No. 33
RAGAD ADVERTENTIE:
Kabar premili 1 1 ...- 30 temboeng f 1 . ...- Langkoeng1poen, saben 10 temboeng oetawi kirang: f 0,50.
Advertentie limrah1 f 0,15 sagaris:
(apes: f 1.25).
Moendoet kapatjak langkoeng saking sa- pisan, oetawi moendoet dados lengganan.
tepang rembag roemijin kalijan admini- stratie.
Hoofdredacteur:
B. S 0 EM ARN A
kabantoe
REDACTIE - COMMISSIE.
ISINIPOEN.
Saos atoer - Wanita Ian politiek - Ngoengkoeli kapitalist - Mardi laras - K.W. Soerabaja - Doekoen - Rekanipoen sampoen enz. - Pa- ngoeda raos - Dlemingan J-- Pa- moendoet - Poenapa djampinipoen
- Ontjen sekar gambir melati Oerap-sari - Correspondentie.
Saos atoer.
Amrih ,,Larasati" sampoen ngan- tos santoen salaga malih dados ,,Sir- kandi mangsah jDeda", koela boten bade tiroe-tiroe mevr. C. S. Atma- soedarma, ingkang anggempoen ngrontje namoeng nglenggahi ka- goengan sedya madjeng. ladjeng adedasar kirang prajogi. Poenika boten namoeng katitik saking isining goebahan kemawon. ananging inggih katjeta saking tanda asta .. wanita Indonesia". lngkang leres kita poe- nika kedah ngatingalaken Katoelik- ipoen roemijin, ladjeng mangke sa- nesipoen ingkang boten tjengkah kalijan kaantepan Katoelik 1). Kema- djenganipoen {actie) wanita, ingkang dados rembag dedreg poenika wos- ipoen rak namoeng bade ngarah dradjading wanita : liripoen, soepados wanita loewara saking kawontenan ing djaman roemijin Ian sapoenika, ingkang kirang prajogi, soepados wanita dipoenanggepa sisihanipoen prija, sampoen namoeng kangge tam- bal boetoeh kemawon. Sapoenika koela njoewoen priksa: poenapa ka- won tenan makaten poenika sampoen boten kaleksanan ing djagad Katoe- lik? Poenapa prija Katoelik sampoen boten sae roemeksa Ian pamengkoe- nipoen dateng ingkang raji? Poenapa wanita dereng roemaos saketja won- ten wewengkonipoen prija ingkang soemerep ing wad jib? Lan saderek koela Katoelik temtoe priksa poena- pa ingkang dados koewadjibanipoen.
Oepami wonten satoenggal kalih ing- kang dereng mbak sreg panggalih- ipoen {margi kirang sabar sareh, soepe sakedap bah sanggi - sinanggi) poenapa poenika boten kenging dipoenwastani njebal angger? Margi satoenggal kalih ingkang dereng ten- trem, ladjeng sadaja inggih kanggep dereng kaleksanan ing sedya? Sadaja wanita ladjeng kanggep dereng doe- moegi dradjadipoen? Temtoe boten.
Kawontenan ingkang kadjereng ing karanganipoen Mevr. Atmasoe- darma ngantos pandjang lebar poe- nika toemindakipoen ing djaman poendi? Inggih leres nagari Tjina Ian sanesipoen, ananging djagad poe- napa? Djagad Katoelik? Oepami bab lare dipoenboetjal?
Ing Joenani {Griekenland) poenika kerep kalampahan, nanging djaman ngadjengaken Sang Kristoes rawoeb.
Ing tanah Tjina sapoenika boten kirang lelampahan makaten poenika.
Tijang Katoelik ingkang nindakaken?
Kanggenipoen koela ( wanita kolot, wanita ora ngerti pa bengkong) ngengeti koewadjibaning wanita Ka- toelik, sadaja-sadaja koela laras mawi piwoelang Katoelik. Aloewoeng bo- do. kolot, ora ngerti pa bengkong, nanging soepeket Ian raket ing Goesti, katimbang pinter, dadi Burgemees- ter, djempolan wanita, mbokmanawi katjeloek ing sadjagad, nanging lali marang kaantepan Katoelik. T oemrap koela (wanita kolot mono) Katoelik koela ewrataken katimbang poenapa kemawon. (Temtoe kemawon ingkang tjengkah kalijan Katoelik). Bade poe- napa - poenapa awewaton Katoelik, boten awewaton neutraal. Manawi neutraal waoe wonten leresipoen?
Poenapa poenika boten katjakoep ing Katoelik? Rubriek .,Larasati"
migoenani sang et; bah samining wa- nita kalijan prija sampoen karembag sad. A. Swasti Astoetilah.
Prakawis wanita bade madjeng ing sadjawining grija. kados sampoen
1). Poenapa nama wanita lndonesijah tjeng- kah kalijan kaantepan Katoelik? -boten, nanging manawi dipoennomeraken sa- toenggal, boten kenging. C. W.
27 Septem!Jr 1929
-
-
Taoen 9.
REGINIPOEN LENGGANAN SWARA TAMA
sampoen kalijan regining Soeara Katholiek
1 taoen f 7.50
l
njoewoen kabajar f 3,75 ) roemijin.SE RAT KABAR KATHOLI EK
Adresipoen Redactie Ian Administratie 1IGNATIUS-COLLEGE
DJOKJAKARTA.
Medal saben din n Djoemoewah.
tjekap tjentanganipoen rama redac- teur. Namoeng manawi kaslepek.
jen dipoenpresentage prasasat sake- dik; sadasa oepaminipoen katanding maewoe-ewoe, la pin ten poenika?
Mevr. Atmasoedarma mendet oe- pam · Praboe Kenja. We. la. sebab remeh poenika. Tijang namoeng sa- toenggal katanding kalijan pinten, ratoe kakoeng? Anggen koela matoer satoenggal poenika, dene sad. C. At- masoedarma kok namoeng mastani.
satoenggal. Poenapa boten priksa sanesipoen? Poenika pandjenengan moendoet babad poenapa dongeng ? Djoemeneng taoen pinten sang Pra- boe Kenja poenika? boten priksa?
Koela wanita kolot soemerep, ma- noet babadipoen, toer kaserat mawi basanipoen tijang kina (wong akoe Wanita kofot); dados katah emper- ipoen katimbang kalijan wonten Raden Pandji poenapa. Poenika rak sampoen tjampoer - bawoer, dioen- daki ija dielongi. Kepengin priksa?
Koela wanita kolot kok, mangke katoelaran.
Makaten ta; soepados koela sam- poen namoeng adol oemoek, kekan- dan ngajawara, sombong sagelem- gelem, koela seratipoen, nanging boten sadaja. mindak kepandjangen, namoeng ingkang perloe kangge nerangaken, jen koela boten pisan- pisan bade ngetingalaken kolot koela.
Praboe Kenja poenika asmanipoen Bhre Kahuripan II. raji Jayanagara ratoe ing Madjapait. Sareng sang Praboe seda (Pandjenengan priksa kados - poendi sedanipoen? Mati ja mati, apa mati ikoe oerip. Lo ! ! ! ! sebab poenapa?) ingkang nggentosi raji dalem {Bhre Kahuripan II) awit boten kagoengan pangeran pati; Ian poetra sanes oegi boten kagoengan.
awit ereng krama. (Sebab poenapa kok dereng krama, pandjenengan ngertos ?) (Bbre Kahuripan istri pra- bhu i <;aka <;unya - wisaya - paksa - bhumi. Warsa pinten poenika. pan- djenengan priksa ?) Sang poetri teroes apala krama moendoet garwa R. Ca- kradara. (Lo, kok boten garwa roe- mijin nalika raka dalem taksih djoe- meneng ratoe? Pandjenengan priksa sebabipoen? Koela wanita kolot soe·
merep; poenika lo. Sarni tan sinung
akramab~ !'.i _l~nz ayun alapen piyam- bek. EEEEEE. rajine djare arep dipoendoet garwa ! ! ! ! Lo, nginggil dereng koela atoeraken, jen poenika raji sanes iboe, toer wonten kalih, mila ing nginggil kaserat ,,semi tan
. "2) smung ... .
Sareng sampoen nem taoen ang- genipoen namboet titahing ngakrama, Sang praboe Kenja kagoengan poe- tra kakoeng pembadjeng. Sinten poe- nika? pandjenengan priksa? Koela wanita kolot soemerep. Poetranipoen i.p. R. Tetep inggih Hayam-Wuruk ratoe binatara ing Madjapait. Sareng pandjenenganipoen kagalih sampoen saged ngasta pangrehing pradja (joes- wa pin ten pandjenengan priksa? (Koe- la wanita kolot inggih soemerep) ing-1 gih ladjeng k.adawoehan lenggah ing dampar kentjana dening ingkang iboe, kok boten ingkang iboe ladjeng ngetja-etja lenggah ing dampar ka- prabon.
Praboe Kenja ingkang nomer kalih i. p. Dewi Suhita, poetra poetri Hyang Wi<;esa. Sebab poenapa sang Dewi djoemeneng ratoe? nggentosi ing- kang rama? Sebab poetri lndonesiah?
Sebab dados djempolan? boten; sebab kaslepek. awit ingkang rama dados bagawan, mangka boten kagoengan poetra sanes. Ananging sareng ing bendjing won ten haroe - hara, la, Hyang Wi<;esa kapeksa madeg ra- toe malih.
Sadereng sasampoenipoen, Mevr.
koela inggih bade ngoedi saged koela dados wanita modern Ian saderek koela wanita makatena oegi, nanging ingkang tansah nglenggahi kaqntepan Katoelik. Dene bab wanita kolot, naraka katoet, swarga noenoet poe- nika waton katoelik boten won ten;
awit sanadjan kolot temtoe soemerep lan ngakeni, jen boten tjawe - tjawe pijambak temtoe boten bade kadoe-
2). Kados atoer koela nginggil. mindak ke- pandjangen. C. W.
Drukkerlj .. Canlsius" Djokja.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~ -
~ ~
Katah tijang ingkang bengak-be- ngok bade njirnakaken kapitalist, malah saking kirangipoen nalar, sa- daja tijang soegih dipoenewakaken kapitalist. Nanging tetijang waoe ka- soepen, jen wonten ingkang ngoeng- koeli kapitalist inggih poenika lintah darat, djalaran koeli, prijantoen, djempolan sami katempelan.
~ WARA-WARA ~
~ ~
~ ~ Para lengganan sami kaengetaken: ~ ~
~ sakedap malih sampoen ngantjik ~
~ ~
~ KWARTAAL IV. ~
Lintah poenika jen toememplek ing badan, tijangipoen boten kraos.Soemerep - soemerep mangke 'jen sampoen minti-minti margi saking anggenipoen njerot rah.
~ ~
~ Kita njoewoen kanti taklim moegi ~
~ pandjenengan sadaja sami merlokaken ~
~ toemoen ten maringi arta leng ganan ~
~ ~
Lintah darat: makaten oegi. Tijang njamboet jatra kalih dasa, dipoena- jem - ajemi: kena nitjil saka sa- titik. Lami - lami samboetan dalah rentenan dados satoes, oetawi ke- dah ambajar rentenan kemawon, jen babon dereng dipoensahi.
~ Sw. Tm ~
~
Administratie Sw. Tm.
~~ ~
~~~~~~·: ·~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Atoesan malah ewon tijang ing- kang pedjah ( panggesanganipoen) margi dipoentempleki lintah darat.moegen ing sedya. Swarga). (Maka- ten poenika sampoen soepe? o, me-
k k . 'Ill!) sa a e ane ...
Poetoesaning renibag kenging koela poentes samanten kemawon, selak poentangisi wanita koela Indonesia in de wieg, toer bapakipoen tole sampoen: ,,boene, galo anake tangi."
N oewoen namoeng poenika.
C. Wastitilah.
WANITA LAN POLITIEK.
Ratoe poetri kasboet, mila kenging dip.oenalembana, anggenipoen boten koetjiwa nindakaken pangrehing pra- dja; ananging ingkang makaten poe- nika boten ladjeng kangge ngoe- moemaken, manawi tijang estri kedah mlebet ing madya 1ing kapolitikan.
Sebab kawonte 1 ng r.ginggil poe- nika namoeng manawi kapepet, boten wonten sanes toer radja poetri waoe kedah ondjo seserepanipoen, mran- tasi kangge pandamelan waoe. Sinten ingkang bade gadah pamanggih, bilih tijang estri poenika tatag-teteg, kijat, tadjem ing kapoeroenan, djen- djem ing rembag? Mangka watak makaten poenika perloe sanget kang- genipoen pangageng pradja, awit kerep kemawon ngrembag kabetah- aning tijang majoeta-joeta. Tijang djaler pamawasipoen adedasar we- waton, tijang estri adedasar katres- nan; ingkang boten dipoentresnani, inggih prasasat boten dipoenkang- gekaken. Ananging tijang estri poe- nika watak aloes, djatmika (zedig) remen tetoeloeng Ian welasan; poe- ni ka ingkang dados rerengganipoen sadaja wanita, lan sagedipoen soe- boer lan awoh matoekipoen inggih wonten ing salebeting grija. Saoe- pami kawontenanipoen tijang estri sami kalijan tijang djaler, ewasa- manten meksa katah pakewedipoen kados ingkang sampoen koela atoer- aken ing Sw.Tm. minggoe kapengker.
e. ,,Samangke sampoen katah ti- jang estri rngkang madjeng ing ge- sang sesarengan (maatschappij). Ka- tah ingkang sampoen nglenggahi ka- madjengan, oegi dipoenkeploki para prija amrih saged enggal adjengipoen ing bab economie Ian social. Poe- napa makaten poenika dede margini- poen dateng kapolitikan? Tern toe ke- mawon. Mila tijang estri kedah kawe- nangaken angsal vrouwenkiesrecht."
Satleraman sebab ing nginggil poenika kados ngemoe leres sakedik;
ananging manawi dipoentamataken ngantos tlesih, teka boten. Mila jek- tos tijang estri saged toemoet won- ten ing babagan economie Ian social.
Sampoen katah ingkang apangkat, toer pandamelani poen sae - sae. A- nanging poenapa ladjeng saged nglenggahi sadaja pangkat? aestoe boten. Awit manawi maka en, la- djeng bade ngarah dateng sami ba- bar pisan, ing le bet Ian djawining grija (absolute gelijkstelling); mangka prakawis poenika boten saged, kados ingkang sampoen koela atoer- aken ing Sw. Tm. No. 24 lan tjandak- ipoen.
4. Panimbang.
Ing woesana manawi dipoentle- sihaken sanget, mila namoeng sake- dik tjatjahipoen tijang estri ingkang madjeng dateng vrouwenkiesrecht.
lngkang katah-katah boten ngrembag bab poenika, wontenipoen namoeng
kendel kemawon. Dene ingkang koe- medah-kedah anggadahi vrouwen- kiesrecht telas memanahanipoen, sampoen tobat, awit prasasat tanpa paedah pendamelanipoen sadaja, wi- tjantenipoen: ,,pirang-pirang taoen enggonkoe ngarah bisane bangsakoe wanita ketoeroetan karepe, diwenang- ake milih Ian kena dipilih. Ananging keprije saiki kedadejane? Oeripkoe kaja ora ana goenane mengkono.
Kangelankoe moespra, tan pa pae- dah."
Dene menggahing vrouwenkies- recht ing tanah Eropah ing sapoe- nika sampoen nama oemoem, poe- nika boten margi saking katahing panglamar, boten sebab tijang estri betah (boetoeh) vrouwenkiesrecht.
alika ing Nagari Walandi kawon- tenaken vrouwenkiesrecht, Mr. Treub apitaken: ,,Poenapa djagad ladjeng bade langkoeng sae Ian rahardja, tijang bade langkoeng saketja, ge- sang sesarengan (maatschappij) lang- kocng kagatosaken? Koela kirang priksa; dene tanda jektinipoen sa- kedik kemawon dereng katingal.
Tijang samanten katahipoen (tijang estri ingkang kawenangaken milih) boten bade saged oeroen rembag awit saking boten gadahipoen rem- bag pijam bak."
Wawasan ing nginggil kados sampoen tjekap sanget kangge ngrembag gandengipoen tijang estri kalijan politiek. Dinten wingking ngrembag no. IV, ,,wadjibipoen ti- jang estri ing babagan social."
A. SWASTI ASTOETILAH.
...
-¢-~~
...
PRADJA RAHAJOE.
NGOENGKOELI KAPITALIST.
Katah tijang ingkang babar pisan boten ngertos dateng moetawatosi~
poen lintah darat. Lintah darat poe- nika angel tjepeng-tjepenganipoen (kengingipoen kaoekoemaken), dja- laran saged nginggati poenapa ing- kang kaseboet ing strafwetboek.
Sanadjan djaksa ngertos: ikoe ge- nah lintah darat, ewasamanten de- reng saged ngoekoem, amargi dereng kenging kawastanan nerak angger.
Mila prajoginipoen namoeng ka- singkiran 1 e. sarana boten njenjam- boet; sampoen enggal-enggal me- moendoet jen boten perloe, kados pangandikanipoen saderek S. ing Sw.
Tama. ingkang kapengker. Ingkang oetami poenika: njelengi woedjoed arta. 2e ngwontenaken pakempalan Anti-woeker, kangge mitoeloengi ti- jang ingkang sampoen tanpa daja margi kaserot ing lintah darat. 3e jen meksa bade njenjamboet (pada- tan njenjamboet poenika awon, na- nging awon sami awon terkadang boten sami awonipoen ), prajogi ngwontenaken pakempalan njimpen arta roemijin. Para warga jen betah, njamboet ing ngrikoe mawi rentenan sakedik. Rentenan waoe ngiras kang- ge ngagengaken kapitaal.
Manawi lintah darat saged soeda oetawi itjal, mangke rak katah ti- jang Indonesiah ingkang lema-lema (tjekap oetawi soegih).
poen P. D.
~®~~~~@)~
SAKING PAKEMPALAN.
MARDI LARAS.
1. Margi saking rekadajanipoen gotrah Katholiek ing Wedi (Klaten) saged kaleksanan ngawontenaken pakempalan kanamakaken "MARDI Kapitalist poenika poenapa ta? Ing- LA RAS." Toedjoeanipoen M. L. si- gih poenika tijang ingkang gadah ka- naoe: gending sanaboehipoen, sekar pitaal (arta oetawi barang ingkang ageng, tengahan Ian sekar alit, ba- moeroegaken njoekani pamedal, ka- wa Ian gerong.
dosdene machine kangge nglampah- 2. M. L. oegi gadah pangreh:
aken baita poenika kagolong kapi- Pangarsa sad. A. Soedarma panitra taal), nanging anggenipoen pados sad. A. Dramawardaja hartaka no.
kaoentoengan manoet ngelmoe Jibe- 1. sad. Wignjasoewarna, hartaka ralisme, inggih poenika namoeng no. 2. sad. P. Natawidarsa warga mikir badanipoen pijambak. Golo- noepiksa: sad.: 1 Mangoensoewarna ngan berah namoeng dipoenanggep 2Martawiratma 3 jasawiratma. Djoe- barang, dados jen pepadjenganipoen roe rembag sad. N. Tjakraatmadja;
ing peken medak, epahaning poen pangajoman sad. Kramapawira. Wi- berah inggih kedah medak, jen pe- witipoen madeg kala juni 1929 padjengan minggah, epahaning poen warganipoen wonten 29. Ingkang berah boten minggah. kenging dados warga saderek Dja-
Kapitalist poenika soegih, nge- wi boten mawang agami, pangkat degaken pabrik-pabrik, nanging bo- dradjad. Warga kadjibah mbajar ten angger tijang soegih oetawi ga- intre f 0,50 contributie f 0,40 ing dah pabrik ladjeng nama kapitalist. sawoelanipoen. Saderek estri boten Kapitaal oetawi arta poenika perloe
I
kinging dados warganing Mardi toemrapipoen bangsa. Dados jen ti- laras.jang ngangge artanipoen kangge 3. Pasinaoenipoen saben malem ngedegaken pabrik, amoerih adjeng Kemis. Menggah goeroenipoen se- lang rahadjenging bangsa oetawi kar Ian naboeh: 1. Sad. B. R. Soe- pradja, poenika sae. Oepami bang- tapanitra Ian 2 sad. Wirjawigoena.
sa kita Indonesiah ingkang soegih- Sinaoenipoen manggen wonten ing soegih poeroen ngetjakaken poeni- grijanipoen M. Kramapawira. Gang- ka, bokmanawi tanah Indonesiah sa saged angsal pitoeloengan enggal moeloek. saking M. Kramapawir~ waoe. Ma-
Kita kedah nandingi kapitalist (pa- nawi koela manah, M. L., saestoe- ngarahipoen, dede tijangipoen), sa- nipoen sagedipoen madeg saking rana ngoedi soepados kaoem berah pitoeloenganipoen M. Kramapawira.
dipoenanggep manoengsa, ladjeng Pramila M. L. Ian para wargani- angsal epahan lan pangrengkoeh poen sampoen sami kasoepen da- ingkang tjotjog Ian kamanoengsani- teng sih pitoeloengan kasebat. Na-
poen. ma boten klentoe para warga
anggenipoen milih M. Kramapawira dados pangajoman. Saking panga- djeng-adjeng koela sadaja sageda lestantoen.
4. Ing H. R.ipoen M. L. oegi nje- bataken, bilih saben 3 woelan sapisan M. L. kedah ngawonten- aken parepatan (vergadering) perloe ngrembag adjeng moendoering pa- sinaon, Ian palapoeran sanesipoen.
Poenika sae sanget; kados ingkang sampoen toemindak kala malem Rebo 18 September 1929, djer para warga kadjawi bati pasinaonipoen, oegi mangertos dateng tjara - tjara- ning pakempalan.
5. Mardi Laras sam poen saged kaleksanan ngedalaken serat, kana- makaken ,, Serat Mardi laras" (mawi aksara Ojawi.) Kandelipoen wonten 68 katja, dipoenregeni f 0,60. Pra- kawis sae awoning isinipoen boten koela atoeraken ngri ki djer koela pitados ,,goede wijn behoeft geen krans." Mangga gelar jektinipoen koela atoeri moendoet. Tijang na- moeng arta nem ketip, teka sam- poen angsal serat Mardi Laras!
Mangga dipoentjobi!
- 0 -
Bantoe karja.
Saking pamboedi-dajanipoen sad.
B. R. Soetapanitra Ian sad. E. Kar- sawihardja, gotrah Kath. ing Wedi, saged ngawontenaken pakempalan kanamakaken ,, Ban toe karja." Toe- djoeanipoen Bantoe karja, mitoe- loengi saderek ingkang karepotan ing atasipoen baoe soekoe, manawi dong gadah dame!. Ngrigenaken pepadjangan, mitoeloengi ndateng- aken pirantosipoen tijang gadah dame! ,,medja koersi, tjangkir piring, gelaran lampit etc. lngkang mande- gani Bantoe karja pandjenengan- ipoen B. R. Soetapanitra.
Takim SOESENA.
VERSLAG: PAREPATAN K. W.
SOERABAJA.
Nalika tanggal ping 22 Sept. '29 K. W. Soerabaja, sampoen dame!
parepatan kangge saderek Katholiek sadaja, wonten panggenanipoen sa- derek Doekoed ing Ojagalan gang III, perloe ngrembag kaperloean ingkang oemoem, kadosta:
Serat saking pandjenenganipoen rama pastoor Satiman, kapoetoes moefakat sadaja, saderengipoen woe- lan December ingkang bade kalam- pahan, sadaja para saderek Katholiek bade soeka oeroenan sandangan ingkang sampoen golongan boten perloe kangge oetawi masem-masem, kangge saderek - saderek doesoen saha pareden bawahipoen Mendoet.
Netepaken kangge mbendjing tanggal 6 October ngadjeng poeni- ka, men~eti Kangdjeng Santo Bapa Pius XI djoemenengipoen imam sampoen 50 tahoen, sarana prasa- dja ke ma won, inggih poenika, sa- derek-saderek R.K. Djawi ing Soe- rabaja, dinten Ngahad 6 - 10 - '29 sonten djam 7, bakda Lof, sasare- ngan sowan dateng Kepandjen (pas- tooran). Sasampoenipoen pinanggih- an klajan rama Mgr. de Backre (0.A.) ladjeng salah satoengilip0en Bestuur K.W. madjeng saha matoer, menggah ingkang dados kaperloe- anipoen, ladjeng sasarengan sadaja sami menjanji, lagoe basa Latin, wlandi oetawi djawi, kondjoek doe- mateng ingkang saweg winisoeda Kangdjeng Santo Bapa, kalantaraken dening pandjenenganipoen rama Mgr. de Backre. Poenapa malih para saderek katholiek kakersakaken moendoet potret oetawi genderani- poen K.S.B. ing Rome njatoenggal, kabajar kentjeng. Mratandani klajan senenging penggalih, kapareng toe- moet mengeti djoemenengipoen K.
S. B. Pius XI poenika dados imam sampoen 50 tahoen, poenapa malih djoemeneng Maha Soetji wonten ing Vaticaan.
Bab nleekenapostel" dening pare- patan katerangaken toedjoe saha maksoedipoen dateng para saderek katholiek, soepados nglampahana kasaenari, roekoen, tetoeloengdateng sasaminipoen gesang; soepados ma- lih sanes golongan katholiek sageda mangertos oetawi poeroen toemoet, apesipoen kersa tepang sae, dateng kita saderek-saderek R.K. ing sale- betipoen kita Soerabaja, sampoen ngantosa nama kita katholiek pi- kantoek tjet . . . I 11
Ngrembag madjengipoen K. W.;
jatra pembajaran contnbutie f 0,25 saben woelan saben lid, soepados katarik ing woelan ingkang loemam- pah, dening parepatan kapoetoes:
lantaran para warga dalemipoen pa ting prentja, saha tebih - tebih, poen djoeroe panarik contributie bade tampi pitoewas 10% saking jatra angsal - angsalanipoen. K.B.F.
(Kath. Beg~afenisfonds) Soerabaja, sampoen ketingal madjeng, katanda katah saderek R. K. ingkang sftmi poeroen loemebet warga, sanadjan jatra entree f 10- . Wasana pare- patan katoetoep
±
djam 1 siang, kanti wiloedjeng.'t Bestuur.
DOEKOEN 23 ,, 9,, '29.
Kala dinten Djoemoeah sonten 20-9-'29 iag Doekoen karawoehan, M. Paulus (Kandam: Hardjawasita).
goeroe ing Goedaogoejah Moen ti Ian;
perloe anggijaraken prakawis Van Li th Stich ting.
panggenan kangge mitoeloengi lare Iola, jatin Ian bangsa djempo.
Amila sampoen saleresipoen ang- sal pangalembana dening Kangdjeng Toewan Ooepernoer Ojendral. Si·
geg.
Parepatan dipoenwiwiti djam 4.
Wonteo iog pamoelangan Vervolg- school. ingkang sami rawoeh prijan- toen goeroe Missie djadjahan Doe- koen 8.
Saderek Patjar- merah iqg semoe ra digela, dene kita Katholiek boten katoet ingalem, mangka pakempalan Katholiek Ojawi inggih katah. Poe- nika inggih sampoen saleresipoen kemawon kangge kita Katholiek Ojawi sami gela.
Nanging manawi ngengeti, jeja- saning pakempalan kita Katholiek poenika ingkang kangge oemoem pantjen dereng wonten, lenggahing gela waoe inggih lepat, djalaran woedjoeding gela waoe kabekta meri.
Sekolahan - sekolahan standaard R.
K. Ian H. I. S. poenapa dene seko- lahan doesoen, ingkang jasa sanes pakempalan kita, nanging Missie.
Orija sakit mekaten oegi.
Poetoesaning rembag, prijantoen goeroe Missie djadjahan Doekoen ke- djawi ingkang 8 kasebat nginggil taksih wonten 2 malih, dados sadaja 10. Sagah mlebet dados warganing Van Lith Sticbting.
Parepatan katoetoep watawis djam
1/ 26. kanti wiloedjeng.
J. A. KOESEN.
...
@@@@@@@@@@@@@
...
VAR I A.
REKANIPOEN SAMPOEN NOAN- TOS SAKIT.
Poenika prakawis ingkang angel, ing atasipoen dokter kemawo.n ing- gih asring sakit pileg lsp. Ewasa- manten sasaged-saged kedah dipoen- setijari, awit sesakit poenika kados dene le. kolerah, tipes, wawratan rah oembel, tjatjing pelikan (mijn-
I
worm) 2e' tereng (t.b.c.), pes paroe, diphterie, tjatjar 3e. malaria, pes mendokol, patek, radjasinga 4e. be- lek, trakoem lsp. poenika asalipoen saking bakteri ingkang mbekta se- sakit. Bakteri poenika sagedipoen ka- tingal namoeng jen katjorong mawi microscoop. Ingkang w1wit soeme- rep bakteri sarana microscoop poe- nika Pater jesoewit Athanasius Kir- cherus ing taoen 1671. Nalika sa- manten microscoop taksih pasadja sanget. Bakteri poenika alit sanget, sewoe joeta oepami kempal dados satoenggal agengipoen saweg sami kalijan pen to I djaroeman ( dom) boendel.
Lah, pakem palan 0.L. mij Roekti Woeri poenika ingkang toemoet- toemoet n~adjengaken economie Indonesia. Emoet-emoet kok. inggih namoeng kar1gge saderekipoen pi- jambak. Oepami tijang djawi kenging mlebet, tradjang kita ke'tingal mon- tjer, boten sanget - sanget dipoen- soedjanani.
Soepados pakem palan kita keti- ngal ing djawi (sanes wohing mis- sie) kados-poendi?
Koela ladjeng kengetan, oesoel- ipoen kamas Martadegsana mantri goeroe Medari Lah, poenika peng- pengan, djalaran pantjen inggih tjo- tjog kalijan oengel-oengelan djaman sapoenika. n Pertjaja kepada kekoe- atan diri sendiri." Nanging kedah ngengeti, pitoeloengane sanes ing- gih kedah katampi.
Kedjawi poenika Rama-rama Pas- toor inggih boten riboet adjegan, dados saged mligi bab agami. Poe- napa malih djoged kita temtoe ke- tingal estoe.
Wiwitan temtoe angel, nanging sekedik bae toemindak. Tanda jekti inggih kaoem Mohamadijah waoe.
Mila oesoel Martadegsana pantes kagatosaken boten pilih - pilih ing- kang ngedalaken oesoel poenika poenapa.
Bakteri waoe mlebet ing b?dan, sarta jen badanipoen ringkih, rah reged, poen bakteri ladjeng tetroeka wonten ing ngrikoe ladjeng dados maewoe-ewoe, woesana tijangipoen sakit saged doemoegi ing pedjahi- poen. Bakteri sesakit 1 e. poenika mlebetipoen sareng Ian tetedan oe- tawi omben- omben. 2e. sarana ka- serot, sareng Ian hawa. 3e. sarana badan tatoe oetawi pingget katjokot ing kewan. 4e. sarana poen bakteri kleres dawah ing panggenan ing- kang nggjijit kadosta: mripat lsp.
Dados rekanipoen soepados sam- poen sakit 1 e. nebihi bakteri. Sam- poen neda oetawi ngombe ingkang kasade tjelak radinan. Ing radinan poenika katah bakteri kadosta t.b.c.
poenika jen wonten montor maboer, ladjeng kaboer, ketjemploeng ing sekoei, tjao lsp. Manawi doemoegi ing oesoes, ngwontenaken t. b. c.
oesoes, sampoen temtoe tiwas. Toja kalen oetawi lepen kebak bakteri, mangka asring kangge kemoe, oeta- wi moesoesi. Ing nginggil wonten tijang sakit tipes oetawi kolerah, la ngandap teka kangge tjiblon lsp.
temtoe gampil katoelaran. Powan poenika inggih asring wonten bak- terinipoen t.b.c. Toja soemoer ing- gih boten tanpa bakteri, tansaja jen soemoer waoe tjelak kakoes. Mila jen saged, prajogi ngangge toja sa- king ledeng, botenipoen saged, toja soemoer saderengipoen kaombe, di- poensaring oetawi dipoen-godog roe- mijin. Jen radinan mabloek, iroeng Ian lesan katoetoepana mawi katjoe resik, a wit bakteri t.b.c. asring toe- moet kaboer; temah mlebet ing pa- roe, andadosaken tereng. Saderek goeroe pinten kemawon ing•<ang boten katradjang ing tereng ! Ing ta- nah pjawi katah tijang sakit tereng, ing Eropah saja katah malih, margi manggenipoen sami sek-sekan. Re- kan ipoen soepados boten sakit 2e. ngijataken badan, kadjawi sarana sport, ingkang dipoenteda kedah manoet woelang bab kasarasan.
Woesana ngertos doegi - doegi Ian prajogi ing sadajanipoen. Ngijataken badan poenika perloe sanget, awit sanadjana keiebetan bakteri, asring tjabar. Poen Naja gagah prakosa, wonten influenza meksa am6'P'Oek.
Poen Soeta badan limrah nanging kijat, boten poenapa-poenapa. Kijat ing ngriki tjara wlandinipoen: weer- standsvermogen. Soemangga poeni- ka sami kagalih.
D.
PANGOEDA RAOS.
Manawi koela nge11geti kemadje- ngane kaoem Mohamadijah, won- tenipoen ladjeng namoeng rnantoek- mantoek; dene semanten anggene kawistara ngadjengaken bangsa In- donesia. Tjobi koela doemoekipoen jejasan ingkang kangge oemoem:
sekolahan -sekolahan, grija sakit,
Banjoebiroe 6 - 9 - '29 Djadir.
VAN- LITH-STICHTI NG
MISSIE
ING TANAH DJAWI KEDAH SAGED
BAWA PIJAMBAK.
r l
POENIKA
INGKANG DIPOENKADJENGAKEN
VAN-UTH-STICHTING.
PANGREH V. L. S.
p/a Bijz. H. I. S.
MAGELANG.
DLEMINOAN.
Darnel gedong goemantoeng won- ten ing awang-awang, poenapa kin- ten-kinten saged kalampahan? Bok- manawi boten.
Nanging oepami njembadani pra- bot: ,,pangroekt_i-laja" (jen sapoenika matis, matoek, matem kanamakaken:
,, Darma pralaja"), poenapa sakinten boten saged kadoemoegen?
Bokmanawi sok-oeger kersa sajek- tos, para R.K. ing Ngajodja boten manggalih anoe2, eman-eman, anoe I. s. p. koela doegi inggih saged kaboel, sanadjan windon, mataoen- taoen kaleksananipoen.
Mangsoeli: ,,Prabot" ingkang ka- dos - poendi? Noewoen inggih pra- bot ingkang boten ngoetjiwani sa- kedik - kedika.
Oepami dipoenwontenaken oe- roenan mbaka sakedik kangge toem- bas: Lijk-auto (motor pangemot dji- sim), oetawi kareta pangem~ djisim (lijkwagen) ingkang pantes kangge sadengah, boten pilih djana. Won- dene kapal saprabotipoen, rehning manawi ngingah pijambak rebjek, prajogi kontrak kalijan salah sa- toenggillng djoeragan andong kema- won ingkang mawi kawantos-wantos sampoen ngantos njoelajani samang- sa wonten sripah.
Sokoer bage, dangoe-dangoe sa- ged mremen jasa kareta kawangoen plek bis (auto-bus) ingkang tjekap prijantoen 25 oetawi tigang dasa;
apesipoen kalih idji, minangka toem- pakanipoen panglajat kakoehg sa- kreta, panglajat poetri sakreta. Wah saiba anggenipoen ngresepaken ! Langkoeng-langkoeng manawi won- ten ing salebeting kareta waoe la- djeng dikir ( tesbeh, toewin s. s. )
DJAMPINIPOEN PO EN APA.
Sarana ingkang koela atoeraken ing Sw. Tm. No. 32 dereng mrantasi.
Won ten ingkang ladjeng pados sa- rana sanes. Oepaminipoen : kedah sae pangemongipoen dateng koeli kontrak; nggatosaken dateng betah- ipoen; ing dalem saminggoe koeli kedah won ten kendelipoen: njaekaken pranatan pandamelan Ian koeli berah:
njoeda kereping ewahing pangageng {assistent). Teka pados ingkang boten- boten! Poenapa poenika bade mran-
tasi oegi? ·
Bade boten kemawon: pramila sa- king panginten koela namoeng sarana satoenggal, ingkang kedah katindak- aken. Poenapa? Sowaking poenale sanctie, itjaling tangsoel ingkang ndjiret poen koeli. Sinten ingkang dereng priksa, manawi poen poenale sanctie poenika poking sesakit, ing- gih kroema ingkang gremetan tansah njakoti moeroegaken pating srenoet?
Lha, mbok inggih djampi poenapa kemawon, boten bade mantoenaken memala waoe, jen boten pokoking sesakit ingkang dipoenbirat. Poenale sanctie ingkang dados toeking sadaja pasoelajan Ian piawon, mila inggih poenale sanctie ingkang kedah ka- boetjal. sampoen pados sarana sanes.
Lo, temtoenipoen para ingkang bade ngadjengaken bangsa Indone- siah Ian ingkang njepeng pangrehing pradja boten kekilapan, temtoe sam- poen menggalih bah poenika, sarta rembagipoen saged oegi sampoen mateng. Ananging ingkang koela goemoeni poenika teka dereng ndje- doel-ndjedoel poetoesanipoen. Poe- napa kemawon ingkang moeroegaken rangoe - rangoe poenika? Poenapa adjrih manawi kapitoenen? Sinten?
Tijang Djawi?
Kabar makaten: ., tanah Djawa wis sesak, koerang papan sebab kakehan oewong, koerang pakarjan Ian pang- gawean, sing arep dipangan apa?
toeroet margi lirih-lirihan ngantos doemoegi ing astana; wah dereng kantenan kalampahan sampoen kara- os koemetjer ngoeloe . . . ? (Keprabon petak oetawi tjemeng sa- daja). Pijoeh ! Pijoeh ! Samene lo nek aneng gagasan!
Grobjag, tangi djenggelek, o, dje-
bo~l ndleming, ki-maoe.
E, inggih bokmanawi . . . . . . wonten ingkang menggalih.
P. Dt.
PAMOENDOET.
Ing Sw.-Tm. No. 28 ddo. 21-8-'29 wonten goebahanipoen Mevr: C. Soe- tjilah Atmasoedarma, ingkang a ti tel:
.,Tijang sepoeh ingkang tanpa nalar."
Sareng koela maos orean waoe, ma- nah koela sakalangkoeng kepranan, djalaran sareng pamaos koela meh doemoegi ing poengkasan, ing ngri- koe ketingal wonten brendjoelani- poen, i. p: .. Pramila ingkang boten ...
.... nanging poma sampoen ngangge namanipoen tijang estri jen ingkang njerat poenika prijantoen kakoeng."
E,la, njamleng sanget poenika Mevr, sapoenika kados-poendi ta pandje- nengan kok kagoenganipoen pamoen- doet ingkang semanten?
Manoet sembirating karsa pandje- nengan, soepados sampoen ngantos ngoewoeraken pamaos, enz. 0, inggih asring kelampahan prakawis waoe, nanging mitoeroet para sabar Ian wa- sis, maos serat of koran poenika boten memandang sinten ingkang ngarang l.s.s. dados namoeng mligi ngemata- ken soeraosipoen, rak inggih ta?
Dados manawi boten klintoe, pandj:
moendoet ingkang sami djinisipoen, oegi ateges, jen kakoeng inggih sami kakoeng, bilih poetri inggih tanc;ling sami poetri. Noewoen sewoe, mangka temenipoen golongan wanita ing- kang tansah karsa loemban wonten madyaning poestaka warti poenika taksih radi plentong-plenting, (na- nging sasoemerep koela lo), kilap ing tanah Eropah enz. Pramila karsa pandjenengan inggih merdeni, soepa- dos para wanita Indonesia ladjeng sami poeroena tjiblon wonten poes- taka warti; nanging oegi saged asoe- raos: .,Mangsa anaa sing bakal mangsoeli enz. karangankoe." Saluut.
0, para wanita, sadjawining Mevr.
Atma, mangga koela atoeri ngasta pen pandjenengan samangke sampoen wonten pimpinan!- . Jen ingkang njerat prijantoen kakoeng boten ka- pareng teken estri, adooooh prijantoen prija, rekaos· pandj. sapoenika, ewa- dene koela ga\iah reka: prajogi sa- nget, waton namoeng ngoegemi ing- kang njerat, boten komplit ingkang mikir of panjerat. Dados jen maka- ten soepados sampoen ngantos ner- rak pepatjoeh saking Mevr. Atma, kenging tijang djaler ingkang mikir, wasana ingkang njerataken tijang estri.
Noewoen WHAN-DH OE.
Moelane diprenahake ana ing Soe- matrah, kang isih djembar papane."
Oepami poenika ingkang sinedya.
poenapa boten saged kaleksanan, boten ndadak nindakaken poenale sanctie? Dados mawi vrije werving?
Oepami jektos tanah Djawi kirang pandamelan, poenapaa dene kerep kelampahan pabrik gendis ing Djenar Poerwaredja kirang koeli ingkang berah. meh prasasat saben - saben mendet tijang saking Koelon-Praga?
Poenapaa wonten pabrik tjelak ngriki mendet koeli ~aking mantja nagari?
Won ten malih : ratjak ing ngriki sampoen madjeng, nanging ing Soe- matrah dereng. Mila kangge bibit, ladjeng mendet bala saking ngriki.
Mila ladjeng migoenakaken sarana sapoeroenipoen? noen boten. Poe- napa poenale sanctie awon? awoni- poen boten margi kabekta wonten- ipoen barang ngrikoe (per se), nanging margi toemindakipoen boten sae, margi lepat panggarapipoen. Barang boten awon boten sae, saged awon Ian saged sae, goemantoeng saking anggenipoen ngetjakaken. Jen toe- mindakipoen sae kados ing Marine oepaminipoen, inggih kenging ka- wastanan loemajan sakedik: jen kados ing Deli, inggih nama awon.
Mila sinten ingkang poeroen ngga- gas pandjang temtoe saroedjoek kalijan sowaking poenale sanctie.
Manawi boten saged (sebab poe- napa ?) kasowak teroesan, inggih sdot-selotipoen kemawon; nanging inggih dipoen-jakinaken saestoe, sam- poen namoeng ija besoek, wekasan boten doemoegi -doemoegi.
Noewoen, poenika dadosa pang- galihan.
DJAE WANA.
ing Girisasra.
PEPANGGIHAN.
Saderek Katholiek Indonesia ing Semarang Ian sakiwatengenipoen.
Ngatoeri priksa bilih kadaog Katbo- liek Indonesia ing Semarang Ian sakiwateogeoipoen bendjing dinten Ngahad taoggal 20 October, wiwit djam 9 endjing, bade ngwonteoaken pepannggihan ing dalemipoen sac;le- rek R.M.J. Soedarta Sasraningrat Randoesari 364, perloe:
I ngatoeraken soegeng rawoeh dateng
1. Rama Pastoor H. de Kuyper S. J. pangen saderek Indonesia ing Semarang.
2. saderek. Dr. L. Dwidjatanaja. dok- ter Katholiek Indonesia ingkang sapisaa.
3. saderek. A. Djoepri Nitihardja goeroe ingkang njepeng Hoofdac- te.
II. Ngrembag kabetahan Katbo- liek Indonesia oemoem kadosdene:
1. tetepangaoipoeri saderek ing Se- marang.
2, Pitoeloengan kasisahan.
3. Pitepanganipoen para poetri (ingkang ngrembag: Raden A- joe Sasraningrat).
4. nteping Imam.
5. Sambetipoen kalijan djagad poli- tiek.
Njoewoen soepados para paderek Katholiek Indonesia ing Semarang Ian sakiwatengenipoen, kersaa mer- lokaken ngrawoehi pepenggiban poenika.
Saderengipoen kasedijanan sara- pan.
Atas namanipoen Comite.
pengreh K.W.
" P.P.K.D.
OE RAP-SARI.
- : KA BAR K A T 0 L ·1 K. : - Tilgram saking Roem.
Minangka wangsoelaning tilgrami- poen komite pahargjan bedamini- poen Vanticaan kalijan ltali dateng ngarsa dalem Kangdjeng Santo Bapa kala 29 April, sampejan dalem K.
S. Bapa alantaran Kardinal Casparri paring tilgram wangsoelan dateng Mgr. van Velsen asoeraos: ngarsa dalem sanget tarima kasihipoen de- ne gotrah Katolik Djawi ngoen- djoekaken kasoegengan Ian sampe- jan dalem amaringi pangestoe (Sain: Pere remercie hommage Javanais Catholiques envoie benediction).
Pahargjan Kg. S. Bapa Pius XI ing Wedi.
Saderek Soesena martosaken : Rehne Wedi oegi nampi barkah Ian piwoelang dalem P. Soetji, mi- la gotrah Kath. ing ngrikoe sami oegi nderek mahargja Pandjenengan dalem K. S. Bapa Pius XI, dene sampoen 50 taoen, djoemeneng Imam. Sana- djan Wedi poenika petangipoen ressort parochie Klaten, ewasaman-
ten kamanah perloe ngawontenaken pahargjan manggen ing Wedi.
Tapoeking karamejan kadawaha- ken malem Selasa tanggal 7 October sonten, perloenipoen Soepados K.
P. Berndsen sageda ndjoemenengi pahargjan waoe. Rantjangan papan njamboet grijanipoen sad. Kramapa- wira sampoen dipoenlilani. Ingkang bade sesorah: 1 sad. N. Tjakraat- madja bab soegeng dalem K. S. Ba- pa Pius XI; 2 sad. E. Karsawihar- dja bab kedaton dalem K. S. Bapa (het Vaticaan); 3 sad. B. R. Soeta- panitra bab loehoering Kaimaman.
Sekar binaroeng ing gangsa, ing- kang bade nandangi pakempalan Mardi Laras. Toemindakipoen ka- damel gentosan, sampoen ngantos ngitjalaken ngesing raosipoen pa- hargjan daloe poenika, soepados dados kaloehoeran Ian kasoegengan dalem K. S. Bapa, Ian amewahana A.M.D.G.
Dene prakawis ragad-ragad sami dipoensanggi ing saderek
R.
K.ngrikoe samoerwatipoen. Panjoe- woen koela pahargjan - pahargjan ingkang koendjoek saandap sampejan dalem K. S. Bapa Pius XI, angen- tjengna oegi soengkem kita dateng Pasamoean Soetji Ian Goesti pe- poenden kita.
Padoeka P. Rector
J.
van BAAL kondoer dateng Nederland.Saderek C. 0 r d e e k a martosa- ken ingkang ladjeng kita ringkes kadbs ing ngandap poenika : Kala 18-9-'29, ing
X.-
College Moentilan wonten pakoermatan kangge ngoer- mati kondoeripoen P. Rector dateog Nederland. Kados adat sabeo katah para siswa iogkaog ojaosaken atoer:sakiog Kw, S., N. S. toewin Cursus goeroe doesoen. Kala samaoteo wa- kil K. W.: R. Djajaatmadja inggih woo ten wakil saking K. W. R.
Djajaatmadja iogkaog oegi matoer wonteo iog ngadjeog: aoderekakeo basoeki. - Wooten iog pakoermatan ogrikoe katawis bilih para siswa X.- t:ollege Moentilan laogkoeng-laog- koeog siswa Normaalschool sami lebda ing gending miwah tembang Djawi. (-katoentoen deoiog saderek Hardjawardaja goeroe N.S. ingkang sapoeoika pantjeo saweg kajoengjoeo dateng gending Ian padalaogan). De- ne siswa K. S. toewin Pams (won- teo pakoermatao ogrikoe) katawis sami saged gendiog toewin tembang Walaodi.
Wooten ing pariogipoeo wangsoel- an, padoeka Tw. Rector ngandikaka- ken gengiog reoaning paoggalihipoen margi pirsa indakiog sakolahan Ca- nisius ing ngrikoe (15 sapoenika 150), Ian margi ngawoeningani tandangi- poen para goeroe wedalao Moenti- lan ingkang saestoe roedjoek kalijan karsaniog Missie dalah dedasar na- lika wonteo Moentilan. Mila pandje- neogaoipoen ngadjeog-adjeng moegi saged lestantoen makateo. Wasana pandjenenganipoen oegi moedjekakeo Van Lith Stichtiog . . .
Katjarijosaken ingkang anggentosi djoemeneng Rector. pandjeneogani- poen P. Coenen.
log ngriki kita redactie saged nga- baraken: kala 23-9-'29 pandjenengan- ipoen sampoen bidal saking Nga- jogyakarta nitih expres djam woloe.
Sw. T. oegi anderekaken soegeng.
Moegi bendjing kondoeripoen, s a- e s t 0 e saged ogampil angsal-angsal ingkang ngagengaken manah kita gotrah Katolik !
Van Lith Stichting saja mind'1k warganipoen.
Saking Moentilao kita pikantoek pawartos kala 20-9-'29 saderek Har- djawasita propaganda V.L.S. dateng Doekoen. Prijantoeo saoga ingkang nenggani mirengaken propaganda sa- daja sami mlebet dados warga.
Wanita Katolik Ngajogyakarta.
Pakempalan Katolik iogkang oen- tab-oentaban actiefipoen kalijao Van Lith Stichtiog, nanging awis kotjap, i.p. pak. Wanita Katolik ing Nga- jogyakarta. Pakempalan waoe saben woelan ngawontenaken papanggihan wonten grijaning warga: giliran I Kala 18-9-'29 W. K. papanggihan wonten dalemipoen Mantri Goeroe Gajam saderek Marta . . . . W oa- ten ogrikoe pangreh martosaken: le.
Bale derma ada-adaoipoeo pakem- palan-pakempalan wanita ing Nga- jogyakarta kala sakateo, saged pi- kentoek bati resik f 270. ingkaog f 100 kadanakaken kasangsaran ka- besmeo in~ Gresik, iogkaog f 109, kangge studiefonds P. P. I. Pakem- lan W. K. pikantoek f 13, 12, Ian
£ 10,48 toemandja babaten sekar, f 12,50 kangge studiefonds W. K., poenapadene f 1L10 kangge jajasan W.K. ingkang nama kinderafdeeling . . . . 2e. Bendjing 2..-3 November ing Bandoeog wonten teotoonstel- ling barang-barang batikan lan te- noenan, maoawi saged W. K. bade angedali, para warga ingkang kadoegi kaatoeran maringi pasoembang. 3e.
W.K. boten saged nglegani panga- djak ngawontenaken peken malem bendjing 3-7 Oct. (wonten Ngajo- gya) ingkang babatenipoen tjalon
kangge soos Aodepraja Ian studie- fonds P. P. I. lss.
(Kita ngadjeng-adjeng moegi para warga W. K. Ngajogyakarta, sami ( angindaki anggenipoen) animbangi rekaos miwah mempenging pangreh- ipoen. Awit kados iogkang kita soe- merepi papanggihan kaseboet nging- gil poenika warga iogkang rawoeh saestoe boten maremaken ).
KABAR OEMOEM.
INDONESIA.
Kabar onderwijs saking Bagelen.
R. S. K. Wardaja, martosaken ka- dos ing ngandap poenika:
Kala tg. 15/9-'29, ing Kopschool Poerworedjo, kangge conferentie goeroe-goeroe angKa II sakaboepa- ten Poerworedjo. lngkang mangar- sani pandjeAenganipoen Schoolop- ziener I Ian II. Wooten ing ngrikoe nggijaraken dawoeh-dawoeh angsal- angsalani poen conferentie Schoolop- ziener wonten ing Gombong, kala tg. 12/13 Augustus '29.
Ing ngriki koela tjoeplik ingkang perloe-perloe kemawon, kadosta:
I. Ing woelan Sijam (vacantie) goe- roe boten kenging nganggoer; ke- dah njamboet- dame I; njadijakaken ingkang bade kangge ing woelan Sawal, kadosta: nampi moerid, da- mel staat bijl: II (permintaan men- djadi moerid); dame\ gambar-gam- bar handleiding lsp. Goeroe kedah dame I ui tgewerkt leerplan kangge sataoen, kaperang dados 40 bagean, kangge njaminggoe. Tjekakipoen:
jen sakolahan kabikak ing woelan Sawal, kedah sampoen samekta sa- daja; oepami: bangkoe - bangkoe, gambar - gambar, handleiding lsp.
Dados bikak teroes saged moelang.
Djalaran saking poenika ing woe- lan sijam, goeroe boten kenging ke- sah sadaja; apesipoen kedah won- ten satoenggal ingkang nengga Ian mranata sekolahan.
11. Dene ingkang kangge waton dawoeh waoe makaten: Sadaja amb- tenaar Goepermen (ingkang sanes goeroe); poenika sataoen namoeng kenging verlof 14 dinten; sareng goeroe boten dipoenwatesi. Mangka goeroe sampoen gadah vacantie ka- tah (Sijam lan Moeloed); sareng amb- tenaar sanes boten gadah vacantie.
Mila goeroe kaanggep kekatahen li- boeri poen (nganggoeripoen); dados ing wantji vacantie ladjeng kedah njamboet dame! ingkang mesti. Ma- lah sawenehing ambtenaar lnspectie won ten ingkang moengel makaten:
Wong dibajar woetoeh (ing woelan Sijam) teka arep nganggoer; nek ngono kepenaken. Sing- liboer koewi rak moeride. Moelane bener anane dawoeh sing netepake soepaja goe- roe ing sasi pasa njamboet gawe kaja ambtenaar sidjine.
III. Pandameling permintaan men- djadi moerid (Staat bijl: II) kedah ing woe Ian Sijam: teroes kaatoer- aken dateng Schoolcommissie. Sa- minggoe ngadjengaken bikak pa- moelangan, kedah sampoen kateken Sch. comm: (Poenapa poenika bo- ten saged dame! kapitoenanipoen goeroe? Oepami ing woelan Sijam, lare ingkang mlebet 40. Sareng Sa- wal namoeng dateng 30; dados ing- kang 10 boten estoe mlebet. Mang- ka jen staat permintaan mendjadi moerid sampoen kateken Sch. comm,
!are 10 ingkang boten estoe waoe rak kedah mbajar, Jan kalebetaken dateng Stamboek? Lah, ingkang mbajari sin ten? Kalijan malih ladjeng wonten temboeng: doeroeng sekolah teka wis metoe. Tegesipoen: pada- melanipoen goeroe waoe tanpa damel;
(moespra!)
IV. Pandameling rantjangan (vorde- ringen en voorbereidingen) ing klas ingkang parallel: poenika loetjoe sa- nget. Opziener ressort I gadah pa- manggih makaten: Goe roe kang moelang ana ing klas parallel koe- doe gawe rantjangan dewe - dewe:
ora koedoe pada. Doewoering pi- woelang oega ora koedoe pada, angger katjeke ora kakehan. Pre- loene soepaja sidji-sidjining goeroe njamboet - gawe nganggo pikirane dewe-dewe. (Prakawis poenika ka- tah ingkang mabeni. Djalaran sa- ged noewoehaken djor - djoran ing klas ingkang parallel waoe; ladjeng noewoehaken ingkang boten sae).
Opziener ressort II pamanggihipoen becta kosok-wangsoel bledjed. Jen won ten kl as parallel: ingkang da- m el rantjangan tjekap goeroe sa- toenggal sanesipoen namoeng noe- roen, soepados saged sami. Panda- melipoen gentosan saminggoe edang.
(Prakawis poenika katah ingkang moefakat). Wasana opziener ressort I Ian II kapeksa andoem wiloedjeng, sami ngangge actienipoen pijambak- pijambak. Ingkang makaten poenika koela manah kirang prajogi, awit Opziener kalih ingkang noenggil sa- kaboepaten kemawon sampoen bo- ten tjotjog. Poenapa wonten ing conferentie Schoolopziener ing Gom- bong boten kapoetoes (katetepaken), teka ngantos sami roedjak sentoel?
V. Bab kasboek sekolahan; kedah
wonten kasboek harian Ian ming- gon; manoet tjonto. Wonten dawoeh ingkang soeraosipoen makaten: sa- derengi poen mandaat blandja ka- toekaraken ing 's Landskas: jatra sekolahan ingkang dados tjepeng- anipoen mantri goeroe: dereng ke- nging kaepik-epik. Jen mandaat sam- poen katoekar, saweg nama tetep, jen blandjanipoen mantri goeroe ka- potong schoolgeld. Poenika school- geld ingkang kasimpen saweg ke- nging soemerep padang hawa.
VI. Jen wonten goeroe ingkang dipoen inspectie mangka pinanggih gad ah rapport 4: (bidji 4): kedah awas. Lan sanes 'dinten temtoe di- poenkortbezoek malih: ewah poe- napa dereng kawontenanipoen. Jen sampoen ewah, mangka ladjeng min- dak sae, poenapa bidjinipoen 4 waoe inggih ladjeng dipoenindaki ing na- lika poenika oegi?
VII. Wonten goeroe ingkang pi- taken makaten: Kados-poendi goe- roe sagedipoen soemerep jen ngga- dahahi (conduitestaat) a won? Wang- soelanipoen: Angger blandjanipoen mindak, oetawi nalika njoewoen in- dakan blandja boten dipoenengel- engel, inggih tanda jen boten awon.*) Nanging prakawis bidji awon ing- kang toemrap goeroe: poenika kang- ge wados dening ambtenaar inspec- tie.**)
Amoeta toeli !!
(Kalampahan ing bawah Mendoet Moentilan).
Saderek Fie ts T r i u m p h mar- tosaken makaten: (kita loegokaken kemawon. - Red).
Ing salebeting woelan Augustus ingkang kapengker Swara Tama sampoen angewrat prakawis margi- margi ing bawah Mendoet Moenti- lan. l Bab rekaosing lampahing tijang toewin bangsa kendaraan ingkang ngambah ing margi - margi waoe.
Djalaran saking kirang prajagining bab pamasanging ril lorining On- derneming. II lngatasing margi waoe pantjen boten kenging kaambah ing grobag kareta, motor, Ian sanes- sanesipoen menapaa kados ing- kang wadjib ing margi-margi waoe ko k boten karsa ·paring tetenger gawar? III Dasaring margi pantjen kirang sae inggih poenika margi saantawisipoen Moentilan Ian Da- wang Progo. IV Kretek satjaketing doesoen Gedjagan, risak kadangon anggenipoen andandosi. Sareng di- poendandosi sapisanipoen dereng saged sae, malah meh ndawahaken tijang nenoempak. Dene sagedipoen radi sae ngantos dipoendandosi rambah kaping kalih, mbokmanawi inggih saking panggroendeling tijang langkoeng. V Kretek sakidoel doe- soen Ngetos risak ingkang andan- dosi Onderneming.
Nalika samanten wonten satoeng- giling tijang limrah (tijang alit) ingkang matoer dateng ing ngarsa- ning satoenggiling Joerah doesoen ingkang pantjen bawahipoen ka- gepok ing soeraosing Swara-Tama waoe, Ian tijang waoe kanti ambekta lembaran Swara Tama, kilap saking poendi sagedipoen angsal Swara Tama tijang waoe. Mitoeroet gine- ming tijaog ingkang matoer ing loerah waoe, wekdal poenika Swara Tama memelas sanget. Dene ang- genipoen memelas makaten: ,,Sareng loerah doesoen waoe mireng atoe- ring tijang prakawis-prakawis ing- kang kasbat nginggil Ian nampeni lembaran Swara Tama waoe, loerah ladjeng ngendika makaten: ,,lj ah:
m in g: k or an
e
d j e. Ladjeng be- soewel; lembaran Swara Tama waoe kaslempitaken ing pager.Lha, loerah ingkang makaten waoe poenapa boten kenging kawastanan amoetatoeli. Anggenipoen kawasta- nan moeta, ing atasing gadah ba- wah ngantos dados pangresoelaning tijang kok sok boten enggal ka- panggalih. Anggenipoen toeli, ing atasing mireng atoering -tijang Ian soewantening koran ingkang ang- gepok dateng pijambakipoen kok inggih saketja kemawon, malah namoeng dipoenmingaken. Semoe- semoe sadaja prakawis - prakawis waoe kados boten priksa Ian boten mireng. Kok soelaja kalijan nalika ing peken Mendoet wonten tingalan ringgit tijang. Saben dinten taken- taken ,,mengko bengi lakone apa ja? sing dadi Djanaka sapa ja?
Ijah nokae gela jen si . . . . . ora metoni, wadoeoeoeh lik nganti kaja ndangoe sakitan radja pati. Mangka kados dene margi prasekawanan sak ler doesoen Ngetos sok di- poensoekani Jori ngantos pinten-
*) Prakawis poenika {menawi kita boten lepat) terangipoen makaten: Goeroe-goeroe ing sekolahan angka 2 Goepermen, manawi bade verhooging, ingkang nglaotarakeo ke- pala pamoelangan. Menawi kepala pamoe- langan boten notjogi (margi poen goeroe bo- ten sae, oet. boten dipoensenengi mantri goe- roe) inggih angel oet. boten saged tampi indakan. Ing Ngajogja sampoen kelampahan makaten poenika kaping kalih: dongipoen verhooging nanging boten, margi kepalani·
poen . , . . Nanging bendjingipoen prijan- toen waoe saged maled. Red.
**) Poenapa boten wonten inspectierap·
port? Red.
ONTJEN SE KAR GAMBIR MELA. TI.
POENDI INOKANG PERLOE PIJAMBAK ? ? ? ? ? ? ? ( Dajaning materialisme ! ! ! Serat kabar ,,PENGAD}AR"
tidak dapat memilih ? ? ? ? )
Materialisme ! Poenapa poenika??
Poenika mamalaning djagad ! Poe- nika ngelmoe boten ngakeni won- tening Hyang Ana; njingkoer Hyang Djoeroe Karja; boten poeroen roe- maos saha ngroemaosi bilih ingkang goemelar wonten ngalam donja poe~
nika pinoerba-wasesa dening Hyang Maha Kawasa ! Ingkang ginoesti- goesti de de Pangeran; titah ! 0, inggih titah, titah sekeng ingkang boten saged doemados pijambak pot;nika!!
E, manoengsa pantjen saja anda- dra ! Boten Kilen boten Wetan, sa- midene kenging sasakit materialis- me ! Boten Djawi boten Walandi, sami dene katah ingkang kataman memala tjidra ing Goesti ! Poenapa salaminipoen djagad bade ngalami djaman pedet emas ? ?
Materialisme I . . . . poenika na- moeng bade nantang bendoening Pangeran, ngadjab sapoe-dendaning Goesti !
Materialisme ! . . . manoet Sang Nata Pandita Pius Xl woten nawala dalem ,,Ubi arcano" - tetep dados witing kasangsaran, djalaraning pa- prangan !
Para maos !
Pandjenengan sadaja temtoe sam poen sami mangertos, ing Salatiga wonten serat-woelanan ,,Pengadjar."
Pengadjar waoe ngewrat prakawis- prakawis panggoela-wentah sarta pa- ngadjaran ! Ingkang dados panoen- toen redactie saderek Soepardi.
Pengadjar . . . no. 1 ( katja 5 ), tjarijos:
_ . . . Adapoen menoeroet pendapatan ahli mendidik, mak- soed pendidikan itoe demikianlah:
I. memboeka dan memperdalam perasa- an a tau kelakoean, soepaja soeka ke- pada perboeatan baik.
2. memperperangi perasaan pada peker- djaan djahat; 3 memboeka dan mem- perdalam pikiran ; 4 mendjaga kese- hatan.
Dados, [sakawan bab kaseboet nginggil]
poenika kenging koela ringkes: geeste- lijke opvoeding kalijan lichamelijke opvoe- ding [panggoela-wentahing soekma oetawi batin kalijan panggoela-wentahing badan].
Maos doemoegi samanten koela dereng anggrendjel. Nanging sareng maos oeka- ra ngandapipoen, koela kepeksa mandeg;
koela manah pandjang ! Mangga dipoen- pidangetaken ngandikanipoen redactie Pengadjar: .. Mana jang terpenting dari pa- da empat perkara jang terseboet diatas ,,tiadalah kami dapat memilih karena se- moeanja penting !" [Dojonging aksara de- ning Patjar Merah].
Manoengsa pinaringan pikiran, kangge mikir, kangge nanding-nan- ding; Wohing pananding saged mas- tani poendi ingkang awon, poendi ingkang sae, Ian poendi ingkang sae oetawi awon pijambak !
KDela ngandel: geestelijke opvoe- ding kalijan lichamelij ke opvoeding poenika penting sadaja. Nanging sa- mi-sami penting, mesti kedah won- ten ingkang pen ting pijambak ! Da- dos, manawi doepeh kalih - kalihi- poen penting, ladjeng boten saged
l
milih poendi ingkang perloe pijam- bak, poenik<t kenging katemboeng- aken boten saged nanding. Sarni oegi kalijan moengel: geestelijke opvoeding karo Jichamelijke opvoe- ding mono pada wae. Dados, kados tijang ingkang tjarijos: Kristen (Kato- lik; Protestant), Islam, Boeda, Tfo- sopi. . . . ikoe setali tiga oeang ! Poenapa wawaton makaten poenika Ieres? Pandjenengan sadaja saged ambatang pijambak !
Tijang ingkang ngandel, ngakeni bilih sadaja poenika pinoerba - wasesa wonten Pangeran, mesti anggadahi kaantepan : kabatosan langkoeng penting tinimbang kala- hiran. Dados soekma langkoeng adji tinimbang badan wadag; rohani langkoeng preloe tinimbang djasma- ni. Sokmakatena: geestelijke opvoe- ding langkoeng wigati tinimbang Ji- chamelijke opvoeding. Bodo nanging moersid, sesakiten ananging sadoe ing boedi, poenika manahipoen Iang- koeng tentrem tinimbang ingkang
I
abanda abandoe nanging moersal.
pinten poenika loerah pantjenipoen wadjib mrenata jen boten wani mrenata dateng Bendara toewan sinder (tjara ingkang katah-katah basaning loerah doesqen dateng landi onderneming) margi saking gilanipoen dateng Landi Ian koe- watos jen onderneming boten poe- roen njewa bengkokipoen samangsa loerah katelep ing padjeg, la inggih
matoer dateng chef-ipoen, sampoen
kok ladjeng anglirwakaken koewa- djiban. Poenapa boten nate mireng kabaripoen katjilakan ingkang sa- king lori. Kados enggal mangke ing bawah Ngloewar kabaripoen mentas wonten lare tjilaka margi saking lori.
Wongsal - wangsoel inggih poe-
Roemaos langkoeng begdja tinimbang ingkang saben dinten glectag-gledeg noempak montor, aseseboetan Mr.
Dr. . . . nanging moerangsarak gesangipoen! Lelampahanipoen Nabi Ajoeb, para maos! poenika kt'!nging kangge toeladan.
Toemrap kita gotrah Katolik wiwit alit oemoer 7 taoen sampoen dipoen- koelinakaken mangsoeli pitaken : ,,Apa perloene wong tinitah ana nga- lam donja?" Mila sadaja pakartining manoengsa, poenika tjara wawaton Katolik kedah boten soelaja kalijan toedjoening manoengsa tinitahaken, i. p. njoewita Pangeran soepados saged pikantoek kabegdjan langgeng!
Mila, kita Katolik anggadahi wawa- ton ingkang sakalangkoeng wanteg wiwit kina doemoegi bendjing pisan boten bade ewah gingsir: "kabeg- djaning soekma kita langkoeng kita perlokaken tinimbang saketjaning
raga kita!" .
Koela jakin sanget: loeloehoer kita bangsa Djawi anilari wasijat sakalangkoeng adji. Dene poesaka waoe: pangandel dateng Goesti Allah, ngakeni pangawasaning Pangeran ! Mila inggih boten maiben, bilih : a. Wonten konggres P. G. H.B. Soera-
karta kala tanggal 16 Februari 1929, pandjenenganipoen Mr. Singgih me- dar pangandika ingkang asoeraos:
kabatosan langkoeng adji tinimbang kalahiran.
b. Saderek Y wonten T i m b o e I 1 Fe- bruari '29 amratelakaken asoeraos : ,,bangsa Wetanan anggenipoen nga- osi kabatosan kaangge langkoeng inggil tinimbang kalahiran" (Dados rohani kaangge langkoeng inggil ti- nimbang djasmani).
c. S e d y a Ta m a tang gal 13 October 1928, ngegongi pamanggihipoen Mr.
Verkouteren won ten ing De Ned er- 1 and er ingkang asoeraos: kawroeh kamanoengsan sadjati . . . langkoeng ageng sange't paedahipoen tinimbang kawroeh boekoe - boekoe. Kadjawi poenika wonten ngrikoe Sedya Tama oegi nglepataken klintoe. Dados nge- moe raos: batin loewih perloe tinim- bang lahir! lss.
Sadaja ingkang kaseboet ing a.b.c., poenika kenging karingkes: sadoe- ning boeboeden langkoeng adji tinim- bang kapinteran, langkoeng loehoer tinimbang kasagedan lan kasarasan!
Dados: geestelijke opvoeding oetawi geestelijke ontwikkeling langkoeng perloe tinimbang lichamelijke op- voeding, oetawi intellectueele ont- wikkeling.
Nanging kabekta saking kawon- tenan, wasijat adi saking loeloehoer kita waoe ing djaman sapoenika boten (patos) kagatosaken ! Dene tjontonipoen, inggih kados serat woelan P e n g a d j a r ing Salatiga poenika!
Koela boten mastani Pengadjar sampoen babar pisan ngangge ngel- moe emoh Goesti Allah. Nanging koela jakin sanget: katjokan materi- alisme !
Mila, toedjoening andaran koela poenika, soepados saderek ing Sa- latiga kengetan Ian nganggekaken wasijating Ioeloehoer Djawi ! bab:
ngakeni pangawasaning Goesti ! Langkoeng-langkoeng dene Penga- djar, serat panggoela-wentah ! Sam- poen ngantos anggenipoen ngangsoe kawroeh Kilen namoeng waton anjara-mlajokaken boekoe Kilen ke- mawon! Kedah manah ingkang pan- djang, kabobot kalijan weninging boedi, kalarasaken kalijan Wetan ! Kedah tansah angengeti leresing babasan: ,, Non scholae sed vitae discimus!" - "Anggonkoe pada si- naoe ora kanggo sekolahan: kanggo oerip ! Lan, . . . . boten namoeng kangge gesang sapoenika kemawon, langkoeng-langkoeng kangge gesang bendjing ing djaman akir! . . . Wasana inggih kedah ngengeti: ,,tan- pa Pangeran, manoengsa boten saged poenapa -poenapa!"
Pandan Wangi 23 September.
Tak Jim: Patjar Merah.
CORRESPONDENTIE:
Sad. T. R. poensrantosaken.
Baratha ngentosi.
Aris, sampoen kasep, boten saged kapatjak.
nika, jen tetepan loerah doesoen waoe namoeng sarana kapilih ing tijang alit djalaran soegih arta.
Tjobi menggah sapoenika sam- poen kelampahan tetepan loerah doesoen waoe ingkang milih negari margi dedasar kasagedan mbok- manawi sadaja pranatan inggih radi beres.
Woesana moegi wontena kapa- renging karsanipoen pandjenengan- ipoen Redacteur angintoenaken sa-