ngendi papane, kapan, apa lan sapa. b. Apa, kepriye, genea, ing ngendi papane, kapan lan sapa. c. Genea, ing ngendi papane, kapan, sapa, apa lan kepriye. d. Sapa, apa, kapan, ing ngendi papane, genea lan kepriye. e. Apa, sapa, kapan, ing ngendi papane, genea lan kepriye.

(2)

2

4.000 guru kang arep ditatar “khusus” minangka guru basa Jawa lan sastra Jawa ing tataran pendhidhikan kasebut.

Sapa asmane Gubernur DI Yogyakarta iku ? a. Sri Sunan Paku Buwono X.

b. Sri Sultan Paku Buwono X. c. Sri Sunan Paku Alam X.

d. Sri Sultan Hamengku Buwono X. e. Sri Sunan Hamengku Buwono X.

6. Presiden Susilo Bambang Yudhayana duwe cara anyar kanggo ngaweruhi uneg-uneg kawulane.Presiden mratelakake nedya mbukak telepon seluler (ponsel) 24 jam nonstop, jalaran kagugah atine nalika disambati sawenehe para tani sing ora entuk kawigaten pejabat daerah. “Yen panjenengan rumangsa ora digatekake dening pimpinan lan pejabat daerah, handphone lan SMS-ku tinarbuka 24 jam”, mangkono ngendikane Presiden. Pawarta basa Jawa kasebut, manut unggah-ungguhe basa Jawa, katulis nganggo basa ....

a. Ngoko lugu. b. Ngoko andhap. c. Krama desa.

d. Krama madya. e. Krama inggil.

7. Wara-wara iki katujokake kanggo para siswa anyar kelas X. Kabeh siswa anyar kelas X supaya ngumpul ing :

dina / tanggal : Kemis, 20 Juli 2007, wanci : jam 15.30 WIB,

panggonan : ing kelase dhewe-dhewe,

kaperluan : ngrembug bab pranatan kelas anyar.

Wara-wara iki wigati banget, mula kanggo para siswa anyar kelas X prayogane, kabeh bae bisa nekani patemon iku !

Wara-wara ing ndhuwur migunakake basa apa ? a. Basa ngoko lugu.

b. Basa krama inggil. c. Basa krama desa.

d. Basa krama madya. e. Basa kedhaton (bagongan).

8. Wara-wara mau mligi katujokake kanggo sapa ? a. Para siswa SMA Negeri 2 Sragen.

b. Para siswa anyar kelas X. c. Para siswa kelas X.

d. Para siswa kelas XI. e. Para siswa kelas XII.

9. Kacarita, dhek jaman kuna ana bocah sing rupane persis kendhil. Kulite ireng, wetenge mlenthuk, dedege cendhek lan cangkeme amba. Sirahe lancip kaya kendhil ditutupi kekep kae. Amarga saka rupane ala, Jaka Kendhil ora disenengi kancane sadesa.

Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf .... a. Narasi.

b. Deskripsi. c. Eksposisi.

d. Persuasi. e. Argumentasi.

10. Yen diumpamakake barlean, pantai Nusa Penida kaya mutiara sing cemlorot putih. Nanging yen diumpamakake wong wadon kaendahane kaya prawan kencur. Sanepa mau saktleraman pancen ketok sajak ngluwih-ngluwihake, nanging pancen kaya mangkono kasunyatan kang cocog kanggo nggambarake kaendahan pantai Nusa Penida. Pantai kang ana ing sisih kidul kutha Denpasar Bali.

Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf .... a. Narasi.

b. Deskripsi. c. Eksposisi.

d. Persuasi. e. Argumentasi.

11. Manut pandhapuking ukara, wacan ing dhuwur migunakake paragraf .... a. Deduktif.

b. Ineraktif. c. Induktif.

d. Campuran. e. Atraktif.

12. Para rawuh ingkang dahat sinudarsana, Cekap semanten anggen kula paring ular-ular dhumateng putra panganten sarimbit…

Tembung kawi sinudarsana ngemu teges … a. Pantes tinuladha.

b. Pantes kinurmatan. c. Pantes sinubya-subya.

d. Pantes dipunaosi. e. Pantes sinugata.

(3)

3

Sawise entuk palilah saka Sri Sultan Hamengku Buwono I, mesjid didegake dening Kyai Penghulu Faqih Ibrahim Dipaningrat taun 1773. Dene arsiteke diembani dening Tumenggung Wiryakusuma.Wektu kang dibutuhake kanggo mbangun mesjid, klebu suwe. Udakara rolas taun.

Paragraf 1 wacan ing dhuwur migunakake paragraf … a. Deduktif.

b. Induktif. c. Ineraktif.

d. Deduktif – induktif. e. Induktif – deduktif.

14. Isi teks wacan ing dhuwur mratelakake babagan apa ? a. Mesjid Gedhe Kauman.

b. Kepriye anggone mbangun Mesjid Gedhe Kauman. c. Wektu kang dibutuhake kanggo mbangun mesjid Kauman. d. Mesjid Gedhe Kauman umure wis luwih saka 200 taun.

e. Mesjid Gedhe Kauman madeg jamane Sri Sultan Hamengku Buwono I.

15. Ana semut manggon ing pang kluwih. Wit kuwi dhoyong manglung ing sandhuwuring sendhang. Lagi gegojegan karo kancane, semut mrucut anggone gondhelan, tiba kecemplung ing sendhang. Rehne ora bisa nglangi, semut glagepan njaluk tulung. Nalika semana ing wit kluwih ana manuk krungu sambate semut. Manuk welas atine, kepingin tetulung. Bareng mikir-mikir, nemu akal. Dheweke nucuk godhong kluwih salembar, ditibakake ing sendhang, tumiba ing sandhing semut.

Saiba senenge semut angel digambarake. Dheweke dicepaki tumpakan kaya prau, awujud godhong kluwih. Ghodong kluwih minggir katut angin. Tekan pinggir semut mudhun saka prau ghodong, banjur munggah mentas menyang dharatan, slamet, lan saras. Bareng nyawang munggah, weruh manuk kang mentas mitulungi awake. Jroning batin semut kepingin mbales kabecikan. Ora let suwe ana lelakon kang ngemar-ngemari. Manuk ing wit kluwih lagi enak- enak dhedhe, diindhik dening grema. Semut weruh yen grema ngincer manuk kang mitulungi dheweke, banjur niyat mitulungi. Semut tumuli gegancangan nggremet ing dlamakane, grema krasa risi lan keri, ora kuwat ngampet. Sikile diobah-obahake, karepe semute kareben ngalih, ora ngremeti sikile. Semut ora gelem lunga, malah nyakot sikile grema. Bareg krasa dicakot semut, ora sranta grema gedrug-gedrug ing lemah, lali yen pinuju ngincer arep mbedhil manuk. Manuk krungu, kaget, lan weruh yen arep dibedhil, nuli mabur adoh parane. Grema eling menawa lagi ngincer manuk. Manuk wis kadhung mabur. Semut sing nggremet lan nyakot arep dipithes … nanging wis mlayu mlebu leng.

Crita cekak ing dhuwur klebu dongeng … a. Fabel.

b. Legenda. c. Mithe.

d. Gegedhug. e. Sage.

16. Pokok underane prekara sinebut … a. Tema.

b. Konflik. c. Alur.

d. Setting. e. Amanat.

17. Apa amanat crita cekak ing dhuwur ? a. Tulung-tinulungan.

b. Mbales kabejikan. c. Kepingin tetulung

d. a, b lan c bener. e. a, b lan c salah.

18. Crita cekak ing dhuwur, menawa kajumbuhake karo isine sila-sila Pancasila, klebu sila kang kaping ? a. 1.

b. 2. c. 3.

d. 4. e. 5.

19. Aksara Jawa ing ngisor iki sing wacane : Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan, yaiku..

a.

b.

c.

d.

(4)

4 20.

Aksara Jawa ing dhuwur wacane apa ? a. Darmana goreng tempe.

b. Darmono goreng tempe. c. Darmana goreng tahu.

d. Darmono goreng tahu. e. Darmana goreng tahu tempe.

21. Bima Suci

Prawitasari iku banyu murni

Agawe jalma suci bontosing gesang sejati Sabdane Pandhita Durna marang Bima Ing guwaning alas Tikbrasara

E, kleru dudu, kulup kang nyata Ing telenging samudra laya

Nanging tenane mung sarta nglorobake Mangka Bima diarah patine

Tekad Sena wajib tinuladha Bima Suci wajib sira udi

Mring sanggya satriya nusantara sejati Kang mula nedya mbrasta korupsi Teroris lan kaculikan warna-warni

Iku Bima Suci kang pinter tumindak temen Mumpung rembulane durung surem Jembar kalangane durung nutup mingkem Ayo jumangkah asangu sungkem

Wacan ing dhuwur sinebut …

a. Sengkalan. d. Panyandran. b. Geguritan. e. Paribasan. c. Wangsalan.

22. Geguritan utawa puisi bebas mujudake perkembangan geguritan (syair) kang purwakanthine (sajak) a-a-a-a. Nanging saiki tembung geguritan iku wis owah tegese. Tembung geguritan duwe teges puisi bebas. Mula saka iku, kaendahane geguritan dumadi saka …

a. Purwakanthi. b. Diksi. c. Sajak.

d. Pilihane tembung. e. a, b, c, lan d bener kabeh.

23. Tembung nglorobake, kang ana ing geguritan iku ngemu teges … a. Minterake.

b. Mulyakake. c. Nyuwargakake.

d. Nyengsarakake. e. Njlomprongake.

24. Geguritan ing dhuwur isih ana gandheng-cenenge karo kadadean ing Indonesia.

Bima Suci pambrastha …. wajib dituladha ing jaman saiki. Isine ceceg-ceceg sing bener yaiku … a. Korupsi.

b. Teroris. c. Kaculikan.

d. Korupsi lan teroris.

e. Korupsi, teroris, lan kaculikan warna-warni.

25. Ing pada kaping telu geguritan Bima Suci, cetha menawa pangriptane arep paring piwulang utawa amanat : tekade Sena wajib dituladha sapa bae. Bima Suci wajib dipersudi sok sapa bae murih bisa katekan kang dadi panjangka. Wektu iki apa kang dadi panjangkane bangsa Indonesia ?

a. Mbrastha korupsi. b. Mbrastha teroris. c. Mbrastha kaculikan.

d. Mbrastha korupsi lan teroris.

e. Mbrastha korupsi, teroris, lan kaculikan warna-warni.

26. Saka ngendi tuwuhing tekade Bima ? a. Banyu murni Prawitasari. b. Sabdane Pandhita Durna. c. Iman pangandel.

d. Sabda Ilahi. e. Dewa Ruci.

27. Panjenengan .... punapa, Bu ? Isine ceceg-ceceg ing ukara iku kang bener yaiku .... a. Mundhut priksa.

b. Ngaturi priksa. c. Taken.

(5)

5

28. Wuwuhan kang manggone ana ing mburi tembung lingga iku diarani .... a. Ater-ater.

b. Seselan. c. Panambang.

d. Andhahan. e. Wancahan.

29. “Cekap semanten atur kawula, mugi rahayua ingkang sami pinanggih, matur-nuwun”. Sajroning tanggap wacana ukara iku diarani ...

a. Salam pambuka. b. Wasana basa. c. Bebuka.

d. Irah-irahan. e. Panutup.

30. Perangan kang nelakake jaluk pangapura sajroning tanggap wacana iku mapan ing .... a. Purwaka basa.

b. Surasa basa. c. Pangarep-arep. d. Salam panutup. e. Wasana basa.

31. “Wasana kula nyuwun pangaksama, mbokbilih anggen kawula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning panggalih panjenengan sadaya.”

Tembung ayahan ing dhuwur duwe teges .... a. Jejibahan.

b. Garapan. c. Kaperluan.

d. Pepinginan. e. Gegambaran.

32. Basa ngokone panggalih iku .... a. Jantung.

b. Paru-paru. c. Ati.

d. Lambe. e. Ilat.

33. “Kok sepi nak, apa padha tindakan ?” Wangsulane sing bener, yaiku ... a. “Inggih Pak, Bapak lan Ibu sami tindakan.”

b. “Inggih Pak, kabeh sami tindakan.” c. “Inggih Pak, Bapak lan Ibu kesahan.”

d. “Inggih Pak, Bapak kaliyan Ibu sami tindakan.” e. “Inggih Pak, Bapak lan Ibu sami kesahan.”

34. Mas, nyuwun priksa, punapa kala wau adhik kula … mriku ? Isine ceceg-ceceg ing ukara iku kang bener yaiku a. Teka.

b. Dolan. c. Tindak.

d. Rawuh. e. Sowan.

35. Titikane basa ngoko alus yaiku ...

a. Tembung ngoko kacampur tembung ngoko alus.

b. Tembung ngoko alus kacampur tembung ngoko andhap. c. Tembung ngoko andhap kacampur tembung krama. d. Tembung ngoko kacampur tembung krama inggil. e. Tembung ngoko kacampur tembung kriya.

36. Pak Guru sampun rawuh. Tembung Guru asring diothak-athik dadi digugu lan ditiru. Tembung mau sinebut a. Dasanama.

b. Rura basa. c. Kereta basa.

d. Kawi jarwa. e. Laksitane basa.

37. Pak Pawira uripe rekasa, jalaran kakehan anak. Paribasane ukara iku …. a. Kaya kebo nusu gudel.

b. Kaya kebo kakehan anak. c. Kaya kebo gupak.

d. Kaya kebo kurang pakan. e. Kaya kebo kabotan sungu.

38. “Ayo padha didahar, ora usah isin-isin !” Ukara iki kalebu … a. Ukara Pakon.

b. Ukara Pangajak. c. Ukara Panjaluk.

d. Ukara Parentah. e. Ukara Pamenging.

39. Sing kalebu ukara pakon yaiku …. a. Sapa gelem melu aku ? b. Dina iki Pujiyanto ora mlebu. c. Mangkata saiki bae !

(6)

6 40. Ukara kang surasane pangajak yaiku …

a. Angger kowe melu, aku ya melu ! b. Aja nganti ana sing ora mangkat lho ! c. Wah soale basa Jawa angel ya ?

d. Ayo digarap dhewe-dhewe ! e. Aku nirun kowe bae ya ?

41. ….

a.

b.

c.

d.

e.

42. Aksara Jawa iki wacane: :

.

a. Gemah ripah kerta raharja. b. Gemah ripah tata tentrem. c. Gemah ripah panjang-punjung.

d. Gemah ripah titi jinawi. e. Gemah ripah loh jinawi.

43. ...

a.

b.

c.

d.

e.

44. diwaca ...

a. Sragen 1 Oktober 1973. b. Sragen 1 Oktober 1974. c. Sragen 1 Oktober 1975.

d. Sragen 1 Oktober 1976. e. Sragen 1 Oktober 1978.

45. Imunisasi polio manawa ditulis nganggo aksara Jawa …

a.

b.

c.

d.

e.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !

46. Gawenen wara-wara kang isine berita lelayu nganggo basa krama!

47. Kepriye panyaruwemu/tanggapanmu marang perkembangane basa Jawa ing pasrawungan para nom-noman jaman saiki? Jelasna!

48. Gawea pacelathon antarane kowe karo bapak/ibu guru, menawa ngesuk kowe ora bisa melu kegiyatan ekstrakurikuler. Nganggo basa krama alus!

49. Suradira Jayaningrat, lebur dening pangastuti.

Ukara ing dhuwur tulisen nganggo aksara Jawa kanthi bener! Wacan Kanggo No. 50.

…..Kaseksenan ibu, bapak, lan adhi-adhine Kusuma kanthi ati mantep budhal menyang sapucuking Gunung Bromo. Ing sapinggiring sawah, kusuma nginguk sedhela saperlu nyawang ibu, bapak, lan adhi-adhine. Esem kang nrenyuhake, Kusuma gelem dadi korban kanggo netepi janjine bapake lan ibune marang Dewa Brama.

Referensi

Dokumen terkait

Simpulan dari penelitian ini adalah kemampuan kosakata Bahasa Jawa pada anak kelompok A TK Pertiwi 01 Ngringo Tahun Ajaran 2014/2015 dapat meningkat melalui tembang dolanan..

Evaluasi yang dilakukan dalam Pendidikan Bahasa Jawa sebagai upaya. meningkatkan kesantunan berbicara siswa di MI

Nuryati melalui penelitiannya pada tahun 2011 menjelaskan bahwa aktivitas pembelajaran muatan lokal Bahasa Jawa berkaitan dengan aktivitas fisik yang berhubungan

Biaya penyelenggaraan UAMNU dibebankan kepada peserta yang besarnya ditetapkan oleh Pengurus Wilayah Lembaga Pendidikan Ma'arif NU Jawa Timur dengan catatan tidak memberatkan

Berdasarkan hasil penelitian yang telah dilaksanakan sebanyak dua siklus, dapat disimpulkan bahwa tembang dolanan dapat meningkatkan kemampuan kosakata bahasa Jawa

Hasil analisis data menunjukkan bahwa soal ujian akhir sekolah bahasa Indonesia SMP Negeri 1 Kuala dinyatakan sesuai dengan kurikulum yang berlaku disekolah tersebut

Berdasarkan hasil penelitian yang telah dilaksanakan sebanyak dua siklus, dapat disimpulkan bahwa tembang dolanan dapat meningkatkan kemampuan kosakata bahasa Jawa

ANALISIS BUTIR SOAL UJIAN SEKOLAH MATA PELAJARAN BAHASA INDONESIA TAHUN PELAJARAN 2016/2017 DI SMA NEGERI 3 BANJAR KOTA BANJAR JAWA BARAT..