• Tidak ada hasil yang ditemukan

Ing saderengipoen kita sami ngrembag poenika, langkoeng roemijin kita perloe njoemerepi poenapa ingkang dipoen wastani sahadat.

Ing temboeng Joenani sahadat poenika kasebat "Sumbolon". Temboeng poenika ing sakawit tegesipoen namoeng prasadja, inggih poenika pratanda (symbool). Nanging dangoening dangoe temboeng poenika waoe anggadahi teges pangakening pitados.

Tijang kapir ingkang kabaptis loemebet dados gegelitaning pasamoean sadereng- ipoen kelampahan kabaptis tijang waoe kapoerih nglairaken poenapa ingkang dipoen pitados. Pangakening pitados ingkang kados makaten poenika dipoen wastani "Sumbolon",

Ing sapoenika, ing kalangan kegeredjaan, oemoemipoen ingkang kawastanan Sum- bolon poenika: Tetemboengan ingkang kapatjak ing serat (geschrift), ingkang dipoen angge dening pasamoean oetawi sagolonganing pasamoean kangge nglairaken poenapaa ingkang dipoen anggep kajekten manoet pitedahing pangandikanipoen Goesti Allah wonten ing Kitab Soetji.

Sahadat waoe oegi kawastanan Confessie oetawi pangaken, manawi wonten ing sahadat waoe pasamoean nglairaken kalajan positief poenapa ingkang dipoen pitados, kangge nisihi sakatahing panasaran.

Kaping kalihipoen sahadat waoe oegi kawastanan Catechismus oetawi piwoelang agami, manawi sahadat waoe kangge njetakaken oetawi kangge moelangaken dateng para

226

anak poetoe (mageslecht), kados poendi woedjoeding piwoelang ingkang sampoen katetepaken dados kejakinanipoen pasamoean waoe.

Kaping tiganipoen sahadat waoe kawastanan Consensus oetawi persetoedjoean, manawi sahadat waoe kangge nedahaken anggenipoen pasamoean ngoedi dateng patoenggilaning para pasamoean sadaja. Dados sahadat waoe kangge moedjoedaken tetangsoeling patoenggilanipoen para pasamoean.

Te oe g Djawi “ahadat poe ika tegesipoe pangaken, mila wonten ing

kala ga i g aga i te oe g poe ika ateges pa gake i g pitados .

Te oe g sahadat poe ika ote a oe g ateges pa gake , a gi g woedjoed-

ipoe i ggih pa gake , tegesipoe li rahipoe kadapoek awi tete oe ga Kawoela pitados ... saladje gipoe . A argi saki g poe ika saki g pa graosipoe o issie

temboeng sahadat poenika boten saged kasamekaken precies kalijan soeraosipoen temboeng sumbolon, inggih poenika boten saged dekken teges tetiga ingkang kaseboetaken ing nginggil, confessie, catechismus lan consensus, sagedipoen namoeng kasamekaken kalijan

confessie, oetawi pangaken.

Prakawis poenika kaadjengaken dening commissie wonten ing riki, gegandengan wontenipoen panganggep, bilih Heidelbergache Catechismus oetawi Piwoelang Agami Kristen poenika sahadatipoen pasamoean Kristen Djawi Tengah sisih Kidoel.

Manawi koela sami nitipriksa acta Synode, wiwit saking ingkang wiwitan, inggih poenika nalika th. 1931, boten wonten poetoesan ingkang netepaken bilih Piwoelang Agami Kristen poenika dados sahadating pasamoean. Saking pamanggihipoen commissie prakawis poenika nama kaleresan, awit. mitoeroet pamanggihipoen, sadjatosipoen Piwoelang Agami Kristen poenika mila pantjen angel sanget kawastanan sahadat, djalaran saking bentoekipoen, inggih poenika boten woedjoed pangaken.

Saking pamanggihipoen commissie Piwoelang Agami Kristen poenika namoeng woedjoed piwoelang bab isining kapitadosan, piwoelang bab agami (geloofalear).

Doemoegi sapoenika pasamoean Djawi namoeng saweg anggadahi sahadat

satoe ggal, i ggih poe ika “ahadat prakawis ... i gka g oegi dados sahadatipoe

sadaja pasamoean Kristen (Oecumenic). Piwoelang Agami Kristen poenika isinipoen saged kadadosaken sahadat anggeripoen bentoekipoen kagantos.

Pasamoean Kristen pantien perloe anggadahi sahadat. Prakawis poenika bade katerangaken ing ngandap.

Sasampoenipoen Goesti soemengka dateng ing swarga, pasamoean ingkang katilar wonten ing alam donja poenika sami kaparingan pangandikanipoen wonten ing Kitab Soetji, Poenika bonda ingkang adi peparingipoen Goesti Jesoes Ratoening Pasamoean.

Nanging bonda waoe sampoen samestinipoen boten kepareng dipoen simpen kemawon, nanging kedah kalampahaken minongka kaloehoeran ing Ratoenipoen pasamoean.

Pasamoean kedah poeroen nglairaken sadaja isining Kitab waoe dateng sadaja para tijang, poenapa malih kedah poeroen ngreksa, ngakeni, ngekahi, ngoegemi dateng isining Kitab waoe kados toeladanipoen Rasoel Paoel wonten ing Pasamoean Galati, Korinta, lan sanes-sanesipoen malih (Ep. 3:9), langkoeng-langkoeng pasamoean kadawoehan ngetog kekijatanipoen ngoedi moerieh mangertos sapinten wijaripoen, saha pandjangipoen toewin lebetipoen. Kekeranipoen Sang Kristoes sesarengan kalijan para soetji sadaja, soepados sageda kadoenoengan sasampoernaning Allah pisan (Ep. 3:18,19). Tjekakipoen, pasamoean katimbalan soepados ing salaminipoen tansah sami ngoedi moerih kajektosan, kados ingkang kababar wonten ing Kitab Soetji, poenika kadamela oenggoel saking sakatahing pangotak-atik saha dora tjaraning gesangipoen manoesa.

Dene sababipoen makaten, awit pasamoean waoe mitoeroet I. Tim. 3:15 kadadosaken sesaka lan pakekahipoen kajekten.

227

Sagedipoen makaten waoe amargi pasamoean kaparingan prasetyan dening Goesti Allah bab Rohing kajekten, ingkang bade noentoen pasamoean dateng ing sasampoerna- ning kajekten (Jok.16:13).

Nanging prasetyanipoen Goesti ingkang makaten poenika boten saged ateges bilih pasamoean boten bade saged kesasar (onfeilbaar), awit salaminipoen dosa taksih wonten ing manahipoen para pitados, para tijang Kristen inggih taksih saged kaseser.

Poenika inggih tjeta saking babadipoen pasamoean.

Nalika pasamoean miwiti netepi pepoendoetanipoen Goesti kados ingkang kaseboet ing nginggil, inggih poenika wiwit matjoeli bonda ingkang soemimpen wonten ing Kitab pangandikanipoen Goesti, inggih ladjeng tetela bilih wonten selibing pamanggih roepi- roepi.

Ingkang sasisih kesasar dateng agami kapir (Gnostiek, Manicheisma) sasisihipoen malih kesasar dateng agami Jahoedi (judaisme).

Amargi saking poenika pasamoean ladjeng wadjib njarijosaken tjeta poenapa isining kapitadosanipoen .

Anggenipoen netepaken sikapipoen ingkang kados makaten waoe, wonten ing pakempalanipoen para pasamoean mawi njeboet dateng asmanipoen Goesti lan njoewoen panoentoenipoen Roh Soetji.

Ingriki tjeta poenapa sebabipoen pasamoean anggadahi sahadat. ISINIPOEN SAHADAT POENIKA POENAPA?

Kados ingkang kaandaraken ing nginggil, isining sahadat poenika boten sanes kajekten ingkang dipoen anggep dening pasamoean mitoeroet pitedahipoen Kitab Soetji.

Nanging pakarjanipoen Roh Soetji poenika ing salaminipoen kawiwitan saking sakedik, ladjeng mindak-mindak dados ageng, mawi ontwikkeling. Makaten oegi menggah tjaranipoen Roh Soetji noentoen pasamoean dateng ing sasampoernaning kajekten.

Ing sakawit sahadat poenika namoeng tjekak kemawon, amargi panasaran ingkang djoemedoel wonten ing satengahing pasamoean ing nalika samanten namoeng prakawis ingkang ngengingi prakawis ingkang ageng-ageng kemawon. Nanging sangsaja dangoe panasaran sangsaja remit, mila djoemedoelipoen sahadat inggih sangsaja rowa. Sahadat ing djaman pambangoening gredja langkoeng rowa katimbang kalijan sahadat ing djamanipoen Athanasius. Poenapa malih sahadat ingkang bade djoemedoel ing djaman bendjing temtoe inggih bade langkoeng rowa lan langkoeng tjeta katimbang kalijan sahadat ingkang wonten ing sapoenika.

Amargi saking poenika isinipoen sahadat poenika inggih boten saged sadaja piwoelang ingkang kalahiraken dening Kitab, nanging namoeng sapinten ingkang pantjen saestoe sampoen dados gadahanipoen pasamoean oetawi sapinten ingkang sampoen dados kejakinanipoen pasamoean.

Sanadjan wonten piwoelang ingkang sampoen dados kejakinanipoen tijang sawatawis, oepaminipoen para profesor i.d. theologie, nanging manawi poenika dereng dados gadahanipoen pasamoean ing saoemoemipoen, inggih dereng saged kalebetaken wonten ing sahadat.

Mitoeroet pamanggihipoen Profesor Bouman, garis ageng ingkang kedah dados isining sahadat poenika inggih poenapa ingkang kedah dados paseksinipoen pasamoean mitoeroet dawoehipoen Goesti Jesoes ing Matth. 28:19.

Dados Allah Tripoeroesa, kados dene ingkang kawedaraken wonten ing Kitab Soetji, sarta pakarjanipoen, poenika ingkang dados djedjering piwoelangipoen pasamoean.

228

Dokumen terkait