Tindakipun Nabi Yakub
11. Megatruh
--- 42 ---
Ribkah nulya ngrêmbagi | dhatêng Yakub putranipun | mangkana wuwusira | wruhanira anak mami |
kakangira Esap ngudi tuwuhira ||
25. marmane sira ngungsia | mring Laban uwakirèki | kongsi praptanirèng masa | muringe kakangmu lilih | tan eling lir kang dadi | pokalira ring kakangmu | matur Ribkah mring Iskak | kang dadya êsaking ati |
sumurup ring môngka mêgat pasulayan ||
--- 43 ---
[...alu] lêrêb ing satêngah margi | sare bantal sela nglorot ||
5. kawuwusa ing dalu supêna Yakub | myat ôndha ngadêg ing bumi |
sundhul langit pucakipun | wontên kang katingal malih | malaekating Hyang Manon ||
6. samya minggah tumêdhak ing ôndha ngriku |
wondene Hyang Maha Suci | jumênêng saluhuripun | andikanya Hyang Masuci | mring Yakub lagya kalêson ||
7. Ingsun iki Allah ingkang Maha Luhur | Allah laluhurirèki |
Abram Iskak hèh ta Yakub | sanggya para jinis iki |
olèh nugraha Hyang Manon ||
8. datan liya marga sing turunirèku | ingsun jangkung angaubi |
saparan-paranirèku | ngulihke mring tanah iki | Yakub nulya wungu alon ||
9. sawungunya pangunandikanya Yakub | iba ta panggonan iki |
wingite kalangkung-langkung | amasthi panggonan iki |
pura swargane Hyang Manon ||
10. nulya Yakub ngadêgake tugu watu | kang kinarya ganjêl guling |
môngka tatêngêranipun | sinêbut Bètèl kang arti |
padalêmane Hyang Manon ||
11. wontên ngriku Yakub mahya nadaripun | yèn dhasar Hyang Maha Suci |
anjangkungi saparanku | tuwin paring sandhang [sa...]
--- 44 ---
[...ndhang] bukti |
arja ngantya ulih ingong ||
12. masthi Allah ingsun anggêp Pangeranku
|
makatên ingkang punagi | sampun lami lampahipun | Nabi Yakub wontên margi | laju lampahira alon ||
13. tan antara sampun prapta Nabi Yakub | wontên ing Karan nagari |
wismèng Laban uwakipun | lêga rasane kang ati | Laban nulya tanya alon ||
14. apa padha nêmu arja salakumu | Yakub alon anauri |
marmèng Ingkang Maha Agung | pangèstu uwa basuki |
sukèng tyas tan winiraos ||
15. wusing aso sawatarèng Nabi Yakub | nulya mring Laban wêwarti |
sanggya lêlampahipun | purwa madya amêkasi | angguladrawa sakloron ||
12.
Dhandhanggula
1. kawuwusa Yakub sampun lami | unggyanira anèng Pandhanaran | lipur sagung sungkawane | mojar Laban mring Yakub | ananira pan wus nêm sasi | manggon nèng Pandhanaran |
kang iku karsèngsun | aywa sira tanpa tuwas |
sanadyana sira kaponakan mami | kapriye karêpira ||
2. Nabi Yakub alon anauri | lamun uwa andangu kawula | pituwas gyan kula ngèngèr | dahat panuwun ulun |
nanging mugi nêbihna runtik | dahat lênggana kula |
karsèng [kar...]
--- 45 ---
[...sèng] wa puniku | kinalisna sapu-dhêndha | kalilana kawula darbe pamilih | cumanthaka ring uwa ||
3. lamun kula antuka wlas-asih | kalilana ngèngèr pitung warsa | wontên ngarsèng uwa mangke | wondene tuwasipun |
sumêrêpa putranta wragil | lamun datan kadyèka | kula botên sanggup | wau ta ingkang kocapa |
lamun Laban darbe atmajèstri kalih | Lea Rakèl kang mudha ||
4. ngunandika Laban jroning ati | wus prayoga lamun anak ingwang | sinrah mring krandhahku dhewe | dadya Laban asanggup |
lamun Rakèl dipun ngèngèri | laminya pitung warsa | têmbe badhe dhaup | lan Yakub pulunanira |
tan antara wus praptèng ubayèng janji | Yakub dipun dhaupna ||
5. wasananya Yakub dèn apusi | dhaupira Yakub antuk Lea | apan botên antuk Rakèl | Yakub kalangkung rêngu | tan tarimah de dèn apusi | dadya matur ing Laban | punapa witipun |
paduka ngapusi kula |
anggèn kula sanggup ngèngèr pitung warsi | sintên dèn ngèngèrana ||
6. wau Laban alon anauri |
pan wus têrang lamun ngèngèrira |
tumônja ngèngèri Rakèl | ananging wruhanamu | dudu adat nagara iki | kalamun aningkahna | kang anom rumuhun [ru...]
--- 46 --- [...muhun] |
ora kêna nglangkahana |
anak tuwa kang kudu ningkahan dhingin | sawise lagi kêna ||
7. sira Yakub apa ananggupi | ngèngèr manèh iya pitung warsa | tumônja ngèngèr sijine |
pundhating janji iku | masthi sira kang andarbèni | Yakub mangsuli sagah | ngèngèr pitung taun | antara pitung arinya |
dèn dhaupkên Yakub lan Rakèl tumuli | kalangkung sih-sinihan ||
8. Nabi Yakub ngèngèrnya lastari | pitung warsa ngantya sapundhatnya | warnanên garwa kalihe |
sinung pawonganipun | dening Laban sawiji-wiji | mangkya wijang-wijangnya | pra pawongan mau |
pawongannya Lea Silpah |
dene Rakèl kang pawongan Bilhah nami | datan antara lama ||
9. pra pawongan kêkalihnya sami | yèku Silpah atanapi Bilhah | ing Yakub dadya sêlire | warnanên putrèng Yakub | saking Lea sapta kang siwi | juga ingkang wanudya | Dinah namanipun | kanêmira samya priya |
dhingin Rubin Sêmangun kang kaping kalih
|
Lèwi kang kaping tiga ||
10. kaping catur Yahuda kang nami | kaping gangsal tinêngran Isakar | nulya Sêbulon kanême |
sing Rakêl Yakub amung | apatutan jalu kêkalih | Yusup pambayunira | Bunyamin waruju | apatutan saking Silpah | jalu kalih ingkang
--- 47 ---
wrêdha Gad kang nami | Asêr ingkang taruna ||
11. dene saking Bilhah amêdali | jalu kalih nama Dhan sajuga | kalih Naptali namane |
gunggungnya putrèng Yakub | kalih wêlas pancêr Israil | kunêng sagung pra putra | gantya kang winuwus | lamining pasuwitannya |
Nabi Yakub antuk kawan wêlas warsi | wêwah malih nêm warsa ||
12. Nabi Yakub antuk marmèng Widhi | kasugihan lan abdinya kathah |
jalu èstri kwèh cacahe | myang rajakayanipun |
unta lêmbu mênda myang kuldi | gumrayah pirang-pirang |
Yakub mubra-mubru | sugih bôndha sugih putra |
sugih barkah ingkang saking Hyang Masuci
|
dadya sagung sinêdya ||
13. kawuwusa Laban tansah jail | atma mantu tansah ingapusan | warna-warna rarekane |
ananging Nabi Yakub | botên kenging dipun apusi | sanggya rekanya Laban | uwuk dadosipun |
wit Yakub anggung rinêksa |
dening rèhnya Allah Ingkang Maha Suci | dumadya tanpa dadya ||
14. duk samana dhawuh Hyang Masuci | maring Yakub supadya wangsula | kondur dhatêng nagarine |
têrang dhawuh Hyang Agung | Nabi Yakub nulya nimbali | garwa kalih nèng têgal | prapta kalihipun |
sinung wikan sadayanya |
dupi sampun pra garwa saeka-kapti | nulya samya
--- 48 --- bidhalan ||
15. bidhalira datan mawi pamit | para garwa miwah para putra | sêdene kang rajadarbe |
myang rajakayanipun | atanapi kang para abdi | sadaya dipun bêkta | datan wontên kantun | andilir saurut marga |
tigang dintên laminya Yakub lumaris | Laban datan uninga ||
16. kawuwusa nuju sajuga ri |
wontên ingkang tur uning mring Laban | lamun Yakub sampun anglès |
Laban dahat agugup |
sigra-sigra Laban ngundangi | sagung prasanakannya | ingajak amburu |
Yakub nêdya tinututan |
dupi sampun lampahnya antuk sapta ri | kacandhak anèng Gilhad ||
17. kacariyos Allah Kang Masuci | wanci dalu nêdhaki mring Laban | paring dhawuh jro pangimpèn | mangkya andikanipun |
hèh ta Laban dèn ngati-ati | ywa pisan-pisan sira | nyêgah marang Yakub | waspada andike[5] Allah |
nulya Laban lan Yakub samya prajanji | munggwing sapucak ardya ||
18. sasampunnya samya aprajanji | Laban Yakub samya papungkuran | andum basuki arjane |
Laban sarowangipun |
samya wangsul tan walèngati |
mring tanah Pandhanaran | kunêng ingkang wangsul | kawarna kang andon lampah |
Nabi Yakub laju unggyannya lumaris | brôngta ring kadang wrêdha ||
5. andikèng.
--- 49 ---