• Tidak ada hasil yang ditemukan

HASIL PEMBAHASAN

A. Serat Srikandhi Meguru Manah

A.3. Transliterasi Serat Srikandhi Meguru Manah

III. Tembang Durma

1. Ngembat langkap sang–sang Prabu Jungkung Mardeya, tekang hru prabawa, sela wor lan prahara, kadya ladhu-ladhu mili, sangking gandhewa, gumledheg gegilani. 2. Sawusira wetu de prahara sela, gedheg gandhewa marang ……..ne kawarna,

muntap sangking gandhewa, nenggala palu myang piling, sakra candrasa, dhendha bedhama gandhi.

3. Gada bindhi salukan lan lugora, samoga mogal lori, mung salatri sula limpung wera sukonta, kumrusuk ngayuh wiyati, mawa prahara, miwah rekyana patih. 4. Sanjatane metu pirang-pirang yuta, panthanma kethi-kethi, myang catur punggawa,

prajurit jro sadaya, lan sewu mantri sinelir, pareng denira, anglepasi jemparing. 5. Kadya tedhuh gegana kyehning juta jata, dhedhet ngampak ampaki, sela leng

ulengan, wor jemparing arakan, kumresek sasek neseki, mara kumrerap, gumrerug gegirisi.

6. Prabu Padmanaba sigra dennya mantak, mring Parta kinen aglis, methuk ing panulak, miwah Jrustha Jumena, ngembat langkapira kalih, pareng den nira, nglepasaken panangkis.

7. Apan samya hru prabawa deka warna, sela wor angin-angin, tempuhne gegana, ibek andir kantara, paworing sektinya kalih goraning swara, lir guntur manengkeri. 8. Kepruk ing tempuh sela samya sela, bindi pra samya bindi, gada samya gada,

kunta pra samya kunta, piling tempuh samya piling, wedha lan dhendha , gandhi pra samya gandhi.

9. Alugara tempuh samya alugara, lori pra samya lori, musa latri sula, limpung cakra candrasa, sadaya keprabon jurit, kang tempuh ing prang, tan ana liru tandhing.

10. Werkudara Wresniwira Gathutkaca, giyuh ing tyas tan sipi, geger sawadyanya, tan antuk mangsah yuda, kadhang tanggung ing jemparing, kang tempuh ing prang, jejel tan kena pinrih.

11. Sela-sela leng-ulengan lelumbungan, jemparing lir sesiring, tan kena tinerak, nulya sucitra prapta, mendhak neng ngarsa wotsari, mring Harya Sena, ulun dinuta gusti. 12. Ing rakanta sang a prabu Padmanaba, panduka den timbali, mundur saha tala,

sampun mangsah ing yuda, kinen asowa rumiyin, rika panduka, karsanipun nuruti. 13. Ing krodhane sang Prabu Jungkung Mardeya, dennya ngaben kasektin, lan rayi

panduka, satriya Madukara, ing mangke yen wus dumugi, tuwan liniyan, mangsah ing aprang malih.

14. Werkudara myarsa ature Sumitra, keju krodhanireki, ajrih yen ing kirna, ing reh narendra Kresna, wus mundur sawadya neki, lan ingkang putra, Gathutkaca Sentyaki.

15. Sampun nungsun barise Madukara, sang Prabu Harimurti, matak ing Sang Parta, kinen nampuni dennya, ngaben prabawa kasektin, sanjatanira, kang samya tempuh jurit.

16. Dyan Sang Parta musthi sanjata pratima, angin ratuning angin, linepasken sigra, gelapira kumupak, wedale kang bajrapati, sangking gandhewa, nyapu sagung jemparing.

17. Sirna larut hru prabawa neka warna, siji tan ana kari, Sri Jungkung Mardeya, kagyat ngungun tumingal, sirnane sagung jemparing, asru ngandika, marang rekyana patih.

18. Eh ta apa prajuriting Tanah Jawa, nyata lamun linuwih, gunane ing aprang, padha sadhela bisa, nimbangi kadibyan mami, tan montra kewran, nya pusa gung jemparing.

19. Sedheng lamun kaojating bumitara, matur rekyana patih, leres pandukendra, sampun kirang prayitna, ing aprang den ngati-ati, mrangsah panduka, boten kewran ing tandhing.

20. Aprang kasap prakosa prang lembut bisa, gumujeng Sri bupati, iya bener sira, prawirane sembada, yen aja amungsuh mami, sapa kuwawa, nanggulanging ngajurit.

21. Iya mengko prajuriting Tanah Jawa, ingsun balange tulis, sunjako prang rumpak, tandhing ijen lan ingwang, nganggo panah kang sayekti, sing atiwasa, yen masih ngadu sekti.

22. Mongsa tekatan wekasaning aprang, sira bae den eling, gelar saben ing prang, yen wus panah pinanah, ingsun lan mungsuh den aglis, sira niliba, nyidra sangking wiyati.

23. Patih Jayasudarga matur sandika, nateng sabrang nulya glis, nenurat wus dadya, tinrap aneng sanjata, lumepas ingkang jemparing, ing arah-arah, tibanira beneri. 24. Neng ngarsane satriya Andanangjaya, kagyat dennya ningali, jemparing

cinandhak, pinundhut suratira, winahos sinungmeng galih, bebukanira, pen antanging prang wuri.

IV. Tembang Pangkur.

1. Pangeti ki layanging wang, nateng sabrang kang prawira nom pekik, modra prakosa digdyanung, kelana adon yuda, marang Tanah Jawa ingkang ajejuluk, Sang Prabu Jungkung Mardeya Parang Kubarja narpati.

2. Ingkang abala bacingah, kang kasup tanpa lawan ing jurti, tekowa marang sireku, prajurit Tanah Jawa, ingkang bisa anulak kadi byaningsun, eh ta sapa aranira, lan apa lungguhi reki.

3. Ratu utawa satriya, aja mati…..aran ing jurit, angakuwa mumpung durung, pa yo

nuli prang rupak, ngadu wuleting kulit tosing bebalung, padha nganggo panah wantah, sing atiwas angemasi.

4. Yen maksih ngadu prabawa, mongsa tekatan pawekasing jurit, iya sun puji satuhu, ingsun asektinira, aneng Tanah Jawa ing prang tau wudhu, ananging samekosira, sayekti yen noleh tandhing.

5. Prajurit ing tanah sabrang, ingkang prapta kalana andon jurit, wus titi pamahosipun, satriya Dananjaya, meseming tyas serat ing ngaturken gupuh, marang Prabu Padmanaba, winahos sinugmeng galih.

6. Wus tiwi pamahosira, sru gumujeng sang Prabu Harimurti, yayi angsulana gupuh, layange nateng sabrang, kudu ngajak mungkas ing aprang pupuh, iya sarahen kewala, satriya Dananjaya glis.

7. Akarya surat wus dadya, angsul-angsul tinrap aneng jemparing, sanjata agem prang pupuh, hru grahita lir jalma, sarutama suwiwi lar kadya manuk, linepasaken sangsana, lumarap lir kilat prapti.

8. Ngarsane Jungkung Mardeya, Sarutama kekejer kadya peksi, nateg sabrang kagyad dulu, jemparing lir kukila, begta serat wus dinuga angsul-angsul, serate sampun tinampan, Sarotama wangsul malih.

9. Nateng sabrang eram mulat, gya binuka serat sinugmeng galih, pengeti ki layangingsun, satriya Madukara, mamadyane Pandhawa ingkang ingkang jejuluk, satriya Andananjaya, peparap Prabu Karithi.

10. Iya rahaden Arjuna, iya Raden Janaka ya Premadi, pandhu putra kang jejuluk, Raden Nendra Tenaya, kang ingambil sraya tur binakal mantu, mring narapati Cempala, teka mara rangsireki.

11. Sang Prabu Jungkung mardeya, nateng sabrang kang kelana don jurit, kang amben narendra punjul, amprih putri masesa, lire sira aweh layang marang ingsun, iya wus prapta maring wang, sarta wus sun tupiksani.

12. Sarasane layangira, sira ngajak mungkasi ing ngajurit, prang rupak tandhing lan ingsaun, nganggo panah pamungkas, ngadu wuleding kulit tosing bebalung, lah iya sakarepira, ing aprang ingsun ladeni.

13. Wus titi pamahosira, nateng sabrang gumujeng pan sarya ngling, babo dene pirang nguluk, jeneng saijab-ijabi, dan dheweki sumakeyan yen pinujul, prajuriting Tanah Jawa, durung tahu oleh tandhing.

14. Ingkang padha gegangsingan, eh ta bapa kabeh prajurit mami, mengko tempuhing prang pupuh, den pajek baris padha, aja obah mung sun pundhut surakipun, sira wae den waspada, patih sandika tur neki.

15. Sang prabu ngetap ratanya, gumrit nengah gebyur-gebyur tulya sri, rengganing rata mas murup, kataman diwangkara, wor prabaning makutha muncar ngenguwung, sarwi angiwa gandhewa, endhog paungkas si nandhing.

16. Pantes wanguning prawira, asembada pakike sri bupati, Sri Kresna lingnya rum, eh yayi mungsuhira, sida ngajak mungkasi ing aprang pupuh, pan wus nengahken rata, poma den angati-ati.

17. Ing prang aja kurang yitna, nateng sabrang anak Bramana sekti, luwih mateng tapanipun, tan kena ginagapang, Gathutkaca sira den prayitneng luhur, miwah sira Werkudara, ing dharat den ngati-ati.

18. Trerabolan jaganana, wusnya mangsit sang Prabu Harimurti, gumrit nengah ratanipun, nawung naring surya, gebyar-gebyar prabane kang rata murup, gadya paguting ngaskara, timbang tan ratanireki.

19. Lan ratane nateng sabrang, tohnya sedheng satibaning jemparing, kalih kendel ratanipun, danguwa wang winawang, samya ngiwa gandhewa pamungkasipun, dereng cul ingkang sanjata, mring paman pantesing jurit.

20. Pra samya morotanipun, minger angerek nganan, adu ngarsa adu ngiring adu pungkur, tan owah tebihing rata, maksih satiban jemparing.

21. Wusnya mubeng kaping tiga, rata kendel sareng dennya nglepasi, jemparing tikel pinethuk, tempuh sami sanjata, sareng salin laras parang lepasipun, laraping warastra kadya, sisiringe kilat thathit.

22. Pur pupug papag pinapak, tempuh ningkang jemparing ting carengkling, arame tuju tinuju, sanjata pareng sirna, dangu dennya silih laras liru tembung, tan ana ingkang kacidra, rikat myang awase sami.

23. Wadyagung surak gumrerah, mawor maras-maras surake sami, markum mesa dennya dulu, solah bawaning aprang, Dananjaya lan Jungkung Mardeya prabu, yayah wus caruk warastra, ruket ing pratanya kalih.

24. Rekyana patih tumingal, yen gustine wus campuh ing ngajurit panah pinanah lan mungsuh, sigra mesat gagona, ngikal limpung harsa nyidra sangking luhur, Gathutkaca awas mulat, garjita ing tyas nulya glis.

25. Mesat marang ing gana, wus ngungkuli marang rekyana patih, ngawasken sasolahipun, ki patih tan grahita, yen mungsuhe wus aneng ing luhuripun, dupi niyup arsa nyidra, sinamber sangking wiyati.

26. Limpunge sinendhal kena, wus binuwang ki patih kagyat nolih, dhinupak mukanira sru, kontal tibeng bantal, sajabaning baris sanget dennya kantu, kasiliran samirana, tangi tan kondur ing jurit.

V. Tembang Durma.

1. Patih Jaya Sudarga langkung krodhanya, nyandhak kontanira glis, mesating gegana, nguwuh-uwuh sesumbar, eh sapa aranireki, mungsuh kang cidra, nungkul prang teka wuri.

2. Angakuwa mupung meksih duwe nyawa, dumeh apa sireki, prakosa birawa, bisa ngambah gegana, lan apa lungguhi reki, aneng Cempala, Gathutkaca nahuri.

3. Eh wruhanta ingsun dudu wong Cempala, wong Serayanan iki, prajurit Ngamarta, umiring kanjeng rama, lan jeng papan ing ngajurit, ing ngambil sraya, mring eyang Cempala ji.

4. Ingsun sena putranya Bisma Admaja, gathutkaca ran mami, ya raden Luritna, peparap Prabu Tluka, satriya sasat narpati, kratoning uwa, prabu kang sun nenggoni.

5. Pringgadani waris sangking ibuningwang, balik sapa si reki, dhapurmu sembada, gagah dedeg parusa, lan apa lungguhi reki, aneng ing sabrang, satriya pabupati. 6. Ninggal dhapur sedya culika ngayuda, nyidra sangking wiyati, iya mring jeng

papan, kaya du prawira, marmane ingsun dhingini, jer sira cidra, kyana patih sru angling.

7. Aja tambuh ya ingsun patih ing sabrang, Parakubarja nagri, pepatih misesa, aran Jaya Sudarga, eh Gathutkaca sireki, sedheng wus timbang, aprang tandhing lan mami.

8. Sira iku satriya gung sasat raja, ingsun iki pepatih, nanging tilas raja, ratu Parang Kubarja, kasor prang meksih kinardi, patih misesa, kinarya deling jurit.

9. Mring gustiku sang Prabu Jungkung Mardeya, aja sira kuwatir, manawa kecuwan, nora tutug ing aprang, sagendhingmu sun tadhahi, angajak pira, oh Jaya jayeng jurit.

10. Apa ngajak prang tata panah pinanah, ngadu wuleding kulit, apa pupuh rosa, prang rupak bindi gada, apa ingsun kang dhingini, apa tat sira, kang dhingini ing mami. 11. Raden Gathutkaca asru wuwusira, ya wus sedheng sireki, tandhing prang lan

ingwang pepatih lan raja, pantes pradireng ngajurit………..

12. Eh ta payo apa ingkang aneng sira, tibakna sun tadhahi, krodha ngikal dhendha, Patih Jaya Sudarga, pamupuhe den tadhahi, gapyuk cinandhak, dhedhane kyana patih.

13. Rame sendhal sinendhal aneng gegana, Gathukaca nguwati, nyendhal sarwi gupak, jajane kiyapatya, kontal dhendhanya wus keni, sebud binuwang, krodha rekyana patih.

14. Anerajang tinadhahan pareng tandhang, caru rok ruket sami, kuwel neng gegana, sami prakosanira, sareng dennya tibeng siti, wal singsal kotal, wangsul rok ruket malih.

15. Aneng dharat pangadu sudiraning prang, deder dineder sami, udreg dreg udregan, silih gon maputeran, kumitir untir ing untir, peluk puletan, keked banting binanting.

16. Rame dugang dinugang sareng gumimpang, gulung gantya kaguling, uleng leng– ulengan, lir cakraning gilingan, rekyana patih sor titih, kadekung ing prang, dinedel wus katindhih.

17. Tengel cengelira jaja suh jinejak, pejahe kyana patih, sareng lan praptanya, Resi Bramana tapa, sangking ing sabrang miyarsi, yen ingkang putra denira mamprih putri.

18. Marang Tanah Jawa temah dadya prang, marma sang Bremana glis, sumu guling putra, prapteng nagri Cempala, ingira ramening jurit, kang aneng wiyat, ngungun dennya ningali.

19. Ing patine ki patih Jaya Sudarga, memungsuh padha siji, duk aneng ing sabrang, wus wudhu tanpa lawan, ing mangkyana Tanah Jawi, luwih apesnya, ing aprang tan ngundhili.

20. Mung tinangan kewala lan mungsuhira, mati tanpa malesi, lan malih tumingal, putranya sri narendra, wus campuh ing aprang tandhing, lan mungsuhira, samya neng rata manik.

21. Rame tuju tinuju panah pinanah, dereng wonten kasilib, sami rikatira, wasis awase samya, myang pekikira meh sami, Bremana tapa, krodha sru denira ngrik.

22. Swaranira anglir kadya grah kasapta, gumuruh gegirisi, ibekan gegana, pareng papeteng prapta, sumaput pedhut nglimputi, madyeng payudan, dhedhet lir tengah wengi.

23. Dadya kendel kang samya prang kalihira, dening pedhut nglimputi, Sri Jungkung Mardeya, suka ing tyas wus duga, lamun ingkang rama prapti, tetulung ing prang, angrik aneng wiyati.

24. Dadya mundur Sang Prabu Jungkung Mardeya, ingeraken rata glis, benggangi mungsuhnya, sampun aworing bala, maras wadya Dwarawati, Cempala lawan, pamenang Pringgadani.

25. Samya sedih tan bisa mangsah ing yuda, dening peteng nglimputi, lan swara lir gerah, ibekan dirgantara, kang darbe swara tan keksi, kaku tyasira, tan wruh sawiji-wiji.

26. Werkudara Setyaki lan Gathutkaca, samya prayitneng bathin, myang Justha Jumena, dhedhep sawadyanira, mung sang Prabu Harimurti, kang nora samar, Arjuna wus winangsit.

27. Eh ta yayi iki si Bremana tapa, prapta sanyidreng jurit, iya marang sira, angrik aneng gegana, akarya peteng nglimputi, aja pepeka, ing prang den ngati-ati.

28. Bapakane Sang Prabu Jungkung Mardeya, Bremana luwih sekti, wus mateng tapanya, ing ngajur-rajer bisa, lah payo yayi den aglis, sira lepasna, Bramasta mring wiyadi.

29. Yen wus padhang sorotama tamakena, mring si Bremana sekti, kalamun wus pagas, dhase sira pilahna, lawan gembunge den tebih, dhase tibakna, aneng ratanireki.

30. Ing ngarepe Sang Prabu Jungkung Mardeya, gembung buwang nggen angin, lamun misih perak, lan dhase yekti bisa, patrep dhewe urip malih, marma dohena, payo yayi den aglis.

31. Dora nistha andhingini mungshuh cidra, parta wusnya winagsit, ngembat langkapira, lumepas kang bramastra, murup nungsunga wiyati, Bremana tapa, keneng padhangingani.

32. Guguping tyas sigra ana………….,niyup sangking wiyati, harsa tumigasa, ing

tenggak sang Arjuna, pagas pinagas jemparing, kang sarotoma, dhas harsa patrap malih.

33. Mring gembunge tinadhahan endrasara, tinibakaken aglis, aneng ratanira, Prabu Jungkung Mardeya, gembung binuwang ing angin, kabuncang sirna, tibeng dohing jaladri.

34. Tulus pejahira Sang Bremana tapa, dhase pinisah tebih, lawan gagembungnya, pareng lan ilangira, pedhut peteng kang nglimputi, katut maruta, padhang samareng jurit.

VI. Tembang Asmaradana.

1. Sang Prabu kagyat tan sipi, duk sirah wau tibanya, gumebrug munggeng ngarsane, tiningalan nora samar, yen sirahe kang rama, mustaka nulya sinambut, sinungkeman aneng asta.

2. Sarya sru dennya nangisi, sasampunira karuna, sang prabu enget ing tyase, sigra dennira parentah, mring sagung pradipatya, sadaya kinen angruruh, marang jisime kang rama.

3. Miwah sagung para mantri, sadaya samya ngupaya, Bremana tapa jisime, sajawining pabarisan, mubeng datan kapanggya, katur marang sang a prabu, kalangkung ngenguning driya.

4. Dene mungsuhe udani, pejah gesange kang rama, liwat guna waspadane, sirah tinibaken rata, gemangira iya, nagri parang gubarja, kuneng wau kang winuwus, kang maksih aneng payudan.

5. Sang a Prabu Harimurti, miwah kang rayi sadaya, wus budhalaken barise, tinata lampah ing marga, lumiring manjing kitha, swaraning bala gumuruh, wus katur ing sri narendra.

6. Yen nunggal kang magut wurit, sigra miyos pagelaran, angurmati ing praptane, kang mentas ungguling aprang, tan dangu katingalan, pangarsane lampahipun, manjing ngalun-alun samya.

7. Wil bala ing Pringgadani, surak-surak giyak-giyak, bekilung rame gendhinge, nulya piyak ngering kanan, baris angampit marga, wadya cempala sumundhul, nulya wadya Madukara.

8. Nulya wadya Dwarawati, kang mangkasi wuri pisan, wadya jodhipati kabeh, anut bala kang pangarsa, piyak angering nganan, rangkap baris ngurung-urung, wong agung ngira sadaya.

9. Lajeng marang Poncaniti, Sri Maha narendra Kresna, tegake sangking ratane, munggeng tepiing taratana, Sribupati Cempala, nyandhak astanira gupuh, kinanthi binekta lenggah.

10. Satataning poncaniti, para putra pradipatya, aglar nunggeng ing ngarsane, sribupati ing Cempala, mesem dennya ngandika, pan kawula meh sumusul, paduka prabu mring Payudana.

11. Sangking sumelang miyarsi, ing warti Jungkung Mardeya, langkung awrat ing yudane, lumatur narendra Kresna, saestu lamun awrat, marma tilar pratanira, mring Tanah Jawa don aprang.

12. Sangking wus tan angsal tandhing, wonten sabrang gunaning prang, neracak sapunggawane, samya prawira ngayuda, wadyanipun sadaya, samya setya ratunipun, marmanipun wrat sinongga.

13. Sajroning prang tigang ari, wadyanipun tuhu pesan, da tanpa kewul yudane, tan wonten kang lumayuwa, maksih ambyuk kewala, mareming prang soroh amuk, neng ngasane ratunira.

14. Marmanya glis den lepasi, ing sanjata pawanendra, mring pun Dananjaya dene, awlas kathah ing papejah, Prabu Jungkung Mardeya, katunjang sabalanipun, tita ing Parang Gubarja.

15. Miwiti malah mekasi, salah tingkah ing ngayuda, sampun katur ing sadayane, Sribupati ing Cempala, langkung sukaning driya, yen makaten anak prabu, tumuten kalampahana.

16. Rayi tuwan pun Srikandhi, dhaupe lawan Arjuna, ing Soma ngarsa penede, sedheng aso wadya bala, matur narendra Kresna, inggih kawula jumurung, paman Prabu karsa tuwan.

17. Punapa den antos malih, ing reh wus dadya ubaya, prayogine ten panggiye, ngling malih nateng Cempala, aran……….Jumena, lawan patih Dhasthaketu, besuk ari Soma ngarsa.

18. Padha den samakteng kardi, ing dhaupe bakyunira, kang putra sandika ture, nuli kondur sri narendra, lumekteng dhatulaya, Prabu Padmanaba sampun, pasanggrahan sadayanya.

19. Bubar sagung kang anangkil, wau sang Prabu Drupada, sarawuhireng kadhaton, pinethuk marang kang garwa, sawusnya tata lenggah, alon ngandika sang prabu, eh ta yayi mungsuhira.

20. Samengko wus tumpes tapis, Sang Prabu Jungkung Mardeya, sirna lebur sabalane, sutanira si Arjuna, ingkang marwa seng yuda, wus dadi ubayanipun, yen kelakon mungsuh sirna.

21. Sutanira si Srikandhi, ingkang sun karya ganjaran, mau wus sun dhawuhake, besuk ari Soma-ngarsa, dhaupe sutanira, samengko wus sedhengipun, kathinen aneng jro pura.