BAB PAWARTA
Pawarta tegese Kabar wigati kanggo bebrayan agung/masarakat gegandhengan karo kedadean sing dumadi ing wektu tertamtu
SARANA
Cetak= ariwarta, kalawarta Elektronik= internet, tv, radio
Basa sing digunakake 1. Ringkes
2. Mentes/ berisi 3. Padhet
4. Prasaja/ lugu utawa apa anane 5. Ora ngrugekake liyan
Unsur sing ana sajabane pawarta
• SAPA SING NULIS PAWARTA
• KAPAN DITULIS LAN DIWARTAKAKE
• ANA ING NGENDI DIWARTAKAKE
Unsur sing ana sajrone pawarta 1. APA PAWARTANE
2. SAPA NARASUMBERE 3. ANA NGENDI KEDADEANE 4. KAPAN KEDADEAN
5. NGAPA ALESANE KEDADEAN 6. KEPRIYE KEDADEANE
Ancas Pariwara
-Menehi informasi : Pariwara kang ora mbutuhake bathi, bakune paring pawarta kanggo warga.
-tuladha : Pariwara Keluarga berencana, PUSKESMAS, peduli lingkungan hidup, hemat energi, warta
kesripahan / kepaten, wong ilang, lsp.
-Nawakake barang / jasa; pariwara iki golek bathi.
Jinising Ukara
Crita, Pakon, Pitakon lan Sambawa Ukara Crita (Kalimat Berita)
Ukara Crita utawa Andharan yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijining bab utawa kedadeyan marang wong liya.
Tuladhane :
1.Rikala aku ngepit mau, ing protelon Tugu ana pasar malem rame banget.
2. Setu sesuk simbah arep kondur ing Purwokerto.
Ukara Pakon
Ukara Pakon utawa imperatif yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya
nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing ngongkon.
Wujude ukara pakon iku werna-werna, yaiku : 1. Pakon Lumrah
- Ndang mangana!
- Awas sing ati-ati!
- Wis enggal garapen!
2. Pakon Pamenging
- Aja dolan yen durung sinau!
- Aja rame-rame, simbah nembe sare!
- Aja mangan ana ing ngarep kelas!
3. Pakon Pangajak
- Ayo awake dhewe saiki leren dhisik!
- Ayo mengko sore padha mampir nggonku!
- Sadurunge kawiwitan, ayo padha dedonga bareng!
4. Pakon Panantang
- Maraa rene yen nyata-nyata wani!
- Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!
5. Pakon Paminta
- Dhik, tulung jendhelane ditutup wae!
- Tulung jupukna pensil neng lemari kelas!
Ukara Pitakon
Ukara Pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iki rancake migunakake tembung pitakon apa, piye pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, coba, cobi, kapan lan kala punapa. Ukara pitakon ana werna-werna jinise, yaiku :
1. Pitakon Lumrah - Omahmu ing ngendi?
- Saiki wis jam pira?
- Paribasan kuwi apa ta tegese?
2. Pitakon Kang Ora Perlu Wangsulan (Ukara Retoris) - Kesandhung kuwi apa lara ta, Mas?
- Sapa sing ora kepengin lulus sekolah?
3. Pitakon Paminta / Nyoba
- Saumpama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?
- Piye yen leren dhisik?
Ukara Sambawa
Ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama utawa senadyan. ukara iki rancake migunakake tembang-tembang kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana
Tuldhane :
1. Panasa ya klambiku ben garing.
2. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
3. Diwenehana klambi apik, ya ora tau dienggo.
BAB 4 BUDI PEKERTI TEMBANG MACAPAT SAKA SERAT WULANGREH
TEMBANG MACAPAT
Serat/Surat yaiku karya sastra Jawa arupa kumpulan tembang macapat kang ngemu Budi Pekerti luhur kanggo pedoman urip sing maca lan ditulis kaliyan Pujangga/ahli sastra. Serat
Wulangreh iku kaanggit/penulise yaiku Paku Buwana IV Apa iku Serat Wulangreh?
SERAT WULANGREH
TEMBANG GAMBUH Bakune yaiku :
Serat Wulangreh nduweni 11 tembang macapat lan salah sijine yaiku tembang Gambuh.
Tembang Gambuh nduweni baku, yaiku Pupuh/Tembang Gambuh ana 17 pada (bait).
Guru Gatra Tembang Gambuh ana 5 gatra (baris).
Guru Lagu/swara lan Guru Wilangan Tembang Gambuh yaiku : 7u - 10u - 12i - 8u -8o
Gambuh Laras Pelog Pathet 6
Sekar Gambuh ping catur :
Sekar Gambuh pola yang keempat
kang cinatur polah kang kelantur :
yang menjadi bahan perbincangan adalah perilaku yang tidak teratur
tanpa tutur katula-tula katali : tidak mau mendengar nasihat
kadaluwarsa katutuh :
semakin lama semakin tak terkendali
kapatuh pan dadi awon : hal ini akan berakibat buruk
AKSARA JAWA, MURDA LAN SWARA