• Tidak ada hasil yang ditemukan

ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN

B. Asiling Panaliten

2) Acara Ijab

Wonten kalih versi cara nglampahaken ijab utawi akad nikah wonten ing Serat Centhini, inggih menika tata cara ingkang dipunandharaken dening Syekh Wakidiyat kaliyan tata cara ijab wonten ing pawiwahannipun Syekh Amongraga lan Niken Tambangraras.

Ing ngandhap menika tata caranipun ijab miturut andharanipun Syekh Wakidiyat:

(1) Penganten kakung dipunlenggahaken ing sisih wetan ing madhep pengulu, wali ing sisih leripun pengulu, kalih tiyang saksi ing tengenipun.

(2) Saksampunipun jangkep, wali ngendika dhumateng pengulu:

Kiyai pangulu, kula ngrêsaya satuhu dhumatêng ijêngandika ningkahakên anakulun wadon aran Anu rara angsal lawan bagus Anu. Kalawan maskawin slake pêthak satail wratipun kinêncèng tuwin kasambut kula èstu sampun suka. (jilid II pupuh 103 sekar Jurudemung pada 27-28)

Terjemahan :

“Kiai penghulu, saya minta tolong kepada Kiai untuk menikahkan anak saya

perempuan yang bernama Rara Anu dengan Bagus Anu dengan mas kawin

slaka pethak ‘perak putih’ seberat setahil ’38,60 gram’, tunai atau dipinjam saya perbolehkan.”

(3) Ki Pengulu saksampunipun nampi panyuwunipun wali, lajeng ngendika dhumateng penganten kakung kados mekaten:

Bagus Anu jêngandika, tampèni paningkahipun Rara Anu anakipun wadon Ki Anu kalawan maskawin salaka pingul bobot satail punapa kinêncèng tuwin kasambut.

Terjemahan :

“Bagus Anu, Anda terima nikah Rara Anu, anak perempuan/putri Ki Anu

dengan mas kawin perak setahil beratnya. Anda terima tunai atau dipinjam?”

(4) Penganten kakung mangsuli:

Mas kawin kawula sambut. (jilid II pupuh 103 sekar Jurudemung pada 30). Terjemahan :

“Mas kawin saya pinjam.”

(5) Ki Pengulu ugi ngendika dhumateng wali bilih mas kawinipun dipunsambut. (6) Ki Pangulu lajeng maos donga taawud. Donga taawud menika inggih menika:

Iya angudubilahi minassaitanirrajim, bismillahir rahmanir rakim, bismillah walkamdulil lahi rabilalamina, wasalatu wasalamu, ala Rusulillahi salalahu ngalaihi was salamusikum ngibadalah, wa nafsihi takuwalah. (jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 1-3)

(7) Dipunlajengaken kaliyan ngendika:

Anikahakên kawula ing rara Anu punika Anak wadone Ki Anu ing jêngandika mas Anu kalawan maskawin slaka putih satail kang bobotira. (jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 3-5).

Terjemahan :

Saya menikahkan Rara Anu putri Ki Anu dengan Mas Anu, serta mas kawin perak setahil beratnya putri Ki Anu dengan Mas Anu, serta mas kawin perak setahil

beratnya.”

Nuwun narima kawula paningkahe rara Anu ing kawula kalawan mas kawin slaka pêthak mulya pan satail bobotira kawula sambut punika (jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 6-7).

Terjemahan :

“saya terima nikah Rara Anu dengan saya serta mas kawin perak mulia”

(9) Ki Pengulu saksampunipun miring wa barakal, wiwit donga taawud lan bismillah, lajeng donga Allahuma alim lam alaita bainal mai batinna. Allahuma tawil ngumurrahuma wa sakih aji sadahuma wa nawira kulubahuma wa sabit. Innama huma wa aksin akamala huma wa wasih arjaka huma wa ilahi kaerikia riba huma. Fiddini wal dunya wal akhirah iinaka ngala kulli sain kodir. (jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 8-11)

(10) Saklajengipun saksi ngucap janji dhumateng penganten kakung, ingkang wosipun:

Ki pangantèn dhawuh nata jêngandika angèstokna manawi ijêngandika Nambang rabi jêngandika (m)bok rara Anu punika pitung sasi lakon dharat rong tahun nabrang samodra. Saliyane nglakonana ayahan dalêm sri nata tan trimane bojo (n)dika inggih bok Anu punika. Bapak dhumatêng ing kakim andika lajêng ngrêntahna ing talak (n)dika satunggal myang bayar maskawinira. (jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 12-15).

Terjemahan :

Ki pengantin, hendaklah Anda mematuhi sabda raja. Jika Anda meninggalkan istri Anda Rara Anu tujuh bulan perjalanan darat, dua tahun perjalanan samudra,

kecuali menjalankan tugas kewajiban negara, kalau istri Anda Rara Anu tidak dapat menerima akan hal itu, lalu rapak menghadap hakim, Anda hendaknya lalu

menjatuhkan talak satu serta membayar mas kawin Anda.”

(11) Penganten kakung ngendika “gya”.

(12) Lajeng penganten sasalaman kaliyan pengulu.

(13) Dipunlajengaken kaliyan ujung utawi bekti dhumateng tiyang sepuh.

Tata cara upacara ingkang dipunlampahaken nalika upacara pawiwahannipun Syekh Amongraga kaliyan Niken Tambangraras radi beda kaliyan versinipun Syekh Wakidiyat. Menika tata caranipun:

Ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, penganten kakung medal saking papanipun dipuniringaken kaluwarganipun tumuju papan kangge ijab, inggih menika masjid utawi pendhapa griyanipun penganten putri. Saking papanipun tumuju ing papan ijab, penganten dipunpayungaken payung ijem semu jenar lan dipuniring dening para santri ingkang nabuh terbang lan sesingiran.

Papan palenggahan kangge saben tiyang sampun dipuntata. Ingkang lenggah ing sisih kilen inggih menika pengulu lan para saksi. Ingkang lenggah ing sisih wetan inggih menika wali saking penganten putri lan saksi. Menawi penganten kakung lenggah ing ngajeng.

Saksampunipun lenggah sadaya, wali penganten putri nyuwun dhumateng pengulu supados nikahaken putrinipun kanthi nyebataken mas kawinipun. Lajeng pengulu nampi pangajabipun lan nglampahaken.

Bismillahirahman nirakim ngusikum ngibadallah wanapsi wabi takwalahi ankahtu wangidun binta pulanin mintabi mahri. Kada pan mangkono ingsun ningkahakên maring Nikèn Tambangraras lan Ki Amongragi kalawan mas-kawin Kur'an ingkang agung. Pakênira ngucap angabuli.

Terjemahan :

Bismillahirahman nirakim ngusikum ngibadallah wanapi wabi takwalahi ankahtu wangidun binta pulanin mintabi mahri. Saya menikahkan Niken Tambangraras dengan Ki She Amongraga dengan mas kawin Quran yang agung. Amongraga engkau harus mengucapkan kesediannya. (jilid II pupuh 357 sekar Mijil pada 334-340).

Saklajengipun penganten kakung ngendika :

Anrima kula ing paningkahe Nikèn Tambangraras lawan mami mas-kawin Kur'an-i ngalim ingkang agung.

Terjemahan :

“Saya terima nikah Niken Tambangraras denganku serta mas kawin Quran yang agung.”

Ki Pengulu ngucap:

Wa barakallahu ngala kaher wa bi palalihi Allahuma alipbinahume kama alapta baenalmaki, walbarli wasalji watin

Saksi ngucap janji kaliyan nyepeng jempol,

(n)dika tampi jangji-dalêm dene samangsane pakênira mangkin aningal mring rabi tri taun ing laut

Terjemahan :

“Engkau terima janjiku. Adapun kelak jika engkau meninggalkan istri tiga

tahun lamanya untuk berlayar

pitung sasi ing dharatan benjing liya karyèng katong tan trimane rabinira mangke pêsthi pêgat tanpa talak sarwi tinagih sri-kawin.

Terjemahan :

atau tujuh bulan di darat dan istrimu tidak menyetujuinya, engkau harus menceraikan tanpa talak.” Amongraga menyetujui.

Saksampunipun penganten kakung nyaguhaken, saksi sanesipun sigra maos donga ngumur. Tiyang kathah mangsuli kanthi ngucap amin sesarengan. Sampun paripurna acara ijab menika. Penganten kakung lajeng ngaturaken bekti dhumateng pada sesepuh, pengulu, lan para paman.

n. Panggih

Upacara panggih ugi dipunwastani upacara dhaup utawi temu, inggih menika upacara tradisi dipunpanggihaken penganten kakung lan penganten putri. Acara panggih menika dipunlampahaken sasampunipun ijab utawi akad nikah kangge tiyang agami Islam utawi sakramen pemberkatan nikah utawi misa kangge tiyang agami Nasrani (Kristen saha Katolik) (Pringgawidagda, 2006: 189). Tatacara panggih ingkang dipunpanggihaken wonten ing Serat Centhini inggih menika penganten kakung tindak dhateng papan panggih, panggih, balangan gantal, wijikan, mecah tigan, ngujung, kacar-kucur, pangkon, ngabekti, saha pahargyan.