TUGAS ULANGAN TENGAH SEMESTER
Tugas Mata Kuliah Ngélmu Filologi Dosen Pengampu : Dra. Hesti Mulyani, M.Hum.
Disusun oleh :
Nama : Winangsit Esahning Siwi NIM : 23020230068
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
TAHUN AJARAN 2023/2024
PANGÊRTOSAN FILOLOGI
1. Saking jurnal kanthi irah-irahan "Studi Teks Sastra Melayu dan Jawa" déning Kun Zachrun Istanti (2010:16) ugi ngandharakên mênawi filologi inggih mênikå salah satunggaling disiplin ingkang sêsambêtanipun kaliyan studi tumrap asiling kabudayan (pamanggih, kapitadosan, adat, såhå piwulang-piwulang ingkang dipuncakakên wontên ing pagêsanganing masarakat) manungså jaman rumiyin.
2. Saking buku kanthi irah-irahan "Pengantar Teori Filologi" déning Baroroh-Baried, Siti, dkk. (1985:3), ngandharakên menawi Filologi inggih mênikå satunggaling ngèlmi ingkang kaginakakên kanggé nyinaoni isining sêratan, inggih adhêdhasar bahan ingkang sinêrat såhå ancasipun kanggé mahyakakên maknaning teks
3. Saking buku kanthi irah-irahan ”Metode Penelitian Filologi” déning Edwar (2002: 3), filologi inggih mênikå salah satunggaling ngèlmi ingkang objek panalitènipun awujud naskah-naskah dangu.
4. Saking buku kanthi irah-irahan ” Kamus Kata Serapan” déning Martinus (2001: 184) filologi inggih mênikå salah satunggaling kawruh ingkang gayut kaliyan bab kabudayan, kasusastran, adat istiadat, såhå sejarah satunggaling bångså kanthi têtilaran budåyå ingkang sinêrat.
5. Saking jurnal humaniora kanthi irah-irahan “Kembali ke Filologi: Filologi Indonesia dan Tradisi Orientalisme” déning Sudibyo (2007: 107). Filologi mênikå asalipun saking båså Yunani inggih mênikå têmbung „philos’ ingkang têgêsipun „trêsnå‟ såhå têmbung
„logos’ ingkang têgêsipun „têmbung‟. Kanthi etimologis, filologi dipuntêgêsi rêmên såhå trêsnå kaliyan têmbung
6. Saking buku kanthi irah-irahan “Filologi” déning Elis Suryani taun (2012:2-4), Filologi inggih mênikå disiplin ngèlmi ingkang sarånå kanggé ngrêmbag asiling budåyå, båså, såhå sastra satunggaling bångså mawi kajian båså awujud sêratan.
7. Saking e-jurnal panalitén kanthi irah irahan “Kajian Filologi saha Pasemoning Pasrawungan Wonten Layang Sasmita Wrin Nitya” déning Dwi Lestari Budiarti, Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta taun 2017 ngandarakên mênawi filologi kalêbêt satunggaling disiplin ngèlmi bab studi téks ingkang sinimpên wontên ing warisan sêratan masa lampau.
8. Saking buku kanti irah-irahan” Pengantar Filologi Jawa” déning Karsono H. Saputra, Filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé sarånå nyinaoni naskah såhå teks dangu.
9. Saking Skripsi kanthi irah-irahan "Serat Petung dalam Kajian Filologis" déning Dicky Qulyubi Aji Program Studi Sastra Jawa Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang 2019 ngandharakên menawi filologi inggih menikå salah satunggaling ngélmi ingkang nyinaoni téks kaliyan sedåyå sêluk belukipun ingkang wontên pinten-pinten bidang, inggih mênikå bidang kêbahasaan, kasusastran utawi kabudayan såhå kagungan objék panalitén naskah såhå téks.
10. Miturut soebadio lêbêting mulyadi (1991:3), filologi inggih mênikå salah satunggaling studi ingkang cêkap kaliyan bidang båså, kasusastran, såhå kabudayan ingkang sêsambêtan kaliyan kasil budåyå manungså wontên ing jaman rumiyin. Mulyadi, SWR.
1991. Naskah Dan Kita. Depok: Fakultas Sastra Universitas Indonesia Depok.
PANGÊRTOSAN NASKAH
1. Saking buku Pengantar Teori Filologi déning Baroroh-Baried, Siti, dkk. 1985, ngandharakên menawi naskah inggih mênikå sêratan tangan utawi carik ingkang ngêwrat sadåyå pamanggih såhå pangraos minangkå asiling budåyå bångså wontên ing jaman rumiyin..
2. Miturut onions (lêbêting darusuprapta, 1984: 1) saking jurnal kanthi irah-irahan
“Beberapa Masalah Kebahasaan dalam Penelitian Naskah” ngandharakên menawi naskah inggih mênikå anggitan sêratan astå, ingkang taksih asli utawi salinanipun , ingkang ngandhut téks utawi rangkéyaning têmbung-têmbung ingkang inggih mênikå waosan kaliyan isi tertamtu.
3. Saking skripsi kanthi irah-irahan “Kajian Filologi Naskah Piwulang Patraping Agesang” déning Pandu Wicaksana, Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta 2013 ngandharakên menawi naskah inggih mênikå salah satunggaling ungkapan panggalih ingkang awujud sêratan astå såhå ngêwrat kandhutan informasi manékå-warni masyarakat jaman rumiyin.
4. Saking skripsi kanthi irah-irahan ‘Kajian Filologi Serat Patraping Ngelmu Pan gukudan” déning Widodo, Program Studi Sastra Jawa Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang 2009 , naskah inggih menikå kasil budåyå ingkang maringakên kawruh babagan sejarah såhå kabudayan jaman rumiyin wontên ing salah satunggaling bangså.
5. Saking buku kanti irah-irahan” Pengantar Filologi Jawa” déning Karsono H. Saputra (2008: 3) ngandharakên bilih naskah inggih mênikå barang têtilaran ingkang awujud sêratan, naskah mênikå wadah.
6. Saking buku kanthi irah-irahan “Filologi” déning Elis Suryani (2012: 47) naskah inggih mênikå barang konkrêt ingkang sagêd dipuntingali såhå dipuncêpêng.
7. Saking e-book kanthi irah-irahan ”Filologi Indonesia: Teori dan Metode” déning Fathurahman (2015: 6) ngandharakên bilih naskah inggih mênikå salah satunggaling wujud asiling budåyå, ingkang ngêwrat teks awujud sêratan ngèngingi manékå warni sêsêrêpan, pamikir, kawruh, sêjarah, adat-istiadat, såhå tumindaking masarakat ing jaman rumiyin.
PANGÊRTOSAN TEKS
1. Saking buku kanthi irah-irahan” Teori dan Metode Pengkajian Filologi” déning Hesti Mulyani (2014:2), téks inggih mênikå rêrangkéning têmbung ing naskah (isining) tartamtu ingkang ngêwrat sêsêrêpan kabudayan jaman rumiyin ingkang lésan utawi sinêrat
2. Saking buku kanti irah-irahan” Pengantar Filologi Jawa” déning Karsono H. Saputra (2008:3) Téks inggih mênikå wacana ingkang kawrat wontên ing salêbêting naskah såhå sagêd dipunwaos, teks mênikå isi naskah
3. Saking buku Pengantar Teori Filologi déning Baroroh-Baried, Siti, dkk. (1985:56), Téks inggih mênikå anggitan ingkang ngêwrat bab samukawising agêsang, inggih ingkang magêpokan kaliyan sadåyå ingkang sampun kalampahan, inggih gêgayutan kaliyan humaniora. Teks jinisipun wontên 3 inggih mênikå teks lèsan, teks naskah carik, såhå teks cithak.
4. Saking jurnal panalitén kanthi irah irahan “Kajian Filologi Saha piwulang Estri Wonteng Ing Serat Sesorahipun Tin Sastraa Wirya” déning Tamara Nurwidyaningtyas (2018:24), Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta. Téks inggih mênikå isining naskah ingkang asipat abstrak, ingkang namung saged dipunangên-angên kémawon, inggih ingkang ngêwrat informasi- informasi sadåyå aspek pagêsangan ing jaman kapêngkêr, såhå sagêd dipunandharakên kanthi lésan utawi sinêrat dhatêng generasI salajêngipun supados sagêd lêstantun.
5. Saking jurnal kanthi irah-irahan Studi Teks Sastra Melayu dan Jawa dening Kun Zachrun Istanti (2010:14) Teks inggih mênikå sêsêrêpan ingkang wontên ing salêbêting naskah.
6. Saking jurnal kanthi irah-irahan "Kajian Filologi såhå Kawruh Sasmitå wontên ing Layang Sasmitå titikå déning Siti Sawilah hal 4, téks inggih mênikå isining naskah ingkang ngêwrat sêsêrêpan jumbuh kaliyan jinisipun, ingkang kaandharakên mawi aksårå, tåndhå, såhå båså.
7. Saking buku kanthi irah-irahan “Filologi” déning Elis Suryani (2012: 47) Téks inggih mênikå sêratan ingkang kawrating salêbêting naskah ingkang asipat abstrak, wondéné anggènipun mangrêtosi isinipun teks kanthi cårå dipunwaos rumiyin.