• Tidak ada hasil yang ditemukan

KIDUNG KUSUMAWICRITRA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "KIDUNG KUSUMAWICRITRA"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

K IDUNG K USUMAWICRIT R A

Hong wilaheng sekaring bawana langgeng

1. Menawi dumugi ing jaman Kaliyoga, mboten wonten ingkang

ngelangkungi tiyang sugih, boten kocap tiyang ingkang guna, ingkang prawira, utawi pandita putus, sadaya sami marek anembah dhateng tiyang sugih.

2. Ing jaman ngriku bangsaning Pendita sirna, lawan

bangsaning ratu melarat kawelasasih, anak sampun purun di pitenah, para pandita sami ngelampahi dados nakoda.

3. Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, Ratu keringan

arta tansah pinisungsungan ing tiyang sugih, sagung ingkang ulah padamelan sami nurut ingepahan, seganten mili dateng lepen.

4. Tiyang beber (darah) asor wangsul dados tiyang luhur,

kamurkanipun tiyang saya anglangkungi, Sang Ratu kalumuhan dhateng sang Pandhita, mboten woten kang anglampahi panembah.

5. Kaliyan wedalanipun kaluhuran saking dipun saranani arta,

karanten Sang Ratu kawisesa dhateng tiyang sugih, tiyang salah dados awet ing damel, tiyang leres dados ketiwar tiwar, awit saking melarat.

6. Tiyang murka sangsaya andadra dados angsal pengenan,

tiyang sabar wekasane dados kirang paramarta, tiyang dursila durjana sami adamel cilakanipun tiyang sepuhipun.

7. Sang Ratu sasat suwita dating sang Pepatih, sagung ingkang

andum sami milih, pratingkahipun sawenang wenang, ical berkating bumi, sami kasrakat, kadosto : oyod oyotan, gegodhongan, woh wohan sami tanpo guna.

(2)

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

bangsa Pandita, Satriya, Waisya miwah bangsa Sudra sami tunggal padamelan, karanten sajagat sami angaken saged, sami angegung aken diri, mboten wonten ingkang purun kasoran.

9. Tiyang ulah sastra tuwin ulah puja Samadhi boten wonteng

ingkang anut ing pamardining Panditha, tanpa damel , sagung japamatra mboten wonten ingkang katarimah, adil khukum mboten anglabeti, temah dados durgama.

10. Sami rebah ing sekar cepaka, hangsoka, hangsana,

candhana wungu, kenanga, surastri, nagasarai, sadaya witipun sirna sami winandungan, tinegoran, tinutuhan, kaparapalan erining pung secang lawan pilang.

11. Sakatahing peksi : merak, banyak, dhangdhang, bango

sapanungalanipun sami lebur pinasangan pikat lajeng sinengkeran, ingkang suko bingah namung : segawon, babi, sami ing openan, panilala tinuwukan erah kalian daging.

12. Salebeting jaman Kaliyoga sakatahing tiyang sami langkung

amurka, tansah tukar arebat kaluhuran, tiyang sajagat sampun mboten uningo dating sanak sadherek, mengsah ingkang sampun kathah cacatipun rinangkul minangka kanthi.

13. Wewalering Dewa tinarajang, sakatahing candhi

rinisakaken, kabuyutan mboten wonten damelipun, sami sumun, sagung sami carios pepakem, kagunan, kasantikan, sami linebur dening tiyang bodho ingkang murka ing jagad.

14. Kacarios ing jaman punika saestunipun sakawan, ingkang

wiwitan nama jaman Kretayuga, Sang Hyang Premana ingkang dados witing agesang, punika wonteng pulunging galih, saweg tasih siniwi ing Swarga.

15. Kaping kalih jaman Tirtayuga, prenah ipun Sang Hyang

(3)

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

16. Kaping sekawan jaman Kaliyoga, Sang Hyang Premana

manggia ing kulit lawan ulu puhung. Dene yen Jaman Kretayuga yuswa ning Sang Hyang Premana saketi taun.

17. Ing Jaman Tirtayuga punika gesangipun Sang Hyang

Premana dumugi saleksa taun, Ing Jaman Dwaparayoga yuswa sewu taun langkung satus taun kalian satuh wulan.

18. Yen Jaman Kaliyoga punika yuswanipun enggal enggal,

kados upaminipun gebyaring kilat wonten ing mendhung, Kala ing Jaman Kretayuga, wiwitipun ingkang dados perang putranipun pandita nama Dewi Nuruki.

19. Ing Jaman Tirtayoga, jalarananipun ingkang dados perang

ageng nama Dewi Sinta, ing Jaman Dwaparayoga ingkang dados wiwitaning perang Drupadi, kocap putri linuwih.

20. Ing Jaman Kaliyoga kathah ingkang dados sababing perang

Referensi

Dokumen terkait

adalah preparat perisa dari bahan atau campuran bahan yang diijinkan digunakan dalam pangan, atau yang secara alami terdapat dalam pangan atau diijinkan digunakan dalam

Hal yang istimewa dalam perkembangannya kemudian pada tahun 70an sistem tv kabel di disain untuk mampu berfungsi dua arah yaitu bukan hanya menyampaikan siaran dari

Pada type ini,Main shaftnya terdiri dari 2 bagian yang disambung dengan plastik pin Didalam main shaft bagian bawah di isikan silicon rubber dan braketnya dipasangkan caster

4.14.Penerapan Hasil Belajar Efek Artistik Pada Elemen Main Image Dalam Proses Pembuatan Layout Desain Ilustrasi Busana

Arsip merupakan kumpulan catatan atau rekaman dari setiap kegiatan. Arsip mempunyai peranan yang sangat penting bagi kelancaran administrasi sekolah. Masalah yang

[ 35 ] Hz. Âdem’in cennetten yeryüzüne inişi kastedilmektedir. Bâûrâ, Tevrat ve İslâm kaynaklarında, önceleri iyi bir mümin iken daha sonra Hz. Mûsâ ve kavmi

Rasio lancar (current assets) mengukur kemampuan aktiva lancar membayar hutang lancar sehingga kekuatan perusahaan yang ditunjukkan dengan rasio likuiditas/rasio modal

- Universitas Sam Ratulangi sebagai Perguruan Tinggi bereputasi di Indonesia saat ini memiliki hubungan baik dengan berbagai pihak sehingga mendapat kepercayaan bekerja