• Tidak ada hasil yang ditemukan

Tetimbangan milih jodho kanthi ngetang cacah neptu

ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN

B. Asiling Panaliten

2) Tetimbangan milih jodho kanthi ngetang cacah neptu

Tiyang Jawi pitados bilih dinten miyos satunggaling tiyang saged dipunginakaken kangge nemtokaken jodho. Pramila ing saben dinten lan pasaran wonten bijinipun. Ing ngandhap menika pethikan saking Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 1 ingkang nyebataken biji saking pitung dinten.

Neptuning ari pasaran, beda lan kang kasbut ngayun, Jumuwah siji ingetung, Saptu loro, akad tiga, senenne sakawan neptu, slasa lima rebone sad, kemise neptu pipitu

Terjemahan :

Nilai angka hari pasaran berbeda dengan yang telah disebutkan di depan. Jumat dihitung 1, Sabtu : 2, Ahad: 3, Senin: 4, Selasa: 5, Rabu: 6, dan Kamis: 7.

Saking pethikan kasebut, saged dipundudut bilih biji saking saben dinten inggih menika. - Jumuwah : 1 - Setu : 2 - Minggu : 3 - Senin : 4 - Selasa : 5 - Rebo : 6 - Kemis : 7

Menawi biji saking pasaranipun dipunsebataken ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 2. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Dene neptune pasaran, kaliwon siji puniku, legi loro paing telu, epon Neptune sakawan, wage lima ingkang neptu, wusing kumpul kajupukan, arane mangkya winuwus.

Nilai hari pasaran, Kliwon: 1, Legi: 2, Paing: 3, Pon: 4, dan Wage: 5. Bila nilai angka hari dan pasaran telah dijumpai kemudian dikurangi enam-enam. Saking pethikan ing nginggil saged dipundudut bilih biji saking saben pasaran inggih menika. - Kliwon : 1 - Legi : 2 - Paing : 3 - Pon : 4 - Wage : 5

Biji dinten lan pasaranipun tiyang jaler lan estri ingkang badhe dipunjodhokaken dipuncacahaken, lajeng cacah kasebut dipunkirangaken enem-enem. Ing ngandhap menika dipunandharaken asiling petungan ingkang migunakaken petungan neptu.

a) Tirah 1

Menawi asiling petungan wau tirah 1 dipunwastani nuju padu. Menawi krama watakipun awon, tegesipun satunggaling perkawis saged dadosaken padu, saged dadosaken gelut. menawi wekdal menika dipundadosaken dinten kangge krama, penganten mesti badhe padu lan gelut. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 3. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Kalamun kari anjuga, ingaranan nuju padu, awon dene watakipun, sabarang kudu sulaya, apadudon tansah ngedur, yen kanggo (n)ndhaupaken apan, panganten sulayeng kayun.

Terjemahan :

Selanjutnya disebutkan demikian: bila bersisa satu disebut nuju padu ‘menuju pertengkaran’, artinya jelek, segala sesuatu selalu menimbulkan silang pendapat, senantiasa bertengkar berlarut-larut. Jika waktu itu untuk perkawinan, mempelai akan selalu berselisih dan berbeda pendapat.

Dinten ingkang petunganipun nuju padu wonten gangsal, inggih menika Akad Pon, Senin Paing, Slasa Legi, Rebo Kliwon, lan Saptu Wage. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 185 sekar Jurudemung pada 9. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Dina kang petunganira, anuju padu winuwus, ana lima iku kulup, akad pon senen paingnya, slasa legi puniku, rebo kaliwon kalawan, saptu wage mung puniku.

Terjemahan :

Hari dengan perhitungan jatuh pada nuju padu ‘menuju pertengkaran’ tersebut

jumlahnya lima, yaitu Ahad Pon, Senin PAing, Selasa Legi, Rabu Kliwon, dan Sabtu Wage.

b) Tirah 2

Menawi asiling petungan wau tirah 2 dipunwastani demang kandhuwuran. Menawi krama limrahipun badhe kakirangan dhaharan lan rasukan utawi rejeki, ugi asring gerah; menawi dipunginakaken kangge pawiwahan penganten badhe sengsara kados mekaten. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 4. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Kari kalih ingaranan, demang kandhuwuran iku, mungguh wateke liripun, kakurangan sandhang pangan, kerep nandhang lara tuhu, lamun kanggo palakrama, panganten nandhang kadyeku.

Terjemahan :

Jika bersisa dua disebut Demang Kandhuruan, demang Kandhuruan biasanya akan kekurangan makan dan pakaian atau rezeki, seringkali juga menderita sakit; jika untuk perkawinan pengantin akan menderita seperti itu juga. Dinten ingkang petunganipun nuju padu wonten enem, inggih menika Ahad Wage, Senin Pon, Slasa Paing, Rebo Legi, Kemis Kliwon sarta Jumuwah Kliwon. Bab

kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 185 sekar Jurudemung pada 10. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Nuju demang kadhuwuran, ri akad wage puniku, senen epon kalihipun, salasa paing titiga, rebo legi kang kacatur, kemis kaliwon kalmia, jumuwah kliwon nemmipun.

Terjemahan :

Hari yang perhitungannya angkanya jatuh demang kandhuruan, yaitu Ahad Wage, Senin Pon, Selasa Paing, Rabu Legi, Kami Kliwon, dan Jumat Kliwon. c) Tirah 3

Menawi asiling petungan wau tirah 3 dipunwastani sanggar waringin. Menawi krama adatipun sae, ayem, tentrem, dipunparingaken suka lan slamet, lan rejekinipun kathah, menawi kangge nglampahaken pawiwahanasilipun ugi kados mekaten.. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 5. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Kari telu ingaranan, sanggar waringin pakantuk, becik arep watakipun, anemu suka raharja, rejekinira sempulur, kaanggowa palakrama, uga mangkono pinangguh.

Terjemahan :

Bila bersisa tiga disebut sanggar waringin ‘sanggar beringin’, pada adatnya

baik, tenang, tenteram selalu bahagia dan selamat, senantiasa mendapat rezeki, jika untuk perkawinan seperti demikian itu pula hasil yang diperolehnya.

Dinten ingkang petunganipun nuju padu wonten enem, inggih menika Senen Wage, Slasa Pon, Rebo Paing, Kemis Legi, Jumuwah Legi, lan Saptu Kliwon. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 185 sekar Jurudemung pada 11. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Sanggar waringin manggonya, ri senen wage puniku, slasa epon kalihipun, rebo paing katiganya, kemis legi kaping catur, jumuwah legi kalmia, saptu kliwon kanemipun.

Terjemahan :

Yang jatuh pada sanggar waringin ‘sanggar beringin’yaitu pada hari Senin

Wage, Selasa Pon, Rabu Paing, Kamis Legi, dan Jumat Legi serta Sabtu Kliwon.

d) Tirah 4

Menawi asiling petungan wau tirah 4 dipunwastani mantra sinaroja. Menawi krama asilipun sae, pangajabipun kalampahan sarta pinaringan suka lan slamet, boten kuciwa, sae sanget kangge pawiwahan. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 6. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Kari papat ingaranan, mantra sinaroja bagus, kadugen sakarsanipun, winantu suka raharja, seneng tan kuciweng semu, kanggo (n)dhaupken pangantyan, puniku luwih pakantuk.

Terjemahan :

Bilamana sisanya empat, disebut mantra sinaroja ‘menteri ditangkap’, berhasil

baik, dan tercapailah segala cita-citanya serta selalu didukung oleh kegembiraan dan keselamatan, tidak kecewa senantiasa diliputi kesenangan, sangat baik untuk perkawinan.

Dinten ingkang petunganipun nuju padu wonten enem, inggih menika Akad Kliwon, Slasa Wage, Rebo Pon, Kemis Paing, Jumuwah Paing lan Septu Legi. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 185 sekar Jurudemung pada 12. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Nuju mantra sinaroja, akad kliwon puniku, slasa wage kalihipun, rebo epon katiganya, kemis paing kaping catur, jumuwah paing kalmia, septum legi nenemipun.

Terjemahan :

Yang jatuh pada mantra sinaroja ‘menteri dirangkap’, yaitu hari Ahad Kliwon,

Selasa Wage, Rabu Pon, Kamis Paing, Kamis Paing, Jumat Paing, dan Sabtu Legi.

e) Tirah 5

Menawi asiling petungan wau tirah 5 dipunwastani macan ketawang. Menawi krama dipuntebihaken lan dipunajrihaken, asring wonten tiyang ingkang gadhah pepingan ingkang boten sae, lan ugi asring kicalan barang, kangge nglampahaken pawiwahan ugi mekaten. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 7. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Kari lima apan aran, macan ketawang liripun, tinebihan kineringan mung, sring ana kang sedya ala, lan asring kelangan iku, kaanggowa palakrama, uga mangkono tinemu.

Terjemahan :

Bila bersisa lima disebut macan ketawang ‘hariwa tertawan’, artinya dijauhi

dan ditakuti orang, hanya seringkali ada orang yang bermaksud jahat, dan sering pula kehilangan sesuatu, untuk melaksanakan perkawinan pun begitulah yang akan diperolehnya.

Dinten ingkang petunganipun nuju padu wonten enem, inggih menika Akad Legi, Senen Kliwon, Rebo Wage, Kemis Pon, Jumuwah Pon lan Septu Paing. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 185 sekar Jurudemung pada 13. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Anuju macan ketawang, ri akad legi puniku, senen kliwon kalihipun, rebo wage katiganya, kemis epon kaping catur, jumungah epon limanya, saptu paing nenemipun.

Terjemahan :

Yang jatuh pada macam ketawang ‘harimau tertawan’ yaitu hari Ahad Legi,

Senin Kliwon, Rabu Wage, Kamis Pon, Jumat Pond an Sabtu Paing. f) Tirah 6

Menawi asiling petungan wau tirah 6 dipunwastani nuju pati. Menawi krama tegesipun rezekinipun bakal mati, awrat anggenipun pados rejeki (pangan lan sandhang), menawi krama boten bakal dangu, bakal pegat lan sengsara. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 185 sekar Jurudemung pada 8. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Pungkasan kari nem aran, nuju pati watakipun, mati pet rejekinipun, sandhang pangane rekasa, lamun ana manten dhaup, nora lawas dadi pegat, tur nandhang susah mawantu.

Terjemahan :

Terakhir, jika bersisa enam disebut nuju pati ‘menuju kematian’, artinya mati

sama sekali rezekinya, sulit dalam mencari nafkah (makan dan pakaian), jika ada perkawinan tidak akan bertahan lamalah perkawinan itu, mereka akan bercerai dan selalu menderita kesusahan hidupnya.

Dinten ingkang petunganipun nuju padu wonten enem, inggih menika Akad Paing, Senen Legi, Slasa Kliwon, Kemis Wage jumuwah Wage, lan Saptu Pon. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 185 sekar Jurudemung pada 14. Pethikanipun wonten ing ngandhap menika.

Nuju pati pungkasanya, ri akad paing puniku, senen legi kalihipun, slasa kaliwon katiga, kemis wage caturipun, jumuwah wage kalimanya, saptu pon pungkasanipun.

Terjemahan :

Hari yang jatuh pada nuju pati ‘menuju kematian’, yaitu Ahad Paing, Senin Legi, Selasa Kliwon, Kamis Wage, Jumat Wage, dan Sabtu Pon.