• Tidak ada hasil yang ditemukan

Nabi Yusup wontên ing Mêsir

15. Sinom

--- 55 ---

[...ka] awor tangis |

yèku klambine putrèngwang | masthi kalamun wus mati | minôngsa ing sato galak | agêman sinuwèk aglis ||

21. sawusira kang kadyèku | nulya para putra prapti | sumêdya nglipur ing rama | nging pra putra datan bangkit | susahing rama tan mêndha | tan wande nusul ngêmasi ||

--- 56 ---

[...nging] Yusup tangèh lamun nglanggatana

||

4. dhuh bandara kadya paran | sagêd kula anglampahi | awit prakawis punika |

dosa gêng mring Kang Masuci | dahat dèn arih-arih |

kasêmbadana pulang hyun | Yusup panggêng santosa | datan arsa anglanggati |

pêgêling tyas Yusup arsa dèn wasesa ||

5. cinêpêng rasukanira | Yusup aglis anginggati | lumajêng tilar rasukan | akarya panasing ati | duk kakungira prapti | nulya wadul amlas-ayun | abdinta tatumbasan |

tyang Ngibrani ngungkak krami |

nêdya kirda anggebang dhatêng kawula ||

6. rèh kula têbih kalintang | tan arsa sun anglanggati | jêlih-jêlih sambat ingwang | dupi tiyang sami prapti | nulya mlajêng anggêndring | rasukan tinilar kantun | wontên ing sandhing kula | tan èngêt mêdal ing jawi |

kapitèng tyas Potipar dahat bramatya ||

7. nuduh Yusup kinunjara | umangkat ingkang tinuding | dene tyas juru kunjara | dèn osikkên Hyang Masuci | dadya tan walangati |

pracayèng tyas maring Yusup | mriksa para sakitan |

wontên sakitan kêkalih |

priyayinya sang prabu kang kinunjara ||

8. sajuga lurah madharan | juru larih kang satunggil | samya prihatin kalihnya |

nujwèng ratri samya ngimpi [ngi...]

--- 57 --- [...mpi] |

anèh supênanèki |

awêwarti dhatêng Yusup | kathah para narbuka | tan bangkit anarbukani |

Yusup mojar mung Allah bangkit narbuka ||

9. kalamun panujwèng karsa | dahat kula yun miyarsi | kadya paran gancarira | kula sampeyan wartosi | impèn anèh nglangkungi | nulya jarwa juru-juru | mojar juru minuman |

mangkene anggonku ngimpi |

jro pangimpèn katon anggur têlung pangnya

||

10. sêmi agodhong akêmbang | uwohe matêng andadi |

tuwung pangunjukan nata | tan pêgat ingsun cêkêli | aku nuli amêthik | uwohe wit anggur mau | ngong pêrês-pêrês samya | ngong ladèkake sang aji |

alon mojar Yusup angsung panarbuka ||

11. mênggah pang tiga punika | nyasmitani tigang ari |

kirang tri ari lamanya | sampeyan dipun luwari | wangsul ring pangkat lami | juru larihnya sang prabu | nanging paminta amba | kalamun paduka benjing |

manggya eca èngêta ring jasat kula ||

12. anggèn kula kinunjara | têtêp tanpa dosa mami |

sang prabu dèn èngêtêna | dadya kula dèn luwari | makatên wêling mami | lurah minuman umanthuk | kocap lurah madharan | tumutur-tutur yèn ngimpi | awit dene mirêng batangan [ba...]

--- 58 ---

[...tangan] sakeca ||

13. lurah madharan amojar | aku iya mêntas ngimpi | kang tinon jroning supênan | sun nyunggi kranjang tundha tri | kang nèng luhur pribadi |

kêbak dhahare sang prabu | warna-warna ananya |

ana dhandhang kang nucuki |

lêbar lahang dhêdhaharan cinucukan ||

14. Yusup amangsuli sigra | kranjang tiga tigang ari | kirang tri ari paduka | tampi pidananing aji | masthi datan gumingsir | paduka kaukum gantung | anulya dhandhang prapta | kunarpanta dèn cucuki |

lah makatên supênanta wahananya ||

15. sasampuning kalampahan | tigang dintên amarêngi | tingalan wiyosan nata |

Sang Prabu Pringon ngèngêti | ring sakitan kêkalih |

saksana kêkalihipun | mijil sing pakunjaran | lurah jru madharan aglis |

dipun gantung tètès lir Yusup narbuka ||

16. dene priyayi minuman | saèstu dipun luwari | têtêp kalênggahan lama | juru larihnya sang aji | pan sampun anocogi | lir pambatangira Yusup | nanging juru minuman | têka dadak datan eling |

wêlingira Yusup duk anèng pawrangkan ||

17. sasampuning kalih warsa | nujwa ratri Pringon ngimpi | tan wontên bangkit narbuka | ing supênanya sang aji | anulya juru larih |

èngêt kasanggahanipun [kasanggaha...]

--- 59 --- [...nipun] |

dhatêng Yusup tatkala | tinarbuka impènèki |

sigra-sigra umatur dhatêng sang nata ||

18. kalamun jro pakunjaran | wontên sujanma satunggil | priya pan maksih taruna | kawarti bôngsa Ngibrani | sampun nate ngaèni | narbuka supênanipun | miwah supênanira | juru madharan kang lalis | panarbukanira titis kayaktosan ||

19. nulya Yusup tinimbalan | mijil sing pawrangkan aglis | kèrid dhatêng ngarsèng nata | andikèng nata sun ngimpi | datan ana kang bangkit | anarbuka impèn ingsun | Yusup munjuk pranata | ingkang makatên sang aji |

tangèh lamun saking daya kuwasamba ||

20. Allah ingkang paring wikan | wahana supênèng aji |

sang nata nulya ngandika |

katon sun jumênêng munggwing | pinggiring bangawan Nil |

sun mulat sapi papitu | samya lêmu prayoga | padha mêntas saka warih |

banjur padha sêsaba nèng paglagahan ||

21. wuse iku nuli ana | papitu manèh kang prapti | nanging kuciwa ing rupa | alane anglaluwihi |

mêntas saka banawi |

kabèh padha kuru-kuru | kapitu pisan samya |

môngsa papitu kang dhihin |

sawangane pitu pisan tan anggôndra ||

22. nuli sun nglilir sing nendra | tan antara nendra maning | nuli ingsun [ingsu...]

--- 60 --- [...n] anupêna |

supênaningsun kang kèri | myat wulèn bêcik-bêcik | aos kwèhira papitu | thukul sing dami juga | ana manèh sun tingali |

wulèn pitu gabug lodhoh dhapur kiwa ||

23. tumuli samya anguntal | ring wulèn pitu kang bêcik | tan siwah wujud sakala | pindha kaanane sapi | papitu wus kawarti | lon umatur Nabi Yusup | supênan padukendra | kalih wahananya sami |

Gusti Allah mahyakkên kang yun kalakyan ||

24. lêmbu pitu ingkang lêma | wulèn pitu kang prayogi | nyasmitani pitung warsa | badhe mirah sandhang bukti | wondene dhuh sang aji | lêmbu kêra wulèn gabug | samya pitu cacahnya | punika anyasmitani |

pitung warsa tanah badhe awis têdha ||

25. taun papitu ing ngarsa | ing satlatah tanah Mêsir | anglangkungi mirah têdha | sampunipun pitung warsi | gumingsir tanah Mêsir | awis têdha pitung taun | supênan dwi rambahan | saèstu Kang Maha Suci |

nglêksanani sigra-sigra tumindaknya ||

26. Yusup munjuk ing sang nata | mênggah yogining prakawis |

sang prabu mugi ngarsakna | amatah tiyang satunggil | ingkang dhasar undhagi | wicaksana pramèng kewuh | gya kinulapisudha |

amangrèhna tanah Mêsir |

dalêm warsa mirah têdha ngayonana||

[nga...]

--- 61 --- [...yonana||

]

27. bawoni tyang Mêsir samya | sapara gangsaling kasil |

tinandhoa gêdhong barang | supados ing tanah Mêsir | sampun akorat-karit | awit têdha pitung taun | kakênan karsèng nata | myarsa atur pamrayogi |

sukèng galih wrin lêgêdaning pamêca ||

28. sang nata ngandika suka | ing ngêndi ana sujanmi | kadunungan rohing Alkah |

[6] datan lyan amung sirèki | sang nata pasrah nuli |

sanggya tanahnya mring Yusup | mangkya andikèng nata |

dhumawah Yusup sinêlir |

pangwasanta kêmbar lawan jênêng ingwang

||

29. mung dhampar kaprabon ora | ingsun masthi angungkuli | sang prabu ngunus kalpika | sinung maring Yusup aglis | pratistha anèng jari |

binusanan sutra pingul | kalung rante kancana | tinitihkên ratèng aji |

dipun arak ingurung tiyang sapraja ||

30. ramening suwara gumrah | surak gêng mawanti-wanti | kwèh janma andhodhok samya | tan kuciwa kang sêsanti |

agung pinuji-puji |

panjang kalamun tinutur | cinêndhak purwèng kata |

Yusup madêg adipati |

amarêngi yuswa tigang dasa warsa ||

31. tangèh Yusup utamanya | jinunjung dera sang aji |

tan lyan karsèng Kang Mamulya | ngluhurkên abdi wlas-asih | anuntun maring abdi |

saking wisma praptèng sumur | lan dadyabdi [da...]

6. Allah.

--- 62 ---

[...dyabdi] tumbasan | kinunjara kawlas-asih |

linuwaran jumênêng narpati mudha ||

Para kadangipun Nabi Yusup

Dokumen terkait