• Tidak ada hasil yang ditemukan

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GANJIL SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023/2024: Bahasa Jawa Kelas 6

N/A
N/A
Rahma Noor Alifah

Academic year: 2023

Membagikan "PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GANJIL SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023/2024: Bahasa Jawa Kelas 6"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GANJIL SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Tema : 1. Kabudayan

2. Bela Negara 3. Pengalaman 4. Budi Pekerti

Hari, Tanggal : Senin, 28 November 2023

Kelas : VI (enam)

Waktu : 90 menit

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, utawa D kang kokanggep bener!

Wacanen kang permati (kanggo mangsuli soal nomer 1-6).

Baritan

Baritan yaiku upacara adat sing dianakake warga Desa Temenggungan. Upacara adat iki dilaksanakake ana ing prapatan saben RT/RW kanthi nggawa “takir”. Takir iku isine sega, jejanganan, lan lawuh maneka werna. Jejanganan sing biyasa digunakake kayata gudhangan. Sing ora kena keri yaiku janur kuning sing biyasa dipasang ana ing sajroning takir.

Baritan dianakake saben malem tanggal 1 Sura ing prapatan RT/RW lan awane ana ing masjid. Baritan dianakake kanggo kaslametan uga kelancaran kabeh warga Desa Temenggungan anggone makarya saben dinane. Kanggo ngundang para warga kumpul ana ing prapatan yaiku migunakake kenthongan.

Miturut para sesepuh desa, anane baritan kuwi amarga akehe warna-warna rubeda lan sengkala rikala jaman dhisik, dadi warga desa nganakake slametan. Ing jaman dhisik durung akeh masjid/musholla, mula saka kuwi baritan dianakake ana ing dalan/prapatan.

Mula bukane jeneng “baritan iku kedadean saka tembung “mbubarake peri lan setan”.

Sakwise sholat magrib, kenthongan banjur dithuthuk. Warga padha teka menyang prapatan nggawa takir akehe padha karo akehe anggota kulawargane. Sakwise kabeh ngumpul, takir padha ditata ana ing tengah. Warga lungguh ngubengi takir.

Sesepuh desa banjur miwiti kanthi donga kanggo kaslametan warga desa. Sawise donga, warga padha ngijolake takir sing digawa mau karo takir sing digawa warga liyane.

Tata carane warga ora kena nggawa takir sing digawa dhewe, kudu nggawa panganan sing digawa tanggane.

1. Ing wacan dhuwur tembung “takir” tegese ….

A. wadah sandhangan B. wadah panganan C. wadah buku D. wadah potelot

2. Sapa sing nganakake adat baritan?....

A. warga desa Temanggung B. warga desa Tulunggung C. warga desa Temenggungan D. warga desa Tulungagung

3. Jeneng baritan kuwi kadadean saka tembung apa?....

A. marani peri lan setan B. ngundang peril an setan C. nekakake peril an setan D. mbubarake peri lan setan

(2)

4. Sakwise donga sing dipimpin marang sesepuh, warga desa banjur padha ngijolake ….

A. takir sing digawa karo takir sing digawa warga liyane B. duwit sing digawa karo duwit sing digawa warga liyane C. banyu sing digawa karo banyu sing digawa warga liyane D. beras sing digawa karo beras sing digawa warga liyane 5. Tujuwan baritan yaiku kanggo ….

A. golek kelancaran para warga desa Temenggungan anggone menehi pangan B. kelancaran warga desa Temenggungan anggone makarya

C. nekakake bencana kanggo warga desa Temenggungan

D. kaslametan kabeh warga desa uga kanggo kelancaran para warga

6. Warga padha teka menyang prapatan nggawa takir akehe padha karo jumlahe anggota kulawargane. Ukara kasebut yen dikramakake yaiku ….

A. Warga padha rawuh menyang prapatan nggawa takir akehe padha karo akehe anggota kulawargane

B. Warga sami rawuh wonten prapatan mbekto takir kathahe sami kaliyan cacahe anggota kulawargane

C. Warga sami rawuh wonten prapatan nggawa takir kathahe sami kaliyan cacahe kulawargane

D. Warga padha rawuh ing prapatan mbekta takir kathahe sami kaliyan cacahe kulawargane Wacanen kang permati (kanggo mangsuli soal nomer 7-12).

Perang Tandhing

Perang Baratayuda, perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa ana ing Tegal Kurusetra wis kelakon pirang-pirang dina. Gathotkaca tinuding dadi

senapatining perang saka trah Pandhawa. Mungsuhe senapati Kurawa kang aran Adipati Karna.

Adipati Karna duwe gaman awujud panah kanga ran Senjata Kunta.

Gathotkaca ngendelake anggone bias mabur tanpa elar. Saben arep diwales, Gathotkaca banjur mabur luwih dhuwur. Suwe-suwe Adipati Karna panas banget atine. Mula banjur njupuk panahe kanga ran Senjata Kunta, banjur dipanahake munggah. Nanging rehne senjata Kunta pancen ampuh banget nganti ana langit sap pitu, panah mau bias nggoleki dhewe, amarga panah mau uga kasurung dening rohe Kalabendana ya pamane Gathotkaca, kang duksamana mati dening

Gathotkaca sing ora sengaja. Wekasan senjata Kunta bias ngenani Gathotkaca nganti nemahi palastra. Wis dadi titi wancine, senjata Kunta manjing marang warangkane.

Rangkane Senjata Kunta iku manggon ana ragane Gathotkaca. Awit rikala semana kang bisa nugel pusere Gathotkaca nalika lair ya rangkane Senjata Kunta kuwi. Mbarengi pedhote puser, rangka Senjata Kunta ilang lan manjing ana ragane Gathotkaca.

7. Gathotkaca ngendelake anggone bisa mabur tanpa elar. Tembung elar tegese ….

A. tangan B. driji C. sikil D. swiwi

8. Pamane Gathotkaca arane Kalabendana.

Basa kramane ukara ing dhuwur yaiku ….

A. pamane Gathotkaca jenenge Kalabendana B. pamanipun Gathotkaca asmanipun Kalabendana C. pamane Gathotkaca asmanipun Kalabendana D. pamanipun Gathotkaca jenenge Kalabendan

(3)

9. Gathotkaca satriya kang kena dadi conto amarga lila ing pati bela nagara. Basa kramane ukara kasebut yaiku ….

A. Gathotkaca satriya ingkang saged dados conto amargi lila pati bela negara B. Gathotkaca satriya ingkang saged dados tuladha amargi lila pati bela negari C. Gathotkaca satriya kang bisa dadi conto amargi lila pati bela negara

D. Gathotkaca satriya ingkang saged dadi tuladha amarga lila pati bela negari 10. Kang nugel pusere Gathotkaca nalika lair yaiku ….

A. sing duwe sanjata kunta B. sing gawe sanjata kunta C. rangkane sanjata kunta D. panahe sanjata kunta

11. Ingkang nyurung panahe Adipati Karna kang ngenani Gathotkaca yaiku ….

A. rohe Kalabendana B. senjatane Kalabendana C. aji-ajine Kalabendana D. jasade Kalabendana

12. Tokoh gambar ing sisih kiwa dhuweni watak ….

A. Sabar, jujur, prasaja

B. Wicaksana, seneng lindungi sing lemah C. Wani, kuat, jujur, cukat, tanggung jawab D. Wani, lemah, jujur

Wacanen kang permati (kanggo mangsuli soal nomer 13-18).

Menyang Tlaga Sarangan

Dhek dina Minggu kepungkur, Nindya lan kulawargane rekreasi menyang Tlaga Sarangan. Jam enem esuk wis padha budhal sarana numpak mobil. Paklik Kirun lan Bulik Hesti uga dherek. Ing Tlaga Sarangan hawane seger banget. Angine semilir, sakiwa tengene tlaga akeh wit-witan kang katon ijo royo-royo.

Yen kepengin seneng-seneng ing tlaga uga disediyani prau sewan. Nindya diajak bapake numpak jaran mubeng-mubeng sapinggire tlaga. Watara jam telu sore rombongan kulawargane Nindya banjur padha bali.

Sadurunge bali bapak lan ibu mundhut jajan kanggo oleh-oleh sing ana omah. Nindya dipundhutake dolanan boneka dening ibu. Udakara jam enem sore kabeh wis padha tekan omah. Lunga menyang tlaga Sarangan nyenengake ati.

Nindya ora bakal lali.

13. Sadurunge bali bapak lan ibu mudhut jajan kanggo oleh-oleh sing ana omah. Tembung mundhut tegese ….

A. njupuk B. tumbas C. lunga D. mbayar

14. Ing dina apa Nindya lan kulawargane rekreasi?....

A. Setu B. Minggu C. Senin D. Selasa

15. Geneya ing Tlaga Sarangan hawane seger banget? ….

A. amarga ing pinggir segara

(4)

B. amarga adhem, angine kenceng banget

C. amarga seger, angine semilir, sakiwa tengene wit witan ijo royo-royo D. amarga sumuk ora ana angina

16. Crita Tlaga Sarangan ing dhuwur kalebu crita pengalaman sing kepiye ….

A. lucu

B. nyenengake C. nyedhihake D. Nggumunake

17. Monggo kula aturi ….sareng kaliyan kulawarga.

Tembung kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ….

A. mangan B. nedha C. Dhahar D. Maem

18. Ing ngisor iki sing ora kalebu crita pengalaman yaiku ….

A. menang lomba macapat B. entuk juara kelas

C. nyirami kembang saben dina D. pit-pitan kecemplung kalen

kanggo mangsuli soal nomer 19-22.

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesunen sarira nira

Sudanen dhahar lan guling

19. padha gulangen ing kalbu. Tembung “kalbu” tegese ….

A. sedih B. ati C. pinter D. turu

20.Cacahe wanda saben sagatra, ing tembang kinanthi yaiku … A. 6

B. 7 C. 8 D. 9

21.Isine tembang kinanthi ing dhuwur yaiku ….

A. nggladhi utawa nglatih ati lan pikirane sakabehing ngelmu B. supaya nyedaki won gala

C. dadio wong becik

D. ati-ati karo wong sing becik

22. Ing pegunungan hawane adhem. Tembung adhem kosok baleen yaiku ….

A. gremet B. panas C. atis D. Cedhak 23.

Wacane aksara Jawa ing sisih kiwa yaiku ….

A. Galang tuku jamur B. Gilang tuku jamur

(5)

C. Galang tuku jamu D. Gilang tuku jamu

24.Tentara gagah prakasa, yen ditulis aksara Jawa dadi ….

A.

B.

C.

D.

25. Wacane aksara Jawa ing sisih kiwa yaiku ….

A. Suwarni nyiram kembang B. Suwarni tuku kembang C. Suwarni nandur kembang D. Suwarni nanem kembang

II. Genepana ukara ing ngisor iki kanthi tembung kang trep!

1. Tradisi baritan, ruwatan, saparan, lsp. Supaya lestari, budaya Jawa kudu di ….

2. Gathotkaca satriya kang kena dadi conto amarga lila ing pati bela nagara. Basa kramane ukara kasebut yaiku ….

3. Nalika mulih sekolah ban sepedane Sari kempes, kepeksa dheweke nuntun sepeda, tumuju tukang tambal ban. Pengalamane Sari kalebu pengalaman sing ….

4. Aksara Jawa ing sisih kiwa di waca….

5. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Ayo ajar nembang kinanthi.

(6)

KUNCI JAWABAN SOAL PAS 1 BAHASA JAWA KELAS VI

TAHUN 2023/2024 I. PILIHAN GANDA

1. B 11. A 21. A

2. C 12. C 22. B

3. D 13. B 23. B

4. A 14. B 24. D

5. D 15. C 25. C

6. B 16. B

7. D 17. C

8. B 18. C

9. B 19. B

10. C 20. C

II. SOAL ISIAN

1. diuri-uri/dilestarekake

2. Gathotkaca satriya ingkang saged dados tuladha amargi lila pati bela negari.

3. Nyedhihake

4. Parni angon wedhus 5.

SKOR : I = 1 X 25 (soal) = 25 II = 3 X 5 (soal) = 15

Jumlah = 40

NILAI = Jumlah maksimal : jumlah skor x 100 40 : 40 x 100 = 100

Referensi

Dokumen terkait

Tembung sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ...... Ceceg-ceceg ing ngisor iki wangsulana

Tembung kang mathuk kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yoiku….. Aku sakeluwarga arep

Ukara pitakon kang cocog kanggo ukara wangsulan ing dhuwur yaiku..... a.sapa

5 15.“Kang cinatur polah kang kalantur” Guru wilangan saka tembang gambuh kasebut yaiku .... Crita jaman biyen kang dadi ciri khas saben-saben daerah

Berikut yang bukan menunjukkan sikap masyarakat dalam kecintaan terhadap kebudayaan sendiri, yaitu ..... Tidak membiarkan budaya asing masuk untuk merusaknya

Kisi-kisi penilaian akhir semester ganjil untuk mata pelajaran PJOK kelas I Madrasah Ibtidaiyah (MI) yang memuat kompetensi dasar, materi pokok, indikator soal, bentuk soal, dan nomor

File ini berisi soal - soal PAS mata pelajaran Pendidikan Agama Islam di bidang Akidah

Menjelaskan variasi dan kombinasi gerak dasar lokomotor, non-lokomotor, dan manipulatif dengan kontrol yang baik dalam permainan bola besar sederhana dan atau tradisional dengan tepat