• Tidak ada hasil yang ditemukan

wewarahing kyai rasajati

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "wewarahing kyai rasajati"

Copied!
44
0
0

Teks penuh

(1)

WEWARAHING KYAI RASAJATI

P U R W A K A

Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan. Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara.

Mugi wonten pigunanipun. Kaanggit ing Jakarta

Pungkasaning taun 1995

Rasajati

M I J I L

1. Mijil saking jro telenging kalbi Rasajati ingong

Nilar rupeking buwana ramé Miyak rudatin lebeting batin Wineca king gaib

Ngudhar wangsityèku

2. Hangga aking nilingken Hyang Widi Krasa lamun bodho

Jibeg bebeg ati kang mangkéné

Nanging paksa mèt kapti kang hening Murih waged nampi

Lumunturing wahyu

3. Rasajati ngulir sagung budi Datan kena mopo

Pan manungsa pinasti ing tembé Lamun datan luwèh ing pamisik Wedharing pangerti

Gumragèh ginayuh

4. Kayektèn ginelar Rasajati Tan samar ing batos

Lumintir kadi tumètèsing wé

Paring wuruk mring kang ngorong nampi Kadya kang jinarwi

(2)

DHANDHANGGULA

5. Kawignyané wong urip puniki Yèn datan wruh sapuluh prakara Nistha kuciwa dadiné

Dhihin karem ing ngèlmu Kaping kalih bisa njinarwi Ping tiga bisa maca

Mring lampahing kayun Catur tanggap maring rasa

Panca laku kang aris lawan patitis Sat sarèh lan samadya

6. Sapta tuhu uning mangénjali Astha brata tarak durlaksana Tebih saking lampah séjé Dé kaping nawanipun

Olah suksma bekti mring Gusti Asih maring sasama

Kamot jroning kalbu

Dasa pasrah myang sumarah

Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi Patitis ing kamuksan

7. Mangkya kiyé babaring pamardi Kang jinarwa nut gaduking nala Ngèsthi ana pigunané

Karem ngèlmu puniku Ibaraté sangsam kang salit Ngupaya toya gesang Datan kendhatipun

Dyan kudu minggaha arda

Tumuruna mring jurang paparang curi Tetep dipun upaya

8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis Datan kena pinisah-pisaha

Saking siji lan sijiné Pratama nami ilmu

Kanthi jarwa sarwi pangerti Mring sagung kasunyatan Sempuluring umur

Minangka sanguning lana

Lelananing wong urip ing alam mangkin Ywa nganti tan jinangka

9. Nadyan akèh wong mastani pingging Kanthi ilmu èsem kang katartya

Nora gampang kabrangasé Dé darbya sangu cukup Kanggé olah lakuning dhiri Isarating agesang

(3)

Pan ginayuh samangsanya

Dèn butuhken nora bakal nguciwani Temah ayem ing driya

10. Boten namung kasunyatan èlmi Nanging nenggih wruh jatining sila Trapsilaning titah dhaté

Ngerti tataning laku

Lelakoné kang sarwi perti Permati datan gampang Kapéncut ing semu Giri-godha mawa wisa

Wisunané wasana ambabar tuni Keduwung nora guna

11. Yekti sanggya tumitah sadyèki Pinaringan warah kang utama Endi bener lan luputé

Ing salebeting kalbu

Temah bisa sinaring sami Tan meleng mring kang ala Miling myang kang luhur Leluhuring bebudènnya

Dèn leluri temahan manggih basuki Ngerti nering Hyang Suksma

12. Bebener kang sirik tindak juti Hyang Ma Agung wus amaringana Ya ing lathinira kiyé

Tan cukup mung ingemut Nanging swawi dèn udanèni Supaya tinuturna

Mring kang tindak luput Ywa ajrih sung pariwara

Wiwarané bebener wiwit ing nguni Nulad maring Hyang Suksma

13. Kawruh mungguh bab bebener ugi Rinaketken jroning angganira

Supaya glis kalairé Mung muni nora cukup

Lamun datan bisa nglampahi Ywa kongsi kadya ditya Tan wruh rasa saru Surasané sarak rasa

Datan nganggo rinasa-rasa kaèsthi Pan dadi kadhodhoran

14. Pan lakunira sadarum iki

(4)

Kang iku sembah kalbu Nenalesi kèhing semèdi Wutuhing pancadriya Geleng gilig sèstu

Mung meleng lenging Hanindha

Sagung karya pinisungsung mring Hyang Widi Mrih mulyaning asmaNya

15. Kapindhoné kang winastan ngèlmi Iku nyakep trap ing lakunira

Tan mandheg ing pangertosé Kanthi ilmu karuhun

Jalma kudu bisa métani Endi laku kang nistha Miwah kang tan patut Siningkirana sadaya

Kang piniji prakara kang bener kaki Trep traping rèh sampurna

16. Lamun sira, wruh jatining hagni Awewatak panas lir baskara Iya mangkono wujudé

Yèn dèn gunakken cukup Kagunané pan munpangati Lamun kaladuk ndadra Mrabawani layu

Ya mangkono ilmunira

Ingecakna jumbuh klawan butuhrèki Empan papan samadya

17. Ngèlmu bener pepindhané rukmi Yèn binesot ngungkuli salaka Saya katon prabawané

Déné cak-cakanipun

Sineksènan sagung sujalmi Dadi tepa tuladha

Ing salampahipun

Dyan tan golèk pangastawa

Prastawané sumunar-sunar madhangi Tumus harjaning janma

18. Ilmu uga nyakup kang puniki Uninga sangkan-paraning jalma Tan liya mung Pangérané

Kang iku mung mituhu

Sembah raga suksma myang ati Kanthi srah lan sumarah

Sembah sujudipun

Datan nyingkur pangwasa-Nya

(5)

19. Pan tumanduk winedhar sadyèki Tresna-asih gung sapadha-padha Tan mbédakaken jejeré

Dyan janma sudra pilu Ingaosan jatining dhiri Ywa tiningalan ina Kawontenanipun

Awit ing ngarsèng Hyang Murba Sagung titah kalenggahanira sami Minangka citraning Hyang

20. Lamun sira nggatosken kang alit Akekucah tetulung myang welas Teges bekti mring Gustiné

Wit Pangéran Ma Agung Ngéjawantah manuswa tuni Marepegi andika

nDadar bektinipun

Ingkang lulus tresnanira

Pinaringan wewengan kaswargan jati Pan uripé tan siya

21. Ngèlmu sangkan paraning dumadi Cihnanira wruhanta kang tata

Nembah budi lan batiné Tan tambuh kang tinuju

Amung Gusti Kang Murbèng Bumi Ilang sumlanging rasa

Wus lebur satuhu

Pepesthèné wus katata

Pecat raga bali mring Kang Maha Suci Tan kena sumelanga

22. Ya mangkono udharing kang ngèlmi Dadya dilah pepadhanging rasa Rasanta nggayuh banjuré

Sang Rasajati muwus

Mbabar nalar kanggo njarwani Ngèlmu ingkang jinarwa

Iku tegesipun

Nora mung manjing pribadya

Nanging uga tinular tumrap sasami Kinanthi kautaman

K I N A N T H I

(6)

Pakaryaning bangsa makna Maknané dipun udhari Tinandur thukul ngrembaka Tundhoné dadya basuki

24. Piguna padhanirèku Lamun dèn tuturna kaki Winulangken gung sujalma Panjalmaning Suksma Jati Kang tinitah dadya duta Dinuta lampah tetèki

25. Wedharing ngèlmu satuhu Sinartan meneping ati Tinutur kanthi tuladha Waskitha wisiking gaib Dadi paran pitakonan

Wèh resep mring sapadhèki

26. Nadyan tan rumangsa unggul Ngungkuli kèhing sesami Nanging marga olah rasa Rasajati wèh pawerti Rasanta antuk nugraha Nugrahanirèng Hyang Widi

27. Mbabar pangerti puniku Tan kanthi durgamèng dhiri Mung mirid wisiking suksma Suksmané menep ing sepi

Tan nyahak mring kang Ma Kwasa Nilingken karsaning Widi

28. Nora namung manut umur Nanging meneping tyasrèki Nebihi hardaning hawa Tundhoné waskithèng gati Pinareng sihing Bathara Mulat kang sinengker sami

29. Nanging lamun tansah ngugung Pepénginan daging kaki

Tyas tinutup ing ruhara Tan wruh pituduh sayekti Apa manèh mbabar jarwa Mokal kalamun kuwawi 30. Rasajati legeg lamun

Ciptané pan dèn udhari Yekti tebih wangenira Mbabar sengkeraning Widi Rumasa yèn tan gaduka Prandéné mosik ing ati

(7)

Tan padha ciptanirèki Klawan ciptaning-Sun iya Lir bumi kalawan langit Kadya kulon klawan wétan Mokal kalamun pinanggih 32. Nanging Rasajati luhung

Sira tumungkul ing bumi Ywa alit ing manahira Mara Sun paring pangerti Wacanen Kitab Waluya Bakal ntuk ngèlmu jinarwi

33. Mula dhuh sasaminingsun Jarwané ngèlmu sayekti

Mung pinanggya anèng sabda Sabdané Kang Maha Suci Pan iku tinlatènana

Supayantuk werdi jati

34. Lumintir lir tèsing ranu Lumintu tan kendhat yekti Madya lelananing rasa Rumesep asepé nuli

Gya winedhar jroning nala Dadya wruh dununging kikis

35. Aywa kendhat dipun luru Nenuwun ing siyang-ratri Pinaringan kasagedan

nJinarwa karsèng Hyang Widi Dyan sapangu gesangira Piguna harjaning jalmi

36. Rasajati gya tumungkul Rumangsa mlarating budi Krenteg nggenturken tapanya Dyan émut ringkihing dhiri Pangajab mbirat papanya Nggambuh nugrahaning Widi

G A M B U H

37. Maca lampahing kayun

Aywa namung kayungyun ing tembung Tembung manis tan mesthi tumusing ati Tanggap sasmitaning semu

Pan ngerti sajroning batos

(8)

Nadyanta tan kalair ing wuwus

Wasis mawas sabarang kahanan jati Waskithèng wataking diyu

Sumirih miwah waspaos

39. Yèn kalépyan ing kalbu

Datan awas waspadèng pandulu Bisa klèru kalimput ing alam lungit Lelakoné dadi buntu

Katilar larasing raos

40. Ing madyaning sasrawung Kudu tanggap ilapating semu

Pasemoné prakara ingkang siningid Dyan tan makna ing pandulu

Dineleng telenging batos

41. Wong kang tumindak luput Sesiliban sisipé linimput

Nanging baya tan bangkit ngumpetken wadi Jro panon poladanipun

Tan wurung mesthi kawaos

42. Mangkono laku apus

Nora makna lamun adu burus Barang barès ginawé angèl kepati Datanpa meneping kalbu

Mokal lamun bisa maos 43. Manah meneng satuhu

Eneng-ening kadidéné wiku

Pranyanané landhep tanggap lampah lamis Lamun dèn anggepa cubluk

Dèn blithuk tetep rekaos

44. Ywa peteng ing pandulu Mawas réka rerékaning satru Satrunira tan liya laksana juti Tilar kawignyan pan lampus Winastan uripé kawon

45. Tumindak datan amung

Ngegungaken apa kang kabujung Wusanané nglirwakken kayektèn jati Tan maca kahananipun

Begja-begjané ketanggor

46. Wewéka aywa samun

Tinalesan driya ingkang yutun

Dhéngah lampah tinimbang-timbang sayekti Maca kahanan dèn gupuh

(9)

47. Grusa-grusu puniku

Paribasan nyaketken bebendu

Bebenduné badan-suksma datan kèri Mrana-mréné sarwa klèru

Kléléran saenggon-enggon

48. Limpad maca satuhu

Tan winates kang bisa dinulu

Kasasaban samubarang sarwa sisip Tundhoné tan wruh ing gati

Kang pinaringken Hyang Manon

49. Sagung hawa tinutup

Namung suksma ening ciptanipun

Mahas neges mangekes maring Hyang Widi Supayantuk rèh kang puput

Pinaringan weruh ingong

50. Yèn wus dugi neripun Tumaratas rèh sepi asamun

Suksma kéntar buntas tatas tanpa tepi Ngriku wisiking Pukulun

Winedhar sajroning raos

51. Datan rumaos apun

Amangerti sanggya karsanipun Mung sadrema sapira ingkang piniji Ingkang badhé dados wujud

Sinélakana rekaos

52. Lamun pesthinirèku

Sagung jalmi mung kudu mituhu Anampèni kalawan tulusing ati Luhung ngaturna panuwun Dé paring wedhar wigatos

53. Begjané wong kang ngluru Nratas sepi nora karem turu Kanthi resik uripé dipun prasudi Saka karsané Pukulun

Pan kepareng bisa maos

54. Poma ingkang tuwajuh

Karsaning Hyang kupiya ginayuh

Nanging éling ywa nganti marlupèng dhiri Yèn keblasuk dadi umuk

Tan wurung dadi geguyon

55. Milaur kanthi tekun

(10)

Jinumbuhna kalawan karsaning Gusti Nora mbadal dhawuhipun

Manah ngenut kang sayektos

56. Aja nganti keladuk

Ngangah-angah nggapé kang tan gaduk Néka-néka ngreréka wangsitirèki

Ketapang angrangsang gunung Ngantya kiamat tan jégos

57. Luhung manah tumungkul

Srah sumarah pepesthèn kang thukul Pepindhané trawaca nrawang wiyati Abyoring lintang kadulu

Wijanging nalar tan éwoh

58. Nyegah tutur kalantur

Lantip nggraita kahanan kuwur Idhep-idhep sembur adas saupami Kaèsthi pigunanipun

Kasmaran uger kang maton

A S M A R A N D A N A

59. Tanggap raos jarwinèki Bisa krasa lan rumangsa Pangertos datan talompé Mring jatinira pribadya Miwah sapadha-padha Sumrambah titah sadarum Lan saisiné buwana

60. Aja sira kumawasis

Dyan wus tebih lampahira Ngudi èlmi pangertiné Awit isih ana liya

Kang mesthi ngungkulana Lir wiyati èmperipun

Tanpa wangenan inggilnya

61. Wong umbag kang lumuh aris Tansah rumangsa yèn bisa Sabarang kardi ingembé Nging datan bisa rumangsa Mung samenir kawruhnya Sesongaran sarwi umuk Kaya-kaya mrantasana

(11)

Seserepanira kiyé

Kikuk-kidhung kang linakya Nora sumbut gunemnya Wusana jugar tan rampung Wirang mungguh rinasakna

63. Wruhanta manah kang pingging Rasa isin datan darbya

Mung tembung wah pangudiné Dyan nora panggah ing karya Parandéné jumawa

Tansah nggrangsang ciptanipun Ngangah-angah kadya ditya

64. Jalma kang tanpa pangerti Tan naker kabisanira

Adu wani piandelé

Datan tanggap maring rasa Kang wèh wruh tatarannya Nunjang-palang tindakipun Numbuk-bentus nora tata

65. Mangkya jana sarjanadi Mulat dhiri tan durgama Ninggal sagung sembranané Mulur sempulur pangrasa Rasané sanggya rasa Sinipat jejering kayun Titis tetes temah tatas

66. Rèhing rasa dèn resepi Nora samar werdining mar Marmané binabar kiyé Éndah èdi lir kartika

Rinimat ing Hyang Suksma Mbabar waskithaning wiku Wikan jatining priyangga

67. Waskitha jatining dhiri Empan papan tumindaknya Éling wewates ugeré

Nilingken sagung wewarah Pituduh myang pranatan Sirik cidra arsa unggul Nir sedya ala rinipta

(12)

Datan langgeng wontenipun Abyor sakedhap gya muspra

69. Lamun tan waskithèng kalbi Rasanta gampil kagodha Kayungyun ing kasukané Temah lupa sarak tata Angger-ugering gesang Kapéncut myang kapiluyu Éndah-èdining dursila

70. Tundhoné dumugèng lalis Getun keduwung pan siya Siku dhendha pinanggihé Papa cintraka kalakya Sinandhang ing jiwangga Apan émut wus kebacut Katrucut tekaning laya

71. Begja janma kang patitis Ngrucat pepénginanira Sirik nerak sarak siré Tanggap lamun samudaya Tan langgeng ing kahana Sawatara pan wus kukut Gung kasukan sakeplasan

72. Rasa dhuhkita myang branti

Aywa kalantur ginarba

Sedyanta marlupèng raté

Angur pinupus samadya

Jasad ywa nandhang roga

Tinalesan manah mulung

Ing pepesthèning Bathara

73. Mulata maring sasami Sadarum titahing Indra Ingaosana jejeré

Ywa nganti mawang sandhangan Kang sipat kalairan

Nging dugèng jatining manu Manuswa ingkang sanyata

74. Kathah-kathahing pamanggih Pandulu sulap mring gebyar Tata lair tetalesé

Ngajèni maring pepadha Nora tumus jro nala

(13)

75. Sinten ingkang darbé aji Yèku kang mompyor wiraga Éndah èdi busanané

Dyan awewatak raseksa Brukut linimput samya Laksita pindha priyagung Sangar mrabawa anggepnya

76. Kathah ingkang datan ngèksi Jejer jatining manuswa

Mung kayungyun lelamisé Sulap gebyar kang katartya Temah klèntu nalarnya

Wong pengung malah ginunggung Pinuji kadya brahmana

77. Balik janma sudra kaki Asring datan pinétangna Kanggep tan makna anané Aja manèh ingaosan

Dèn paèlu pan nora

Pinanggya mbuwang pandulu Sungkan lamun ningalana

78. Dyan suci atinirèki

Nging tan rinengga busana Kadonyan drajat pangkaté Sapa baya arsa nyapa Wah malih anilingna

Mring tutur ingkang winuwus Pinusus lésus pan muspra

79. Dé kang tanggap rasajati

Tan meleng mring barang makna Kasilep tata lairé

Nanging nilingken pranyata Reseping pariwara

Wewarah agung kalangkung Nadyan winedhar ing sudra

80. Tan mawang janmanirèki Nora nisihken sapadha Nging ngaosi pamerdiné Dyan mijil lathining ina Lamun gwah ing wewarah Tinilingaken satuhu

Dadya cecalaning lana

(14)

Janma tan kena ingina Tinitah nut pepancèné Ajènana lir Hyang Suksma Supayantuk nugraha

Tinebih manah adigung Andhap-asor lembah nala

82. Raos asih myang premati Sumrambah sagung tumitah Rinumat mrih lestariné

Samukawis jro bawana Wus patitis tinata

Pangwasané Hyang Ma Agung Rumeksa kanthi samekta

83. Mula hèh titahing Widi Aywa nuruti angkara Mbujung senengira kiyé Nging nglirwakaken pranata Mung mburu rèh hardanta Nilar waskithaning kalbu Supé wisiking Hyang Suksma

84. Rasajati wèh pawerti

Myang sujanma kang rumangsa Butuh wruh mring kajatiné Murih tumanggap ing rasa Rasanta mèt raharja

Raharjaning sanggya manu Nurutana nering rasa

85. Neping rasa kang kaèsthi Tan kabranang watak murka Nora rongèh pangrasané Anteng manekung jatmika Temah tanggap sasmita Dyan ringkih pinaring surup Mungguh werdi kang utama

86. Sarpa kresna sekul gurih Wreksa rekta pahit wohnya Namung semanten gaduké Lamun tan tebih tebanya Ywa maoni kéwala

Pupus asem tibèng laku Sinom jumangkahing lana

(15)

87. Patitising lakunira

Waskithèng lampahirèki Samubarang pinikirna Tan grusa-grusu sayekti Tinimbang kang taliti

Tumindak tan kumawantun Angger purun lan sagah Tan wurung wekasan tuni

Mangka getun keduwung nora piguna

88. Lamun sira darbya sedya Ywa kadereng hardanèki Lumuh aglis kalakyanta

Lupa daksina myang paksi Tan wruh jantraning margi Ngangsa lir wataking diyu Luhung ris linimbanga Mirid kaoting tyasrèki

Jinumbuhna klawan sanggya kawikanta

89. Poma praya sabar drana Antèr pamikir sayekti Sélak kabrananging rana Paribaya dèn adhepi Kanthi sarèh premati

Tan mingkuh kèhing pakéwuh Nyidhem mulading rudra Waspaos sajroning kapti

Sanggya gati tinuntas kanthi waskitha

90. Lantip ngudhari ruhara Nyimpang sawarnining sisip Pramana milah prakara Tan worsuh cinampur sami Wijang jroning pambudi Dèn lusi lir lawé kusut Ingijir temah cetha

Gampil rampung kanthi rampit

Sanggya karya tan bingung mbebidhung nala

91. Miyat paékaning liyan Nora kadereng ing kingkin Lir mulat lèsing warastra Waspaos graitèng budi Tumindak ngati-ati

Ywa gampil pracayèng rungrum Pranyana dèn landhepna

Dimèn trawaca ing gati

(16)

92. Aywa ngrèmèhken sasama Drajat semat donya arti Kabisan wah kagunannya Myang agal-alusing budi Angèl yèn dèn jajagi

Sring nyolong pethèk sadarum Luhung yèn dèn anggepa Samukawis anglangkungi

Luwih begja tan kecélik ing panduga

93. Watak umbag sesongaran Rumaos wasis nglangkungi Angandelken kagunannya Miwah jajaging pangerti Tan ana kang madhani

Manèh lubèr bandha-bandhu Wuwuh éring pangwasa Digang adigung ing budi

Solah bawa pamurih ingalembana

94. Béda prabawèng satriya Ngleluri darmaning aji Mekak dhiri olah rasa

Primpen kawruh dèn simpeni Siningid rasajati

Unggul tan kraos pinunjul Ywa pamèr kabisannya Andhap-asor trus ing ati

Sanggya gati tan sélak dipun rampungna

95. Pribadyèng satriya tama Sirik mbujung pangastuti Datan serik dipun ina Bingah winada sesami Tan susah dèn waoni Adreng ngudi budi luhur Asih maring sesama

Tan males manah kang sengit

Ngrucat donya meleng maring rèh sampurna

(17)

Nanging ngajèni sadarum Mimpang datan ngasorna Pikolèh tan damel tuni

Dipun gega tan mawi dipun telukna

97. Lès aris rinengga basa Tan karya runtik ing kapti Raras pinireng ing karna Tumus rumesep waradin Mrak ati amranani

Tinilingken wèh tyasarju Adhem trusing wardaya Nyidhem brahala pan bangkit Tumamanya karya basuki raharja

98. Kalamun dadya pangarsa Pangandikan pan jinagi

Ywa gampil ngumbar kamurkan Tembung ladak dèn singkiri Tan wengis waton muni Natoni manah sadarum Andhahan jinemalan Nanem wiji nabet ati

Becik lamun ririh araras nengsemna

99. Mring dasih suka tuladha Tindak-tanduk sarwi manis Titis pangangkah utama Kinèn dinadya palupi Tinulat pan mranani

Nora mung kakèhan wuwus Ngegungken panguwasa Salir préntah kudu dadi

Kumalungkung edir deksura daksiya

100. Pan kawula tindak lupa Ingélingken kanthi aris Bramantya dipun leremna Poma aywa ngumbar hagni Ngalad-alad ambesmi

Luhung wèh reseping tutur Bebener tinuduhna

Pepèngeté sinartan sih

Tan akarya runtik jro tyasing pra amba

(18)

Waged mapanaken dhiri

Weruh ing rèh myang pranatan Tan trunyak-trunyuk nglingsemi Nging manis amrak-ati

Kinasih maring priyagung Setya dhateng bebahan Marmané dèn pitadosi

Pinitaya tinresnan déning bendara

102. Tumindak kang nuju prana Tulus dènnya anglampahi Nora mung lamis kéwala Sapawingking ngiwi-iwi Batos ngrantam bilahi

Ngrerancang pakaryan slingkuh Anganggit tembung dora

Kala jiret kang cinawis

Neniwasi kadya upasing taksaka

103. Poma sanggya pakaryanta Tinalesan niat suci

Titis tetes ukaranta

Trus dugèng telenging kalbi Kadereng sir kang resik Jujur tinanem sempulur Éklas lila legawa

Nggresula pan dèn tebihi

Wani ngampah pawekasan nemu bungah

104. Kasaénan tan pinétang Potang tumraping sesami Nging linampah kanthi bingah Inganggep kadarman jati Kang kudu dèn ugemi Pangalem nora binuru Karya saé sedyanta

Sumrambah dhateng sadyèki

Lenging nala tan liya mung paramarta

105. Watak lamis tinebihna Sinanantunan burus yekti Satuhu ingkang kawarna Wardayanta pindha rukmi Nora betah sengadi

Bebener ingkang binujung Lir nuring sasadara

(19)

Suka tuduh tumrap kang nalisir marga

106. Katemenan dèn udiya Pinracaya sagung janmi Makarya tinales setya Kajibah tamtu tinampi Sanggèn tan dèn sélaki Suthik cidra colong playu Milaur tinombokna

Misungsung dhiri pribadi

Ya mangkono watak-wantuning satriya

107. Mangkono werdi sanyata Patitising lampahrèki

Nyingkirken sagung ruhara Kang damel dhuhkitèng kalbi Sirna dhedheting ratri

Gantya pepajar winantu Rumantya ri pirena Karenan rahajeng nuli

Sanggya lapa siningkur tinilar samya

P A N G K U R

108. Wewarah kang kaping satnya Tumrap trap-treping lampah puniki Sarèh samadya pan kudu

Dadya pandoming rasa

Sumarambah olah pikir, tembung, laku Murih kasampurnanira

Poma samya dipun udi 109. Lamun ngadhepi prakara

Nirlupa kabidhung adrenging karsi Linimbang-limbang satuhu

Pinikir ingkang prenah

Tundhonipun anteng-antèr kanthi mungkul Mring panuntuné Hyang Suksma

Ngéntasken sagunging karti 110. Rasa sarèh sirik serah

Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit Tan aglis mupus pan lampus

Nging wantun mrantasana

Sinartanan sabar titi tan kasusu Wijang rantasing ubaya

Kapengkok tan mbalénjani

(20)

Sanggya reruweting laku Dèn dhepi kanthi bingah

Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu Dadya daya kang santosa

Piguna temah ngrampungi

112. Pamikir aywa dèn peksa

Anglangkungi murwating nalarèki Kamot kinemat pan saguh

Momot sagung ruhara

Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh Kanthi sarèh dipun sangga

Ènthèng jro nalar lan budi

113. Lamun kamu ngangsa-angsa

Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani Nguntar-untar hardanipun

Nanging ingkang jinangka

Nora netes kang pinanggih namung lempung Kacaryan datan kaduman

Wasna kuciwa hudmani

114. Nora waspadèng wisata Datan mulur agé-agé mrepegi Dhawah wisayaning satru Jiniret tanpa daya

Gung prayogi manah sarèh dipun émut Wikan dhumateng wasyasat

Wismaya mamrih basuki

115. Pamikir ingkang kabranang Sring akarya pikurihaning sami Luhung pakeken kang agung Sesumber king Hyang Suksma

Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu Nenuntun gesang pakena

Nugraha mangrèh hastuti

116. Tembung sarèh dèn kekuca

Aywa kongsi nengenken waton muni Tan karya tabeting tatu

Manjing tumrah gung jalma

Dèn upaya ukara marganing sarju Sirna sedyaning sulaya

Pan ayem tentrem piniji

117. Dyan pinitenah ing liyan

Nora males sagung piawon sami Tinampi éklas tan rengu

Sak serik kang akarya

(21)

Uning maring kaleresan Tuk pitedahing Hyang Widi

118. Tembung cidra siningkiran Ukaranta pepisuh dipun sirik Kang temen miwah kang burus Tumus dugèng wardaya

Pangèsthinya bebener ingkang tinuju Sanggya prasida tinampa

Kanthi puja pangastuti

119. Laku sarèh tan gegabah

Gegondhélan mring gegyan wasitadi Gibanta tinrap kang patut

Mirid rèhing Sampurna

Histanira sumingkir saking bebendu Nging karya harjaning jalma

Mrabawa hayuning bumi

120. Ywa macangkrama piala

Sagung laku tinebih saking tapi Sannya muhung tujèng luhur Angudi kasaénan

Sabar sarèh kang lepat pinaring ampun Tinuntun mring kaleresan

Raras sadarum kaèsthi

121. Lumaris pan sarwi mapan

Nora waton sumanggem dèn antepi Cepet kalakyan binujung

Tilar waspadèng gata

Pikolèhé datan sanès raos getun Luhung tinata sedyanta

Pinethik amigunani

122. Ngraosna sagunging rasa

Mung kéwala samadya angresepi Rasanta aywa kaladuk

Yèn bungah ngélingana

Kasusahan pan asring dugi nyenyaru Mangkono menawa béla

Émut gambiraning ati

123. Senenga mring samubarang

Waspadakna aywa sengsem kepati Supaya tan nganti wuru

Nilarken kaprayitnan

Damel lupa mring kautaman sadyèku Kapéncut nora rinasa

(22)

124. Déné kosok-wangsulira

Lamun sengit gethingnya dèn watesi Tan ngigit-igit linangkung

Mrih tan niksa wardaya

Pan mangsané mbutuhken tan wirang sinu Wolak-waliking gitaya

Binenci pan dèn kangeni

125. Olah pikir pan samadya

Tan pineksa lwih abot dèn momoti Wèh saharsa kang satuhu

Sinèlèhna yèn awrat

mBaka sithik wijang-wijang dipun rampung Angkaten ingkang kuwawa

Temah wèt gesang puniki

126. Andon gita kang pasaja

Nora medhar kandha datanpa werdi Pinurih emating tembung

Piguna pinitaya

Pangastawa ingucapna ingkang cukup Tan perlu linangkungana

Kanyatan ingkang dèn udi

127. Srengena ingkang marlupa Datan nilar tata parama becik Sinuprih kang laku kliru Wangsul jatining marga

Aywa nyimpen panas-branan jroning kalbu Tembung péling mung samadya

Kliwatan aneniwasi

128. Déné tindak apracura Puruhita nuladha satriyadi Samadya nora kaburu Nanging tan ngénak-énak

Dèn jumbuhna kalawan apa kang perlu Ngangsa datan anguntungna

Tan cukat tinilar kèri

129. Tingkah-lampah sakadarnya

Tinarbuka ngaksama ingkang sisip Émut mring ringkihing manu

Amung titah walaka

Lamun supé waged lumaksita klèntu Dyan lepat tan kanggep lumrah Waskitha amawas dhiri

130. Watak pamèr sumimpanga

(23)

Kabisan arsa muspra

Panguwasa namung sawatawis taun Tan wènten ingkang abadya

Poma ywa umbag sayekti

131. Kumèrèn asoring rasa

Mélik unggul pinunjul king sadyèki Lamun nyenyalad ing kayun

Kadya anelahana

Sambartaka sumirat senen kekuwung Nanging sadaya tan makna

Sakedhap pan musna sami

132. Langkung prayogi samadya

Lenging prana tumindak mrih basuki Lila legawa winantu

Lumingsir saking hawa

Lamlam nala lumuyut sagunging napsu Lembita lampah utama

Linumat jroning pambudi

133. Poma pacah tinuruta

Pacalané kanthi meneping ati Pranawa nulya maujud

Prayitna ing satitah

Paran-paran parama tyasih tinuju Parma kang bakal kadarbya

Pacondhang pan dèn tebihi

134. Ruruhing rasa respatya

Rerangkèné raras rinasuk ririh Rurah rusra pan riningkus Riris rumesep ing rah

Rorotunggil rinakit dinadya ramu Rerenggané rasararja

Rerem rumaket retnani

135. Kasengsem luhuring budya

Kang karantan tangèh lamun mumpuni Karirangga pénginipun

Karuh mring kang kretarta

Kadayané dèn udi kang nganti putus Katunan pan sumingkira

Kawarna pucung puniki

P U C U N G

(24)

Kang pinaringken Hyang Widi

Dèn resepna anèng teleng manahira

137. Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum Malih pra manusa

Miwah saisiné bumi

Kanthi wijang pinaringan kaluwihan

138. Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung Salir wewatekan

Wèh resep sawiji-wiji

Kawruhana ywa nganti kadamel ura

139. Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu Salir kanugrahan

Winiraos kraos èdi

Temah nala ening kadereng memuja

140. Gesang namung lumingsir jroning sapangu Aywa tanpa tanja

Kélangan ingkang pangaji

Silar rasa, datan wruh rèhing Hyang Suksma

141. Gung pepacuh tinungkulna ingkang mungkul Dimèn uningaa

Pangaosji mangénjali

Ywa rinisak wit adrenging hardanira

142. Déné manu minangka punjering suluh Langkung kagunannya

Tinitah kanthi linuwih

Rasa budya tembung lampah éndah guna

143. Jagad agung muwus mulyaning Pukulun Lamun dèn eningna

Kawuryan genging sih kang wi

Karya nala ayem tentrem srah sadrema

144. Raos wardu asung warti kusung-kusung Swawi samya yitna

Kadarman tuking basuki

Datan liya Ingkang Akarya Bawana

145. Kang maujud sanggya kasunyatan misud Luhuring Hyang Suksma

Gung sihé tansah ngopèni

Kapranata patitis ing sapangrèhnya

(25)

Nenuntun titah maniwi

Angabektya lir péndah sang muniwara

147. Gung sasangkul gesang madyèng alam satu Tan ana manasya

Lamun maneseb astuti

Langkung adya Hyang Suksma manadukara

148. Lambak tuhu manjing manunggil Hyang Luhur Temah angraosna

Ayem tentrem lawan èdi

Kasirnakna sanggya lapa jroning nala

149. Aywa klèntu mrawasa larasing kidung Gitayèng bawana

Nyenyekar sagung harjanti

Lamun risak tan kena tinukar arta

150. Andon wuwus poma dèn udi kang alus Éndah munggwing prana

Pinireng ngelam-elami

Amranani karya asreping angkara

151. Tembung saru ywa sami dipun geguru Nyirnakken prabawa

Miwah pangajining dhiri

Damel camah rinèméh sarta winada

152. Béda lamun mrasudi lésan lir tatur Nora mung rirangga

Nging yekti tumusing ati

Tutur èdi mijil king telenging rasa

153. Pan sadyèku nyingkirken manah kang rengu Nyaketken nugraha

Tumanduk dhateng sesami

Kang mangkono upayanen aywa kemba

154. Kanthi tulus pikir dèn ulir kang lurus Ywa ngantya sumimpang

Saking margining utami

Pinuntua murih wèh harjaning jana

155. Dèn talusur talesih memet tan kuwur Ingkang sarwa adya

Miling dadi nering budi

Manah sotya sumingkir saking piala

(26)

Ngrerantam kang mbilaèni

Pilangbara meleng maring rèh utama

157. Nering kalbu prenahna tan nganti kliru Mikir kang prayoga

Pijinen barang kang èdi

Tumusira raras rerem jro wardaya

158. Among wantu marmané trep traping laku Raras yèn rinasa

Éndah kalamun kaèksi

Samudaya badhé tansah nuju prana

159. Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk Jumbuh myang kahanan

Sarwa-sarwi katon pèni

Kawistara titis lantip olah kridha

160. Aja tambuh waspadakna amrih weruh Sabarang kang makna

Pilihen ingkang taliti

Singkirana apus kramaning panggodha

161. Budi sadu katitik sajroning laku Patrap kang utama

Iku cihnaning pangerti

Piniliha mawèh harjanta nugraha

162. Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut Uning mring karsanta

Tan mbadal sagung karsèki

Lega-lila kéntar nut ing sapangrèhNya

163. Yèn pinesu jiwa raga myang bebayu Bisa dinayanan

Ing panguwaosing Bathari Pinaringan aji jaya kawijayan

164. Kang dèn bujung sanès atosing bebalung Miwah wuletira

Kulit daging amrih sekti

Paribasan tan tedhas lamun jinara

165. Bisa larut nyawiji kumepyur pulut Kalayan Hyang Suksma

Tan ana ginggang samreki

Satindaknya namung nut ingkang pinancya

(27)

Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi

Yèn mangkana sumimpang kesasar marga

167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh Ura ngambra-ambra

Pangèsthiné salah dadi

Kawruh mentah datan éca dipun tedha

168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu Éman dèn tilarna

Milaur dipun prasudi

Dèn èstokna dadya darma kang utama

D U R M A

169. Apa baya wewarah kang kaping astha Brataning wong nenepi

Laku angupaya

Mustikaning manuswa Supados amunpangati Ing samudaya

Ywa muspra tanpa werdi

170. Atetarak tan muhung ing kalairan Cegah dhahar lan guling

Pasa lan aderma Tlatèn maring agama Nging ati tan dèn rawati Pan nora tanja

Sami kadi tyang pingging

171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan Kaya tan ana malih

Janma ingkang padha Tandhing lan kabisannya Angrèmèhken mring sesami Dadi tan guna

Ngrasuk maring agami

172. Jangkepira manungku maring Jawata Kathah kang dipun sirik

Nora rupa boga Dudu pranata puja

Nanging sagung lampah sisip Dipun tilarna

Puniku wèh hastuti

173. Nadyan rupak prananira dèn wiyarna Nora cupet ing budi

(28)

Nurut hardaning hawa Nerak sarak tanpa isin Nir ing kayitnan

Nalisir nyimpang margi

174. Pepénginan makantar-kantar angrebda Poma dèn kemudhèni

Pinekak ywa ndadra Pinuntu kanthi lamba Pepacuh myang wasitadi Pakekenira

Pan nuntun laksitèki

175. Tindak mblasar atetawa kanikmatan Tumrap kang tan udani

Tumama ing karsa

Temah kayungyun godha Tan kuwagang anyingkiri Trékah sulaya

Tundhoné dadya tuni

176. Siluk rumpil ngambah margi kaleresan Sasat tan ana gampil

Satuhu ing budya Sasmita dèn tilingna Sinartan antebing pikir Sirik piala

Sumenggah hardèng karsi

177. Kabèh ika kalakyan lamun dèn udya Kanthi tlatèn taliti

Kineker jro nala Kinemat ingecakna Kaprasudi dipun gladhi Kridhaning suksma Karèh nut ing prayogi

178. Dèn gegulang pamardi ingkang utama Datan pegat martapi

Dyan awrat sinangga Dipun embat wardaya Déné yèn wus dèn antepi Dadya kuwawa

Daryana gung utami

179. Lamun léna nilaraken kaprayitnan Lumuh macala kapti

Lali pariwara

(29)

Lalis datanpa werdi

180. Muja tapa atetarak durlaksana Mungkurken sagung yogi Meleng ing karsanta Manekung pancadriya

Manunggil karsèng Hyang Widi Mat kautaman

Mulung myang kang pinanci

181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa Nilarna watak dhiri

Milaur prasaja

Tan ngendhakken sasama Nyingkiri tumindak sisip Wisésanira

Nora kanggé ngakali

182. Tinahena salir pikir tan pakena Miwah sir kang nalisir

Poma dèn cegaha

Ywa jinarken ngrembaka Yèn kadhung amemalahi Tan gampil mendha Lir nyirep bagaspati

183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan Nyalad adrenging karsi

Tan ana warana

Nyenyingget krodhanira Temah alepas kendhali Binandhang tebya Sir wangsul datan wani

184. Donya brana myang arta asring misésa Ngrèh manu dados abdi

Lamun dèn turuta

mBebudhak sakarepnya Ngicalken prayitnèng budi Dadya kethaha

Lingsem tinilar sami

185. Wit hartaka asih darma waged musna Tegel maring pepati

Pitenah deksura Paéka masang kala

Wus tan ngéman sapadhèki Uger panjangka

Kasil ginayuh yekti

(30)

Gegyan kang dèn ugemi Tan sipat prawira

Lumuh wyataning dwija Pepoyan kang dèn antepi Langkung kuncara

Mimpang wang kawon janmi

187. Lamun donya dadya punjer atinira Sinembah kadya Gusti

Wlasarsa pan muspra Asih nora kadarbya Tegel roganing sesami Lampah daksiya

Nguber mulyaning dhiri

188. Datan lepat wasitaning Hyang Indriya Paring tuduh mring janmi

Kacaryan hartana Wewijining candhala Damel risaking pamardi Pan dadya ura

Jugar tatanirèki

189. Yèn ketaman branta ngempalaken brana Wuru tetandho rukmi

Angles wit kasmaran

Kasulistyaning sandhangan Supé myang leresing margi Dadya kantaka

Lamun panggayuh tuni

190. Samubarang kaudi cekap samurwat Dé pikantuk nglangkungi

Swawi tinampia Nugrahaning Jawata Loma lila mitulungi Kang kacingkrangan

Ywa nyimpen manah cethil

191. Poma-poma aywa tilar kautaman Nggegulang sasmitadi

Dohna kadurjanan Temen rèh kaprawiran Tinangsulan ing tyasrèki Aywa dèn culna

Bundhelen kang permati

192. Aywa nyimpang dedalan maring pepadhang Dyan ciyut sukar rumpil

Dipun tlatènana

(31)

Supayantuk kang kaèsthi Mrih tan kuciwa

Pinegat tan wruh margi

MEGATRUH

193. Marma iki kaping nawaning pepacuh Mirid wedhar rasa jati

Mijil saking tyas manekung Manungku ngarsaning Widi

Manjing manunggil Hyang Katong

194. Kang pangaji munggwing gesang kang satuhu Macala suksma kaèsthi

Pinurih karuh myang tuduh Mring punjering jasadrèki Uninga jatining Manon

195. Aywa kongsi darbé nétra tan andulu Tuk wijiling suksma jati

Sangkan paran nora weruh Temah ical nering kapti Lumaksana tanpa waton

196. Wasitadi wineca dwija rumuhun Nélakna kahanan janmi

Kanthi tetanya lir tambuh Wicalen titah kang ngèksi Miwah kang gesang sayektos

197. Dèn wangsuli apatitis miwah jujur Kahana ingkang sayekti

Tyang wuta kathah linangkung Makaten ugi kang lalis

Klayan kang urip kinaot

198. Apan janmi nadyan melèk socanipun Ananging boten udani

Aosing gesang satuhu Asor prabawaning budi Acecanuk nora tinon

199. Iku kadi pasemoné titah blilu Ingkang suthik aningali

Ismayaning Hyang Ma Agung Isin miyat urip jati

Ilang lumuyuting batos

(32)

Nadyan tata wadhag urip Nanging datan wikan ilmu Nasar anggènnya lumaris Nora béda kadya layon

201. Urip jati kudu kinanthènan kawruh Uninga jatining urip

Upami lirwa binuru Uwal king jejering janmi Uwas tumraping lelakon

202. Kasmaran mring pepuntoning sanggya laku Kadidéné tèsing warih

Kinempal myang asalipun Kumeplas manjing jaladri Kekalihnya luluh winor

203. Suksma kéntir ngenut jantraning Pukulun Sumarah pasrah tan banggi

Sirna pepénginanipun Sumuyut wetah sadyèki Sumilak dugèng pangampon

204. Olah batin pan tilar sesuker sagung Osiking tyas mung nyawiji

Manunggil klayan Hyang Agung Memet rinasuk sesuci

Mrasudi puji kang twajoh

205. Neng samadi lelana lebeting anung Nilarna rupeking pikir

Ning nering suksma sumusup Nenungku niat mratapi

Nir sanggya sedya piawon

206. Tan angudi kuncara pamurih kasub Tatasing puja siningid

Tinutup korining napsu Trékah léngah dèn singkiri Tulus numusi kang anon

207. Ngarsèng Widi dhéngah lampah sarwi katur Tan wènten ingkang sinelip

Sagung prasida kadulu Ginelar wijang katawis Losna sadarum sumaos

208. Aywa nganti darbé raos wus linangkung Nindakken kasucèn yekti

(33)

Ngarsaning Hu andhap-asor

209. Gung prayogi kanthi manasya dhedheku Rumaos dèrèng pinanggih

Sampurnaning tata-laku Temah kadereng mrasudi Minta apuraning Manon

210. Sembah bekti kinanthènan manah wutuh Iswara cinepeng sami

Hastungkara ingkang mungkul Wèh tentrem myang hasastani Asmaralaya cinadhong

211. Dipun èsthi tresna asih mring sadarum Lir tumrap diri pribadi

Samubarang dipun émut Tinepakna sarirèki

Temah tumindak tan waton

212. Mring sesami nala kasengsem sung asih Tan remen miruda janmi

Punapa malih nyenyaru Akarya tabeting ati

Ywa damel asanès wirong

213. Lamun uning manuswa gesang tan patut Bebasan pinanggang hagni

Nyanggi bebahaning laku Dèn éklasna suka warih

Paring asrep mring kang ngorong 214. Winigati ingkang mbetahken pitulung

Sasagednya dèn jurungi

Wirya paring timbang nyuwun Damel wikaraning kapti

Sung awanda myang kang éwoh

215. Yèn angèksi wakala kang lagi nempuh Nora merem tan preduli

Nanging legawa misungsung Pinurih awinda gingsir

Wèh wiryawan kang prihatos

216. Udani mring roga-yogi awrat lalun Pan arsa asyah ngrerujit

Kanthi wikrama wèh lipur Awicarita binangkit

Rahajeng linepat régoh

(34)

Lila ngaksama atulus Seserik binuwang tebih Winengku sucining batos

218. Manah drengki tan winales dimèn tatu Nging binayar tindak becik

Winungkus pangaksama gung Sinupèkna nadyan rungsit Pan mesgul datan sumiwo

219. Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu Gumelar kadya jaladri

Nadyan bengawan sadyèku Lumintir mili ngebeki

Tan pisan-pisan arsa rob

220. Tanpa tepi nora jajag lebetipun Momot sagunging prakawis Sabarang kawrat tan mingkuh Rinendhem madyaning warih Nora nggresah datan kisroh

221. Ya kadyèki prana aywa gampil pugut Mupus kalamun ngadhepi

Bebahan awrat linangkung Lir langkap pinenthang tuni Lepat tan ngéntasken gatos

222. Angadhepi manéka trékahing manu Miwah wuwus kang nyakiti

Pamigunanipun satru Pinggala pangucap rasmi Dharana rinaswa kamot

223. Dèn tebihi watak mrahat péndah margu Sereng-buteng lir tyang pingging

Dharaka sinantun puguh Murcita ingkang pinanggih Luhung matirta waspaos

224. Janma dhikih asring kathah godhanipun Tilar rasikaning ati

Gung rusid minangka pangkur Tan panggah megeng karsèki Radyalpa ngengurung raos

225. Rismarini pinanggya anèng Pukulun Tumrap kang maratuka Ji

Kanthi tlatèn dèn maraup Pujinira ruma amrik

(35)

226. Kadya rawi suka tuduh padhangipun Narbuka dhedheting ratri

Sanggya rastala mataun Trawaca tan ana kèri

Makaten tiyang ngabektos

227. Ganaresi ingkang ajumeneng ratu Nggegurua pangrèh aji

Taksaka lit wisa manjur Aywa sumelang tan dhaning Lir tatur kumambang abyor

M A S K U M A M B A N G

228. Lhah puniki pawingkingipun pamardi Kang kaping sadasa

Jangkep piwucal utami Ywa nganti sinélakana

229. Pungun-pungun kalamun dèrèng udani Kuwatos miwah was

Tanpa kumandel ing Widi Nora wruh keplasing suksma

230. Titi wanci wangsul mring sangkanirèki Mesthi bakal teka

Nora kena dèn sélaki Poma tan miris ing nala

231. Yapwan janmi tan mawastu rèhing Gusti Yekti dadya susah

Sang Mahasasa nyarangi Yamani mahèr yitmanya

232. Lamun prapti titi wanci kang pinasthi Kodheng jroning rahsa

Yojana tan uning sami Awinda nering panjangka

233. Janma pingging talompé ngeningken gati Kikising agesang

Tumrahing titah sadyèki Temah nguja hardèng karsa

234. Gumarangsang kasukan dipun turuti Mumpung maksih pana

Plethèking sang bagaspati Tan nyaruwé yamaloka

(36)

Nyarwètèh lampahnya Mahara anyakrawati

Puguh kasupèn Hyang Suksma

236. Yèn mangkana lirwa mring swarga sayekti Mbebujung kadonyan

Lupa paraning dumadi Kasasar tan manggih tarsa

237. Nanging janmi kang sengsem yogasamawi Dharannya tumata

Mraharana manah suci Sinung pangerti utama

238. Kanthi wijang wijiling tedah suyati Yadya repah raga

Wijaya mangrèh hastuti Rasmana karya raharja

239. Karuh maring sangkan paraning dumadi Tinitah Hyang Suksma

Sumbering sadya darmadi Loka paleremaning suksma

240. Lamun murcat tan tambuh paranirèki Rusak raganira

Yitma méntar gya maniwi Wangsul sangkaning yudana

241. Nora miris ywan Sang Widhitusdha nimbali Cukup sangunira

Sinartanan darma bekti Mituhu sanggya karsanta

242. Trusing ati widhwanta lila tinampi Larakung linepat

Wit luding laris pinasthi Wilapwa tinilar tebya

243. Sihing Widhi dadya wayira pangaji Kenceng cinepengan

Pinangka wot ingkang dyapi Tumuju lokabuwana

244. Dipun ening ngener lukikaning Gusti Nyawiji sedyanta

Tan malang tumolèh margi Nyapih sagunging angkara

245. Wus nyawiji manjing jro jatining waji Uwal king walitya

(37)

Dumoh saking sanggya dama

246. Kanthi éling manunggil klayan Hyang Rawi Suméndhé sadrema

Sumèlèh pasrah karsa-Ji Cinadhang papan diwala

247. Janma bekti winengku wuyuting rati Sinung panggraita

Landhep nilingken pamisik

Temah wruh mring pepancènnya

248. Pan patitis kamuksanira udani Dyan nora jumawa

Rumaos darbé pangerti Nging miling rèhing Jawata

249. Nora samar mring pepesthèn kang dumadi Pepancèning suksma

Ingkang tinamtu ing nguni Weruh titi mangsanira

250. Yèn wus dugi kikising gesang puniki Wangsul mring sangkannya

Sang Widhitusdha nimbali Ywa tidha-tidha nglenggana

251. Pan Hyang Widi badhé apeparing gati Minangka pratandha

Kekeran pesthining janmi Pinurih samya samekta

252. Nora kénging puguh mirong karsèng Gusti Nyahak mring karsanta

Nguman-uman kang pinaring Tan narimah wilasa-Nya

253. Luhung sami tiniling ingkang winisik Temahan trawaca

Kala-mangsa kang pinasthi

Apan samya kawruhana

254. Yèn wus dugi titikan praptaning wanci Swawi cumadhanga

Ywa manesel gesangrèki Sampun cekap lampahira

255. Purnèng anggit wilapakalangyan werdi Tujuning panjangka

Tan sanès amigunani

Janma kang munggwing rastala***

(38)
(39)
(40)
(41)

trawaca

= pandugi, pangatos-atos,

(42)
(43)
(44)

ramu

= campur dados nyawiji,

tumbal

rasararja

= manah sengsem,

bahagya

retnani

= retna, sesotya, inten,

Referensi

Dokumen terkait

[r]

pada nilai rata-rata kelas kontrol maka Ho ditolak dan Ha diterima, potesis kerja yang digunakan diterima, Dapat disimpulkan bahwa, minat belajar siswa melalui

rupa sehingga anak mau melakukan apa yang dapat dilakukannya. 12 Guru sebagai motivator harus paham dan mengerti kondisi siswa untuk dapat. mengantarkan peserta didik

Hasil terapy okupasipun memperlihatkan hal yang sama dengan terapi perilaku bahwa responden yang mendapatkan terapi okupasi di rumah (kasus) dan di sekolah

Diajukd sebagai salal salu sya8r nemperoleh gelo Ahli Madya. JURUSAN

[r]

Tujuan penelitian ini adalah untuk mengkaji keragaman plankton dan ikan, serta kualitas perairan berdasarkan indikator keragaman plankton dan ikan yang dijumpai pada lokasi sampling

Pompa ini memanfaatkan tenaga aliran air yang jatuh dari tempat suatu sumber yang tinggi dan sebagian dari air itu dipompakan dengan pompa hidram ke tempat yang lebih