• Tidak ada hasil yang ditemukan

WULANGAN 1 TEKS DESKRIPSI

N/A
N/A
MUNIFAH MUNIFAH

Academic year: 2024

Membagikan "WULANGAN 1 TEKS DESKRIPSI"

Copied!
33
0
0

Teks penuh

(1)

WULANGAN 1 TEKS DESKRIPSI

A. Tujuan Pembelajaran/Ancasipun Pasinaon Setelah mempelajari bab ini, diharapkan siswa dapat:

1. Menganalisis dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari karangan deskripsi tentang pariwisata yang disimak;

2. Menentukan informasi berupa gagasan, pikiran, pandangn, arahan atau pesan dari berbagai karangan deskripsi tentang pariwisata yang dibaca;

3. Menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk menyampaikan pendapat, pemecahan masalah, pemberian solusi secara lisan dalam bentuk monolog, dan dialog logis, kritis, dan kreatif pada deskripsi tentang pariwisata;

4. Menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis dalam karangan deskripsi tentang pariwisata untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa.

B. Materi Pembelajaran Teks Deskripsi

Profil Pelajar Pancasila

Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia : Berdoa, bersyukur dengan memiliki tempat wisata melalui karangan deskripsi.

Mandiri : Pemahaman diri dan situasi yang dihadapi seperti mengeksplorasi tempat-tempat pariwisata di Jawa Tengah dengan berkunjung langsung atau melalui internet untuk dideskripsikan melalui media tulis.

Kreatif : Menghasilkan karya dengan membuat karangan deskripsi tempat wisata.

(2)

C. Uraian Materi Pembelajaran

TEKS DESKRIPSI

Kamus Besar Bahasa Indonesia (2005:258) nerangake ; “Deskripsi adalah pemaparan atau menggambarkan dengan kata-kata secara jelas dan terperinci.”

Kanthi mangkono deskripsi bisa ditegesi andharan kanthi nggunakake tembung- tembung ngenani barang, papan, swasana, lan kedadeyan. Maksud deskripsi iku supaya sing maca kaya-kaya “nyawang”, “krungu”, “ngganda”, ngicipi”, lan ngrasakake” marang bab kang diandharake ing deskripsi mau saengga sing maca nduweni dudutan (kesimpulan) kang padha karo sing nulis deskripsi.

Keraf (1981) nerangake menawa deskripsi iku sawijining wujud tulisan kang sesambungan karo pambudidayane panulis kanggo menehi peprincen saka bab sing diomongake. Jroning deskripsi panulis mindhahake asiling panyawang, rasa pangrasa, sipat, lan kabeh peprincen wujud sing ditemokake ing bab sing diandharake.

Dadi karangan deskripsi iku tulisan/andharan kang maksude nggambarake sawijining bab kanthi peprincen kang remit saengga sing maca lan sing krungu kaya-kaya nyawang, ngrasakake, krungu, ngicipi, lan nganda langsung marang bab sing diandharake pamicara/panulis.

Teks Deskripsi yaiku wacan kang nggambarake sawijining bab adhedhasar kasunyatan kang nggunakake tetembungan kanthi cetha, lan kaprinci. Teks deskripsi duweni ancas utawa tujuan yaiku menehi panerangan utawa paprincen sawijining objek saengga pamaca rumangsa melu weruh, ngrungokake, ngrasakake, utawa ngalami.

Tegesipun tesk deskripsi klebu sawijining sastra gancaran kang nggambarake objek kanthi ancas supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake dening penulis. Babagan kang digambarake kayata kaendahan alam, kahananing jasmani, watak, lan sapiturute.

Teks Deskripsi kuwi beda karo teks gancaran liyane, titikane yaiku :

a. Menehi panjlentrehan ngenani objek kang dideskripsikake, bisa awujud warna, ukuran, sipat, lan liya-liyane.

b. Nggambarake sawijining bab.

c. Bisa nggawe pamaca utawa panyemak bisa ngrasakake lan weruh dhewe bab sing digambarake.

d. Nglibatake indra manungsa

(3)

e. Duweni pola pangrembakan wacan, ing antarane :

1. Spasial, yaiku pola pangrembakan adhedhasar urutan wektu.

2. Objektif, yaiku pola pangrembakan adhedhasar papan lan posisi panganggit sajrone nyawang sawijining bab.

1. Nyemak Karangan Deskripsi Papan Wisata

Plesir Menyang Pantai Teluk Penyu

Kaya dene papan wisata liyane, Teluk Penyu iku wujude sawijining pantai ing segara kidul. Pantai Teluk Penyu mapan ing Kabupaten Cilacap Jawa Tengah. Minangka pantai, Teluk Penyu saben dinane rame saka wong kang padha plesir.

Pantai Teluk Penyu dadi jujugan wisata alam kang ana ing Cilacap ing pantai kasebut akeh wedhi putih, lan banyu segara kang biru. Kejaba iku, nalika ana ing Teluk Penyu, bakal weruh Pulo Nusakambangan kang edi peni. Uga ana wit-witan kang thukuling pinggir segara nambah endahing papan wisata kasebut.

Ana uga kapal-kapal nelayan lan kapal gedhe kang padha teka ing pelabuhan.

Kejaba iku uga prau kang bisa ditumpaki dening para pelancong menyang Pulo Nusakambangan. Swasana segara kidul pancen nengsemake Gawe kepincut sapa bae kang padha plesir ing papan iku.

Geneya diarani Teluk Penyu? Jalaran biyen ing papan kasebut akeh penyune.

Nanging saiki populasi penyu wis arang. Kabeh mau jalaran polahe manungsa.

Kanggo mlebu menyang Pantai Teluk Penyu ora angel. Kabeh dalan ing Kutha Cilacap bisa tekan pantai kasebut. Karcis mlebu cukup murah, yaiku 10 ewu rupiyah.

Wisata menyang Teluk Penyu, padatan dadi mlebu utawa paket karo Benteng Pendhem lan Nusakambangan.

Dalan menyang Pantai Teluk Penyu mung watara 5 km saka punjering Kutha Cilacap. Umpama numpak mobil, mung watara 12 menitan. Saka punjering Kutha Cilacap, menyang sisih kulon laut, Jl. Muria nuju ing Jl. Flores. Banjur menggok nengen ing Jl. Gatot Subroto, banjur menggok kiwa Jl. Jawa. Kang padha plesir uga bisa nerusake menggok nengen Jl. Dokter Soetomo. Sawise iku, nuju Jl. Manunggal lan menggok nengen Jl. Lingkar Selatan. Tekan dalan kasebut, ana papan kang menehi pituduh menyang Pantai Teluk Penyu.

Apa wae kang narik kawigaten saka Pantai Teluk Penyu? Sepisan padha dolanan wedhi putih. Kejaba iku ana uga jembatan dawa saka pinggir pantai tekan segara. Para pelancong kudu ngati-ati jalaran yen mlaku ing jembatan kasebut tengahe

(4)

isih bolong-bolong. Ing kono uga ana kapal-kapal tanker. Sabanjure prau nelayan kang padha golek iwak. Kejaba iku uga ana acara sedhekah laut njalari papan kasebut dadi rame. Swasana sunset ing papan iki uga pancen narik kawigaten. Sarana ing Teluk Penyu antara liyane yaiku papan parkir kendharaan, toilet, warung dhahar lan oleh-oleh.

Bausastra

Narik kawigaten : narik perhatian Nengsemake : njalari senenging ati

Punjering : pusat

Watara : kira-kira Edi peni : endah

Sunset : srengenge wiwit angslup Kepincut : seneng

Gladhen

1. Apa kang diarani karangan deskripsi ? 2. Apa titikane karangan deskripsi ?

3. Pantai Teluk Penyu mapan ana ing ngendi ?

4. Apa kang narik kawigaten saka pantai Teluk Penyu?

5. Apa gagasan pokok paragraf 6?

Tulisen isine wacan Plesir Menyang Pantai Teluk Penyu Paragra

f

Isine Katrangan

1

2

3

4

5

6

7

(5)

2. Tembung Tanduk lan Tanggap

Nalika nulis karangan apa bae, kalebu karangan deskripsi kadhapuk saka tembung- tembung. Tembung kasebut ndhapuk ukara, paragraf. Ing sajroning ukara dumadi saka tembung-tembung, ana tembung tanduk lan tembung tanggap.

a. Tembung Tanduk

Tembung tanduk / kata aktif yaiku tembung kang wasesane (predicate) wujud tembung kriya tanduk (aktif), adate nggunakake ater-ater anuswara (an, am, ang lan any).

Tuladha :

Pardi nandur jagung ing kebon.

Supri wingi mbakar tela

Tembung nandur karimbag saka ater-ater anuswara an + tandur = nandur Tembung mbakar karimbag saka ater-ater anuswara am + bakar = mbakar b. Tembung Tanggap

Tembung Tanggap / kata pasif yaiku tembung kriya tanggap (pasif), kang wasesane adate nggunakake ater-ater tripurusa (dak, ko, di).

Tuladha :

Jarite dikumbah yu Murni.

Latare wis daksapu Gerehku digondhol tikus

Tembung dikumbah, karimbag saka ater-ater di + kumbah = dikumbah Tembung daksapu, karimbag saka ater-ater dak + sapu = dak sapu Tembung digondhol, karimbag saka ater- ater di + gondhol : digondhol

Tembung dikumbah, daksapu, lan digondhol diarani tembung tanggap, jalaran wasesane iku wujud ater-ater tri purusa (dak, ko, di)

Gladhen

1. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki ! a. maca

b. nangis c. ngarit d. nuthuk e. nyambel f. dakbuwang g. kojaluk h. dithuthuk

(6)

i. sinerat j. kaanggit

2. Ukara -ukara ing ngisor iki nggunakake tembung tanduk utawa tanggap!

N o

Ukara Tanduk Tanggap

1 Samsul wingi sore nyumet diyan any+ sumet 2 Mau esuk aku ngombe kopi.

3 Mahmud dina Senen didhawuhi Bu Guru menyang Kantor Pos.

4 Bu Dhe mundhut sekar mawar ing peken.

5 Ramli mau sore ngguntingi koran.

6 Doni nyikat sepatune sing reged.

7 Geguritanku kapacak ana ing kalawarti Jaka Lodhang

8 Bukuku basa jawa disilih Farkhan wingi sore

9 Aku methiki bayem

10 Mau bengi bapak mirsani siaran kathoprak ing televise

11 Kala wingi kula dipundukani bu guru.

3. Nulis karangan Deskripsi

Nulis iku dudu perkara abot, nanging ora kabeh wong seneng nulis. Supaya bisa nulis karangan kudu akeh maca lan nyemak samubarang sumber kawruh.

Minangka keprigelan basa, nulis iku kudu asring digladhi.

Nalika nulis karangan kudu ngugemi paugeran ing ngisor iki . 1. Gawe rancangan utawa kerangka karangan.

2. Milih objek kang narik kawigatenmu, umpamane papan wisata sing nate koktekani.

3. Nyathet perangan-perangane kanthi peprincen satemah bisa nuwuhake maneka indra kang ana, kalebu rasa kang nabet jroning ati.

4. Nulis karangan dheskripsi adhedhasar cengkorongane.

5. Nulis ing kertas/buku tugas/kertas banjur ditlesih maneh bab ejaan, tandha waca, tembung, ukara utawa paragrape.

(7)

Gladhen

1. Setitekna gambar ing ngisoriki!

2. Temtokna irah-irahan kang trep

3. Gawea deskripsi saka gambar kasebut 4. Gawea paprincen saka gambar kasebut

5. Gawea ukara panutup kanthi ukara kang narik kawigaten pamaca..

D. UJI KOMPETENSI 1

I. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih A, B, C utawa D!

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-4 Papan Wisata Baturaden

Papan wisata Baturaden iku mapan ing Kabupaten Banyumas. Papane ing sisih lor Kutha Purwokerto. Baturaden iku tlatah ing perenging Gunung Slamet. Hawane adhem lan sesawangane endah banget.

Kanggo nuju ing Baturaden saiki dalane wis alus. Ora kaya biyen nalika urung diaspal. Saka Kutha Purwokerto ora adoh. Watara 15 menitan yen nganggo mobil pribadi. Rombongan wisata mawa bis, mobil, uga motor bisa mlebu ing Baturaden.

Swasana adhem lan seger, njalari akeh wong kang padha plesir. Ing Baturaden uga akeh hotel lan wisma kang bisa disewa dening para plancong. Yen wayah esuk, isih ana pedhut kang nambah seger lan endahing sesawangan. Hawa seger kasebut cocog kanggo plesiran.

Ing dina Setu lan Minggu, uga ana tontonan calung Banyumasan. Apa iku calung? Calung iku wujud kesenian Banyumasan. Ana piranti calung kang digawe saka pring wulung. Rancag swarane calung, marakake wong-wong kang ana padha melu jejogedan.

Ing Baturaden, sawise mlebu ing gapurane, bakal ana undhak-undhakan dalan kang nuju ing papan-papan tertemtu. Ana flying fox, bakul maneka jajanan, tuk banyu, dolanan bocah, lan liyane. Kejaba iku uga ana bakul oleh-oleh, arupa gethuk sokaraja, pecel, lan liyane.

1. Nitik saka pethilan karangan "Papan Wisata Baturaden" kasebut, ing ngisor iki pranyatan kang bener karo isine karangan yaiku ....

(8)

A. Baturaden iku papan wisata kang hawane panas, akeh jajanan, lan kahanane sepi B. sakiwa tengene Baturaden akeh kadang tani kang padha nandur maneka sayuran

kalebu kubis lan wortel

C. calung dadi kesenian lokal kang ana ing sajroning papan wisata Baturaden D. ing Baturaden uga ana wisata kang narik kawigaten yaiku planetorium 2. Paragrap katiga nggambarake perangan....

A. dalan nuju Baturaden

B. aneka jajanan ing Baturaden C. sarana wisata kang ana

D. swasana lan hawane Baturaden

3. Swasana ing Baturaden iku nuduhake papan wisata kang jinise....

A. wisata modhern B. wisata alam C. wisata edukasi D. papan kuliner

4. Gagasan pokok paragrap kapindho yaiku … . A. jinise panganan khas saka Banyumas B. dalan nuju ing Baturaden

C. Jinise dolanan bocah ing Baturaden D. akeh rombongan wisata kang plesir Papan Wisata Dieng

Papan wisata Dieng mapan ing Kabupaten Wonosobo lan Banjarnegara. Dieng uga katelah “negeri diatas awan” . Minangka salah sijine papan wisata kang kawentar, Dieng dadi papan wisata kang endah swasanane. Papane kang dhuwur, Dieng hawane adhem banget.

Kanggo nuju menyang Dieng, bisa saka Banjarnegaraa, lan bisa uga saka kutha Wonosobo. Dalane munggah-mudhun, lan sakiwa tengene akeh tetanduran kang sarwa ijo. Yen disawang merak ati.

Papan wisata kang mapan ing Dieng, yaiku Gunung prau, Bukit Sikunir, Telaga Warna, Bukit Pandhang Ratapan Angin, Candhi Arjuna, Kawah Sikidang, lan tlago Drino. Kabeh kang dadi papan wisata iku wujude alam. Umpamane ing Candhi Arjuna swasana adhem, ana candh kang endah. Angine sumilir nambah betah plesir ing papan kasebut.

(9)

5. Gagasan pokok paragraph katelu yaiku … . A. Dieng dadi papan wisata kang kawentar B. ing Dieng hawane adhem lan seger C. jinise papan wisata ing Dieng D. Dieng dadi “negeri di atas awan”

6. Yen disawang kahanan Dieng iku pancen endah. Endahing swasana kasebut bisa dirasake sarana ….

A. mripat B. talingan C. rasa D. swara

7. Minangka salah sijine papan wisata kang kawentar, Dieng dadi papan wisata kang endah swasanane. Tegese tembung kawentar yaiku … .

A. dikenalke B. misuwur C. nyedhaki D. papan wisata

8. Piwulang budaya kang dijlentrehake Supanggah antarane piwulang karukunan, rasa guyub, kajujuran bares, ora bakal bedak- mbedakake sanajan beda lan liya-liyane.

Dijlentrehake tegese …. . A. diandharake nganti cetha B. diandharake cepet banget C. disimpen ing buku

D. digawe aja ana kang ngreteni

9. Nalika wong nabuh gamelan, kabeh duwe cekelan lanantuk jejibahan tabuhan dhewe- dhewe nanging tetep laras mlaku bareng. Jejibahan tegese … .

A. kuwajiban B. jeneng C. cathetan D. buku

10. Akeh banget piwulang budaya kang becik saka gamelan kang bisa didudut lan ditrapake ing urip bebrayan. Bebrayan tegese … .

A. ditindakake ing urip masarakat B. digawe tulisan wae ing masarakat C. diumumake marang masarakat

D. disinau mung kanggo kepentingan dhewe

11. Papan wisata Dieng mapan in Kabupaten Wonosobo. Tembung tanduk kang ana ing ukara kasebut yaiku … .

A. Dieng B. wisata C. papan D. mapan

12. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung tanduk yaiku nomer … .

(10)

(1) dakjupuk (2) maca (3) nangis (4) ditulisi (5) kothuthuk (6) nyukil A. 1, 3, 6 B. 2, 3, 6 C. 4, 5,6 D. 2, 4, 5

13. Kucingku daktendhang, salebare nggondhol tikus lan mangan gereh. Kang kalebu tembung tanggap yaiku … .

A. daktendhang B. nggondhol C. mangan D. kucingku

14. Saben dina adhiku njaluk kon nukokake permen, banjur dimaem kabeh, ndadekake untune lara, ora lali sampahe dak buang ing tempat sampah. Tembung tanggap kang digunakake yaiku … .

A. njaluk B. nukokake C. ndadekake D. dak buang

15. Saben dina adhiku njaluk kon nukokake permen, banjur dimaem kabeh, ndadekake untune lara, ora lali sampahe dak buang ing tempat sampah. Tembung tanduk kang digunakake ana … .

A. 1 B. 2 C. 3 D. 4

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki ! 1. Teks deskripsi yaiku ……

2. Titikane teks deskripsi yaiku … .

3. Apa wae paugerane nulis karangan deskripsi 4. Gawea ukara nggunakake tembung ing ngisor iki !

(11)

5. Sawise maca teks plesir menyang Pantai Teluk penyu, golekana 2 tembung tanduk lan 2 tembung tanggap.

(12)

WULANGAN 2

TEKS WAYANG RAMAYANA

A. Tujuan Pembelajaran/ Ancasipun Pasinaon

Setelah mempelajari bab ini, diharapkan siswa dapat :

1. Menganalisis dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari cerita wayang Ramayana yang disimak;

2. Menentukan informasi berupa gagasan, pikiran, pandangn, arahan atau pesan dari berbagai jenis cerita wayang Ramayana yang dibaca;

3. Menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk menyampaikan pendapat, pemecahan masalah, pemberian solusi secara lisan dalam bentuk monolog, dan dialog logis, kritis, dan kreatif pada deskripsi tentang pariwisata;

4. Menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis tentang cerita wayang Ramayana untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa.

B. Materi Pembelajaran Teks Ramayana

C. Uraian Materi Pembelajaran

Crita wayang iki kajupuk saka epos Mahabarata lan Ramayana. Epos Ramayana sing kaanggit dening Empu Walmiki iku paragane kang penting yaiku Raden Rama Wijaya. Raden Rama Wijaya putra Prabu Dasarata ing Ayodya.

Prabu Dasarata garwane telu cacahe Dewi Suka Salya, Dewi Kakeyi, lan Dewi Profil Pelajar Pancasila

Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia : Berdoa, pada awal pembelajaran

Bernalar kritis : Menganalisis dan mengevaluasi penalaran terhadap nilai-nilai luhur yang ada pada cerita Ramayana

Kebhinekaan global : Mengenal dan menghargai cerita wayang.

(13)

Sumitra. Dewi Suka Salya nurunake putra Raden Rama Wijaya, Dewi Kakeyi nurunake RadenBarata, dene Dewi Sumitra nurunake Raden Lesmana Widagda lanRaden Satrugna.

Prabu Dasarata wis sepuh kepingin lengser keprabon. Jumbuh karo pranatan kang nggenteni dadi raja mesthine Raden Rama Wijaya putra pambarep mijil saka garwa prameswari nanging sebab apa malah Raden Rama Wijaya lan Dewi Sinta garwane milih lelana ing alas?

Sadurunge ngrembug kanthi jangkep, ayo saiki padha dedonga nyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amrih gancar lan bisa mangerteni ancase pasinaon kanthi jangkep.

Kepriye critane garwane Prabu Dasarata cacah telu kasil duwe putra?

Kepriye critane Raden Rama Wijaya wurung dadi raja Ayodya?

I. Maca lan Nemokake Isine Teks Ramayana Laire Raden Rama Wijaya

Prabu Dasarata, raja ing Negara Ayodya kagungan garwa cacah telu, yaiku Dewi Kosalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Nanging nganti suwe garwa telu kasebut durung peputra. Prabu Dasarata banjur nyenyuwun marang dewa, ora let suwe garwa cacah telu kasebut padha nggerbini. Dewi Kosalya nglairake putra kakung banjur kaparingan nama Rama, Dewi Kekayi uga nglairake putra kakung kaparingan nama Bharata. Dewi Sumitra nglairake putra kembar diparingi nama Laksmana lan Satrugna.

Putra cacah papat kagulawenthah kanthi kebak tresna asih. Saben dina diparingi ngelmu lan seserepan, utamane babagan tresna asih mring sesama uga marangsakabehing titah. Nengenake manembah marang Gusti Kang Kuwasa, nduweni sipatsatriya, sarta gladhen kanuragan. Anggone necep kawruh kang maneka rupa kasebutdipasrahake marang Resi Wasista. Bocah papat ngancik jaka lan dewasa. Kabeh nduweni kuwasisan lan kelantipan, nanging Rama katon kang paling pinunjul tinimbang sedulur telu liyane.

Rama, satriya bagus gagah merbawani unggul babagan manah kang titis tanpa sisip. Ya saka kuwasisane kasebut Resi Wismamitra njaluk tulung marang Rama supayanyingkirake para danawa kang ngreridhu ing pertapane. Senajan

(14)

Prabu Dasarata was sumelang marang keslametane, nanging kanyata bisa mungkasi gawe. Para danawabisa disingkirake.

Sasirnane para danawa, Rama kang nama jangkepe Rama Wijaya uga jejuluk Ramaragawa, Ramacandra, Ramabadra, Ramadewa, lan Raguputra iku diprayogakakesupaya menyang negara Mantilidirja. Prabu Janaka, nata negara kasebut kagunganputri kang sulistya ing warna. Akeh para satriya kang kepengin nggarwa, nanging kabeh katampik. Sinta gelem kagarwa sauger ana sing bisa ngangkat lan menthang gendhewa pusakaning praja. Titisaning Dewa Wisnu iku supaya melu mupu sayembara amrih bisa dhaup karo Dewi Sinta. Bener, gendhewa kaangkat lan kapenthang deningAyodyaputra. Wusanane Rama kelakon nggarwa Sinta.

Sawise nggarwa Sinta, Rama sinengkake ing ngaluhur ngganteni Prabu Dasarata madeg raja ing Ayodya. Prabu Dasarata lali marang janjine menawa Dewi Kekayi peputra kakung bakal didadekake raja. Mula nalika Rama winisuda dadi raja, Dewi Kekayi banjur nutuh lan ngundhat-ngundhat janji kasebut sebab nyata peputra kakung nama Bharata. Ringkesing crita, Bharata didadekake raja ngganteni Rama. Ora tekan semono, Rama lan Sinta ora kena manggon ana jroning kraton Ayodya. Mula sawise Bharata diwisuda, Rama lan Sinta budhal didherekake adhine, Laksmana.

Bausastra

Kagungan : duwe

Garwa : bojo

Peputra : duwe anak

Nyenyuwun : ndonga nggerbini : mbobot

merbawani : duwe daya wibawa babagan : bab, ngenani

titis : pas karo sing disasar sisip : kliwat

kuwasisan : kepinteran, ketrampilan

gladhen : latihan

danawa : buta, raseksa

(15)

ngreridhu : nganggu

diprayogakake : disarankan menthang : narik tali (panah) gendhewa : panah

mupu sayembara : melu ngleboni sayembara disengkakake ing ngaluhur : didadekake raja winisuda : diwisuda

nutuh : ngarani, ndakwa

ngundhat-undhat : ngudhal-udhal perkara lawas didherekake : diterke, dikancani, diampingi Wangsulana pitakon ing ngisor kanthi trep!

1. Sapa sabenere Raden Rama Wijaya kasebut?

2. Sapa sing jumeneng nata ratu ing Ayodya?

3. Saking garwa Dewi Kekayi, Prabu Dasarata kagungan putra asmane sapa?

4. Rama nyingkirake para danawa kang ngreridhu. Menapa tegesipun danawa ing ukara kasebut?

5. Prabu Arjuna ing Mantili ngawontenaken sayembara menapa?

6. Putranipun Dewi Sumitra ingkang kembar jenenge sapa?

7. Prabu Dasarata, raja ing Negara Ayodya kagungan garwa 3 , sapa wae?

8. Nalika Bharata dadi raja ing Ayodya , prabu Rama apa oleh mapan ing kraton?

Apa sebabe?

9. Sapa sing isa menthang gandewa?

10. Kepriye watake Raden Ramawijaya?

II. Nulis Isine Teks Ramayana

Crita kasebut nuduhake anane crita wayang Rama Wijaya kang ngemot pakarti luhur. Kanthi pakarti luhur kasebut, penggalihe lan tumindake manungsa padha ngugemi kabecikan kang samesthine.

Tulisna isine paragrap cerita “Laire Raden Rama Wijaya” ing tabel ngisor iki!

Paragra f

Isine Paragrap Keterangan

1 2 3 4

(16)

5

III. Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap a. Ukara Tanduk

Ukara Tanduk yaiku ukara kang jejere (subjeke) nindakake pagaweyan lan wasesane kalebu tembung tanduk yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater anuswara (am, an, any, lan ang).

Tuladha :

1) Adhiku/ maca /buku crita/ ning kursi ngarep.

Jejer /wasesa/lesan / keterangan panggonan 2) Kowe/ nandur/ jagung/ ing kebon.

Jejer / wasesa / lesan/ keterangan panggonan 3) Supri / wingi /mbakar /tela.

Jejer/ ket wektu/ wasesa/ lesan Keterangan

Ukara ing dhuwur kalebu ukara tanduk jalaran tembung maca = ater-ater am + waca tembung nandur = ater-ater an + tandur tembung mbakar = ater-ater am + bakar b. Ukara Tanggap

Ukara Tanggap yaiku ukara kang jejere ketaman/kena pagaweyan. Dene wasesane kedadeyan saka tembung tanggap yaiku tembung lingga kang diwuwuhi ater-ater dak, ko, lan di lan seselan in.

Tuladha

1) Buku crita /diwaca / adhiku /ning kursi ngarep.

2) Jagung/ kotandur/ ing kebon.

3) Tela /dibakar /Supri / wingi.

Gladhen !

1. Gawea ukara tanduk nggunakake tembung – tembung ing ngisor iki!

a. mancing b. nggodhog c. nyukil d. nulis e. nyatet

(17)

2. Gawea ukara tanggap nggunakake tembung-tembung ing ngisor iki ! a. dithuthuk

b. sinerat c. kaanggit d. tinandur e. dakpendhem

3. Ukara ing ngisor iki dadekna ukara tanggap!

a. Samsul wingi sore nyumet diyan.

b. Mau esuk aku ngombe kopi.

c. Kowe sida nggawa pelem?

4. Ukara ing ngisor iki dadekna ukara tanduk!

a. Gerehku digondhol tikus.

b. Bukuku basa Jawa disilih Edi.

c. Geguritan kanthi judul “Mbarang” tinulis Ismaniasita.

5. Ukara ing ngisor iki endi kang kalebu ukara tanduk ukara tanggap!

a. Aku methiki bayem wingi esuk.

b. Meja ing sekolahanku didandani tukang.

c. Doni nyikat sepatune sing reged.

d. Nawala menika sinerat dening pak Camat.

(18)

D. Uji Kompetensi 2

I. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih A, B, C utawa D!

Prabu Dasarata, raja ing Negara Ayodya kagungan garwa cacah telu, yaiku Dewi Kosalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Dewi Kosalya nglairake putra kakug banjur kaparingan nama Rama, Dewi Kekayi uga nglairake putra kakung kaparingan nama Bharata. Dewi Sumitra nglairake putra kembar diparingi nama Laksmana lan Satrugna.

1. Rama Wijaya iku putra raja Ayodya kang lair saka ibu … .

A. Dewi Kekayi C. Dewi Sumitra

B. Dewi Kosalya D. Dewi Sinta

2. Sawise dielingake Dewi Kekayi Prabu Dasarata tambah susah atine sebab kudu milih salah siji Raden Rama Wijaya apa Raden Bharata sing bakal ngganteni dheweke. Perkara iki wis suwe dingerteni Raden Rama Wijaya mula dheweke banjur ngalah, netepi unen-uneh “ wani ngalah luhur wekasane”. Wani ngalah luhur wekasane tegese … .

A. Raden Rama Wijaya kalah karo Dewi Kekayi B. Raden Rama Wijaya kalah karo Raden Bharata C. Raden Rama Wijaya kalah karo Prabu Dasarata D. Rama Wijaya pilih lunga tinimbang dadi perkara

Prabu Dasarata boten kiyat nandhang duhkita awit tinilar ingkang putra. Boten antawis dangu lajeng seda. Layon karukti dening Raden Bharata. Sacekapipun ngrukti layon, Raden Bharata lajeng ngundhat-undhat dhateng ibu Dewi Kekayi awit dados jalarane sedanipun ingkang rama.

Raden Bharata boten kersa jumeneng nata, mila lajeng tindak dhateng wana saperlu nyusul ingkang raka. Sapanggihipun wonten ing redi Kutharunggu, Bharata mratelakaken sedanipun ingkang rama lan nyuwun konduripun ingkang raka Rama Wijaya supados ngasta keprabon ing Ayodya. Nanging Rama Wijaya boten kersa. Raden Bharata mopo awit Rama Wijaya kaprenah sedherek sepuhipun. Rama Wijaya paring piwulang dhateng rayinipun amrih tetep ngasta nata ing Ayodya.

3. Raden Bharata ora gelem dadi raja ngganteni ramane, mangka wus dititahake sawise Dewi Kekayi ngundhat-undhat prajanjen marang Prabu Dasarata. Bab kang ndadekake Raden Bharata ora gelem dadi raja yaiku … .

A. wedi lan kuwatir yen nganti kedadeyan kaya ramane, yaiku seda B. isih kaprenah luwih enom tinimbang kakangne, Rama Wijaya C. anane perjanjen kang ora tinemu nalar, malah gawe rajapati D. ora seneng marang Rama Wijaya kang gampang ngalah

4. Raden Bharata boten kersa jumeneng nata. Tembung nata tegese … .

A. nggawe dadi apik C. tatanan

B. gawe aturan D. raja

5. Prabu Dasarata tundhane seda jalaran ora kuwawa nandhang duhkita. Duhkitane Prabu Dasarata yaiku … .

A. Raden Bharata ora gelem dadi raja

B. pisah karo Rama Wijaya merga kalah perjanjen C. Dewi Kekayi njaluk supaya janjine diugemi

(19)

D. ora lila menawa kudu seleh keprabon

Sawijining wektu, Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana lan Raden Rama Wijaya, putrane Prabu Dasarata raja ing Ayodya. Satriya loro iku ora nglanggati katresnane Sarpakenaka, Sarpakenaka malah sansaya godha Raden Laksmana supaya bisa ditresnani, nanging Raden Laksmana malah duka irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol. Sarpakenaka ngigit-igit ing ati, banjur wadul marang kakange, “Kakang ana satriya loro saka Ayodya ngruda peksa aku?”

Sarpakenaka ngapusi karo ngatonake irunge.

6. Miturut wacan ing dhuwur irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol amarga … . A. Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana.

B. Sarpakenaka wadul marang kakange, Prabu Dasamuka.

C. Sarpakenaka nggodha Raden Laksmana nganti duka.

D. Sarpakenaka diruda peksa dening Raden Laksmana lan Raden Rama.

Abdine Prabu Dasamuka kang aran Kalamarica kadhawuhan memba dadi Kidang Kencana. Bakal kanggo maeka Raden Rama lan Laksmana, supaya Sinta bisa kadusta. Nalika Rama lan Sinta lungguh ing sangisore wit sing ngrembuyung, Sinta weruh Kidang warna emas liwat. Sakala Sinta kasengsem marang Kidang emas iku lan nyuwun marang Rama supaya Kidange dicekel.

7. Miturut wacan ing dhuwur, kang memba dadi Kidang Kencana yaiku … .

A. Dasamuka C. Rama

B. Kalamarica D. Laksmana

Sinta ngathungake tangane menyang sanjabane bunderan. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit, jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu cekakakan Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka.

Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake.

Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha. Serangane iku gawe Sinta meh tiba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta. “Putri nama kula Jathayu.

Kula mireng panjerit paduka saking katebihan,” ature manuk iku.

8. Prabu Rahwana iku raja arupa raseksa lan duwe watak … .

A. alus atine C. sabar atine

B. angkara murka D. seneng tetulung

9. Manuk Jathayu nulungi Dewi Sinta saka cengkeramane Prabu Dasamuka, senajan wujude manuk nanging duwe watak … .

A. serikan aten C. ora sabar

B. angkara murka D. seneng tetulung

10. Rahwana banjur ngguyu cekakakan Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake.

Tembung bangga nduweni teges … .

A. polah supaya uwal C. kepengin mabur

B. bungah atine D. lega atine

11. 1) Raden Rama Wijaya digadhang-gadhang dadi raja. 2) Dewi Kekayi ora sarujuk, awit yen peputra kakung arep didadekake raja. 3) Raden Rama Wijaya

(20)

ngerti kahanan iki banjur ngumbara. 4) Lungane dikancani Dewi Sinta garwane lan Raden Laksmana.

Ukara tanduk ing pethikan pada kasebut mapan ing nomer … .

A. (1) C. (3)

B. (2) D. (4)

12. Gatekna tembung-tembung iki!

1) ngganteni 4) digambarke

2) dielingake 5) daktukokake

3) ngalah 6) milih

Tembung-tembung kasebut kang kalebu tembung tanggap mapan ing nomer … .

A. 1, 3, lan 5 C. 2, 4, lan 5

B. 2, 3 lan 6 D. 3, 4 lan 6

13. Akeh wit-witan kang thukul ing pinggir segara nambahi endahing papan wisata kasebut. Tembung tanduk kang ana ing ukara kasebut yaiku … .

A. wit-witan C. nambahi

B. thukul D. papan

14. 1) Bapak nandur pari ing sawah.

2) Ibu nyayur bening wau enjing.

3) Tela digodhog Simbah nganggo manci.

4) Latare daksapu mau esuk salebare subuh.

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanggap yaiku … .

A. 1 lan 2 C. 2 lan 3

B. 1 lan 3 D. 3 lan 4

15. Bharata nyuwun supados Rama Wijaya kondur Ayodya. Ukara kasebut menawa diowahi dadi ukara tanggap dadine … .

A. Bharata disuwun supados Rama Wijaya kondur Ayodya.

B. Rama Wijaya dipunsuwun supados Bharata kondur Ayodya.

C. Rama Wijaya dipunsuwun Bharata supados kondur Ayodya.

D. Bharata dipunsuwun supados Rama Wijaya kondur Ayodya.

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !

1. Rama Wijaya satriya kang gagah unggul babagan manah kang titis tanpa sisip.

Ukara iku kalebu ukara … .

2. Prabu Dasarata, raja ing Negara Ayodya kagungan garwa cacah telu, yaiku Dewi Kosalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Dewi Kosalya nglairake putra kakug banjur kaparingan nama Rama, Dewi Kekayi uga nglairake putra kakung kaparingan nama Bharata. Dewi Sumitra nglairake putra kembar diparingi nama Laksmana lanSatrugna. Putrane Prabu Dasarata kaliyan Dewi Sumitra yaiku … . 3. Nalika lungguh sakloron ing sangisore wit sing ngrembuyung, Sinta weruh Kidang werna emas liwat. Pancen apik tenan wernane kidang iku. Sakala Sinta kasengsem marang kidang emas iku. “Kakangmas Rama, sae sanget kidang menika . Menapa Kakangmas kersa nyepeng kidang menika kangge kula?”

pambujuke Sinta. Saka pethikan crita kasebut watake Rama Wijaya yaiku … . 4. Teks ing ngisor iki wacanen banjur golekana paraga lan papan kedadeyan

kang ana ing cerita kasebut!

Nalika Rama, Sinta, lan Laksmana ngumbara, tindhakipun dumugi ing tengahing wana. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa

(21)

kidang kencana , Dewi Sinta nyuwun dipuncepengaken dening ingkang garwa.

Sang Rama tumuli ambujung kidang kencana.

5. Ukara ing ngisor iki endi kang kalebu ukara tanduk lan ukara tanggap a. Pardi adus ning kali

b. Roni mau esuk nglinthing mbako.

c. Dila mau esuk didhawuhi bu guru ing ruang BK

(22)

WULANGAN 3 PACELATHON/DIALOG

A. Tujuan Pembelajaran/ Ancasipun Pasinaon Setelah mempelajari bab ini, diharapkan siswa dapat :

1. Menganalisis dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari dialog yang disimak;

2. Menentukan informasi berupa gagasan, pikiran, pandangn, arahan atau pesan dari berbagai jenis dialog menggunakan kaidah unggah-ungguh basa dalam berkomunikasi;

3. Menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk menyampaikan pendapat, pemecahan masalah, pemberian solusi secara lisan dalam bentuk monolog, dan dialog logis, kritis, dan kreatif pada deskripsi tentang pariwisata;

4. Menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis tentang dialog untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa.

B. Materi Pembelajaran Dialog / Pacelathon

C. Uraian Materi Pembelajaran

Media komunikasi saiki wis sansaya canggih. Kanthi numuti majune jaman, saben uwong bisa ngerti kahanane wong ing panggon sing adoh tanpa kapethuk kanthi langsung. Ananging kanthi kapethuk langsung lan guneman karo wong liya, bisa nglatih kekendelan kita lan bisa ngraketaken hubungan social antawis sapadha.

Guneman dadi alat komunikasi marang wong liya supaya ngerti apa kekarepane.

Saben dinane awake dhewe guneman karo wong tuwa, guru, kanca, adhi, lan liya- liyane. Pacelathon kang ngrembug babagan wigati utawa ora wigati kabeh nduweni pigunan, pigunane yaiku ngandhut sawijine amanat utawa pesen. Wong guneman

Profil Pelajar Pancasila

Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia : Berdoa, pada awal pembelajaran

Bernalar kritis : Memperoleh dan memproses informasi dan gagasan perjuangan pahlawan dalam merebut kemerdekaan

Bergotong royong : Kolaborasi melalui dialog membahas berbagai kegiatan untuk mengisi kemerdekaan menggunakan kaidah berbahasa Jawa yang baik dan benar.

(23)

kuwi uga nduweni etika. Pacelathon uga wigati banget kanggo mengerteni sawijining informasi. Apa kang ingaran pacelathon iku?

1. Nggatekake Pacelathon

Nggatekake pacelathon tegese awake dhewe mahami wos pacelathon. Wos kuwi pokok pirembagan pacelathon. Dene wong kang nyemak / ngrungokake pacelathon kudu nggatekake paugeran-paugeran , antarane :

a. Wong kang nindakake pacelathon.

b. Papan anggone nindakake pacelathon.

c. Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon kuwi.

Pacelathon ditindakake sasithike rong uwong utawa luwih. Pacelathon kalebu peranganing kasusastraan Jawa. Pacelathon asale saka tembung lingga “celathu”.

Celathu tegese omongan utawi guneman. Pacelathon tegese omong-omongan wong loro utawa luwih, kekarone bisa gentenan minangka panutur lan mitra tutur (ana sing omong ana sing omong ana sing nanggapi/ngrungokake).

Ancase pacelathon ana loro, yaiku bisa ningkatake sikep padha mahami lan nrima, sarta mujudake kebarengan urip ing masyarakat kanthi damai lan ngurmati. Ing masyarakat pacelathon dadi sarana komunikasi minangka ing kelompok masyarakat.

Paugerane pacelathon yaiku :

a. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton.

b. Intonasine (lagune) uga nganggo waton, ora angger mbengok-mbengok.

c. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.

d. Polatane (wajahe/pandangan) uga nganggo waton, upamane aja karo mencereng – mencereng.

e. Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton(aturan) 2. Paugeran nulis pacelathon yaiku :

a. Nemtokake tema pacelathon

Tuladha : Tema pacelathon yaiku “Lingkungan”

b. Nemtokake paraga lan nulis jenenge paraga utawa wong kang nindakake pacelathon.

Tuladha : Paraga “Irfan, Doni, lan Surti”.

c. Sawise jeneng paraga diwenehi tandha titik loro (:) Tuladha :

Irfan : Doni : Surti :

(24)

d. Pacelathon ditulis nganggo tandha petik loro kang nuduhake ukara langsung.

Tuladha :

Irfan :”Sesok jarene ana kerja bakti yo Sur?”

e. Nulisake keterangan arupa papan, wektu, lan swasana ana ing jero kurung (…) Tuladha :

Irfan :”Sesok jarene ana kerja bakti yo Sur?”

Surti :”Iya Fan, jarene Pak Guru

Nalika nulis pacelathon kudu nggatekake undha usuk basa supaya bisa kanggo tuladha pamaca menawa guneman karo wong liya. Undha usuk basa yaiku tingkatan basa kaperang dadi papat yaiku :

a. Ngoko lugu

Ngoko lugu duweni titikan yakuwi tembunge nggunakake ngoko kabeh tanpa kacampuran krama utawa krama inggil. Panganggone ngoko lugu yaiku menyang sapadha-padha kang wis kulina banget, menyang sing keprenah enom, yen lagi ngunandika, tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

 Aku nyapu latar kala wingi.

 Dewi mlaku ngliwati wong padha kerja bakti b. Ngoko alus

Kang dadi titikane ngoko alus yakuwi tetembungan ngoko kacampuran krama inggil. Sing dikramakake inggil tembung sesulih lan tembung kriya dene ater-ater lan panambang tetep ngoko. Panganggone yaiku sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate, garwane priyayi marang sing kakung, priyayi marang priyayi yen wis kulina.

 Panjengenan mau apa wis dangu?

 Sar, panjenengan mau kondur jam pira?

c. Krama lugu

Krama lugu duweni titikan kabeh tembung- tembung krama. Panganggone krama lugu yaiku marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni, garwane priyayi marang sing kakung, priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajate, wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni, lan kanca kang lagi tetepungan.

 Sampeyan badhe tindak dhateng sabin?

 Rifki tanglet ibu menapa sampun dhahar?

d. Krama alus

Wujude, tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

(25)

Panganggone krama alus yaiku wong enom marang wong tuwa, batur marang bendarane, murid marang gurune, andhahan marang pimpinane, kanca karo kanca sing durung kulina.

 Pak RT ngepel jubin ing ngemper omahe.

 Bapak wajanipun wiwit kala wingi.

1) Gatekna Cengkorongan(Kerangka) lan Dialog ing ngisor iki !

Tema : Pariwisata

Judul/ Irah- irahan : Wisata menyang Tlaga Sarangan Paraga : Puspita, Pak Marga, lan Bu Marga Kerangka Pacelathon

a. Puspita, siswa kelas VII, liburan semesteran kepungkur bebarengan karo kanca- kancane siswa kelas VII nganakake wisata (study tour) menyang Tlaga

Sarangan.

b. Puspita didangu Bapak lan Ibune bab anggone wisata menyang Tlaga Sarangan.

Bapake Puspita asmane Pak Marga.

c. Puspita ngaturi wangsulan marang pandangune Bapak lan Ibune.

d. Puspita wis rampung anggone nulis laporan wisata menyang Tlaga Sarangan.

WISATA MENYANG TLAGA SARANGAN

Pak Marga : “Pus, piye critane anggonmu wisata menyang Tlaga Sarangan?”

Bu Marga :”Iya Pus, Ibu ya kepengin pirsa?”

Puspita :”Wah, ngremenaken sanget, Pak. Sesawangan alamipun endah sanget, Bu. Boten namung wisatawan nglebet nagari ingkang remen, nanging ugi kathah ingkang saking manca negari”

Pak Marga :”Lha iya, endahe kuwi wis wiwit biyen, Ndhuk! Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kongerteni bab Tlaga Sarangan kuwi?”

Puspita :”O, punika Pak. Tlaga Sarangan mapan wonten ing tapel wates antawisipun Jawa Tengah kaliyan Jawi Timur, prenahipun wonten Magetan sisih kilen ing lerengipun redi Lawu. Tlaga Sarangan mapan dhaerah pegunungan kirang langkung sewu meter saking lumahing toya seganten, mila hawanipun asrep, suhunipun 18-23 derajad Celcius.”

Bu Marga : “Wah … wah kok apal tenan, Pus.”

Puspita :”Inggih, Bu. Kaleresan kula kala wau damel laporan wisata Tlaga Sarangan.”

Pak Marga :”Biyen yen kepengin ngubengi Tlaga Sarangan saliyane ana kang mlaku uga ana kang padha numpak jaran, saiki piye, Pus?

(26)

Puspita :”Inggih, taksih wonten Pak. Malah wonten bendhi utawi delman. Ing Tlaganipun ugi dipuncawisi tetumpukan prau bebek lan prau boat.”

Bu Marga :”Kowe jajan apa ana Sarangan, Pus?”

Puspita :”Sate kelinci mawi lonthong, Bu. Eca sanget, dagingipun empuk lan bumbunipun mantep. Kathah sanget tiyang ingkang sade sate kelinci.”

Pak Marga :”Wingi kok nggawa kaos gambar Tlaga Sarangan lan oleh-oleh sambel pecel barabg ta, Kus?”

Puspita :”Inggih Pak. Sanesipun kathah sate kelinci, ing Sarangan ugi kathah tiyang sade cendera mata arupi kaos, tas, kerajinan tangan sanesipun, lan sekul pecel. Nalika semanten Bu Guru mundhut angsal-angsal sambel pecel, lajeng kula ndherek tumbas kagem angsal- angsal Ibu lan Bapak.”

Bu Marga :”Ya, Bapak lan Ibu melu bungah dene saya tambah pengalamanmu, ndhuk. Hmm … wis rampung durung anggonmu gawe laporan wisata?”

Puspita :”Inggih, awit pangestunipun Bapak lan Ibu, tugas kula sampun rampung.”

2) Saka pacelathon ing dhuwur wangsulana pitakon ing ngisor iki supaya dadi pokok- pokoke omong-omongan !

a. Paraga sing omong- omongan yaiku ….

b. Sing diomongake ing pacelathon mau yaiku ….

c. Papan kang kanggo omong- omongan ana ing ….

d. Basa sing digunakake yaiku

Basa ………. Kanggo ……….

Basa ………. Kanggo ………

3)Adhedasar informasi ing dhuwur, gawea cengkorongan (kerangka) pacelathon, banjur gawea teks pacelathon tema “Sampah ing masyarakat” kanthi ngetrapake paugeran nulis pacelathon lan unggah-ungguh basa kang trep

3. Angka Jawa

Angka Jawa kuwi cacahe ana sepuluh yaiku angka 0 (nol) tekan angka sanga (9).

Panulisan angka Jawa karo tembung dieleti nganggo pada pangkat (: :) Dadi tulisan angka Jawa diapit pada pangkat.

(27)

Wujude Angka Jawa yaiku :

Angka Latin Angka Jawa Angka Latin Angka Jawa

0 0 5 5

1 1 6 6

2 2 7 7

3 3 8 8

4 4 9 9

Tuladha :

1. Bapak lan ibu tindak sabin wau enjing.

? bpkLnHibutinFkSbinWau[anJi=.

2. Adhiku sinau maca lan nulis.

?adikusnaumclnNulis.

3. Aku seneng banget maem kacang godhog lan gedhang goreng.

?akusene=bzetMaemkc=[go[dogLnGed=[go[r=

4. Dimas tuku pelem lan dhuku ing pasar mau esuk.

?fimskupe2mLnDukuai=ps/mau[asuk\

tu

5. Gelas kagungane simbah pecah amarga kesenggol kucing.

?gelsKguz[nNsimBhpecham/gke[s=[golci=.

ku 6. Tahun 2021.

?taun\;2021:.

7. Sepatuku nomer 36

?septuku[nome/ :36:

8. Sapine lemu-lemu

?spi[n2mu2mu.

LEMBAR KERJA

I. Tulisen aksara Jawa ukara ing ngisor iki ! 1. Sulis maca buku paket padha bisa basa Jawa.

2. Harnanik mangkat sekolah jam 7 esuk.

3. Bukune gunggunge 85 pak.

4. Ibu maos koran wau enjing.

5. Bangun nyambut gawe ing Semarang.

D.Uji Kompetensi 3

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih a, b, c utawa d!

1. Pacelathon dumadi saka tembung celathu kang tegese ….

a. guneman b. topik c. gagasan d. lambe

(28)

2. Pacelathon bisa katindakake minimal … wong a. 2

b. 3 c. 4 d. 5

3. Tlaga Sarangan mapan ing dhaerah pegunungan kirang langkung sewu meter saking lumahing toya seganten, mila hawanipun asrep. Asrep tegese ….

a. panas b. sumuk c. adhem d. penak

4. Kaendahaning alam Nuswantara angelam-elami, kodrating Kang Maha Kuwasa kaya tinata jalma. Kaya tinata jalma tegese ….

a. kaya lagi wae ditata b. kaya ditata manungsa c. kaya digawe dening kewan d. kaya tumata karepe dhewe

Setitikna pacelathon ing ngisor iki knggo mangsuli pitakonan nomer 5 tekan 8!

Pardi : “Pancen Jo, akeh banget sing lagi kena flu pilek watuk. Kayane panyebabe lingkungan sing tambah reget lan polahe masyarakat sing ora resikan.”

Parjo : “Ya bener banget kuwi Di, deleng wae kae kali sing paling gedhe ing desane dhewe, saiki wis reget lan mambu banget. Pokoke gilani banget weruh kali kuwi.”

Pardi : “Nah kuwi masalahe, jare mbiyen pas jamane Bapakku, kali kuwi kena nggo adus karo nggo ngumbahi lo Jo. Wektu kuwi bening banget jare.”

Parjo : “Bener banget, jare Ramaku kaya ngono. Perubahan kudu diwiwiti saka dhewe, awake dhewe iki generasi mudha.”

5. Pratelan sing ora jumbuh karo pacelathon kasebut yaiku ….

a. Wabah penyakit disebabake amarga lingkungan sing reget b. Pola masyarakat sing ora resikan dadi panyebabe penyakit c. Kali ing desane Parjo pancen resik lan wening

d. Perubahan pratingkah masyarakat kudu diwiwiti saka generasi mudha 6. Kali kang reget bisa nyebabake penyakit ing ngisor iki kajaba ….

a. flu

(29)

b. watuk c. pilek d. liver

7. Parjo gila amarga deleng ….

a. Kali sing reget b. Wong lara pilek c. Sampah ing selokan d. Pardi durung adus

8. Tembung “polah “ tegese yaiku ….

a. solah b. pakaryan c. bekti d. gaweyan

Setitekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 9 – 12

Anto : “ San, deloken berita iki ! Banyu nang Sukaraja ora bisa diombe senajan wis diolah.”

Santoso :”Ya iku amarga polusi. Polusi lingkungan bisa dadi bebaya marang uripe manungsa.”

Anto :”Contone polusi apa wae San?”

Santoso :”Polusi udara kang disebabake kebul kenalpot kendaraan lan pabrik. Swara saka mesin-mesin pabrik lan kendaraan uga bisa njalari polusi swara. Ana uga polusi lemah lan banyu kang disebabake bahan-bahan kimia.”

Anto :”Nanging, yen dak kira polusi udara lan polusi banyu nduwene dampak paling gedhe San. Bener ora?

Santoso :”Ya bener kuwi, amarga udara lan banyu wigati banget kanggo uripe manungsa lan mahluk urip liyane ing bumi iki. Saiki kowe bisa mbayangke piye yen udara lan banyu kena polusi.”

Anto :”Ya pancen polusi udara lan banyu bisa njalari penyakit kang tumemen uga nyebabake kematian dini.

Santooso :”Lha yen manut opinimu, piye carane ngatasi polusi lingkungan?

9. Kajaba polusi udara, polusi sing duweni dampak gedhe yaiku ….

a. swara b. lingkungan

(30)

c. kebul d. banyu

10. Polusi ing Desa Sukareja bisa katingal jalaran ….

a. kebul knalpot kendaraan b. swara mesin pabrik

c. banyu sing ora bisa diombe d. akeh kedadeyan kematian

11. Polusi sing disebabake bahan kimia yaiku polusi marang ….

a. lemah b. swara c. udara d. wit-witan

12. Sing kudu ditindakake sepisanan kanggo ngurangi polusi yaiku ….

a. ngresiki kali lan selokan supaya ora banjir

b. nggawe wong liya sadar babagan bebayane pencemaran lingkungan c. nandur wit-witan ijo supaya udara dadi resik

d. nutup pabrik kang nyebabake pencemaran

Setitekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 13 – 14

Ibu Eni :”Bu niki sekolahan badhe nerima adiwiyata malih napa saking pamarentah?

Bapak Kepsek : “Nggih Bu, anggenipun kita taksih njagi kebersihan.”

Pak Budi :”Bu, sekolah menika gadhah arit mboten nggih?

Bapak Kepsek :”Gadhah kok pak Budi.

Pak Budi :” Teng pundi nggih? Kula padosi mboten ketemu-ketemu.”

Bapak Kepsek :”Nggih wonten lah pak, bilih kita kagungan adiwiyata salah setunggalipun sebab gadhah alat karesikan kang jangkep.

Ibu Eni :”Dados kelengkapan alat uga penting nggih Bu.

13. Adiwiyata yaiku pahargyan ing babagan ….

a. pendidikan b. patriotism c. karesikan d. ngudi kawruh

14. Pacelathon kasebut migunakake basa ….

(31)

a. krama inggil b. krama lugu c. ngoko alus d. ngoko lugu

15. Bukune ana 26 pak. Yen ditulis aksara Jawa ….

a. ?buku[nan:16:pk\

b. ?buku[nan:26:pk\

c. ?buku[nan:35:pk\

d. ?buku[nan:24:pk\

16. Aku lair nalika tanggal 18 Mei 1975. Yen di tulis aksara Jawa ….

a. ?akulai/nlikt=gl\:18: [mai:1975:.

b. ?akulai/nlikt=ga\:28:[mai:1974:.

c. ?akulai/nlikt=gl\:17;[mai:1975;.

d. ?akulai/nlikt=gl\:27;[mai:1974;.

17. Lesmana kuwi adhi kang ngabekti marang kakange. Manawa ditulis ing aksara Jawa yaiku

….

a. ?2sMnkuwiadik=zbekTimr=kk=[n.

b. ?lesMnkuwiadik=zbekTimr=kk=[n.

c. ?2sMnkuwiafik=zbekTimr=kk=[n.

d. ?lesMnkuwiafik=qbekTimr=kk=[n.

18. Garudha Jatayu seda amarga ….

a. kpnh[fni=rm b. [s=[khLsuwiwi[n c. fiaj/p]burhwn d. vmBe/tz[nsinT 19. ?g/w[n[fwisinTyaiku ….

a. rmwijy b. 2sMn c. fsmuk d. wibisn

20. ?a[nomnHikuprgsi=wujuf\ ….

a. kif=

b. jrn\

c. ke[qk\

(32)

d. grud

(33)

DAFTAR PUSTAKA

L. Mardiwarsito. 1990. Kamus Jawa Kuna – Indonesia. Jakarta : Nusa Indah Nuraini. 1991. Pepak Basa jawa Lengkap. Solo : Lingkar Media

Tukijo, Eko Wahyudi. 2022. Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP lan MTS Kelas VII. Jakarta : Erlangga

Wasana, Sudiyatmana.2016. Padha Bisa Basa Jawa Kelas VII SMP/ MTs. Jakarta : Yudhistira WJS.Poerwadarminta.1939.Baoesastra Djawa J.B Wolters Groningen Batavia

Referensi

Dokumen terkait