• Tidak ada hasil yang ditemukan

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023/2024: Bahasa Jawa Kelas 3

N/A
N/A
Rahma Noor Alifah

Academic year: 2023

Membagikan "PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023/2024: Bahasa Jawa Kelas 3"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Tema : 5. Pandhawa

6. Kepahlawanan 7. Tembang Dolanan 8. Aksara jawa Nglegeno Hari, Tanggal : Selasa, 28 November 2023 Kelas : III (Tiga)

Waktu : 09.30 – 11.00 WIB (90 menit)

I. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, utawa c ing sangarepe wangsulan kang bener!

Wacanen kanthi premati, terus garapen Pitakon no. 1 – 6 ing ngisor iki!

Pandhawa

Pandhawa kuwi tegese putra lima lanang kabeh. Pandhawa iku putrane prabu Pandhudewanata, Ratu hastinapura utawa Ngastina. Prabu Pandhudewanata kagungan garwa loro, yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi, kagungan putra telu yaiku Raden Yudhistira utawa Prabu Puntadewa, Raden Bratasena utawa Raden Wrekudara, lan Raden Permadi utawa Raden Janaka utawa Arjuna. Dene Prabu Pandhu lan Dewi Madrim kagungan putra kembar yaiku Raden Nakula lan Raden Sadewa.

Emane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim seda nalika para Pandhawa isih cilik- cilik. Mula Raden Nakula lan Raden Sadewa uga diopeni Dewi Kunthi amarga wis ora kagungan wong tuwa meneh. Kang gumanti ratu yaiku uwake para Pandhawa, Prabu Dhestrarastra. Wiwit sedane ramane, uripe para Pandhawa rekasa banget amarga disiya-siya dening para Kurawa kang cacahe satus, putrane Prabu Dhestrarastra.

Putrane Prabu Dhestrarastra iku watake dagsiya marang sapadha-padha, sewenang- wenang, ambeg angkara murka lan serakah banget. Karepe kamulyan Kraton Ngastina arep dikuwasani dhewe.

Pandhawa iku satriya kang welas asih lan sabar banget. Apa maneh karo Kurawa nak Ndulure. Amarga Kurawa kuwatir menawa Pandhawa bakal njaluk keprabon Hastinapura, mula tansah mbudi daya sirnane Pandhawa. Wis makaping- kaping kurawa nyiya-nyiya lan nyilakakake Pandhawa. Dhene carane nyilakakake para Pandhawa kanthi diracun panganane, diobong urip-uripan, nganti diusir saka Kraton.

Ananging para pandhawa tetep sabar, gedhe welase, lan gedhe pangapurane marang Kurawa.

Wusanane para Pandhawa kasil mbangun kraton dhewe ing Ngamarta. Raden Yudistiro madheg Ratu jejuluk Prabu Puntadewa. Para Pandhawa kasil nggayuh kamulyane urip. Dene para Kurawa pungkasane kalah perang lan mati kabeh ing perang Baratayuda.

(Kapethik saka: Kulina Basa Jawa Kangge Kelas III Kaca 5-6) 1. Irah-irahane wacan ing ndhuwur yaiku….

a. Pandhudewanata.

b. Pandhawa.

c. Puntadhewa.

2. Pandhawa iku putrane....

a. Prabu Dhestrarastra.

b. Prabu Puntadhewa.

c. Prabu Pandhudewanata.

(2)

3. Prabu Pandhudhewanata iku ratu ing….

a. Ngastina.

b. Ngamarta.

c. Madukara.

4. Dewi Kunthi iku ibune para Pandhawa sing asmane…

a. Yudhistira, Wrekudara, Janaka.

b. Yudhistira, Janaka, Sadewa.

c. Yudhistira, Wrekudara, Nakula.

5. Panenggakke Pandhawa kang ana gambar Ing sisih tengen iki asmane…

a. Yudhistira b. Wrekudara c. Janaka

6. Ing ngisor iki kang ora kalebu watake Pandhawa yaiku….

a. Sabar.

b. Welas asih.

c. Ambeg angkara murka.

Wacanen kanthi premati. Banjur garapen soal ing ngisore!

Ir. Soekarno

Soekarno kuwi salah sawijining pemikir lan Negarawan dunia. Akeh ide lan gagasan mrenthul saka pemikirane. Ing antarane Pancasila lan UUD 1945 sing di enggo nganti saiki ana ing upacara sekolahan utawa upacara nasional. Ing jagad Internasional, Ir Soekarno kasembadan ngleksanakaken Konfrensi Asia Afrika ing Bandung, nggagas laire Gerakan Non Blok, lan ambiyantu Kamardikane bangsa- bangsa Afrika. Soekarno, pemimpin kang uga proklamator kang kasil ngentasake bangsa Indonesia saka penjajahan.

7. Ing jagad Internasional, Soekarno kasembadan ngleksanakake Konfrensi Asia Afrika ing….

a. Bandung.

b. Jakarta.

c. Surabaya.

8. Pak Arif … buku kang judule Pangeran Diponegoro.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku … a. Maca

b. Maos c. Mirengake

Wacanen kanthi premati!

R. A. Kartini

R.A. Kartini miyos ing Jepara, tanggal 21 April 1879. R.A. Kartini kuwi isih trah piyayi luhur ing Jawa. Mula R.A. Kartini nalika isih cilik bisa entuk Pendidikan dasar. Ananging R.A. Kartini ora dikeparengake ramane nerusake sekolah lanjutan.

Senajan R.A. Kartini ora dikeparengake nerusake sekolah, ananging kekarepane sinau ora bisa di endheg. R.A. Kartini pancen dipingit Nanging R.A.

Kartini banjur ngumpulake lan maca buku kang akeh uga surat kabar. Saben dina nuruti krentege ati olehe maca lan golek ilmu. R.A. Kartini anggone seneng maca kanthi duweni gegayuhan kang dhuwur banget kanggo nggugah para wanita supaya iso sekolah. Kanthi ngumpulake gegayuhan kang kawentar nganti saiki kanthi judul “ Habis Gelap Terbitlah Terang “

(3)

9. R.A. Kartini kuwi asmane sampun Kawentar ing manca Negara. Tembung kang kacetak miring tegese…

a. migunani b. nyenengake c. terkenal

10. Nalika isih… Ki Hajar Dewantara asmane Raden Mas Soewardi Suryaningrat.

Tembung kang ora ganep ing ndhuwur yaiku…

a. Tuwa b. Dewasa c. Timur

11. Apa gegayuhane R.A. Kartini kang kawentar nganti saiki yaiku…

a. Ing ngarso sung tuladha b. Habis Gelap terbitlah terang c. Tut Wuri Handayani.

12. Para Pahlawan Kamardhikan nduweni gegayuhan supaya bangsa Indonesia bisa merdeka. Tembung gegayuhan tegese…

a. Cita-cita b. Cara nyata c. Nduweni

13. Tembang dolanan ing sisih tengen kuwi Yaiku tembang dolanan apa…

a. Jamuran

b. Padhang mbulan c. Cublak-cublak suweng

14. Tembang dolanan kang biasane dilakoni bocah-bocah ing wayah wengi ing wayah wulan ndadari bunder ser diarani…

a. Menthog-menthog b. Padhang mbulan c. Jaranan.

15. Kang dikarepke tembang dolanan padhang mbulan yaiku…

a. Aja padha turu Sore- sore.

b. Ayo padha gegojekan.

c. Ayo sinau bareng.

16. Suwe ora jamu, Jamu sogo thuntheng.

Suwe ora ketemu, ketemu pisan….

a. Atine seneng b. Tambah pinter c. Tambah makmur

17. Suwe ora Jamu, Jamu sogo Thuntheng Tembung Thuntheng tegese….

a. Abang b. Ijo c. Ireng.

18. Jaranan-jaranan, jarane jaran teji, sing nunggang…

Bacutane tembang ing ndhuwur yaiku…

a. Para mentri b. Bocah cilik c. Ndoro Behi

19. Ibu ngomong karo bapak

Ukara ing ndhuwur karma aluse dadi…

(4)

a. Ibu ngendikan kaliyan bapak b. Ibu ngomong kalih bapak c. Ibu matur karo bapak.

20.

ꦮꦮꦮꦮ

Yen diwaca unine….

a. Wara-wara b. Wana wasa c. Wala-wala

II. Isenana ceceg- ceceg ing ngisor iki!

1. Jeneng liyane puntadhewa yaiku…

2. Asma timure Ki Hajar Dewantara yaiku…

Wacanen tembang ing ngisor iki kanthi premati! ( Kanggo nggarap pitakonan no 3-4 ) PADHANG MBULAN

Yo pra kanca dolanan ing njaba, Padhang mbulan padhange kaya rina.

Rembulane-ne sing ngawe-awe, Ngelingake aja padha turu Sore.

3. Padhange kaya rina. Tembung rina tegese….

4. Isine tembang ing ndhuwur yaiku….

5. Ana Narada, yen ditulis kanthi Aksara jawa dadine…

(5)

KUNCI JAWABAN PAT BASA JAWA KELAS 3 TAHUN 2023-2024 I. PILIHAN GANDA

1. B 11. B

2. C 12. A

3. A 13. C

4. A 14. B

5. B 15. A

6. C 16. A

7. A 17. C

8. B 18. C

9. C 19. A

10.C 20. A

II. ISIAN

1.

Yudhistira

2.

Suwardi Suryaningrat

3.

Tegese Awan

4.

Aja padha turu Sore-sore

5. ꦮꦮꦮꦮꦮ

SKOR PENILAIAN I . B x 1 = 20 II . B x 2 = 10

30

+

Nilai perolehan

Jumlah skor x 100

Referensi

Dokumen terkait

Contoh Teks Aksara Jawa 2012 3 Transliteration: Pengetan Adeging Masjid Salikin yasanipun Raden Nganten Tumenggung Prawiradirja.. Lajeng kawakapaken kangge parluning Islam lan