HASIL PEMBAHASAN
B. Serat Abimanyu Krama
B.3. Transliterasi Serat Abimanyu Krama
IV. Tembang Pocung
1. Duk angrungu Prabu Kalasiya jutul, enget sigra lengah, gumujeng latah dennya ngling, hiya patih bener kabeh aturira.
2. Nanging durung semono ingkarsa ingsun, yen kongsiya tiwas, nata Kresna Dwarawati, dadi ingsun nora duwe maratuwa,
3. Pan ing mengko ingkang dadi karsaningsun, putri Dwarawatya, kusuma Siti Sendari, utamane becik sun dhustha kewala.
4. Namur laku sira den prayineng pungkur, atunggu nagara, sakancamu pradipati, kyana patih Batusrenggi tur sandika.
5. Sawusing telas welingnya sang prabu nepak bahu sigra, mesat marang awiyati, ngidul ngetan mring Dwarawati nagara.
6. Tan kawuwus kang ngambara kalihipun, Prabu Kalasiya, gantya malih kang winarni, Wringin Sapta Sang Bagawan Lumperaga.
7. Suka dulu kang wayah diwasanipun, Sang Bambang Irawan, lan kang rama wus tan kalih, pekikira miwah kekuwunging cahya.
8. Dadya kidung para endhang para gunung, pra samya kasmaran, kathah angunggah-unggahi, para endhang wangsul tinampik sadaya.
9. Dening wau Bambang Irawan tyasipun, tebih ing wanodya, mung karem sru mati ragi, mrih sudikbya kaprawiran ing Ngayuda.
10. Eyangipun nelas pamulangireku, Aji jayaning prang, kaprawiraning ngajurit, ing kagunan kasudgibyan kanuragan.
11. Sampun putus jaya-jayanti wus punjul, manjing wanawasa, tansah wulucumbu kalih, Nala Gareng lan Puthut Petruk punika.
12. Saya mungguh asri respati dinulu,Sang Bambang Irawan, sembada anom apekik, wulucumbu kaliye gecul sembrana.
13. Gareng puthut kencet kanan sukunipun, netra siwer abang, awak bajang andhap alit, tangan kiwa cekot kang tengen kuwaga.
14. Puthut Petruk lencir luhur dedegipun, irung nyanthuk panjang, netrane lonjong tang ngolik, sasolahe cucut karya pagujengan.
15. Duk punika Bambang Irawan anuju, sampun pitung dina, tansah neng ngarsanireki, ingkang eyang Sang Bagawan Lumperaga.
16. Nuwun tuduh ing eyang sudarmanipun, dening ibunira, tan jarwa den pitakeni, lamun eyang tan jarwani sapunika.
17. Pamit lampus wirang tan sameng tumuwuh, wau sang pandhita, kang wayah rinangkul aglis, adhuh putuningsun mengko wus diwasa.
18. Barang laku wis nora kena ingapus, pae duk rarenya, nangis kena sun neng-nengi, iya kulup ingsun jarwani samangkya.
19. Wong tuwamu kang yoga marang sireku, dudu sing ngawonga kumbahing kerah kaki, maksih trahing rembes maduning kusuma.
20. Tedhakipun wong mara tapa pinunjul, panengah Pandhawa, satriya Madukara di, Dyan Arjuna iya Raden Dananjaya.
21. Iya iku kang yoga marang sireku, Irawan miyarsa, langkung sukane tyas neki, nembah matur lamun makatena eyang.
22. Kula nuwun pamit paduka pukulun, sowaning jeng rama, manglebur tapakireki, dhateng Madukara mugi linilana.
23. Duk angrungu gumujeng angling sang wiku, adhuh wayah ing wang, gugup tyase sun tuturi, yen sudarmanira panengah Pandhawa.
24. Iya kulup ingsun lilani sireku, nanging yen wus prapta, ngujung wong tuwanireki, nuli sira pamit mulih amrih ngarga.
25. Sira lamun lawas neng negara kulup, mendah ibunira, tansah denira prihatin, tur sandika kang wayah mareking ngarsa.
26. Ngraup suku sawusnya lengser wot santun, Gareng marek sigra, karsa pamit datan bakit, nulya medal anata ing pamitira.
27. Wusnya antuk tembung krama marek ngayun, meksa datan bisa, pamite marang sang yogi, mondar-mandir mata mucicil kewala.
28. Suka dulu gumujeng sang maha wiku, Gareng langkung merang, sigra mundur tanpa pamit, Puthut Petruk miyat guguk wuwusira.
29. Si Gareng wus pamit wae tanpa urus, pijer , megap-megap, nora padha lawan mami, Puthut Petruk sigra majeng marek ngarsa.
30. Awot santun kawula pamit tut pungkur, ngiring wayah tuwan, sang pandhita ngandika ris, iya Petruk muga rahayu ing paran.
31. Petruk matur kula boten darbe sangu, mugi paringana, kinarya urup neng margi, sang pandhita ngandika lah Petruk iya.
32. Ngarep iku pare ula gonku nandur, mung awoh sajuga, ambilen pasthi yen dadi, sangunira kinarya urup neng marga,
33. Petruk matur kinarya punapa iku, pan pare musibad, wernine lir irung mami, mindhak dados mirangken badan kawula.
34. Mesem muwus sang pandhita sigra mundhut, kang pare pinecah, isine rong puluh dadi, emas tuwa Petruk kagyat umiyat.
35. Langkung ngungun ebad sigra marek gupuh, isi pare emas, sadaya kinandhut nuli, besa bapang tanpa pamit undurira.
36. Suka dulu gumujung sang maha wiku, Petruk angkatira, anututi sang apekik, wulucumbu kalih tansah kekanthenan.
V. Tembang Kinanthi
1. Kuneng kang lagyana laku, gantya wau kang winarni punggawa wil Batubarang, Batublebek Batugendring, inguni saangkatira, sangking prajanira sami.
2. Lampahing palwa kelahut, labuh aneng ing pasisir, saleripun Balambangan, lajeng denira lumaris, tetanya ing prenahira, nagara ing Dwarawati.
3. Kang tinaken aturipun, lamun Nagri Dwarawati, tebih lampahan sawulan, ngaler ngilen sangking ngriki, lan pasisir kilen celak wil Batublebek miyarsi.
4. Ngungun tyas ngarsa kelahut, lajeng lampahira sami, lan sawadya balanira, kendel sawetan dalepih, bingung neng tengahing wana, tan ana kang den takoni.
5. Nulya wadya ditya matur, lamun wonten wong lumaris, tiga sangking kidul wetan sigra pinegatan sami, kinepung sangking kadohan, wil Batublebek mrepeki.
6. Wus panggih lan kang lelaku, maksih deg-adegan sami, punggawa ditya sru ngucap, mandheg sun tanya dhingin, sira sapa namanira, lelaku nedya mring ngendi.
7. Kang tinaken sahuripun, Bambang Irawan mami, teka ing Wringin Kasapta, nedya mring Ngamarta Nagri, balik sira buta apa, baris neng tengah wanadri.
8. Batubledek sahuripun, pan ingsun buta Bupati, teka Nagri Batubarang, dinuta ing ratu mami, mring Dwarawati Nagara, temah bingung neng wanadri.
9. Kapareng sira lelaku, mangulon padha lan mami, dadi ingsun nunut sira, kang supaya bingung mari, nahuri Bambang Irawan, iku nora gelem mami.
10. Karena ing lakuningsun, seba ing wong tuwa mami, sira buta yen nunuta, pasthi karya songgarunggi, Batubledek langkung krodha, Irawan tinubruk aglis.
11. Binarengan mukanipun, tinepak jungkel ing siti, Puthut Gareng Petruk sigra, bubuh prasamya bijigi, Batugendrung kagyat mulat, langkung krodha mangsah aglis.
12. Lan sawadya balanipun, samya umangsah nengkebi, nubruk sangking kanan, Bambang Irawan tan keni, kadya nubruk wewayangan, pan sarwi napuk nempiling.
13. Keh kalanger bala diyu, Puthut Gareng Petruk sami, tan pisah lan gustinira, dhodhos bijig andhupaki, Batublebek satangiya, sangking kantaka ningali.
14. Batugendring yudanipun, Batubledek mangsah aglis lan sawadya balane samya ngarubut ing jurit, Bambang Irawan saksana, menthang sanjata linuwih.
15. Punggawa kalih kacundhuk, wus pejah niba ing siti, ginedheg gandhewanira, panah prabawa kang mijil, konta limpung lan trisula, nenggala miwah dhedhali.
16. Sangking gandhewa kumebul, leksan kethen kang jemparing, wil kalihatus keh pejah sakarine wedi giris, samya lumajeng mangtan, panggenane palwa neki.
17. Sasirananing mengsah diyu, Bambang Irawan lumaris, lan kalih wulucumbunya, wus lajeng lampahireki, sinigeg datan winarna, gantya kawuwusa malih.
18. Ing Dwarawati Sang Prabu, Bathara Kresna pan lagi, siniwi mungweng ngarsi, sang prabu ing Trajutrisna, praptanya latri ari.
19. Lan sawadya balanira, sowan kang rama sang aji, aglar kang para santana, Patih Udawa tur uning, ngaturken mantri tampingan, kang prapta atur udani.
20. Lamun ingkang raka rawuh, Mandura sawadyaneki, sangking Nagari Ngastina, kagyat Prabu Harimurti, wus kaduga ing tyasira, kang raka praptanireki.
21. Raden Samba gya tinuduh, kalawan Harya Sentyaki, methuk rawuhe kang raka, wus budhal sangking jro puri, samya lampah lelancaran, nulya Prabu Harimurti.
22. Miyos siniweng wadya gung, lenggah aneng ing sitinggil, aglar kang wadya punggawa, aneng panangkilan sami, yata wau pamethuknya, Raden Samba lan Sentyaki.
23. Lan kang uwa sampun tundhuk, kaliye samya wotsari, matur kalamun dinuta, mring kang rama angaturi, lajeng amanjing jro kitha, rayi tuwan jeng rama ji.
24. Ngantosi neng sitiluhur, wus dangu denira nganthi, rawuh tuwan sitibentar, Sri Baladewa nulya glis, parentah patih kalihnya, lajeng budhalaken baris.
25. Sapraptaning ngalun-alun, tedhakira sangking esthi, aneng tepining taratag, sigra Prabu Harimurti, methuk rawuhe kang raka, astane sigra kinanthi.
26. Sapraptaning sitiluhur, lenggah ing ngamparan sami, gya Prabu Narakasura, lan Raden Samba wotsari, mring uwa Sri Baladewa, nulya Harya Sindupati.
27. Lan Wangsatama wot santun, mring Sang Prabu harimurti, sawusira tata lenggah, nata Kresna Dwarawati, namudana mring kang raka, Sri Baladewa lingnyaris.
28. Yayi prabu praptaningsun, dinuta ing kaki aji, Ngastina Sri Duryudana, mring sira ngaturken taklim, kapindho ingsun dinuta, iya ngaturi udani.
29. Yen mengko sutanireki, si Lesmana nahen brangti, lali nadhah miwah nendra, nginglung kandhahan pawarti, iya marang putrinira, suta ngong Siti Sendari.
30. Yen pareng karsanireku, sutanira nini putri, disuwun jodhowa lawan, si Lesmana banget brangti, pan nora cipta akroma, mung suka mong angembani.
31. Sun yayi liwat jumurung, dene tan kuciwa yayi, bebesanan padha raja, putra jodho lawan putri, sira Prabu Padmanaba, miyarsa nolih wuri.
VI. Tembang Pangkur
1. Matur Sri narendra Kresna, kadya paran pukulun jeng kakaji, punapa supe pukulun, boten matur pesaja, lamun putra tuwan mangke wus katrucut, dhaup lan Angkawijaya, kadya paran ngong ing mangkin.
2. Yen galiya putra tuwan, Prabu Baladewa ngandika aris, iya yayi ngong wus matur, yayi Prabu Ngastina, nanging kudu nenuwun marang sireku, dene mengko yayi sira, wus nora bisa mangsuli.
3. Mring arinira Ngastina, kaya nora dadi galiye ugi, pupus dudu jodhonipun, lagya eca ngandika, geger gumrah jroning kadhatun, Samba sigra manjing pura, andangu kang dadya tangis.
4. Wusnya putus wangsulira, prapteng ngarsa nungkemi pada nangis, pukulun jeng rama prabu, tangis sajroning pura, putra tuwan Siti Sendari puniku, binekta ing duratmaka ditya sangking ngawiyati.
5. Icalipun tan katingal, kadya paran pukulun jeng rama ji, kagyat wau duk angrungu, sang prabu kalihira, miwah Prabu Bomantara krodha gupuh, pan datan nganti parentah, nitih titihanireki.
6. Wilmana sigra umesat, nggayuh marang ngawiyat anututi, tan karuwan paranipun, Sang Prabu Baladewa, langkung krodha pangandikanira asru, yayi prabu kaya paran, ilange sutanireki.
7. Apa baya Si Janaka, ingkang duwe pokal mangkene iki, nanging sun wetara dudu, dene tangise iya, anjrit-anjrit lir wong gila maras dulu, iya marang ngendi baya, si dhustha paranireki.
8. matur Prabu Padmanaba, pan kemengan samangke ing tyas mami, dening dhustha sirnanipun, langkung guna sudigbya, dados mangke putra paduka pukulun, kula karya sayembara, pundi kang saged ngulati.
9. Puniku pasthi kang nyata, inggih dados jodhonipun niputri, paduka nunten anuduh, dhateng Nagri Ngastina, tur uninga dadosing sayembareku, kula inggih kang ngutusan, mring Madukara dhawuhi.
10. Sira Prabu Baladewa, langkung suka sigra parentah aglis, Jayajatra kang tinuduh, lan Bambang Wongsatama, matur marang Sang Prabu Duryudaneku, sandika sigra umesat, adipati Banakeling.
11. Lawan Bambang Wongsatama, sabalane sadaya mantuk sami, Dyan Wresniwira tinuduh, marang narendra Kresna, andhawuhi mring Madukara puniku, dadining ing sayembara, nelas parentah sang aji.
12. Sandika Dyan Wresniwira, sabalane lampah lancaran sami, sang nata jengkar ngadhatun, lan kang raka Mandura, Wadyanira sadaya makuwon sampun, neng kulon kang pepajangan, kang wetan pakuwoneki.
13. Wadyabala Trajutrisna, kuneng wau kang aneng Dwarawati, gancanging carita wau, lampahe Jayajatra, lawan Bambang Wongsatama sampun rawuh, Ngastina lajeng katurnya, marang Prabu Kurupati.
14. Mring Dwarawati lampahnya, purwa madya wesana katur sami, sang prabu miyarsa ngungun, nimbali Dhayang Druna, nata Karna Sangkuni manjing kadhatun, praptanya wus tata lenggah, sadaya jinarwan sami.
15. Lampahe mring Dwarawatya, purwa madya wesana temah dadi, ing sayembara punika, paran rembage samya, paman Druna panawangira satuhu, dora lawan tuhunira, sang prabu ing Dwarawati.
16. Tuwin cidraning Pandhawa, Resi Dhayang Druna umatur aris, panawang kula sang prabu, raja putri sirnanya, pan dhinustha ing endrajala satuhu, leres rakanta Mandura, panggaliye pan sayekti.
17. Dede cidraning Pandhawa, pan binekta duratmaka sayekti, kilap Endrajala wau, kula pan kalimputan, nedya dhustha temah kandhinginan laku, sang raja putri sirnanya, punika srinarapati.
18. Prayogi nunten nuduha, pra santana punggawa para mantri, sapalih paduka tuduh, ngupaya sang lir retna, kang sapalih kantun atengga kadhatun, raka tuwan ing Ngawongga, mangidul dennya ngulati.
19. Ngiras ngaturi uninga, ing ramanta nateng Mandraka nenggih, pun adhi patih puniku, lan salawe Kurawa, tuwan tuduh mangaler sawadyanipun, mangilen pun Dursasana, lan slawe kadangireki.
20. Pasthi sang putri kapanggya, eh ta adhi patih aturku iki, manawa ana kang luput, sira adhi matura, kyana patih myang Dipati Karna wau, kaliye wus nunggil karsa, rembag saha turireki.
21. Ngandika Sri Duryudana, paman patih tuwin kakang dipati, yen ing rembag wus panuju, tumuli ngupayowa raja putri Dwarawati den kapangguh, kaliye matur sandika wusnya pamit sareng mijil.
22. Katiga lan Dhayang Druna, Nata Karna niwah Patih Sangkuni, prapteng jawi undhang gupuh, ing wadya balanira, myang Kurawa punggawa pra mantrinipun, sapalih ingkang dinuta, ngulati sang raja putri.
23. Wusnya samekta gya budhal, ngidul ngilen Ngawongga sawadya ki, Dyan Arya Dursasaneku, mangilen sakadangnya, kyana patih mangaler sawadyanipun, lawan salawe Kurawa, myang punggawa para mantri.
24. Wana-wana kang kamargan, binabadan samya den osak-asik, kunengta datan winuwus, sagung sata Kurawa, gantya malih ing Madukara winuwus, satriya Andananjaya, lenggah lan kang garwa kalih.
25. Siniwi lunggweng paningrat, Dyan sadewa satriya Pringgadani, tiga Raden Abimanyu, kang samya munggeng ngarsa Dyan Arjuna pangandikanira arum, kulup Abimanyu sira, durung duwe kadang malih.
26. Mung siji Wringin Kasapta, kaya-kaya wus diwasa samangkin, ing giriya suteng wiku, Ni Endhang Manuhara, pan kaluron tiwase lan sutanipun, kadi mung siji belaka, kulup kadangira mangkin.
27. Iya pira bara benjang, bok manawa sugih sadulur maning Angkawijaya wotsantun, mugi kalampahan lagya eca ngandika lan putranipun, kasaru ing praptanipun, Rahaden Arya Sentyaki
28. Katur sigra tinimbalan, prapteng ngarsa nembah wus kinen linggih, lan Sadewa jajaripun, wusnya sinamudana, Dyan Sentyaki mring raka nembah matur, pukulun lampah kuwula, sowan ing paduka nenggih.
29. Dinuta raka paduka, Dwarawati Sang Prabu Harimurti, maringken pangestunipun, kaping kalih dinuta, paring wikan lamun rakanta sang prabu, Mandura prapta dinuta, dhateng Prabu kurupati.
30. Nuwun ing paduka karsanipun Dewi Siti Sendari, jodhowa lan putranipun, raja putra Ngastina, Dyan Lesmana Mandra Kumara puniku, raka tuwan Prabu Kresna, nampik manglamarireki.
31. Margi rembag wus dadya, jodho lawan pun Abimanya nenggih, wulan ngarsa dhaupipun, raka tuwan Mandura, enget muwus lamun dede jodhonipun, duk eca samya ngandika, kasaru geger jro puri.
32. Kang tangis umyung gumerah, katur lamun Retna Siti Sendari, anjrit sirna tan kadulu, binekteng duratmaka, putra tuwan ing Trajutrisna sang prabu, kang mesat nututi lampah, dhustha kang ngambil memanis.
VII. Tembang Dhandhanggula
1. Dados mangke putranta sang putri, pan kinarya inggih sayembara, ing raka tuwan kaliye, sinten kang saged ngruruh, manggihaken sang raja putri, pasthi lamun punika, dados jodhonipun, raka paduka Mandura, kang tinuduh mring Ngastina andhawuhi, pun Bambang Ongsatama.
2. Lawan adipati Banakeling, yen ing mangke dados sayembara, raja putri ing musnane, kawula kang tinuduh, raka tuwan Sri Harimurti, dhawuh tuwan punika, rakanta sang prabu, wangsite dhateng kawula, yen paduka ingkang ngulati sang prabu, pathi lamun kapanggya.
3. Singa-singa kang paduka tuding, pasthi kapanggih putra sang retna, amung punika dhawuhe, raka paduka prabu, tuwan nunten kinen ngulati, satriya Madukara, mesem duk angrungu, ing ature Wresniwira, kang miyarsa sadaya ngungun tan sipi, Dananjaya ngandika.
4. Iya yayi matura sireki, marang kaka Prabu Padmanaba, aturna sembahku wae, apa sadhawuhipun, kabeh ingsun sandika yayi, Sentyaki suka ing tyas, nembah pamit sampun, linilan lengser wus medal, prapteng jawi budhal sawadyanireki, mantuk mring Dwarawatya.
5. Raden Dananjaya ngandika ris, yayi Sadewa sira matura, mring kaka prabu den age, apa sadhawuhipun, raka para ing Dwarawati, tuwin wangsulan ingwang, sira wus angrungu, kabeh sira aturna ingsun nuwun pangestu pamit ngulati, musnane sang lir retna.
6. Dyan sadewa sandika wotsari, pan kasaru gedere ing jaba, Patih Sucitra lebete, prapteng ngarsa wot santun, dhuh pukulun atur udani, wonten satriya prapta,
sowan ing pukulun, sangking ing Wringin Kasapta, wasta Bambang Irawan ayun ngabekti, ing tapak pada tuwan.
7. Dananjaya mesem ngandika ris, eh Sucitra iriden den inggal, pan iku gustimu dhewe, putra ngong teka gunung, patut ingsun Endhang Palupi, ngungun Patih Sucitra, sigra wangsulipun, prapteng jawi matur nulya, dhawuhaken kang rama timbalaneki, aturira sandika.
8. Bambang Irawan pan sampun kerit, lebetira prapteng palataran, katingal sigra ingawe, kagyat kang samya dulu, ing pekike putra kang prapti, tan pae lan kang raka, Raden Abimanyu, sapraptanira ing ngarsa, marek nembah nungkemi padanireki, sawusnya kinen nembah.
9. Mring kang ibu raja putri kalih, Wara Srikandhi suka aturnya, kanjeng paran ngong ing mangke, putra tuwan puniku kula suwun ing kang darbeni, kakang bok wus peputra, kang raka lingnya rum, ya yayi luwih utama, wau Bambang Irawan wusnya uga bekti, lajeng kinen wotsekar.
10. Mring kang paman Dyan Sadewa nuli, mring kang raka Raden Gathutkaca, lan raden Abimanyune, sawusnya kinen lungguh, Dananjaya ngandika aris, kulup sira bageya, salamet ing pungkur, ibune lan eyangira, ingkang putra Bambang Irawan wotsari, inggih sami raharja.
11. Dening prapta kawula sumiwi, nedya nglebur ing tapak paduka, kang rama mesem delinge, sokur mangkana kulup, lagya eca pocapan sami, jawi suka gumerah, kang samya gumuyu, katur yen wulucimbunya, ingkang putra kekalih langkung nucudi, gya kinen nimbalana.
12. Gya ngandikan kaliye wus prapti, Gareng Petruk aneng palataran, kang mulat suka gujenge, dening kalih kayungyun, nuting wanda cecudireki, lurah Gareng lan Sesmar, dadya imbuh-imbuh dennya karya pagujengan, Dananjaya suka denira ningali, wus kacathet tyasira.
13. Puthut Gareng lan Petruk ing benjing, dhinaupaken lawan sutanira, ki lurah Semar patute, sangking kanastren sunu, kalih pisan samya pawestri, wonda nyithak ramanya, lurah Semar wau, satriya Andananjaya, angandika eh Irawan putra mami, becike mengko sira.
14. Aja nama Bambang lir wong wukir, sira parapa Raden Irawan, tetep putra ngong yektine, lan kapindhone iku, wulucumbunira wong kalih, kabeh jenengga lurah, aja aran pathut, kang putra matur sandika, angandika malih Rahaden Premadi, yayi Raden Sadewa.
15. Nuli matura marang sangaji, lawan sira kulup Gathutkaca, matur ramanira ngger, ingsun nuwun pangestu, angulati sang raja putri, mung si Bagong lan Semar milu maringsun, kulup Abimanyu sira, kari tunggu wisma lan arinireki, sadaya tur sandika.
16. Raden Irawan duk amiyarsi, pangandikanira ingkang rama, sigra wotsari ature, dhateng pundi pukulun, ingkang rama ngandika aris, ingsun arsa ngupaya, musnane sang ayu, pacangane rakanira, sasi ngarep iki bakal gone panggih, kapalang sang dyah musna.
17. Ginawa duratmaka sinekti, marma sun dhewe ingkang ngupaya, Raden Irawan ature yen marengi pukulun, sampun tuwan tindak pribadi, mung akula kewala, ngupaya sang ayu, nadyan prapta ingantaka, apan sampun kasedya ing siyang ratri, mesem duk amiyarsa.
18. Ingkang rama angandika aris, iya kulup lamun kudu sira, ingkang ngulati musnane, Dwarawati sang ayu, muga-muga bisowa panggih, sira aneng ing paran, nemuwa rahayu sun tawang penggandaningwang, ngalor ngulon kang dhustha paranireki, iku sira turuta.
19. Ingkang putra sandika wotsari, wus linilan amit nembah medal, lajeng wau ing angkate, kalih kangwulu cumbu, lurah Gareng lan Petruk sami, ngaler ngilen lampahnya, Dyan Irawan wau, ngestoken sadhawuhira ingkang rama kinen ngaler ngilen pasthi, nut dhustha lampahira.
20. Wau kang kantun wus pamit sami, Raden Sadewa lan Gathutkaca, linilan nembah kaliye, sangking ngarsa wus mundur, lajeng wau lampahireki, sapraptaning jro kitha, manjing jro kadhatun, sang aPrabu Darmaputra, lenggah munggweng paringgitan lan kang rayi, Harya Bima Nangkula.
21. Pan kasaru praptaning kang rayi, Raden Sadewa lawan kang putra, Pringgandani marek age, kalih sareng wotsantun, Dyan Sadewa umatur aris, wadya kang nambut karya, madukara sampun, rinengga sedayanira, miyat prapta kawula marak ngarsa ji, dinuta tur uninga.
22. Katur sadaya aturireki, praptanira Raden Wresniwira, sang raja putri musnane, miwah ing praptanipun, ingkang putra Irawan nenggih, dinuti ngulatana, musnane sang ayu, ing purwa prapteng wekasan, aturira sadaya wus katur sami, ngungun Sri Yudhistira.
23. Raden Wrekudara sru Denyangling, eh Gathutkaca becike sira, milu ngupaya ilange, Siti Sendari iku, kapindhone jangkung sireki, lakune arinira, si Irawan
iku, kang putra matur sandika, nuwun pamit linilan tur sembah mijil, sapraptanireng jaba.
24. Lajeng mesat marang ngawiyati, keblat sakawan kang tiningalan, dennya ngulati lampahe, kuneng malih winuwus, ing Nagari Ngastina nenggih, sira Raden Lesmana, Mondra Kumareku, langkung sungkawaning driya, amiyarsa musnane sang raja putri, binakteng duratmaka.
25. Lajeng nusul sawadynireki, angupaya musnane sang retna, ing lampah tambuh solahe, semana wus kapangguh, lan kang eyang Patih Sengkuni, kang wayah ingaturan, sowan eyangipun, nuwun pangestu kang sarta, nuwun tedah panggenanira sang putri, lajeng dennya lumampah.