• Tidak ada hasil yang ditemukan

PENILAIAN TENGAH SEMESTER ( PTS ) GENAP TAHUN PELAJARAN 2022/2023: Bahasa Jawa Kelas 5

N/A
N/A
emmilia erwina

Academic year: 2024

Membagikan "PENILAIAN TENGAH SEMESTER ( PTS ) GENAP TAHUN PELAJARAN 2022/2023: Bahasa Jawa Kelas 5"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUWANGI

DINAS PENDIDIKAN

KORWILKERSATDIK KECAMATAN BLIMBINGSARI

PENILAIAN TENGAH SEMESTER ( PTS ) GENAP TAHUN PELAJARAN 2022/2023

L E M B A R S O A L Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : V (Lima) Hari/Tanggal : …………..

Waktu : 90 Menit

Wacanen kanthi patitis!

Gunung Ijen

Gunung Ijen iku sawijining objek wisata vulkanik kang dumunung ana ing laladan Banyuwangi, Jawa Timur. Kawah Ijen minangka objek wisata ingkang misuwur ing kalangan para wisatawan domestik lan manca negara amarga kaendahan alame lan akeh spesies tanduran kang bisa ditemokake ing kono, kayata; edelweiss lan Casuarina Junghu.

Ing gunung iki ana kawah kang ora kalah endah arane kawah Ijen. Kawah ing Gunung Ijen iki minangka kawah asam kang paling gedhe sak donya , kang uga misuwur kanthi fenomena alam kang diarani blue fire. Ananging ing mangsa udan, para wisatawan kudu luwih ngati-ngati amarga kawah Ijen duweni potensi kanggo ngetokake gas racun kang bisa mbebayani tumrap wisatawan lan penambang welirang. Gas racun iki diwetokake saka kawah Ijen dijalari saka perubahan suhu kang ekstrem banget ing sajerone kawah

Ana sawetara jalur kang bisa dipilih wisatawan kanggo bisa ngunjungi wisata gunung Ijen. Ana rong rute alternatif kanggo Wisata Kawah Ijen, sing pisanan saka Banyuwangi menyang Licin - Jambu - Paltuding. Jarake udakara 38 kilometer saka Banyuwangi. Kapindho saka Bondowoso – Wonosari – Sempol – Paltuding, watara 70 kilometer kanthi dalan sing luwih apik.

I. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI PATITIS!

1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?

2. Ing ngendi dununge objek wisata gunung Ijen?

3. Apa sebabe para wisatawan kudu ngati-ngati nalika mangsa udan?

4. Apa kang njalari metune gas racun saka ing kawah Ijen?

5. Jalur ngendi kang kudu diliwati supaya jarake luwih cedhak?

II. WENEHONO TANDHA PING (X) ING AKSARA B YEN PRANYATAN BENER, LAN ING TANDHA S YEN PRANYATAN SALAH!

N o

Pranyatan B S

6 Teks deksripsi njlentrehake samubarang kanthi cetha nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa lan ganda

7 Ing karangan eksposisi, penulis menehi bukti-bukti kang kuwat 8 Drijine mucuk eri tegese drijine lancip-lancip

9 Polahe kaya gabah diiteri kelebu tembung pepindhan 10 Tembung panyandra kanggo ngalembana kahanane awak

III. PILIHEN JAWABAN A, B, C, UTAWA D KANGGO JAWABAN KANG PALING BENER!

Wacan kanggo nomer 11-13

Wayah esuk ing Kawasan gunung Bromo endah banget. Ing sisih wetan katon semamburat abang. Mbaka sethithik srengenge mencorong padhang. Sadawane sesawangan savana, suket ijo kaya dene gelaran. Embun-embun kang nelesi gegodhongan saya suwe ngilang nguap amarga panase srengenge. Wong-wong wis miwiti pakaryane. Ana kang ngiderake jarane kanggo tetunggangan wisatawan, ana kang ngiderake panganan lan ana kang nunggang motor tril ngiteri kawasan gunung.

11. Idhe pokoke paragrap ing dhuwur yaiku….

A. wayah esuk kawasan gunung Bromo endah banget B. sesawangan savana lan suket ijo kaya gelaran C. wisatawan nunggang jaran

D. nunggang motor tril ngiteri Kawasan gunung

12. Ing ngisor iki pakaryane masyarakat ing Kawasan gunung Bromo, kejaba….

A. adol panganan

B. ngawasi kawasan gunung nunggang motor tril C. nawakake jaran kanggo tunggangan wisatawan D. adol jasa angkut wisatawan nganggo tandhu

13. Miturut wacan ing dhuwur, embun bisa ilang amarga kena….

A. angin banter B. banyu udan C. panase srengege D. udan angin

14. Gancaran kang ditulis kanthi duweni tujuan ngandharake samubarang marang sing maca supaya bisa ngrasa kaya nyawang dhewe, diarani teks gancaran....

A. eksposisi C. argumentasi

B. narasi D. dheskripsi

15. Bab wigati kapisanan kang kudu ditindakake nalika nulis karangan deskripsi yaiku....

(2)

A. gawe cengkorongan C. gawe urutane wektu B. nemtokake tema D. nganggo basa kang becik Wacan kanggo no 16-17

Adhiku jenenge Yani. Nalika nyawang adhiku, atiku kaya entuk panglipur.

Adhiku pancen lucu lan nggemesake, lambene cilik, abang lan kulite ngulit langsep.

16. Miturut wacan ing in dhuwur, lambene Yani dicandra….

A. micis wutah C. nraju mas

B. nduren sajuring D. Nggula satemlik 17. Ngulit langsep tegese….

A. kulite alus C. kulite ireng

B. kulite kuning D. kulite coklat

18.Suwarni lan adhine kembar pindha Jambe Sinigar.

Tembung kang ditulis kandel, iku kanggo mindhakake....

A. sesambate C. rupane

B. sesumbare D. anggone kekancan

19. Diana bocahe ayu, idepe ndengking. Panyandra kang trep yaiku....

A. idepe mangada-ada C. idepe ndamar kanginan B. idepe tumenga ing tawang D. idepe nraju mas

20. Amarga kakean dolanan HP, Roni mripate….

A. blawur C. Kempong B. kampong D. mingkus

IV. WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI MILIH LUWIH SAKA SIJI WANGSULAN KANG BENER!

21. Ing ngisor iki kang kelebu jinise basa rinengga yaiku....

A. panyendhu C. parikan

B. pepindhan D. pacelathon

22. Ukara kang kelebu tembung pepindhan yaiku....

A. ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu sregep B. swarane bindheng amarga lara watuk pilek

C. Dina karo Rustini kaya sadulur sinara wedi

D. amarga ditinggal lunga ibune, Robi kaya kuthuk kelangan babon.

23. Ing ngisor iki jinise gancaran adhedhasar tujuane nulis yaiku....

A. argumentasi C. deduksi

B. dheskripsi D. narasi

24. Ukara ing ngisor iki kang kelebu basa rinengga yaiku....

A. aku duwe kucing ulese ngembang asem B. kembang asem iku arane mengos C. yen ditamoni, suguhane mbanyu mili D. Sarti bocah grapyak

25. ing ngisor iki kang mbedakake paragrap deskripsi lan paragraph liyane yaiku....

A. nggambarake samubarang kanthi cetha

B. nerangaken sawenehe kegiatan kanthi runtut lan jelas C. njlentrehake kanthi bukti-bukti kang kuwat

D. njlentrehake samubarang kanthi nuduhake pakarya ndriya V. COCOGNA PRANYATAN A KELAWAN JAWABAN B!

26. Tembung panyendhu digunakake kanggo….

27. Cipir mrambat kawat, ora … angger liwat 28. Lembehane … sempal

29. Banyu ombak katon gemulung, nalika nyiprat rasane krasa asin. Kelebu….

30. Irunge … mlathi

A. mampir B. mblarak

C. nacad/ nyemoni D. narasi

E. deskripsi F. ngudhup

VI. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI KANTHI JAWABAN KANG BENER!

31. Kembang Raflesia gandane arum jamban, tegese....

32. Duren salah sawijine buah kang gandane arum lan kulite ana….

33. Manuk emprit, mencok pager mulang murid, murih….

34. Basa rinengga migunakake basa kang….

35. Salah siji titikane teks deskripsi yaiku bisa gawe sing maca kaya … dhewe VII. WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI PATITIS!

36. Sebutna titikane teks deskipsi!

37. tulisen nganggo aksara latin!

38. Apa kang diarani basa rinengga?

39. Wenehana tuladhane panyandra candrane awak!

40. Gaweo ukara

VIII. GAWEO KARANGAN KANTHI MILIH SALAH SAWIJINE IRAH-IRAHAN ING NGISOR IKI!

1. Dolan ing pesisir 2. Dolanan ethek-ethekan

https://traveling.bisnis.com/

Gaweo ukara kanggo deskripsiake gambar ing sisih kiwo iki!

(3)

3. Kerja bakti ing sekolah

Referensi

Dokumen terkait

Kartu Soal Penilaian Tengah Semester (PTS) Genap Bahasa Indonesia Kelas 5

Kisi-Kisi Penilaian Tengah Semester (PTS) Genap Bahasa Indonesia Kelas 5

Menjodohkan Jodohkanlah jawaban di lajur kanan yang sesuai dengan pertanyaan di lajur kiri dengan cara menuliskan huruf pada kotak jawab yang tersedia!.

23.Peristiwa sejarah yang berhasil menyatukan pemuda indonesia dari suku dan budaya yang berbeda adalah ………... 24.Semboyan bangsa Indonesia yang dijadikan pedoman pemersatu bangsa

Pertanyaan : “ …… yang dimaksud dengan suhu?” Jawaban : “ Suhu merupakan derajat panas suatu benda.” Kata tanya yang tepat untuk mengisi titik-titik diatas adalah ….. Pokok pikiran

Interaksi manusia dengan lingkungan yang kurang baik, juga dapat menyebabkan beberapa bencana yang merugikan manusia diantaranya, kecuali… a.. Interaksi manusia dengan alam ada yang

PEMERINTAH KABUPATEN BANDUNG BARAT DINAS PENDIDIKAN GUGUS KI HAJAR DEWANTARA SD NEGERI LEBAKLEUNGSIR PENILAIAN TENGAH SEMESTER PTS KELAS V LIMA SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Pilihlah salah satu jawaban yang paling tepat pada pilihan A, B, C dan D di bawah ini!. .أ Buku itu didalam