www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
SERAT PURW AKA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh. Nuwun.
@@@
Manawi kita gagas-gagas, lampahing ngagesang punika kenging winastan karoban dening panyêluding wisaya. Boten rumiyin, boten sapunika, boten rampung-rampung, tansah sami cocongkrahan, labêt sami rêbat lêrês dhatêng gagandhulan tuwin tekadipun piyambak-piyambak.
Wisaya punika wontên ingkang gampil kasumuruban, lan wontên ingkang botên gampil anggenipun nyumêrêbi. Wisaning sawêr botên sanes namung dumunung wontên ing untu, lan panyêmburipun. Wisaning kalabang lan kalajêngking wonten ing êntupipun. Ananging ing samangke, lah dumunung wontên ing pundi, menggah wisaning sadaya s^erat-sêrat piwulang, ingkang sampun sumebar dados wawaosianing ngakathah? Punika botên sanes kajawi dumunung wontên ing pangertosan kita pribadi.
Kados pundi ing jagad, kawontênan panggêlaring piwulang ingkang sami kasêbut ing sêrat-sêrat, punapa inggih wontên pigunanipun ingkang langkung agêng tumrap ing gêsang kita, murih tata têntrêm lan karaharjan? Lha punika nyumanggakakên, amargi piwulang kasêbut ing dalêm sêrat-sêrat wau, sagêd nuwuhakên pangertosan warni kalih, sapisan: pengêrtosan ingkang ngênggeni wontên ing sasananing kalêrêsan. Dene ingkang kaping kalih: pangertosan ingkang ngênggeni wontên ing panasaran.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
tuwin tumanjanipun dereng kita sumêrêbi. Ingkang makatên punika sagêd ugi andadosakên ing wisaya. Langkung-langkung yen pangêrtosan ingkang sêling sêrêp panampinipun wau, lajêng katularakên ing ngasanes, sarana lesan utawi sarana sêrat-sêrat, sampun tamtu badhe langkung agêng ing wisayanipun.
Kasêbut ing sêrat Paniti Sastra bab 10 ungêlipun makatên: ingkang dados wisaning tiyang nêdha punika bilih kirang telatos pamamahing têtêdhan, yen botên lêmbut ingkang dipun têdha yêkti dados sêsakit. Mênggah pikajênganipun makatên: têmbung: tiyang nêdha, mangêrtosipun nêdha kawruh. Pamamahing têtêdhan: pikajênganipun: panyuraosing kawruh. Mênggah gamblangipun makatên: tiyang ngudi kawruh punika kêdah telatos panyuraosipun, murih mangêrtos ing lair batos. Sêbab yen botên makatên, kawruh ingkang sajatosipun langkung miraos tumrap raosing manah, botên siwah kadidena raosing madu pinasthika, têmah lajêng malik garêmbyang dados raos pait asêngak kadidene tuwak sajêng ingkang angêndêmi, ing wusana lajêng andadosaên wisaning jiwa raga.
Kuwontênan ingkang makatên wau, sanyatanipun botên nama aneh, yen kita kajlungupa ing jurang panasaran. Sabab miturut panggêlaring sadaya sêrat-sêrat piwulang, punika prasasat mbotên wontên têmbung ingkang ukaranipun kadamêl prasojo, nanging wontên têmbung paribasan, pasemon, pralambang, tuwin pralampita. Dados prasasat kita sami kinen ambatang adêging cacangkriman. Dene mênggah pikajênganipun: Sapisan perlu kangge ngadegakên tuwin ngluhurakên. Kaping kalihipun pêrlu kangge dhadhasaring pamarsudi tumrap para siswa, supados tansah sami anandangakên kalimpadan alusing pambudi. Mila siswa ingkang kirang lantip, inggih botên sagêd nampeni piwulang wau..
Wontênipun sêrat ingkang kadhapur paribasan, pralampita, pasemon, tuwin pralambang upaminipun sêrat Maha Bharata. Sêrat Maha Bharata punika sêrat ingkang isi sawarnaning sadaya kawruh, kadosta kawruh kasukman, kawruh kadewan, kawruh kamanungsan, lan sanes-sanesipun. Sêrat Maha Bharata punika kaprinci dados pintên-pintên parwa, utawi perangan, utawi bageyan. Parwa isi pintên-pintên sloka.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
Piwulang kasêbut ing ngandhap punika nyimpên wêwados ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang pikajênganipun asung piwulang dhatêng kita, yen sadaya pandamêl punika sayogi katindakna kanthi papadhanging angên-angên. Mênggah piwulang wau, kula udhari makatên:
1. Aja ngandêl pituturing wong, mênggah pikajênganipun: kita sampun ngandêl dhatêng pituturing tiyang ingkang botên kasêksen tuwin ingkang botên miturut dhatêng gumêlaring akal ingkang sampun sah dening para sarjana, sarta ingkang botên sagêd kasêksen dening papadhanging nalar.
2. Aja ngandêl marang wirayat kuna, amarga saka lawase, pikajênganipun têmbung: lawase = luwas = lawas = suwe = têbih = mêmêt = lêbêt, suraosipun punika sagêdipun kita ngandêl, inggih manawi kita sampun sagêd njajagi maksuding wirayat wau.
.
3. Aja ngandêl pawarta, sabab akeh wong ngandhakake, pikajênganipun sampun ngandêl pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur, cidra, sanadyan maneka warni kasagahanipun prayogi botên kapaelu.
4. Aja ngandêl thok waton saka layang karangane wong wicaksana ing jaman kuna. Pikajênganipun sampun ngantos ngandêl kemawon dhatêng sadaya sêrat-sêrat: kina. Awit sêrat-sêrat wau upami mungêla abrit sagêd ugi maksudipun cêmêng. Inggih sêrat ingkang makatên punika ingkang kêdah kita jingglêng maksud suraosipun. Sêbab kados atur kula ing ngajêng, yen sadaya sêrat piwulang, punika sami dhinapur pralampita, dene badharing pralampita wau muhung saking pangêrtosan kita pribadi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
Yen kita sagêd ngugêmi piwulang nêm prakawis inggih ing ngriku punika ênggening kasunyatan, mangêrtosipun: Têtêping ulah kawruh punika, yen sagêd kanyatahan wontên pikantukipun ingkang langkung agêng ing bab: Karaharjan, Kamulyan, tuwin Katêntrêman.