• Tidak ada hasil yang ditemukan

Penganten kakung tindhak dhateng papan panggih

ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN

B. Asiling Panaliten

1) Penganten kakung tindhak dhateng papan panggih

Sakderengipun upacara dipunwiwiti, penganten putri ingkang sampun dipunpaes dipunlenggahaken ing lebet griya kangge nengga rawuhipun penganten kakung. Saklajengipun satunggaling utusan tindak kangge lapor dhumateng tiyang sepuhipun penganten putri wonten ing papan ijab bilih penganten putri sampun siap. Para utusan nderekaken penganten kakung tumuju ing papan penganten putri. Bab

menika dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid 6 pupuh 357 sekar Mijil pada 377-379.

Sami praptèng dalêm amiranti, nèng jrambahing kobong, kalasa lus sungsun tri sinrêbèt, mamrih sinêbaran sarwa sari, nulya Luci prapti, tanya sampunipun.

Ni Malarsih anauri aris, iya wus mirantos, santri Luci wangsul age-age, atur marang ing Kiyai Bayi, Panurta ngling aris, mring Mongraga wau.

Tuwin mring kang sêpuh-sêpuh sami, sadaya rumojong, nulya nuduh mring santri Luci-ne, kinèn (m)budhalêna para santri, ingundhangan aglis, umangkat sadarum.

Terjemahan :

Tak berapa lama santri Luci datang menanyakan kesiapan Tambangraras. Ni Milarsih mengatakan bahwa segalanya sudah siap. Santri Luci pergi melapor kepada Ki Bayi yang kemudian memberi tahu Amongraga

dan para tua-tua. Santri Luci memimpin para santri mengiringkan Amongraga menuju ke tempat Tambangraras.

Konteks cariyos pethikan ing nginggil menika inggih menika santri Luci ingkang dipunutus kangge nyuwun pirsa kasiapanipun Tambangraras. Ni Milarsih ngendikaken bilih sadaya sampun siap. Santri Luci tindak lapor dhumateng Ki Bayi ingkang saklajengipun ngandikani Amongraga lan para sesepuh. Santri Luci mimpin para santri nderekaken Amongraga tumuju ing papanipun Tambangraras.

Wonten ing sakngajengipun penganten kakung, wonten saperangan pangombyong ingkang nabuh terbang kaliyan sesingiran ingkang swantenipun kados zikir. Penganten kakung lumampah gegandengan kaliyan sesepuhipun penganten putri.

2) Panggih

Nalika rombongan penganten sampun dugi wonten ing dalemipun penganten putri, rombongan kasebut kendel wonten ing ngajeng konten kaliyan ngajengaken anggenipun singiran lan nengga penganten putri medal saking griyanipun. Penganten putri mlampah dipundeherekaken ibu sarta sederekipun tumuju ing konten. Pengaten kakung dipunapit tiyang sepuhipun penganten putri ing sisih kiwa lan pengulu ing sisih tengen. Wonten ing wingkingipun penganten kakung wonten kaluwarga lan sederek-sederekipun. Penganten kekalih dipunpanggihaken wonten ing antawisipun lebet lan jawi konten.

Wonten saperangan adat ingkang dipunlampahaken babagan tata cara panggih penganten, ing antawisipun kados mekaten:

(1) Menawi penganten kakung dhudha lan penganten putri taksih gadis

Ing ngandhap menika dipunandharaken adat panggih ingkang dipunlampahaken menawi penganten kakung dhudha lan penganten putrinipun taksih gadis.

Lan ngabekti para tamu putri, lan mring bapa embok, yen panganten dhudha lanangane, ingkang wadon isih prawan sunthi, nalikane panggih, balangan wus rampung.

Gathuk aneng samadyaning kori, sakaloron (n)dhodhok, ingkang lanang anyekel tumpere, ingkang wadon gupuh anyirami, kalamun kapanggih, misan prenahipun. (Serat Centhini jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 51 lan 52) Terjemahan :

dan wanita, serta kepada ayah ibunya. Apabila pengantin pria duda ‘balu’,

pengantin wanita masih gadis; waktu upacara temu cukup saking melempar sirih, selesai,

bertemu di depan pintu, keduanya duduk, prianya memegang kayu yang ujungnya berbara, wanitanya segera menyiram dengan air. Apabila kedua

pengantin itu saudara misan ‘saudara sepupu atau satu kakek buyut/keturunan ketiga’ urutannya,

Pethikan ing ngginggil menika ngandharaken bilih nalika panggih penganten namung cekap ambalang gantal wonten ing ngajeng konten kemawon, lajeng lenggah wonten ing patanen. Penganten kakung beta kajeng ingkang mengangah, lajeng penganten putrinipun nyiram migunakaken toya.

(2) Menawi penganten kekalih kaprenah sederek misanipun

Ing ngandhap menika dipunandharaken adat panggih ingkang dipunlampahaken menawi penganten kakung dhudha lan penganten putrinipun kaprenah misan.

Gathuk aneng samadyaning kori, sakaloron (n)dhodhok, ingkang lanang anyekel tumpere, ingkang wadon gupuh anyirami, kalamun kapanggih, misan prenahipun.

Ingkang lanang isarate mawi macul pipisan prok, lamun awu tuwa kang wadone, ingkang priya isarate mawi, macul tumpeng putih, neng ngareping pintu. (Serat Centhini jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 52 saha 53)

Terjemahan :

bertemu di depan pintu, keduanya duduk, prianya memegang kayu yang ujungnya berbara, wanitanya segera menyiram dengan air. Apabila kedua

pengantin itu saudara misan ‘saudara sepupu atau satu kakek buyut/keturunan ketiga’ urutannya,

dengan syarat pengantin pria mencangkul pipisan ‘alas penghalus bumbu

-bumbu jamu’. Bila urutannya wanita lebih tua, syaratnya pengantin pria mencangkul tumpeng nasi putih di depan pintu.

Pethikan ing nginggil menika ngandharaken bilih menawi penganten kekalih kaprenah misan penganten kakung kedah macul pipisan.

(3) Menawi penganten putri langkung sepuh tinimbang penganten kakung

Ing ngandhap menika dipunandharaken adat panggih ingkang dipunlampahaken menawi penganten putri langkung sepuh tinimbang penganten kakung. (Serat Centhini jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 53)

Ingkang lanang isarate mawi macul pipisan prok, lamun awu tuwa kang wadone, ingkang priya isarate mawi, macul tumpeng putih, neng ngareping pintu.

Terjemahan :

dengan syarat pengantin pria mencangkul pipisan ‘alas penghalus bumbu

-bumbu jamu’. Bila urutannya wanita lebih tua, syaratnya pengantin pria mencangkul tumpeng nasi putih di depan pintu.

Pethikan ing nginggil menika ngandharaken menawi penganten putri langkung sepuh tinimbang penganten kakung, pramila penganten kakung kedah macul tumpeng sekul pethak ing ngajeng konten.

(4) Menawi tiyang jaler dhaup kaliyan wanita ingkang trahipun langkung inggil Ing ngandhap menika dipunandharaken adat panggih ingkang dipunlampahaken menawi tiyang jaler dhaup kaliyan wanita ingkang trahipun langkung inggil.

Yen wong ngandhap oleh putri nginggil, darahe sang katong, nalikane lumaku angangge, mandhi lawung lilingan mantesi, tekaning taritis, sing pendhapa uwus.

Nalikane penganten lumaris, duk arsa kapanggoh, pan kinanthi ing kanan kernge, estri jalu nganggo patah sami, kang (ng)gawa tapsirih, lan paidon iku. (Serat Centhini jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 54 saha 55)

Terjemahan :

Apabila pria kawin dengan wanita berdarah lebih tinggi, ialah keturunan raja atau berdarah biru, waktu upacara temu berjalan dengan membawa tombak terhunus sampai di pinggir pendapa.

Waktu pengantin berjalan ketika hendak bertemu di gandeng kanan kiri wanita

pria dengan patah ‘gadis kecil dan jejaka kecil dihias sebagai pengantin bertugas menemani pengantin’, keduanya membawa baki tempat sirih dengan

perlengkapannya dan paidon ‘wadah dubang/ludah makan sirih’

Pethikan ing nginggil ngandharaken bilih menawi penganten kakung trahipun langkung andhap tinimbang penganten putri kadosta trahipun ratu utawi ningrat, nalika upacara panggih mlampah migunakaken tombak dumugi pinggir pandhapa. Nalika mlampah badhe panggih, penganten kekalih dipungandeng patah ing kiwa tengenipun. Patah inggih menika lare-lare alit ingkang dipunpaes kadosta penganten lan tugasipun ngancani penganten. Kekalihipun bekta baki kangge gantal lan paidon.