BAB V PENUTUP
C. Penutup
Puji syukur Alhamdulilah penulis panjatkan kehadirat Allah swt. yang telah memberikan kekuatan, rahmat, taufiq dan hidayah-Nya. Shalawat serta salam semoga tetap tercurahkan kepada Nabi Muhammad saw. akhirnya penulis dapat menyelesaikan skripsi yang sederhana ini. Penulis menyadari meskipun dalam penelitian ini telah berusaha semaksimal mungkin, namun dalam penulisan ini tidak lepas dari kesalahan dan kekeliruan. Hal itu semata-mata merupakan keterbatasan ilmu dan kemampuan yang penulis miliki. Oleh karena itu, penulis sangat mengharapkan kritik dan saran yang kontruktif dari berbagai pihak demi perbaikan yang akan datang untuk mencapai kesempurnaan. Akhirnya penulis hanya berharap semoga skripsi ini dapat bermanfaat bagi penulis khususnya dan pembaca pada umumnya. Penulis mengucapkan terimakasih kepada semua pihak yang telah memberi sumbangsih kepada penulis, baik berupa tenaga maupun doa. Semoga mendapat balasan yang berlipat ganda dari Allah SWT. Amin.
DAFTAR PUSTAKA
Abdullah, Taufik. 1993. Islam dan Kebudayaan Indonesia (Dulu, Kini, Dan Esok). Jakarta: Yayasan Festival Istiqlal.
Achmadi. 2005. Ideologi Pendidikan Islam. Yogyakarta: PustakaPelajar.
Ahmadi, Abu, Drs. Noor Salimi. 1991. MKDU Dasar-Dasar Pendidikan Agama Islam. Jakarta: Bumi Aksara.
Al-Abfasyi, M.Athiyah. 1970. Dasar-Dasar Pokok Pendidikan Islam. Jakarta: Bulan Bintang.
Arikunto, Suharsimi. 1998. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktek (edisirevisi IV). Jakarta: PT Rineka Cipta.
Azra, Azyumardi. 1999. Esai-Esai Intelektual Muslim Pendidikan Islam. Jakarta: Wacana Ilmu.
1999. Pendidikan Islam (Tradisi Dan Modernisasi Menuju Melenium Baru). Jakarta: Wacana Ilmu.
Chafidh, M.Afnan. A.Ma‟ruf Asrori. 2007. Tradisi Islam (Panduan Prosesi Kelahiran-Perkawinan-Kematian). Surabaya: Khalista.
Daradjat, Zakiah. 2011. Ilmu Pendidikan Islam. Jakarta: Bumi Aksara.
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan (DEKDIKBUD). 1989. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka
Departemen Agama RI. 1999. Al-Qur‟an dan Terjemahannya (Revisi Terbaru). Semarang: Asy-Syifa‟.
Direktorat Jenderal Pembinaan Kelembagaan Agama Islam. 1983. Ilmu Pendidikan Islam Proyek Pembinaan PTA/IAIN Jakarta.
Djaelani, Bisri M. 2008. Indahnya Kematian. Yogyakarta: Insan Madani.
Fattah, Munawir Abdul. 2011. Tradisi Orang-Orang NU. Yogyakarta: Pustaka Pesantren.
Gazalba, Sidi. 1988. Islam Dan Kesenian (Relevansi Islam Dengan Seni-Budaya Karya Manusia). Jakarta: Pustaka Alhusna.
Geertz, Cilifford. Abangan, Santri, Priyayi Dalam Masyarakat Jawa. Yogyakarta: Pustaka Jaya.
1995. Kebudayaan Dan Agama. Yogyakarta: Kanisius.
Hidayat, Komariddin. 2006. Psikologi Kematian (Mengubah Ketakutan Menjadi Optimisme). Jakarta: Hikmah (PT Mizan Publika).
Huda, Miftahul. 2008. Interaksi Pendidikan 10 Cara Qur‟an Mendidik Anak. Yogyakarta: Sukses Offset.
Jalaluddin. 2001. Teologi Pendidikan. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada.
Jamil, Abdul, Abdurrahman Mas‟ud, Amin Syukur, dkk. 2002. Islam dan
Kebudayaan Jawa.Yogyakarta: Gama Media.
Kartodirdjo, Sartono. 1993. Pendekatan Ilmu Sosial Dalam Metodologi Sejarah. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.
Koentjoroningrat. 1974. Bunga Rampai Kebudayaan, Mentalitet Dan Pembangunan. Jakarta: PT. Gramedia.
Langgulung, Hasan. 1985. Pendidikan Dan Peradaban Islam. Jakarta: PT MahaGrafindo.
1986. Manusia Dan Pendidikan (Suatu Analisa Psikologi Dan Pendidikan). Jakarta: Pustaka Al Husba.
Liliweri, Alo M.S. 2002. Makna Budaya Dalam Komunikasi Antar Budaya. Yogyakarta: LKiS.
Magnis, Frans. SusenoS.j. 1984. Etika Jawa: Sebuah Analisa Falsafi Tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
Maman, U.Kh, M.Deden Ridwan, dkk.2006. Metodotologi Penelitian Agama Teori Dan Praktik. Jakarta: Raja Grafindo Persada.
Materi Ujian Komprehensif (UKL). Program Studi Agama Islam (PAI). STAIN SALATIGA.
Moelong. Lexy J. 2002. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Rosda Karya. 2009. Metodologi Penelitian Kualitatif Edisi Revisi. Bandung: Rosda Karya.
Muliawan, Jasa Ungguh. 2005. Pendidikan Islam Integratif (Upaya Mengintegrasikan Kembali Dikotomi Ilmu Dan Pendidikan Islam). Yogyakarta: Putaka Pelajar.
Mulyana, Deddy. Jalaluddin Rakhmat. 1993. Komunikasi Antar Budaya. Bandung: Remaja Rosdakarya.
Mushaf An-Nahdlah.2014. Al-Qur‟an dan Terjemahan. Jakarta : PT Hati Emas. Nata, Abuddin, M.A. 2010. Ilmu Pendidikan Islam. Jakarta: Kencana Prenada
Media Group.
Partokusumo, Karkono Kamajaya. 1995. Kebudayaan Jawa, Perpaduannya Dengan Islam. Yogyakarta: Ikatan Penerbit Indonesia (IKAPI DIY). Poedjawijatna. 1983. Manusia Dengan Alamnya. Jakarta: Bina Aksara. Rasjid, Sulaiman. 2010. Fiqih Islam. Bandung: Sinar Baru Algesindo.
Rasyidi, Al. Dr.Samsul Nizar. 2005. Filsafat Pendidikan Islam (Pendekatan Historis, Teoritis Dan Praktis) Edisi Revisi. Jakarta: PT Ciputat Press Roqib, Moh. 2007. Harmoni Dalam Budaya Jawa (Dimensi Edukasi Dan
Keadilan Gender). Purwokerto: STAIN Purwokerto Press.
Simuh. 1996. Transformatif Tasawuf Islam Ke Mistik Jawa. Yogyakarta: Yayasan Bentang Budaya.
Simuh. 2003. Islam Dan Pergumulan Budaya Jawa. Jakarta: Teraju. Soekanto, Soerjono. Sosiologi Suatu Pengantar. UI-PRESS
Suharto, Toto. 2006. Filsafat Pendidikan Islam. Jogjakarta: Arruzz. Sukanto M.M. 1994. Dinamika Islam dan Humaniora. Indika Press.
Sulaeman, Munandar. 1995. Ilmu Budaya Dasar Suatu Pengantar. Bandung: PT Eresco.
Suparlan, Parsudi. 1984. Manusia, Kebudayaan, Dan Lingkunganya. Jakarta: CV. Rajawali.
Suprayogo, Imam. Drs. Tobroni, M.Si. 2001. Metodologi Penelitian Sosial-Agama. Bandung: Remaja Rosdakarya.
Suyono, Capt.R.P. 2009. Dunia Mistik Orang Jawa (Roh, Ritual, Benda Magis). Yogyakarta: LKis.
Zuharini, dkk. 1995. Filsafat Pendidikan Islam. Jakarta: BumiAksara.
http://filsafat.kompasiana.com/2013/06/13/religi-orang-jawa-masa-akulturasi- budaya-jawa-agami-jawi-gerakan-mistik-magic-ilmu-kebatinan-serta-memahami-konstruksi-sosial-tradisi-islam-lokal-568544.html.
Diakses Pada Tanggal 28 Agustus 2014 pukul 13:07 WIB.
PEDOMAN WAWANCARA A.Identitas Informan 1. Nama : 2. Usia : 3. Pekerjaan : 4. Hari/Tanggal : 5. Waktu/Jam : B.Sasaran Wawancara
1. Prosesi-prosesi yang terdapat dalam adat pemakaman di Desa Pager.
2. Nilai-nilai pendidikan Islam yang terkandung dalam budaya Jawa terutama
dalam adat pemakaman pada masyarakat Desa Pager.
C.Butir-Butir Pertanyaan
1. Apakah anda tahu prosesi-prosesi apa saja dalam adat pemakaman?
2. Apa yang anda ketahui tentang nilai-nilai pendidikan yang terkandung
dalam prosesi adat pemakaman?
3. Apa alasan masyarakat Desa Pager sampai sekarang masih melaksanakan
prosesi adat tersebut?
4. Apa saja makanan yang disertakan dalam prosesi pemakaman tersebut?
Mengapa harus seperti itu?
5. Bagaimana pendapat anda terhadap orang-orang yang tidak melakukan hal
serupa?
6. Bagaimana pendapat anda tentang tahlilan yang diadakan sesudah prosesi
pemakaman?
7. Apa saja manfaat dari adat pemakaman yang dapat anda ambil?
8. Bagaimana perasaan anda ketika anda mengadakan acara pemakaman yang
datang hanya sedikit?
9. Menurut anda apakah dalam prosesi adat pemakaman ada yang tidak sesuai
Trankrip Wawancara
Nomer Data : 01
Nama : Ibu Yatemi
Usia : 75 Tahun
Pekerjaan :Buruh Tani
Hari/tanggal : Sabtu, 27-12-2014 Waktu/jam : 08:40 WIB
Hasil wawancara :
Prosesi pas wong mati yaiku diwacakke tahlil, fatehah lan dijalukke pangapura, dipamitke. Prosesine kuwi diwudhoni disik, didusi disik, di sholatke, terus diulesi disholatke lak di gawa ning makam. Pas ngedhusi di ganjel debok cacahe pitu ki gur ge lemek bar kuwi dituncepi duwit, nak kuwi ora reti maksute gur wong tua biyen yo ngono kuwi. Mergo warga ijek klakoni koyo ngono kuwi mergone hukume wajib miturut wong kuno-makuno, nak ora klakoni lak wong saiki kuwi to. Nak disik wong mecah kendi ki ning jero kubure kuwi ben angen-angenne ambyar mergo ditakokki malaikat, dalan ling dilewati disaponi ben dalane padang, terus nak sawuran ki disebar ben godo rencana ben do lungo, setan-setane mulakkno disawuri.
Wong saiki kuwi wis do ora klakoni mergone wis do duwe acara dewe-dewe ning salokke ijek nggunakke koyo ngono kuwi. Nak disik dalane disaponi mbi gowo tontor ben padang. Kembang cacahe ganjil mergone nak hurung alum kembang kuwi mau ijek jalukke pangapuro. Ritual koyo ngono kuwi mau wis enek ket jaman aku cilik kawit kuno-makunane. Surtanahan ling ge gendurenan nak
jaman biyen gawa sego terus lawohane gawa ingkung. Sego kuwi mau ge ngopahi ling do kendurenan. Enek sego golong kuwi maksute ben golong gumilik ling urip kuwi, terus tumpeng seger ben seger awakke ling ditnggalke.
Pas pitung dino, 40 dino lan sak piturute kok gowo gedang kuwi maksudte wong biyen kuwi ben ge teken, ketan kuwi ge lemek gogok kuwi jarene, terus apem kuwi ge paynungan kuwi miturut wong biyen nak jaman saiki kuwi wis ra masuk akal, nak wong biyen kuwi nyate barang kuno kok.
Pas ngundang wong ra do teko pas kendurenan ki loro atine, ngopo kok ra do teko, ning nak ra teko yo ra po-po. Jadah, gedang, apem ling digunakke kuwi mau gur miturut wong tua biyen ning nyatane ket saiki ijek digunakke. Wong kuno biyen kuwi ling ngencok-ngencokke ki ngono kuwi.
Nak wong disik pas ngedusi kuwi gowo godong kelor, dadap serep, wedak, londho (merang dibakar ge sampo). Telusupan dilakoni ben ra wedi mbi wong mati, mbi ben ora keno sawan, gagar mayang kuwi mertandani ijek legan. Gelu ki maksudte ben ora gelo. Nak tai wangsul kuwi ben isoh tangi. Nak talkin kuwi mau ben entuik pangapura marang Gusti.
Maksudte dienekke geblak, telung dino, pitung dino, lan sak piturute kuwi tujuane dongakke, mergone ning jero kubur ben ora bingung mulakno didongakke, lan dijalukke pangapura. Terus pendhak taun diprengeti utawa ngekoli.
Trankrip Wawancara
Nomer Data : 02
Nama : Ibu Siti Komsah
Usia : 58 Tahun
Pekerjaan : Ibu Rumah Tangga Hari/tanggal : Sabtu, 27-12-2014 Waktu/jam : 18:25 WIB
Hasil wawancara :
Prosesi gon wong mati kuwi ling pertama mayit diujurke ngalor, lak disuceni, diwudhoni, lak dikafani, lak disholatke, lak diwacakke tahlil, lan yassin ;lak mangkat. Nak nilai-nilai pendidikanne gon koyo ngono kuwi aku ora reti. Terus nak roncean kembang cacahe ganjil, mecah kendi, sawuran, debok cacahe pitu terus lebar digunakke dituncepi duwit kuwi aku ora reti maksudte lan tujuane mergone nak layat aku gur nggogok ning pawon. Nak panganan ling digunakke gon surtanahan kuwi biasane gawa tumpeng marep-mungkur ling disigar dadi loro terus ditoto cedi-ceditan/marep mburi nak maksudte aku yo ora reti, terus sego golong ben golong gumilik, terus tumpeng seger ben ling urip diparingi kewarasan, tumpeng asahan/ambengan nak maksudte panganan kuwi mau aku yo ora reti.
Debok ling cacahe pitu ling digunakke ge ganjel pas ngedusi kuwi fungsine gur ge ganjel ben gampang ling ngedusi. Nak debok ling dituncepi duwit kuwi mau aku ora reti maksudte, nak sawuran kuwi lak beras kuning dicampur kunir terus diwadahi takir terus ling nyawurke lak pak modin ning maksudte opo aku yo ora mudeng. Nak bongsokoyo ngono kuwi ki aku ora reti, nak di arani
wajib ning yo ora wajib dilakoni. Nak koyo ngono kuwi lakyo manut adete wong tua biyen kuwi to. Maksudte tahlilan aku yo ora pati mudeng mergone aku gur makmum gur nelu-melu kancane, meh jelaske wedi nak keliru. Nak pas ngundang wong tahlilan/kenduren wong-wong kok do ora mangkat mergone gemang, mbuh gemang mergo ora setuju karepe ling duwe omah, apa gemang mergo sibuk, op gemang mergo ora pro mbi tanggane, terus isoh juga mergo ora podo mbi kemantepanne alirane ning nak diterri kenduren yo ditampa.
Aku ora reti op ae ling ora podo/sesuai ning adat pemakaman mbi ajara Islam. Ning nak tulusupan kuwi dilakoni mergone wis pertemuan terakhir. Nak gelu kuwi ge bantal, nak maksudte aku ora reti. Slametan dienekke ben sak keluarga diparingi keslametan. Maksudte telung dino, lan sak piturute kuwi lak gur peringatan ben ora lali mergone wis adate. Sak jerone telung dino kuwi sukmone ijek ning jero ngomahg mulakno nak guwak banyu panas ojo sak nggon-nggon.
Nak biaya sedekahan kuwi bervariasi tergantung kemampuane, kari wujud barang mentah op matengan. Nak apem kuwi pinagka payunge, gedang kuwi ge teken nak jadah kuwi ge bantale jare ila-ilane wong tuo biyen koyo ngono kuwi. Nak pas ngedusi kuwi saiki gur sabun mbi sampo. Nak biyen gowo godong kelor, merang/londho, mergone saiki wis golekkane angel.
Manfaate sak kabehane kuwi sokben kabeh podo klakoni koyo ngono kuwi mau, ning mbuh podo po rane yo ora reti. Ling penting rukun. Terus nak enek layatan nak isoh mangkat mergone nak ora ngetok ki ngetoro, terus nak layat kuwi yo entuk ganjaran.
Trankrip Wawancara
Nomer Data : 03
Nama : Ibu Tukirah
Usia : 73 Tahun
Pekerjaan : Ibu Rumah Tangga Hari/tanggal : Sabtu, 27-12-2014 Waktu/jam : 19:05 WIB
Hasil wawancara :
Prosesi wong mati kuwi diujurke ngalor/kiblat, dilurubi, diadusi, di ulesi, disholatke, didongakke. Terus nak pas ngedusi saiki kuwi gur gowo sampo mbi sabun, nak wong biyen/mbah-mbah buyut do gunakke godong kelor, merang dibakar, godong dadap serep. Terus debok ling digunakke kuwi gur ge ganjel, nak wis lebar dituncepi duwit maksudte yo mbuh wong biyen ngono kuwi, lak wong saiki kuwi gur melu-melu wong tuo biyen. Mergone wong tua biyen yo ngono kuwi.
Nak kendi kae nine disangokke ben ambyar. Ambyar apane aku yo ora reti, nak biyen pas plaku ning kaman kuwi dalane disaponi ben padang ling plaku kuwi wong biyen. Nak sawur beras kuning kuwi ge sawur ning dalan-dalan kae to, ling nyawurke pak modine, maksudte kuwi nine wong biyen yo gur ge sawur. Nak saiki lak gur tiru-tiru simbah-simbah biyen. Nak enek wong ling klakoni koyo ngono kuwi yo ora ngopo-ngopo ning nyatane ijek do gunakke.
Pas kenduren wong-wong do ra mangkat yo ora ngopo-ngopo. Paling lagi do sibuk. Terus nak pas kondangan/kenduren kae gowo tumpeng
ungkur-ungkur/marep mungkur kae maksudte ge sedekahan. Maksudte dienekke telung dina, pitung dina lan sak piturute kuwi ge sedekah. Maksudte dienekke telung diino, pitung dino lan sak piturute kuwi ge ngirim leluhur sing wis ora enek kuwi. Terus nak hurung patang puluh dino kuwi arwahe ijek ning ngomah, mulakno nak guwak banyu panas ojo sak nggon-nggon. Terus panganan ling ge pas telung dino, pitung dino lan sak piturute kuwi mau maksudte, apem kuwi ge payung, gedange kuwi ge tekenne wong mati, lan jadahe kuwi fungsine ge tetel bobrok maksudte ling ijek urip ben ora dol-dolan barang-barang sing ditinggalke wong mati kuwi mau. Koyo ngono kuwi mau gur nine wong tua biyen nak wong sak iki gur melu-melu. manpaate soko ngirim-ngirim dongo kuwi mau kanggo awakke dewe ben di paringi bagas waras.
Trankrip Wawancara
Nomer Data : 04
Nama : Ibu Nur Lailiyah
Usia : 32 Tahun
Pekerjaan : Ibu Rumah Tangga Hari/tanggal : Sabtu, 27-12-2014 Waktu/jam : 20:15 WIB
Hasil wawancara :
Awale wong mati kuwi lak napase nyendal-nyendal, terus pripate ngono kae, terus di tata/dipas-paske, nak rodok plongoh terus ditaleni, terus pripate dimeremke, terakhire disuceni, dipocong, disholatke, terus diterke ning pemakaman. Nak nilai pendidikanne aku ora pati gagas.
Maksudte debok cacahe ganjil terus nak pas ganti jarik ling teles kok gowo godong gedang aku ora reti maksudte, ning mesti enek maksudte gur aku ora pati paham. Terus nak pas ngedusi ling ijek gowo godong-godongan ning kene gur siji loro, yo gur gowo banyu biasa wae. Pas kronce kembang, bolahe ora dibundeli kuwi ila-ilane wong tua ora ilok, maksudte arwahe ben lancar ben ora mandek pas perjalanane. Gelu ling digunakke kuwi ge ganjel sirahe ben posisine pas madep kiblat. Mergo gunakke gelu kuwi mergone awakke dewe kan soko lemah mulakno di bantali gowo lemah.
Nak telusupan kuwi nak ninggalke anak-cucu, terus nak sawuran kan memang dilakoni pas pemberangkatan, ning deso kene kan ora nganti segitunya
koyo ling ning plosok, nak ning deso ling rodok plosok kan ling layat barang yodo gowo beras kuning di canpur duwit receh mbi kembang terus disawurke nak pas mangkat.
Telusupan nak menurutku kuwi ge memberi dalan nggo mbahne ben ora gendoli/wis ikhlas. Nak sawuran sak ngertiku kuwi ngekki sangu mbi wong mati kuwi mau ben ora bali mulih/ben ora klambrang, maksudte wong jowo-jowo biyen ki ngono kuwi. Nak sentir kae ben padang dalane, nak kendi ling dipecah aku ora reti maksudte. Terus nak gagar mayang kuwi digunakke kanggo wong wadon utawa wong lanang ling ijek legan terus dijalukke dongo.
Masyarakat kene ijek mempertahankan koyo ngono kuwi mergone adat istiadat. Nak pas ngenekke surtanahan kuwi sak mampune sak kuate, nak acara tahlilan kuwi soko NU ki dianjurke ning nak soko kalangan-kalangan/majelis liyane kan melarang tahlilan, mergone duweni sudut pandang dewe-dewe. Nak menurutku tahlilan kuwi sah-sah saja, ling penting niate awakke dewe kuwi niat dongakke kanggo wong mati kuwi mau, teko lan orane kan ling reti ling Kuasa sing penting niate.
Pas acara kenduren kok wong ling diundang ora podo teko ning ati ki kecewa mergone wis diundang kok ora do teko, ning kudu delok situasi disik mergo udan deres opo mergo barengi acara liyane. Terus nak gawe berkat jumlahe semono kok ora do mangkat tetep tak terke ning ngomahe wong ling tak undang kuwi mau.
Talkin mayit kuwi tujuane ge dongakke. Nak ning gone wong kristen yo ono, ning berbentuk puji-pujian, tapi sak retiku yo gur nyanyi-nyanyi. Tujuane
slametan kuwi gur ge dongakke, ning nak telung dinonan lan sak piturute kuwi mau mergo adata istiadat masyarakat. berkatan pas kenduren kuwi, sego golong kuwi sego gureh, terus ayam nak ling kuat nak ora kuat paling gawa endok, sambel goreng kentang, terus gorengan. Nak pas telung dino kuwi ora gowo gedang, jadah, apem, nak wis patang puluh lagi didokokki. Nak ijek telung dino kan hurung sempat gawene. Maksudte gowo koyo ngono kuwi mau mergone adat istiadat, kita gak isoh melarang adat istiadat tersebut yang sejak dulu sudah ada. Nak kanggoku wis diikuti wae adate, ling penting ora musrik.
Trankrip Wawancara
Nomer Data : 05
Nama : Saudari Aminah
Usia : 22 Tahun
Pekerjaan : Swasta
Hari/tanggal : Sabtu, 27-12-2014 Waktu/jam : 21:00 WIB
Hasil wawancara :
Prosesi pas wong mati kuwi ben ora kaku persendiane diolesi menyak ben gampang disedakepke, terus diadusi, terus dikafani, disholatke. Terus bar kuwi enek prosesi telusupan, melambangkan keikhlasan mergo ditinggal mati, terus mecah kendi gur kuwi sak retiku.
Pendidikan ling enek ning adat kuwi mau enek beberapa ajaran gama Islam ning jerone koyo tabur kembang ling dianjurke agama Islam, ling penting soko adat ling dilakoni masyarakat ora klakoni kemusyrikan. Nak ora klakoni adat kuwi mau yo ora ngopo-ngopo. Terus yo ono nilai pendidikane sosial yaiku do bareng-baren melayat.
Tahilan kuwi isine tentang dongo bareng-bareng. Mergone hurung tentu dongane salah siji wong dikabulke Gusti Allah mulakno dienekke tahlilan. Ning pas tahlilan wong ling do teko yo gur do teko tok, mergone hormati tuan rumah wis diundang lan mergo bedho pemahaman tentang tahlilan. Terus nak pas ling
diundang kok ling teko gur sitik yo kecewa to, ning kudu ngoco awakke dewe mergone do ngopo to kok do ora teko, opo mergo enek ling salah mbi awakku.
Slametan kuwi gur dongo ben salmet. Terus masyarakat Pager klakoni koyo ngono kuwi mau mergone ijek kental mbi adat istiadat, saling menghormati. Terus nak pas krangke kembang aku yo gur krangke wae ora reti maksud lan tujuane.
Trankrip Wawancara
Nomer Data : 06
Nama : Bapak Syamsudin
Usia : 63 Tahun
Pekerjaan : Swasta
Hari/tanggal : Kamis, 01-01-2015 Waktu/jam : 18:42 WIB
Hasil wawancara :
Prosesi ling gon wong mati iku disuceni, dikafani, disholatke, nak kembang pitung warna ling digunakke kuwi gur adat kebiasaan ling dilakoni masyarakat. terus nak bolah ning roncean kembang ling ora dibundeli kuwi maksudte diumpamakke arwahe kuwi mau ben gampang ucul/sanepo. Terus nak telusupan kuwi kanggo menghormati orang tua utowa sedulur ling wis mati. Terus nak sawuran kuwi maksudte kanggo ngelengke nak wong mati kuwi wis ora butuhke donya maneh. Terus nembe prosesi pemakaman. Pemakamane kuwi jerone 2 meter, ambane 2 meter, dowone 80-90cm, supoyo ora mambu. Sisteme enek loro yaiku mayat didokok samping kulon kuwi disebut liang landak, nak mayite didokok tengah kuwi disebut jugangan, terus dikekki tand ling wujudte rupa maesan soko kayu/beton/maejan, maksudte maejan kuwi jan omahe tenan.