• Tidak ada hasil yang ditemukan

Ing sakawit sahadat poenika dereng katata lan kadapoek toewin kaserat; wonten- ipoen namoeng kaoetjapaken wonten ing lesan kemawon. Nanging ing sarehning pasamoean-pasamoean poenika sami anggadahi dasar satoenggal, kaadegaken wonten ing tetales satoenggal, toenggil Goesti, toenggil pitados, toenggil baptis lan toenggil Allah Sang Rama (Ep. 4:5,6) poenapa dene dados satoenggal sariranipoen Kristoes, mila inggih mesti kepengin noenggil mawi sahadat satoenggal.

Margi saking nalar makaten dangoening ngadangoe sahadat ingkang roemijin namoeng kaoetjapaken ing lesan waoe ladjeng kadapoek toewin katata niwah katetepaken dening pakempalanipoen pasamoean minangka pakempalanipoen pasamoean minangka tetoeroetan bab oegeman lan oetjapaning pitadosipoen pasamoean.

Sahadat poenika pantjen perloe kapatjak wonten ing serat, awit manawi boten makaten ulesti bade enggal itjal oetawi enggal kalebetan panasaran malih. Sarana anggenipoen kapatjak wonten ing serat ladjeng saged tetep redaksinipoen lan saged kangge marisi oetawi nilari dateng pasamoean ingkang kantoen.

POENAPA TJARANIPOEN NJERAT SAHADAT POENIKA SAGED EWAH?

Limrahipoen panjeratipoen sahadat poenika inggih boten ladjeng sapisan dados, tegesipoen, kapisan kemawon ladjeng sampoen anggadahi woedjoed kados ingkang wonten ing sapoenika, nanging limrahipoen mawi ontwikkeling, tegesipoen wiwitanipoen taksih wonten kirangipoen oetawi dereng sampoerna, ladjeng saking sakedik dipoen sampoernakaken.

Prakawis poenika tjeta saki g kawo te a ipoe “ahadat prakawis . Saderengipoen sahadat poenika anggadahi woedjoed kados ingkang wonten ing sapoenika, woedjoedipoen langkoeng tjekak lan taksih wonten artikel ingkang dereng katoet kaseboetaken. Sahadat waoe namanipoen Symbolum Romanum.

Dados jen makaten tjeta bilih tjaranipoen njerat sahadat poenika inggih saged ewah. Ananging sasaged-saged pasamoean sampoen ngantos goemampil angewahi sahadat ingkang sampoen wonten, sanadyan namoeng tetemboenganipoen. Awit kita sami mangertos bilih ewahing temboeng oetawi ewahing aksara poenika sampoen saged ngewahaken soeraos ingkang soemimpen wonten ing ngrikoe. Mongka sahadat ingkang sampoen wonten poenika sahadatipoen pasamoean ingkang sampoen makina-kina, saha dipoen oegemi leresipoen. Lan kita inggih mangertos kados poenapa pangatos-atosipoen para pasamoean anggenipoen netepaken tetemboenganipoen sahadat poenika waoe. Ewadene manawi saestoe kepengin wonten gesehipoen kalijan kajektosanipoen pangandikanipoen Allah, sampoen mesti pasamoean boten kenging kendel kemawon.

Ing nginggil sampoen kaatoeraken bilih kanggenipoen pasamoean Djawi doemoegi

sapoe ika i gka g pa tje woedjoed sahadat poe ika saweg “ahadat prakawis ,

sahadat ingkang oemoem, ingkang oegi dados gadahanipoen sadaja pasamoean. Manawi makaten poenapa pasamoean poenika sampoen memenoehi pepoendoetanipoen Goesti anggenipoen pasamoean kedah anggadahi tetoenggoel lambanging pasamoean ingkang nisihi sadaja piwoelang ingkang nasar? Awit sadaja pasamoean ingkang nama Kristen sami anggadahi sahadat 12 prakawis poenika, sanadyan pasamoean Roem oetawi Pentekoesta oetawi Advent oetawi Loether lan sanes-sanesipoen.

Pantjen pasamoean kedah anggadahi sahadat ingkang specifiek nedahaken bentoekipoen, selot-selotipoen inggih mesti bade gadah, awit pasamoean ing ngriki poenika taksih nem sanget. Kanggenipoen pasamoean ingkang gesang mesti inggih bade wonten djoemedoelipoen sahadat ingkang notjogi kawontenanipoen pasamoean.

Ing nginggil sampoen kaatoeraken oegi bilih Piwoelang Agami Kristen oetawi Heildelbergsche Catechismus poenika mitoeroet acta Synode dereng kaanggep sahadat-

230

ipoen, lan mitoeroet rembag-rembag ingkang dipoen tampi dening commissie roemijin inggih namoeng dipoen anggep toentoenan piwoelang bab kapitadosanipoen pasamoean.

Ing sarehning ingkang dipoen emot wonten ing Piwoelang Agami Kristen poenika bab sahadat 12, ingkang minongka ringkesaning isinipoen kapitadosanipoen para tijang Kristen (pitaken lan wangsoelan 22:), saha angger-angger 10 prakawis, minongka dados patokan ing pandamel ingkang sae kangge para tijang pitados (pitaken lan wangsoelan 91) toewin Pandonga Rama Kawoela, minongka peranganing tjaos panoewoen ingkang moelja pijambak, mila gegandengan kalijan sahadat 12 waoe dereng saged moedjoedaken pilah- pilahing pasamoean roepi-roepi, commissie ngadjengaken soepados Synode andamel uitspraak bilih katranganing sahadat ingkang leres, mitoeroet kejakinanipoen pasamoean, poenika kados ingkang kaemot wonten ing Piwoelang Agami Kristen. Sadaja katranganing sahadat 12 ingkang boten tjotjog kalijan katranganipoen Piwoelang Agami Kristen kaanggepa panasaran.

Dados wosing atoeripoen commissie poenika makaten:

a. Synode andamela uitspraak, bilih ingkang dados sahadatipoen poenika

“ahadat prakawis .

b. Katranganing sahadat 12 ingkang kaanggep leres poenika katrangan ingkang kaemot wonten ing Piwoelang Agami Kristen.

c. Piwoela g Aga i Kriste poe ika kaa ggepa geloofsleer ipoe pasa oea , oetawi wewatoning piwoelangipoen pasamoean.

Ingkangsami nglapoeraken, Ds. Wirjatenaja Tn. B. Probowinoto Ds. H. Hadiwijono SYNODE KAPING X NALIKA TGL. 29-30 OCTOBER 1946

WONTEN ING GONDOKUSUMAN NGAJOGJAKARTA

24. DEPUTAAT KANGGE SAHADAT

Deputat kangge njinau Sahadating Pasamuan lan Kerkenordening, amratelakaken sarana serat, bilih dereng saged anglapuraken padamelanipun, karana padamelan dereng rampung.

Synode dadosipun nengga rampunging padamelan Deputaat punika pramila Deputaat punika tetep, inggih punika: Ds. Wirjotenojo, Ms. Probowinoto lan Ds. Hadiwidjojo.

25. COMMISSI MASMUR LAN KIDUNGING PASAMUAN

Pangarsa, ingkang ugi dados Commissi lan kidunging Pasamuan, amratelakaken isinipun lapuran ingkang kaserat katur Synode, inggih punika bab para Commissi ingkang rumijin katuding dening Synode wonten Purworedjo: Ds. Darmohatmodjo lan Ds. Atmowidjono.

Commissi saweg wiwit nandangi mriksa karangan Masmur ingkang sampun rampung djangkep lan kapasrahaken dateng Synode, nanging ladjeng wonten pambengan, inggih punika gerahipun Ds. Atmowidjono malah ngantos dumugi sedanipun. Saladjengipun padamelan mandeg. Makaten ugi bab wontenipun pandjurung saking Pasamuan Djawi Ler lan Djawi Wetan miturut rembag sakawitipun inggih punika karangan kekidungan, dumugi sapunika dereng wonten.

231

Pamriksanipun karangan Masmur punika kaladjengaken. Deputaatipun Ds. J. Darmo- hatmodjo, Ds. S. Wirjotenojo lan Ds. R.M. Purwowidagdo.

Lan samasa sampun rampung para Classis dipun angkaha sami saged angsal proefdrukipun rumijin, supados Synode bade langkung gampil anggenipun angabsahaken.

34. BAB LITURGIE Djumuwah sonten djam 7.30 Rapat kaladjengaken.

Pangarsa ngadjengaken pangrembagipun usul-usul saking para Classis. Saking Classis Purworedjo.

Classis Purworedjo nakekaken kadospundi bab tumindakipun Liturgie, dene boten sedaja sami tumindakipun; usul supados dipun samekaken.

Utusan Classis purworedjo Ds. R. Notosubali mewahi katranganipun usul punika, mratelakaken bilih wonten bedanipun patrap kadosta jen wiwitaning ibadah, medalipun pamulang saking kamar Pradata wonten ingkang mawi salaman, wonten ingkang mawi mantuk, wonten malih ingkang mawi umik-umik kalijan pinisepuh. Makaten punika pundi ingkang sjektosipun dipun kersakaken dening Synode miturut Liturgie ingkang sampun kawradinaken lan nama sampun kaputus dening Synode.

Wangsulan:

Ing Synode Magelang kala ngrembag bab punika sapisanan lan bade ketetepaken ugi sampun wonten pitakenan bangsanipun makaten punika. Kala semanten, makaten ugi ing rembag-rembag sawingkingipun, tumindakipun Tatanan Panembah perlu mawi katrangan ingkang genah lan Pasamuan boten kenging kapeksa ladjeng kedah ngangge Tatanan enggal lan sampun ngantos ndamel sandungan, awit tudjuanipun Liturgie supados tjara ingkang katindakaken njemangataken karohanen. Dene tumrap tjara mewah-mewahan prajoginipun boten dipun wontenaken, katah-katahipun sampun tjekap kados ingkang sampun kasebat ing tatanan kemawon, boten susah tjara-tjara wau dipun wewah-wewahi.

ACTA SYNODE KAPING XII ING MAGELANG 23 – 26 NOVEMBER 1948

Art. 43. Ngrembag seratipun Ds. J. Darmohatmodjo.

Ds. J. Darmohatmojo nglapuraken bilih Commissie ingkang kapatah niti priksa Masmur dèrèng saged njambutdamel djalaran tansah gagal usahanipun bade marepat.

Gegandengan kalijan punika Synode mutus;

1. Ngendeli warga Commissie Ds. Wirjotenojo, lan Ds. Poerwowidagdo.

2. Ngangkat Sdr. Ds. Dibjosumitro lan Sdr. Widijohatmodjo dados gantosipun, supados sesarengan kalijan Ds. J. Darmohatmodjo niti priksa masmur wau.

Art. 48. Usul-usul ingkang karembag:

1. Classis Jogjakarta sampun klampahan andadar saderek ingkang kepengin dados Guru Indjil lan ugi bade andadar malih. Kangge pratandaning lulusing pendadaran wau, Classis ngawontenaken serat idjazah. Classis njuwun supados Synode karsaa ngabsahaken serat idjazah wau.

Synode nampi usul punika lan ngabsahaken idjazah damelanipun Classis Jogjakarta. 2. Tatanan kempalan pangibadah dinten Minggu punapa boten perlu kaewahan? (bab

232

3. Sarehning wonten ingkang ngangge Kitab Sutji tjap-tjapan enggal, wonten ingkang ngangge tjap-tjapan lami, Classis Jojakarta ngusulaken supados Synode damel putusan: salah satunggal, supados saged sami panganggenipun.

Synode mutus: Ing wekdal sapunika dereng saged nampi usul punika.

4. Synode nemtokna liturgie kangge wewengkonipun Synode Djawi Tengan sisih Kidul. Synode nampi usul punika; dene alasanipun:

Sarehning sasampunipun Synode 1940 dumugi sapriki Tatanan panembah tumindakipun dereng sami lan wongsal-wangsul tansah nuwuhaken kekisruhan, pramila Synode XII mutus nemtokaken tumindakipun, kados ing ngandap punika: a. Ingkang ambikak kori i.p. pinisepuh ingkang ndedonga.

b. Saderengipun pamulang minggah mimbar, dipun atjarani kanti mantuk. c. Salebetipun nampeni angger-angger, pasamuan lenggah.

d. Ladjeng tinampenan sarana ngrerepi sesarengan kalijan ngadeg atas pangadjakipun satunggaling pinisepuh.

e. Menawi nglairaken sahadat, pasamuan ngadeg.

f. Kidung sasampunipun sahadat karepekaken kalijan ngadeg atas pangadjakipun pamulang.

g. Pisungsung kaaturaken sasampunipun chotbah sareng lan ngidung.

h. Pengumuman wartos Pasamuan katindakaken sasampunipun Tata Panembah dening satunggaling Pinisepuh.

ERA SINODE GKJT PERTAMA, sampai ...

AKTA SINODE G.K.D. I TANGGAL 5 & 6 DJULI 1949

DI SALATIGA

ACTA SINODE DJAWI TENGAH I, KAWONTENAKEN ING SALATIGA TANGGAL 5 lan 6 JULI '49

Art. 14

Panjuwunipun Sdr. Ds. S. Djojodihardjo atas namaipun Sinode Gredja Kristen Djawi ing sakubengipun redi Muria, supados utusan saking Gredja kasebat dipun parengaken ndjenengi rapat-rapatipun Panitya liturgie, dipun tampi dening Sinode.

Sinode matah Pengimpunipun Panitya Liturgie supados ngulemi utusan saking Geredja Kristen Djawi ing saubengipun redi Muria, samangsa Panitya wau ngwontenaken rapat. Sinode malah ngaturi utusan saking Gredja ing saubengipun redi Muria, menawi kersa supados andjenengi rapatipun Panitya sanes-sanesipun.

Gegandengan kalijan wantjinipun marepat ing dalu punika namung kantun sakedik, Moderamen ngusulaken supados atjara No.12 lan 13 karumijinaken saha. atjara No.10 Ian 11 katunda ngantos endjingipun: usul wau katampi.

A K T A S I N O D E G . K . D . I I TANGGAL, 18 – 21 DJULI 1950

233

Art. 51

Rapat nampi pelapuranipun Seksi III bab Pangakening Pitados (mirsani Lampiran IX). Sadaja usul-usulipun seksi ingkang magepokan kalijan prekawis punika katampi dening parepatan.

--- Lampiran IX.

LAPURAN BAB PANGAKENING PITADOS Usulipun Panitya Panga.kening Pitados dipun tampi sadaja, i. p. :

1. a. Sinode Djawi Tengah bade boten-boten kendel anggenipun pados sahadat kangge Pasamuan2 Djawi Tengah.

b. “i ode Djawi Te gah ladje g terus ga gkat Deputat “ahadat .

2. Kangge sapunika Sinode Djawi Tengah ngwadjibaken dateng Pasamuan2 lan laladanipun, supados nganggeja Heidelbergsche Catechismus kangge pokok piwulangipun.

---

Art. 52 Lapuran bab Liturgie.

Sasampunipun karembag tuwin kawontenaken ewah-ewahan sawetawis, urut- urutaning Liturgie dados kados ingkang kasebat ing ngandap punika:

1. Votum (krama)

2. Berkah, ungelipun kados 2 Kor. 1:2. jen Ingkang ngutjapaken sanes Pendita, ungelipun berkah ladjeng : wonten ing kawula sadaja.

3. Memudji.

4. Pamaosing angger2 utawi sahadat. 5. Memudji selasar kalijan No. 4 6. Maos Kitab Sutji.

7. Pandonga.

8. Memudji lan saos pisungsung. 9. Kotbah.

10. Pandonga. 11. Memudji. 12. Kepjakan.

13. Berkah, Manawi sanes Pendita : Kawula sadaja.

Liturgie punika minangka tjonto ingkang kaprajogekaken dening Sinode.

A K T A S I N O D E G . K . D . I I I TANGGAL 24 – 28 SEPTEMBER 1951

DI SALATIGA A C T A

SINODE DJAWI TENGAH III, MANGGEN ING SALATIGA NALIKA TANGGAL 24 – 28 SEPTEMBER 1951

Art. 36 Nampi lapuraan saking Seksi I (lampiran IV). Bab : a. Masmur lan Kidung.

b. Sahadat, usulipun Seksi ngengingi Panitya ingkang katjawisaken kangge Sahadat, rehne Sinode nganggep dereng mangsanipun, Panitya boten perlu kawontenaken.

234

Dokumen terkait