• Tidak ada hasil yang ditemukan

Staff Site Universitas Negeri Yogyakarta

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Staff Site Universitas Negeri Yogyakarta"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

Cerkak, Papan kang Loh tumrap Simbolisasi

Telah dimuat di “Sang Pamomong” Suara Merdeka (Minggu 3 Nopember 2002:

halaman XIV)

Dening : Afendy Widayat (FBS, UNY)

Crita cekak (cerkak) iku mujudake asiling sastra Jawa sing paling produktif sawise geguritan. Bab iki ora nggumunake, awit pancen genreiki nduweni pawitan,

yaiku sipate kang luwes, prasaja, lan sedheng.

Luwes, tegese bisa momot saksamubaranging masalah kang ngrenggani uriping manungsa, lan maneh bisa ditampa (diwaca) ing sadhengah papan lan

kesempatan, amarga mung momot sakperkara wae.

Prasaja, tegese ora muluk-muluk. Beda karo genre geguritan, sing wujude

asring absurd utawa peteng alias ora gampang ditampa maknane. Cerkak kang kalebu jenis prosa, lumrahe isih mengkoni konvensi tartamtu, mligine konvensi basa, yaiku basa gancaran sing tansah nggondheli prinsip-prinsip linguistik. Ya bab iki sing marakake cerkak luwih gampang ditampa maknane tinimbang geguritan.

Sedheng, tegese ora cendhak banget, ning ya ora dawa banget. Dadi wis cukup kanggo ngrasakake kenikmatane. Sedheng ing kene uga nduweni teges ora kebangeten enthenge, lire wis ana sawatara “permainan” sing bisa dinikmati, kayata alure, tokohe, latare, lsp

Mula kang saka iku genre cerkak nduweni kekuatan kanggo pengembangane, tundhone ngasilake cerkak-cerkak kang nengenake simbolisasi (cerkak simbolis).

Simbolisasi ing kene, maksude ora mung realis kaya kang ana ing masyarakat, nanging wis migunakake simbol-simbol, kalebu kang asipat surealis, kayata tokoh-tokohe sing dumadi saka barang mati sing bisa micara, peranganing badan kang urip dhewe, lsp.

Saka sawatara terbitan antologi cerkak, kabukti ngasilake saora-orane ana 15% nganti 30 % kang nengenake simbolisasi mau. Tuladhane, ing antologi cerkak Liong Tembang Prapatan, (Taman Budaya DIY, 1999) kang ngamot 17 (pitulas) irah-irahan wae, tinemu 6 (enem) kang awujud surealis simbolis, yaiku Sirah Anyar kanggo Sungeb, Kubur, Jumbleng, Teken, Lading, lan Rokok.

Cerkak-cerkak simbolis kaya ngono mau, wiwit urip ngrembaka udakara dasa

warsa kang pungkasan iki. Yen dijumbuhake karo kahanan sosial politik kita, sajake ya kahanan sosial politik iku sing melu nyengkuyung thukuling cerkak simbolis mau.

p d fMachine

A pdf w rit er t hat produces qualit y PDF files w it h ease!

Produce quality PDF files in seconds and preserve the integrity of your original docum ents. Com patible across nearly all Windows platform s, sim ply open the docum ent you want to convert, click “print”, select the

(2)

Simbolisasi iku luwih aman yen isine ekspresi kritik sosial politik, amarga ora melok, lan ora wantah. Wjude kang samar, alus, lan nganggo topeng simbolis mau sing ngalingi cerkak mau saka pambredhelane panguwasa. Bab iki cetha beda karo sing awujud geguritan utawa lakon (drama), sing luwih asring dipentasake saengga kritike nyolok banget. Beda maneh karo kang wujud novel, kang dawa nggladrah.

Nganti seprene novel Jawa akeh-akeh realis. Kang nengenake simbolisasi isih langka banget, utawa malah durung ana. Yen ta ana, simbol-simbol iku amung awujud

fragmentaris, tegese mung bageyan-bageyan tartamtu, dadi ora disengkuyung dening bageyan-bageyan lan unsur-unsur liyane. Salah sawijining sebabe, yaiku pengarang Jawa isih kangelan, utawa ora yakin yen bisa gawe simbolisasi kanggo nutupi kahanan kang realis migunakake kalodhangan sing jembar tebahe kaya dene novel.

Suwalike, geneya simbolisasi milih mapan aneng cerkak? Sipate cerkak kang luwes, cukup mung sakperkara, nggampangake pengarang ndhapuk simbolisasi. Realitas sakperkara luwih gampang disulap nganggo simbol-simbol tinimbang pirang-pirang perkara. Saliyane kuwi simbolisasi sing dumadi saka realitas sing mung sakperkara mau luwih gampang disulap aneng struktur sing manunggal koheren

sajroning “satu kesatuan makna”.

Kanggone cerkak, simbolisasi sing kedadeyan saka sakperkara mau, bisa njaga sifate sing prasaja lan ora muluk-muluk, ing antarane sebabe, marga anane konvensi linguistik sing kudu dituruti. Bab iki beda karo simbolisasi kang saka pirang-pirang perkara sing tundhone banjur kaya crita kang ngayawara. Crita sing kebacut dicap ngayawara, mesthi wae disiriki dening sing arep maca, mula pengarang wajib menggalihake babagan iki.

Sifate cerkak kang sedheng, ora akeh banget ning ya ora kesethithiken ndadekake cerkak simbolis mau menarik ning ora mboseni. Bab iki cetha beda karo geguritan sing rasane kaya mung sakkremyengan. Mung geguritan sing pancen apik tenan sing bisa nabet atine sing maca lan dieling-eling. Suwalike, cerkak simbolis sing jumbuh karo strukture, luwih gampang dieling-eling liwat alure, tokohe, lan liya-liyane, amarga struktur naratif-e luwih cetha, luwih cetha alur critane. Mula cerkak mujudake papan kang loh tumrape ekspresi simbolis. Bab iki ora ateges nganggep geguritan iku ora penting, awit geguritan nduweni kadigdayan ing babagan liyane sing cetha luwih bobote tinimbang cerkak.

(Afendy Widayat, dosen FBS, UNY)

p d fMachine

A pdf w rit er t hat produces qualit y PDF files w it h ease!

Produce quality PDF files in seconds and preserve the integrity of your original docum ents. Com patible across nearly all Windows platform s, sim ply open the docum ent you want to convert, click “print”, select the

(3)

Giripeni, nalika ngenteni udan pisanan

p d fMachine

A pdf w rit er t hat produces qualit y PDF files w it h ease!

Produce quality PDF files in seconds and preserve the integrity of your original docum ents. Com patible across nearly all Windows platform s, sim ply open the docum ent you want to convert, click “print”, select the

Referensi

Dokumen terkait

KEBIASAAN OLAHRAGA DALAM HUBUNGANNYA DENGAN NYERI SENDI PADA LANSIA DI KARANG WERDAv. FLAMBOYAN KECAMATAN RAMBIPUJI

Dengan ini diberitahukan bahwa setelah dilakukan evaluasi oleh Pokja ULP Barang/Jasa Pemerintah Kabupaten Aceh Jaya yang dibentuk berdasarkan surat keputusan Bupati Aceh Jaya Nomor

Manfaat penelitian ini adalah ditemukannya fungi endofit yang diisolasi dari daun afrika (Vernonia amygdalina) yang berpotensi memiliki aktivitas antibakteri terutama

Cipto― Semarang sedang mempersiapkan akreditasi KARS, berdasarkan survei awal peneliti mengetahui persentase ketidaklengkapan dokumen rekam medis mencapai 70% pada kasus bedah

eaching English as a foreign language in Indonesia is focused on teaching language skills to enable students to receive and deliver information. Being good at language

5: The specific gravity and water absorption of artificial geopolymer aggregate of volcano ash at various sintering

Collaborative filtering adalah teknik yang paling banyak digunakan pada sistem rekomendasi dengan cara menjumlahkan rating atau pilihan dari suatu produk, menemukan

Sehubungan dengan telah terjadinya kekeliruan dalam penyusunan DOKUMEN PENGADAAN Nomor : SDP.BOR.062.LPSE/ULP_POKJA III/LMD/V/2014 Tanggal 26 Mei 2014, terutama