• Tidak ada hasil yang ditemukan

Sarat Penganten Boyong

ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN

B. Asiling Panaliten

16) Sarat Penganten Boyong

Sarat ingkang kedah dipunsediakaken nalika boyong penganten inggih menika: (1) Bantal jumputan kangge sare saksampunipun upacara panggih;

(2) Ponjen isi anggi-anggi ingkang saklajengipun dipunlebetaken kanthong. Kanthong-kanthong kasebut dipundadosaken satunggal ing kanthong ingkang langkung ageng. Anggi-anggi kasebut dipunbuang saben ngliwati lepen;

(3) Ayam alit, menawi boten wonten saged dipungantos tigan; (4) Sekar;

(5) Menyan; (6) Boreh; (7) Miri; (8) Kluwak;

(9) Uwos.

Bab sarat penganten boyong menika wonten ing Serat Centhini dipuntedahaken wonten ing pethikan jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 4 dumugi 6 menika.

Nyi Sriyatna amedharken malih, anakmu si Menok, gawekana bantul jumputane, kanggo turu sawuse apanggih, besuk lamun mulih, iku aja kantun.

Lawan ponjen isi anggi-anggi, winadhahan kanthong, dhewe-dhewe gya neng kantong gedhe, lan (ng)guwangi besuk ulihneki, saben angliwati, ing kali puniku.

Rupa pitik sawiji kang cilik, kembang menyan konyoh, miri kluwak kalawan berase, wadhahan dumadi sawiji, menek tan na pitik, endhog bae cukup. Terjemahan :

Nyi Sriyatna berkata lagi, “Anakmu si Menok buatkan bantal jumputan untuk

tidur setelah upacara temu, kelak bila pulang supaya dibawa jangan sampai tertinggal.

Serta ponjen ‘kantung’ berisi anggi-anggi ‘bumbu-bumbu jamu’ dimasukkan kantung masing-masing kemudian dijadikan satu dalam kantung besar; sedangkan pulangnya kelak, setiap melewati sungai membuang:

seekor ayam kecil, kembang, kemenyan, boreh, kemiri, kluwak, beras, dijadikan satu wadah, namun bila tidak ada ayam cukup telur saja

Sadaya sajen kasebut dipundadosaken satunggal ing satunggaling wadah. 17)Wilujengan Sepasaran

Ing sapasar utawi dinten kaping gangsal saksampunipun upacara penganten, kedah nyediakaken:

(1) Sekul wuduk; (2) Sekul golong; (3) Sekul jenar;

(4) Uwos ingkang wonten ing klemuk dipuncampur ngantos rata; (5) Jenang sungsum;

(6) Juruh.

Bab sajen selametan sepasaran menika wonten ing Serat Centhini dipuntedahaken wonten ing pethikan jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 7 dumugi 9 menika.

Sapasare kudu dislameti, sega wuduk golong, sega punar beras ingkang aneng, ing kalemuk uworna kang wradin, salawe wang dhuwit, kanggowa tetuku.

Pirantine sega telung warni, yen tan cukup ejog, nanging kudu mangkono sarate, lawan jenang sungsum juruh krambil, diratakna maring, kang pada tutulung.

Lan panganten sabarayatneki, kang padha kaleson, kabeh iku namung nirokake, kang wus klakon du king nguni-uni, basane ngeluluri, ujaring pra sepuh.

Terjemahan :

Pada sapasar ‘hari kelima’-nya harus diselamati: nasi wuduk, golong, nasi kuning, beras yang ada di klemuk ‘guci kecil’ campurkan yang rata, uang selawe wang ‘212,5 sen’ dipakai untuk membeli

kelengkapan nasi tiga macam tadi, bila tidak cukup ditambah, tetapi harus

demikian syaratnya, serta jenang sungsum ‘dari tepung beras’ dan juruh ‘air

larutan gula kelapa’, diberikan kepada semua orang yang membantu bekerja

pada peralatan secara merata,

juga kepada pengantin dan keluarganya yang bersangkutan. Semua itu hanya menirukan yang telah terjadi dahulu kala, dengan kata lain melestarikan lata

orang tua.”

Sabarang ubarampe kasebut dipunsukakaken tiyang ingkang mbiyantu nyambut damel ing acara pawiwahan menika, kalebet ugi penganten lan

kaluwarganipun. Adat kasebut sampun dipunlampahaken saking jaman rumiyin. Lan dipunlestantunaken dumugi jaman nalika Serat Centhini dipunanggit.

Nanging ing wekdal samenika kathah ingkang sampun boten ngawontenaken sajen. Miturut Nurhayati (2001: 35-36) alesanipun amargi perkawis ekonomi, paedah, agami lan amargi boten mangertos. Kangge ngawontenaken sajen ingkang jangkep perlu arta ingkang kathah, dene paedahipun kirang katingal, lan katingal mubadzir. Amargi alesan menika cacah sajen wonten ing upacara pawiwahan ing wekdal samenika dipunkirangaken. Sanesipun ugi amargi perkawis agami, padamelan kados mekaten mlebet kategori syirik, pramila sajen kasebut dipunbotenwontenaken. Sajen ingkang taksih dipunwontenaken inggih menika sanggan lan abon-abon (suruh ayu, pisang ayu, lan lawe).

b. Saperangan acara wilujengan wonten ing upacara pawiwahan

Wonten ing saperangan acara, masarakat Jawi ngawontenaken acara wilujengan sakderengipun utawi saksampunipun acara kasebut dipunlampahaken, adat menika ugi wonten ing upacara pawiwahan. Ing ngandhap menika saperangan wilujengan ingkang dipunwontenaken nalika upacara pawiwahan ing Serat Centhini. 1) Wilujengan ngadegaken tarub

Wilujengan ngadegaken tarub menika dipunlampahaken saderengipun tarub dipunpasang. Wilujengan menika dipunlampahaken kangge mulyakaken para luluhur saking calon penganten putri lan calon penganten kakung. Wonten ing Serat Centhini, wilujengan ngadegaken tarub dipunandharaken wonten ing jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 4 dumugi 6 ing ngandhap menika.

Aturipun lujenga ngadeging tarub, ujub amumulya, Ki Ageng Tarub ing uni, myang luluhur saking estri saking priya.

Kang samara siti kutu-kutu, walang wong antaga, kang denambah sadayeki, mugi sami anebihna sambekala.

Anyelakna ing suka raharja sarju, kadugen sakarsa, donganya mulyaken Kyai, Ageng Tarub kalawan salamet donga.

Terjemahan :

Katanya, “Selamatan mendirikan teratak, ujub memuliakan Ki Ageng Tarub dahulu dan para leluhur dari pihak wanita maupun pria.

Mereka yang disebut semara bumi ‘makhluk halus penjaga bumi’ serta kutu

-kutu walang antaga ‘semua makhluk hewan dan manusia’ yang dilalui, semua

semoga mereka menjauhkan aral,

mendekatkan pada kesukaran, keselamatan, berkenan terlaksana semua keinginan. Doanya: memuliakan Kiai Ageng Tarub, dengan doa selamat. Pethikan ing nginggil menika nedahaken bilih wilujengan ngadegaken tarub dipunwiwiti ujub mulyakaken Ki Ageng Tarub. Salajengipun mulyakaken para luluhur saking calon penganten putri lan calon penganten kakung, sarta mulyakaken samara bumi lan kutu-kutu walang antaga ingkang dipunliwati. Wilujengan menika dipunlampahaken supados upacara pawiwahan menika tinebihna saking sambekala, nyelakaken ing suka, raharja, sarju lan kadugen sakarsa. Donga ingkang dipunwaos ing wilujengan ngedegaken tarub menika inggih menika donga mulyakaken Kyai Ageng Tarub lan donga kaslametan.