• Tidak ada hasil yang ditemukan

Suntingan Teks, Aparat Kritik dan Transliteras

Dalam dokumen Sêrat Panithikan (Suatu Tinjauan Filologis) (Halaman 67-123)

ANALISIS DATA DAN PEMBAHASAN

A. Kajian Filologis 1 Deskripsi Naskah

3. Suntingan Teks, Aparat Kritik dan Transliteras

Pengkajian secara filologis naskah SP dilakukan dengan pengerjaan antara lain transliterasi, aparat kritik dan suntingan teks secara bersamaan. Suntingan teks adalah menyajikan teks dalam bentuk aslinya atau mendekati aslinya, yang bersih dari kesalahan-kesalahan berdasarkan bukti-bukti yang terdapat dalam naskah yang dikritisi. Suntingan teks bertujuan agar teks dapat dibaca dengan mudah oleh kalangan luas. (Edwar Djamaris, 1977 : 30).

Aparat kritik adalah perabot pembanding yang menyertai penyajian suatu naskah (Siti Baroroh Barried. 1977 : 5). Kata atau kelompok kata yang mendapat kritik dan dianggap salah ditulis apa adanya dalam suntingan teks, sedangkan kritik yang berupa interpretasi peneliti terhadap teks yang dianggap salah ditulis di bagian bawah teks (footnote) sebagai bagian dari aparat kritik, yaitu pertanggungjawaban ilmiah dalam penelitian naskah.

Transliterasi atau alih aksara merupakan penggantian huruf demi huruf dari abjad satu ke abjad yang lain. Selama transliterasi ini tidak terlepas dari penggunaan kamus Bausastra Jawa karangan W.J.S Poerwadarminta (1939) berdasarkan Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan (EYD)

commit to user

61

(1991) sebagai pedoman dan menjadi acuan pembetulan ejaan dalam transliterasi SP.

Metode penyuntingan SP menggunakan metode standar, yaiu menerbitkan naskah dengan membetulkan kesalahan-kesalahan dan pembetulan dicatat ditempat khusus (footnote/ catatan kaki) sebagai pertanggungjawaban ilmiah dalam penelitian. Untuk mempermudah dan memahami pembacaan transliterasi SP maka dalam suntingan teks digunakan tanda sebagai berikut :

1. Setia pupuh diberi nomor dengan Angka Romawi I, II, III, …. , misalnya Pupuh I Asmaradana

2. Angka Arab kecil yang berada di atas seperti …..123 menunjukkan nomor kritik teks.

3. Penomoran bait dengan menggunakan angka Arab seperti 1, 2, 3 dan seterusnya.

4. Angka Arab dengan tanda, [1], [2], [3] menunjukkan pergantian halaman teks.

5. Tanda diakritik ( e ) seperti dalam bahasa Jawa kata sela yang artinya batu.

commit to user

62

6. Tanda diakritik ( ê ) seperti dalam bahasa Jawa kata bêgja yang artinya beruntung.

7. Tanda diakritik ( è ) seperti dalam bahasa Jawa kata kabèh yang artinya semua.

8. Tanda @ menunjukkan pembetulan berdasarkan konvensi tembang.

9. Tanda # menunjukkan pembetulan berdasarkan pertimbangan linguistik

10.Tanda * menunjukkan pembetulan berdasarkan interpretasi peneliti.

11.Tanda ( / ) untuk menunjukkan akhir baris tembang, sedangkan ( // ) untuk menunjukkan akhir dari setiap bait.

12.Penulisan dwipurwa ditransliterasikan sesuai dengan EYD Bahasa Jawa, seperti :

ririkatan ditranliterasikan rêrikatan

13.Sastra laku ditransliterasikan dengan mengubah konsonan penutup pada kata berikutnya, seperti :

commit to user

63

Sang ngaji ditransliterikan sang aji

14.Penulisan teks yang menggunakan aksara (ô) ditransliterasikan menjadi aksara (a), seperti :

mongka ditransliterasikan mangka

15.Penulisan kata dasar yang berakhiran huruf / h / dan mendapat akhiran /-e/, /-a/, /-an/, /-ane/, /-anira/. Dalam penulisan aksara Jawa sering ditulis dengan fonem /y/ atau /w/, tetapi dalam suntingan teks fonem akan ditulis dengan /h/, seperti:

Mrih dadiya ditransliteraikam mrih dadia

16. Penulisan kata ulang dalam teks akan ditransliterasi dengan menggunakan

tanda hubung (-), seperti :

commit to user

64

1. Suntingan Teks, Aparat Kritik dan Transliterasi

Pupuh I Asmaradana

1. [2] Kasmaran marsudi budi/ mardi mardawaning têmbang/ kang supadya dadya lantèh/ mangiket lagu macapat/ kinarya langêndriya/ darapon dadya panglipur/ pêthik lêlakon ing kuna//

2. Carita ingkang ginurit/ sela aran panithikan/ kaluwih-luwih dayane/bisa anêkakkên bêgja/ samana kang winarna/ wontên sujalma lumaku/ mung pribadi tanpa rowang//

3. Sêmune kadya prajurit/ dene mawi nganggar pêdhang/ sarwi anyangking kêrgane/ margi ingkang winêdalan/ ngambah ing wana wasa/ tanapi sumêngkèng gunung/ lampahira rêrikatan//

4. Tanpa sumênglang1 ing galih/ tanpa jrih ing pringgabaya/ lir mêntas unggul yudane/ katingal ing solah bawa/ duk praptèng têngah wana/ kapêthuk lan jalma sêpuh/ nurute nung karyanira//

5. Langkung kuciwa kang warni/ gigir wungkuk badan kêra/ maripat karo lir jèlès/ lambe andomble mèh prapta/ ing janggut panjangira/ kulit kusi irêng kisut/ anggajrihi yèn sinawang//

6. Jalma sêpuh tetanya ris/ marang kang lagya lumampah/ têmbunge cêtha tur tètèh/ mangkana ing basanira/ èh kulup kang lêlampah/ sajroning sira lumaku/ sun sawang saking kadohan//

7. Kongsi praptèng parêk iki/ kaya prajurit prakosa/ kang luwih kadigdayane/ katon ing pasêmonira/ lawan panggangonira/ dudu sawiyah wongipun/ pantês lamun wirotama//

8. Saka ing panduga mami/ sira bakal nora wêgah/ anjupuka barana kèh/ kang ana sajroning gurda/ mangkono sêdyaningwang/ anjaluk pitulunganmu/ lah kapriye kulup sira//

9. Wau ta prajurit dupi/ mirêng wuwuse Nyi Wêrda2/ kalangkung dènira kagèt/ dene kapronggol ing prana/ tan wêruh purwanira/ dinadak pininta tulung/ marang wong durung kulina//

1

commit to user

65

10.Wêkasan mangsuli aris/ èh Nyi Wêrdha kadiparan/ lire sêdyanira kuwe/ mrih angalap raja brana/ iku arupa apa/ dene ngrêngkara wuwusmu/ jroning wana ana brana//

11.Juru tênung ngucap malih/ bênêr kulup muwusira/ anarka yèn luwih anèh/ dene ta sajroning wrêksa/ mokal lamun isia/ raja brana ngundhung-undhung/ nanging kulup wruhanira//

12.[3]Marmane ingsun wêwarti/ masa yèn tanpa gawêa/ sayêkti ana nyatane/ pan ingsun kang wus uninga/ lamun sajroning gurda/ ana raja brananipun/ cacahe tan pêpetungan//

13.Prajurit gya ngungsêt angling/ lah ing ngêndi prênahira/ gurda kang isi brana kèh/ branane arupa apa/ Nyi Wêrdha wangsulanya/ ora adoh dunungipun/ ing kono pêrak kewala//

14.Saburine gunung cilik/ ing prênah kayu gurda3/ kang katon saka ing kene/ dene ta kang raja brana/ iku awujud arta/ sakuwate kang anjupuk/ artane tan têlas-têlas//

15.Marma kalamun sirèki/ bisa manjing garowongan/ ing kayu gurda têngahe/ yêkti bisa kalaksanan/ apa sakarsanira/ manawa sira wus saguh/ mêngko sun bakan4 pratela//

16.Wèh rêrigên ingkang gampil/ iya bakal lêbunira/ mring jro kayu gurda gêdhe/ lan manèh sira sun wulang/ pamèt ing raja brana/ kang bakal sirambil iku/ kang liningan nulya sagah//

17.Dyan lumampah wong kêkalih/ tan antara dangu prapta/ ing prênahe gurda gêdhe/ juru tênung gya pitêdah/ sarwi alon angucap/ lah ta iku wujudipun/ gurda kang isi barana//

18.Sajroning gurda puniki/ ana growongan têtiga/ kalawan ana lawange/ mèmpêr lir sênthonging wisma/ lawang minêb sadaya/ kinunci sosorogipun/ cumanthèl luhur wiwara//

2 Nyi Wêrdha #*

3 ing prênahe kayu gurda@#* 4 bakal#*

commit to user

66

19.Kori siji sorog siji/ pratikêle lêbunira/ sira kudu amêmènèk/ kalamun wus praptèng ngêpang/ ingkang luhur priyangga/ ing kono lagi kadulu/ growonganing kayu gurda//

20.Lan dalan kang dèn wêtoni/ mring lawanging sêsênthongan/ kang padha kumunci kabèh/ sawuse sumurup sira/ tumuli lumêbua/ banjura sira tumurun/ têkakna ing ngisor pisan//

21.Nanging ta aja kuwatir/ lan aja wêdi kangèlan/ ana maneh pratikêle/ iya bakal lêbunira/ marang sajroning gurda/ sun talèni bangkèkanmu/ kalawan rami kêndharat//

22.Pan ingsun wus adarbèni/ kêndharat kang luwih dawa/ kaliwat dening wulêdè/ [4]mêngko ingsun ulur sira/ saka ing ngisor gurda/ mulane mangkono kulup/ wigatine lamun sira//

23.Kasusu sumêdya mijil/ saka sajêroning wrêksa/ sun bisa têtulung age/ andudut marang ing sira/ sun kèrèk saking jaba/ mrih datan kasuwèn laku/ wêtunira saking gurda//

24.Ing rèh lêbunira maring/ sajêroning kayu gurda/ yèn wus praptèng dhêdhasare/ jarambah kang ngisor pisan/ mêngko kabèh katingal/ sagung isèn-isènipun/ kang anèng jro garowongan//

25.Ing jêro rinêngga asri/ papane jêmbar warata/ lir tinata ngathe-ngathe/ nanging singit sêmunira/ tangèh ingkang kaduga/ malêbu ngambah ing ngriku/ andhadhang nêdya mèt brana//

Pupuh II Dhandhanggula

1. Pinasangan pandam panjuta ting/ pirang-pirang atus sinulêdan/ kaliwat dening padhange/ pating klêncar dinulu/ marma lamun nêdya sirèki/ malêbu luwih gampang/ ing sênthong têtêlu/ pambukake kang wiwara/ wit soroge kabèh wis padha cumawis/ cumanthèl luhur lawang//

2. Sang prajurit ngungun duk miyarsi/ ing pawartanira Nyai Wêrdha/ dene angèl piwulange/ pratingkahe malêbu/ mring jro wrêksa angalap picis/ mokal yèn dora cara/ apa pedahipun/ prajurit alon têtanya/ èh Nyi Wêrdha dene ta kaliwat rungsit/ patrape mancing gurda//

commit to user

67

3. Ing growongan kono apa singit/ apa ana dhêmite kang ngrêksa/ dene rèwèl malêbune/ nganggo kinèrèk dhadhung/ apa ora anyumêlangi/ Nyi Wêrdha wuwusira/ wruhanira kulup/ prakara dhêmit tan ana/ mung rinêksa ing asu ajag sawiji/ kaliwat dening galak//

4. Lan warnane tuhu gêgirisi/ maripate sumorot gumêbyar/ sakênong sisih ambane/ nanging ta sira kulup/ aja susah wêdi kuwatir/ lamun malêbu sira/ sun wènèhi sangu/ isarat slendhang wasiyat/ pan pusaka tinggalan wong tuwa mami/ ing nguni kang wus lina//

5. Iku bae gawanên umanjing/ mring jro wrêksa saupama sira/ sinandêr asu dèn age/ tubrukên asu iku/ anjèrènga sale-[5]ndha5 nuli/ kemulêna ing sona/ yêkti tanpa bayu/ sirna kadayaning sona/ mari galak kang sarta andhêkêm siti/ tutut tan gêlêm lunga//

6. Kang liningan tuwuh ing pamikir/ apa ingkang dadi wadinira/ dene mangkono têmahe/ nulya andhêdhês muwus/ èh Nyi Wêrdha sun takon maning/ sawuse nubruk sona/ ngêndi prênahipun/ barana kang rupa arta/ Nyai Wêrdha pratela dununging dhuwit/ anèng jro pasênthongan//

7. Winadhahan ana ing jro pêthi/ dhinêkêman asu ingkang galak/ kang wus sun caritakake/ dhuwit iku sadarum/ padha rupa dhuwit dêmbagi/ kang munggèng pasênthongan/ kapisan puniku/ nanging saupama sira/ sru kapengin angambil dhuwit kang putih/ ingkang rupa salaka//

8. Sarta dhuwit êmas ingkang kuning/ malêbua ing jro pasênthongan/ kang kaping pindho dununge/ miwah dhuwit mas iku/ nèng sênthongan kang kaping katri/ dene ingkang rumêksa/ padha wujud asu/ malah luwih agêngira/ myang galake iya bangêt nglêliwati/ ngungkuli kang kapisan//

9. Maripate asu kaping kalih/ padha karo kêmpul agêngira/ asu kang kaping têlune/ satrêbang ambanipun/ agêngira sajaran tèji/ iku ambaurêksa/ barana arta gung/ kang munggèng growongan gurda/ nanging sira aja nganggo wêdi-wêdi/ dèn tatag pikirira//

10.Pituhunên ring pitutur mami/ srênggalèku lamun kinêmulan/ ing slendhang wasiyat mangke/ yêkti banjur ngalumpruk/ tanpa krêkat dayane ênting/ yata prajurit mojar/ yèn mangkono tuhu/ ingsun sanggup malêbua/ mring sajroning kayu gurda gêdhe iki/ tarlèn pamintaningwang//

5 salendhang#*

commit to user

68

11. Mung pangèstunira maring mami/ mrih raharja lulus sêdyaningwang/ ajana pêpangkalane/ lah ta mara dèngupuh/ talènana bangkèkan mami/ lan paran janjinira/ sira lawan ingsun/ yèn ingsun wus antuk arta/ sira kudu anjaluk pira mring mami/ prayoga pratelaa//

12.Awit sira rak bakal kapengin/ antuk arta kang saking jro gurda/ Nyai Wêrdha wangsulane/ ora pisan katèngsun/ [6]amelika kapengin dhuwit/ antuka pira- pira/ iya panjupukmu/ kabèh alapên priyangga/ aja mikir pêpanduman marang mami/ mung ingsun darbe wêkas//

13.Mêngko lamun siranggèr wus prapti/ ing sajroning sênthong garowongan/ poma-poma aja supe/ ambilên barang ingsun/ rupa watu thithikan cilik/ kari ana ing kana/ jro sênthong katêlu/ pusaka tinggalan êmbah/ wus mung iku wêkas ingsun mring sirèki/ kang winêling lon mojar//

14.Iya bêcik lah aja kuwatir/ sun ambile watu panithikan/ yata wus kêncêng sanggupe/ prajurit gya tinangsul/ bangkèkannya kalawan tali/ rami kêndharat panjang/ sarta sampun sinung/ pusaka slendhang wasiyat/ wiwit mènèk ing gurda wau kang tali/ kaulur saking ngandhap//

15.Duk praptèng pang kang luhur pribadi/ garowongan pan sampun katingal/ dhadhung wus kinêndhokake/ prajurit nulya masuk/ ing jro gurda tumurun prapti/ ing dhasar garowongan/ ing ngriku kadulu/ isèn-isèning jro gurda/ lir caritanira Nyi Wêrdha tan sisip/ sorog cumanthèl lawang//

16.Dyan ingambil nèng saluhur kori/ sinorogên ing sênthong kapisan/ wus kabuka wiwarane/ prajurit duk andulu/ sakalangkung kagèt ing galih/ dene jro sêsênthongan/ padhange kalangkung/ pandam panjuta atusan/ lawan wontên pêthinya agêng satunggil/ dhinêkêman ing sona//

17.Dupi anon ana jalma prapti/ kang malêbêt ing jro pasênthongan/ sona mancolot saking gèn/ sarwi sangêt anjêgug/ solahira anggêgirisi/ mripatira gumêbyar/ kadyarsa manahut/ prajurit dupi tumingal/ ing solahe sagawon kang gêgêtêri/ lêmês sranduning angga//

18.Tanpa krêkat dahat dènira jrih/ cipta badhe mêdal saking gurda/ labêt kalangkung kêkêse/ ing ngriku lajêng emut/ wêwêlinge Nyi Wêrdha nênggih/ sangêt dènya pracaya/ masrah raganipun/ mèpèd6 pinggiring growongan/ myang anjèrèng slendhang wasiyatira glis/ sona dupi tumingal//

6 mêpêt#*

commit to user

69

19.Slendhang ingkang jinèrèng nèng ngarsi/ kang sagawon andhêkê-[7]m saksana/ sarwi tumungkul sirahe/ samana sampun tutut/ Sang prajurit sigra marpêki/ sarwi anjèrèng slendhang/ kinêmulkên gupuh/ marang sona sanalika/ limprêg-limprêg7 kang sona wus tanpa budi / miwah tan darbe krêkat//

20.Sawusira saksana kang pêthi/ gya binuka pênuh mèsiarta/ awarni dêmbaga kabèh/ dahat sukaning kalbu/ Sang prajurit andulu picis/ ngambil sasukanira/ winadhahan gupuh/ ing kêrga myang kanthongira/ kanthong baju kanthong clana dènkêbaki/ prandene maksih gêla//

21.Topinira kinarya madhahi/ wusnya pênuh kaduwunging driya/ tan anggawa wadhah gêdhe/ ing ngriku ciptanipun/ nêdya masuk sênthong kang kadmi/ ingkang isi ardana/ salaka sadarum/ tandya marpêki wiwara/ sorog katon cumanthèl nèng luhur kori/ tan pisan angungkurna//

Pupuh III Pangkur

1. Sang prajurit sigra ngalap/ sorog ingkang cumanthèl luhur kori/ kinarya ambuka pintu/ gumêrot swaranira/ sanalika sona kang rumêksèng ngriku/ duk anon ana manungsa/ ambuka kori gumêrit//

2. Tan drana mandêr sigra8 / sarwi jênggor mangap siyung kaisis/ netra gumêbyar dinulu/ galak angamah-amah/ gêgirisi sang prajurit duk andulu/ mundur ngoplok wel-uwelan/ sarwi nywara i i i i/

3. Kalangkung kêkêsing driya/ sigra mêdal kori kinunci malih/ prajurit ciptaning kalbu/ rumangsa tan kaconggah/ nanggulanga sona kang rumêksèng ngriku/ miris mulat agêngira/ kang sona sajaran tèji//

4. Dupi wus sarèh samana/ Sang prajurit nulya èngêting galih/ mring wulange juru tênung/ nyandhak slendhang wasiyat/ sêdyanira ngambali malih lumêbu/ gya binuka kang wiwara/ sarwi anjêjèrèng jarit//

5. Pusaka slendhang wasiyat/ punang sona andhêkêm luhur pêthi/ anggawakakên satuhu/ dupi miyat salendhang/ jlog tumurun punang sona sampun tutut/ kopat kapit buntutira/ ngambus-ambus mring prajurit//

7 limprêk-limprêk#*

8

commit to user

70

6. Kang ingambus sru angucap/ lah saiki sira lagi udani/ marang kadigdayan ingsun/ marma dèn manut sira/ [8]aja nganggo kakèhan polah sun pêrung/ kupingmu lan irungira/ ingsun pagas pêsthi modir//

7. Kang sona gya kinêmulan/ ing salendhang wasiyat tanpa budi/ sirna kabèh dayanipun/ sona tan darbe krêkat/ sawusira pêthi kang wontên ing ngriku/ saksana sigra binuka/ kêbak isi kêton putih//

8. Rupiyah ukon salaka/ ciptaning tyas kapriye akal mami/ panggawane dhuwit iku/ yèn kabèh wis sun gawa/ yêkti sugih dadakan sun bisa tuku/ kreta sarakitanira/ lan apa kang sun sênêngi//

9. Sayêktine kasêmbadan/ pêthi arsa pinanggul tan kuwawi/ kawêkèn sajroning kalbu/ nolèh ngering myang nganan/ datan ana wadhah kang kinarya ngusung/ yata pêpuntoning driya/ arta kang warni dêmbagi//

10.Sadaya sami sinuntak/ kêrga kanthong topi dipunkêbaki/ arta salaka supênuh/ dalah sapatunira/ kalih pisan kinêbakan kêton sampun/ prajurit nulya lumampah/ sumêdya mêdal mring jawi//

11.Mèyèk-mèyèk sru kawratan/ têmah karya rêndhêt dènya lumaris/ prajurit kaku tyasipun/ arta nulya sinuntak/ kinantunkên sapalih tinilar ngriku/ ingkang sapalih binêkta/ mrih ènthèng gancar lumaris//

12.Prajurit nyandhak salendhang/ gya jinèrèng sarwi angucap aris/ èh asu balia gupuh/ marang ing dunungira/ punang sona wus wangsul mring dunungipun/ prajurit ciptaning driya/ sumêdya ngayoning manjing//

13.Ing sênthong ingkang katiga/ wusnya ngambil kunci nèng luhur kori/ kang sênthong binuka sampun/ gumêrot swaranira/ kacarita sona kang rumêksèng ngriku/ nuju tilêm patrapira/ andhêkêm nèng luhur pêthi//

14.Kang isi arta kancana/ agêngira sami kalawan èsthi/ tuhu ngajrihi dinulu/ sirung sêmuning sona/ angganira mêguk-mêguk pindha gumuk/ Sang prajurit dupi mulat/ gêgêtunira tan sipi//

15.Ngoplok dhèngkèlên sakala/ datan bisa jumangkah Sang prajurit/ ciptaning tyas priye iku/ mêngko polah manira/ lamun asu wis tangi dènira turu/ ora wurung banjur nguntal/ praju-[9]rit tan cipta urip//

commit to user

71

16.Saking guguping tyasira/ sru angucap ngrêrêpa mèt mintasih/ mangkana ing têmbungipun/ dhuh nuwun Sang bathara/ nyuwun gêsang kawula tan ngaru biru/ yata sang sona miyarsa/ kagêt tangi yènya9 guling//

17.Gêrêng-gêrêng lir sardula/ mripatira satrêbang angajrihi/ prajurit tan darbe kalbu/ gumêtêr angganira/ sakalangkung kêkês cahyanira aclum/ badan lungkrah tanpa daya/ namung pracaya ing batin/

18.Mring wulange Nyai Wêrdha/ punang slendhang wasiyat gya kapusthi/ sirna kaajrihanipun/ prandene angganira/ apan maksih dharodhogan purunipun/ wanine wani pêpêksan/ dènya majêng minggrang-minggring//

19.Wus parêk ngarsaning sona/ sarya mbabar slendhang wasiyat aglis/ tuhu karyètating kalbu/ dene slendhang wasiyat/ dèrèng kongsi kinarya ngarukup asu/ lagya jinèrèng kewala/ kang sona wus tanpa budi//

20.Limprêg-limprêg10 tanpa krêkat/ pinarpêkan salendhang gya kinardi/ ngarukub sona tumurun/ nglemprak turu ing jrambah/ pêthi nulya binuka isi supênuh/ kathah kang arta kancana/ prajurit anom prihatin//

Pupuh IV Sinom

1. Dene tan ana wêwadhah/ kang kinarya bêkta picis/ mangkana ciptaning driya/ bêbasan lakonku iki/ ana bêgjane prapti/ tan ana daulatipun/apa ta raganingwang/ pinasthi tan kêlar sugih/ dene nganggo pangkalan tan sinung gampang//

2. Luwih bêcik ingsun mêdal/ manawa wus praptèng jawi/ bali manèh nyangking wadhah/ kang gêdhe dipunkêbaki/ kêton rupiyah rukmi/ wusnya mangkana ing kalbu/ arta pêthak sinuntak/ kêrga kanthong miwah topi/ wus ingisèn sadaya uang kancana//

3. Sanadyan tan pati kathah/ nanging akèh kang pangaji/ yata wêlinge Nyi Wêrdha/ sela thithikan kang gati/ samana ana kèksi/ kanthong alit isi watu/ nanging datan rinasa/ mung bikut angambil picis/ kanthong sruwal kanthong bajo kinêbakan//

9

dènya#*

commit to user

72

4. Dalah tangan kenging kanan/ kêbak samya gêgêm picis/ nulya ambê- [10]ngok sarosa/ èh Nyai sun arsa mijil/ juru tênung mangsuli/ apa ta kekarêpanmu/ kabèh wus kalaksanan/ prajurit mangsuli uwis/ Nyai Wêrdha tanya malih apa sira/

5. Ora lali wêkasingwang/ watu thithikan kang kari/ apa jroning pasênthongan/ iku apa wus sirambil/ prajurit sru mangsuli/ oo iya lali ingsun/ malah slendhang wasiyat/ iku iya maksih kari/ nèng jro sênthong saking guguping tyas ingwang//

6. Lah ing mêngko antènana/ sun bali manèh angambil/ slendhang myang watu thithikan/ dumunung nèng kanthong alit/ sawusnya Sang prajurit/ nulya kinèrèk ing dhadhung/ manjing jro kayu gurda/ praptèng sênthong kang kaping tri/ wus ingambil slendhang myang watu thithikan//

7. Nèng kalong11 alit ingalap/ winêdalkên dèntingali/ wujuding sela thithikan/ dene tan adi tan pèni/ têka ginawegati/ apa wadine kang watu/ baya gêdhe dayanya/ rupane ala tur kusi/ lumrah kaya wanguning watu balaka//

8. Kawulira tiningalan/ pan inggih kantun sakêdhik/ sawusira kang thithikan/ linêbêtkên kanthong malih/ kauwor lawan picis/ prajurit nulya lumaku/ mèyèk-mèyèk kawratan/ bêbêktane pating srênthil/ wusnya mêdal praptèng jawi pasênthongan//

9. Malih ambêngok sarosa/ èh Nyai Wêrdha dèn aglis/ gèrètên kêndharatira/ watumu wus ingsun ambil / wusnya munya kadyèki/ prajurit malih andulu/ ingkang sela thithikan/ anggagas sajroning galih/ apa baya kasiyate ingkang sela//

10.Dene ta rupane ala/ Nyai Wêrdha wanti-wanti/ pamêkase marang ingwang/ mokal yèn tanpa wêwadi/ nganti tan darbe melik/ marang dhuwit êmas agung/ saka pangiraningwang/ watu iku jimat aji/ mêsthi gêdhe dayane watu thithikan//

11.Yèn mangkono ingkang sela/ luwih bêcik sun kukuhi/ kalamun Si Nyai Wêrdha/ tan pasaja sun takoni/ watu thithikan iki/ tan ingsun ulungke gupuh/ karana mêsthi ana [11]/ wadine kang luwih wêrit/ Sang prajurit dupi wus prapta ing jaba//

11 kanthong#*

commit to user

73

12.Juru tênung non12 manabda/ toblas toblas sira iki/ akèh têmên gawanira/ sandhangan gumêbak picis/ ingsun mèlu mêmuji/ iya sokur yèn kadyèku/ prajurit wuwusira/ dhuwit kang sun gawa iki/ durung paja-paja lan ora sapira//

13.Isih akèh kang sun tinggal/ malah nêdya sun balèni/ kabèh bakal ingsun gawa/ eman yèn ngantia kèri/ ingsun arsa ngupadi/ wadhah kang luwih pakantuk/ kanggo ngusung ardhana/ juru tênung muwus aris/ ora kêna wali wali mring growongan//

14.Yèn luwih saka sapisan/ yêkti tan antuk basuki/ lah mangkono wruhanira/ ing mêngko thithikan mawi/ mara ulungna aglis/ parènèkna wong abagus/ prajurit muwus sira/ mêngko sarantèkna dhingin/ ingsun iki arsa takon marang sira//

15.Kapengin arsa uninga/ nanging sira aja kumbi/ mungguh kang watu thithikan/ apa kasiyate yêkti/ dene ta sira nganti/ ora melik mring arta gung/ apa wadine baya/ sayêkti kaliwat luwih/ ing dayane jimatmu watu thithikan// 16.Juru tênung lon angucap/ tanpa kasiyat sayêkti/ tanpa daya apa-apa/ rèhning

pusakaning kaki/ wajib pinundhi pundhi/ mung mangkono ananipun/ Sang prajurit sru nyêngap/ goroh wuwusira Nyai/ mokal lamun tan ana kasiyatira// 17.Yêkti gêdhe dayanira/ tandhane sira tan mèlik/ marang kèh ing raja brana/ tur dhuwit arupa rukmi/ watu yêkti ngungkuli/ pangajining barana gung/ mokal yèn tanpa guna/ juru tênung lon mangsuli/ tuhu tanpa kasiyat watu thithikan//

18.Wus dèn enggal ulungêna/ prajurit angucap wêngis/ tuhu lamun doracara/ yèn ta pasaja sirèki/ marang sarira mami/ kalakon tugêl gulumu/ juru tênung sru ngucap/ sarwi manjêrêng netyandik/ dikandhani wong tuwa malah daluya//

19.Pan gene sira mangkana/ watu thithikan puniki/ pusaka tinggalan êmbah/ pan duwèk ingsun pribadi/ têka sira kukuhi/ parènèkna de-[12]ne gupuh/ prajurit

Dalam dokumen Sêrat Panithikan (Suatu Tinjauan Filologis) (Halaman 67-123)

Dokumen terkait