• Tidak ada hasil yang ditemukan

Tanggal : 22 Maret 2014

Subjek : ST

JK : Perempuan

Tempat : Rumah ST

Keterangan koding : ST3.8  ST = subjek, 3=wawancara ke 3, 8= data ke 8 Dita sedang bermain di halaman rumah subjek.

T :Assalamu’alaikum Dita.

Dita : wa’alaikum salam. Lo embak.

T :ayo temani embak ke rumah ibuk (subjek)

J :monggo mbak.

T :engge, ngapunten bu kulo ganggu panjenengan male.

J :gak po-po.

T :bapak kan mboten kerjo ngge bu dinten minggu.

J :iko ndelok opo, ndelok tinju. Nang kene gawe PSan putune. Sek tak gawekno teh.

T :pun boten repot-repot bu.

389

Dita : mbak ayo maem.

T : maem apa, hmm, mbak udah kenyang. Dita maem dulu.

Dita : kertas yang kemaren ada gambarnya itu mana mbak/

T : ow kertas yang emaren itu, mbak nyari yang warnanya pink nggak ada. Beso kalau mbak kesini lagi, tak bawakan ya buat Dita.

J :iki ancene seneng lek.e ono koncoe. Mandi a dit?

T :lo belum mandi a DIta? Kok wes cantik, apalagi udah mandi. Ayo dek Dita mandi dulu.

J :monggo,,

T :engge. Niki bu, saking jagongan kolowingi dadose ngeten (peneliti menunjukkan skema kepada subjek). Ibu niku mboten saget tilem pertama keranten anak petama niku sakit. Niku sekitar kelas 6 SD, ngge bu ngge? Berarti kan tahun 1992.

J :anu lek.e kelas 3 SD, kelas 6 lak pun ageng. Inget kulo sek cilik(ST3.1).

T :ow, terus mantun niku ayahe bapak meninggal ngge?

J :waktu niku ibu. Ibue bapak seng meninggal(ST3.2).

390

J : hmm, SMP. Waktu niku dereng saget sepedaan i. malah kulo budhal kiambek, mboten wonten seng ngeteraken. Waktu nopo, kulo perikso teng pak Dadril. Lak wonten tiang ngaos a, wong dereng pitung dinane mbahe(ST3.3).

T : ow, teng mriko sendiri. terus mantun niku bapak sakit jantung ngge. Niku kinten-kinten kapan?

J :wong bade pension, umure sek sekitar 59, sak meniko 68 i(ST3.4).

T :hmm, terus mantun niku pak Munip kecelakaan ngge? Niku kinten-kinten kapan?

J :waktu niku pun gada yugo Hasbi. Sekitar tahun pinten ngge. Hasbi sak niki kelas 5, (ST3.5)waktu niko sek … (Dinda dan Dita keluar).

Dinda : lo mbak kesini lagi.

T : iyaa, Dita, kakak kasiono jajan.

J :lo ditumbasno mbak, bilang apa Dinda sama Dita?

Dinda & DIta : terimakasih mbak

T :iya sama-sama.

J :wes sekarang bawaen pulang jajane. Dinda sama Dita di rumah ja. Waktu niko Hasbi ngge sek umur pinten ngge, TK lek.e. sak niki sampun kelas lima(ST3.6).

391

T :terus memikirkan cucu ngge bu. Niki kan tasek setahun (menunjuk pada rumah Fandi). Mantun nikah meniko tinggal teng pundi?

J :waktu nikah ngge teng mriki. Terus mantun niku ngontrak. Terus kulo kengken wangsul, terus kulo damelaken niki(ST3.7)

T :ow berarti mikirkan cucu niu tasek setahun ngge?

J :dereng, wong mbahe sakit niku bulan sembilan. Niku mbahe seng jantung male. Terus sak mantune niku, waktu niku tasek dereng. Niki teng mriki bulan pituan. Seng kulo mboten saget tilem niku(ST3.8).

T : ibu mboten saget tilem niku kan 20 tahun yang lalu. Niku nopo perikso rutin ngoten?

J :seng pertama niku kan teng Pak Dasril, kantun obat terus control male terus sampun. Waktu niku namung peng kale(ST3.9)(Hasbi datang)

T : Mas Hasbi, Dit mas Hasbi kasih jajannya.

J :ayo maen sana. Adeknya diajak ke sana hasbi.

T :Lek minggu ngeten rame ngge bu?

J :engge, hehe. Teng Pak Dasril niku kapeng kale. Pertama perikso terus obate telas, terus control. Manton ngoten mboten teng mriko male pun, niku seng

392

pertama. Terus kaping kalie niku pas mbahe mboten wonten ngge teng mriko. Terus mantun niku kulo padosi pun mboten wonten.(ST3.10)

T :ow. seng teng Saiful Anwar niku nopo perikso rutin tiap bulan?

J :seng niko pas yugo kulo kecelakaan pindah mriko mantun ngoten pun mboten natih. Dokongkon control mboten control waktu niko. Terus kulo kinten pun saget tilem ngge mboten control pun. Terus seng akhir niki ngantos obat gantos peng pinten, peng tigo lek.e, seng kantun wingenane niku. Koyok obat niki sek pancet mawon, tigang dinten kok sek pancet kulo balik mane. Terus diganti male. Terus mantun ngoten pun tigang dinten sek pancet mawon, mantun niku kulo mriko male, pun pas. Sak jane sehari dua kali setengah setengah, kulo wes alah awan ae gak popo. Dalu mawon kulo inum. Sepale sepale niku wau. Mek reno setunggal. Obate ngge kanggo sak ulan.(ST3.11)

T :selain kejadian-kejadian niki, nopo wonten male bu yang menyebabkan ibu sulit tidur?

J :maksute nopo?

T :ngge misalnya niki kan panjenengan mboten saget tilem keranten ibu mertua panjenengan sedo. Nopo waktu ayah mertua panjenengan sedo ngge mboten saget tilem.

393

J :ow lek niku mboten. Pun dangu niku, waktu kulo tasek hamil pertama. Wonten sak ulanan hamil lek.e mbahe sedo. Terus pas bulan 7 wingi seng mikirno putu, terus bulan 9 iku mbahe ga ono. Ngge sampun niku.(ST3.12)

T :kale riwayat sakite ibu niku sulit tidur, pernah sait lambung, pernah operasi usus buntu niku kinten-kinten kapan bu?

J :sakit lambung niku sekitar seng bajeng niku, ngge sampun sejak pertama. Sakit lambung niku kan terose saking pikiran. Kapane gawe mikir mesti lambunge katut.(ST3.13)

T : niku sering tabu sakit lambung?

J :engge sampek sak niki. Teros vertigo nopo. Lek.e vertigo lak mumet ngoten, kados mual kale mumet ngoten.(ST3.14) Ngge terose fertigo. Lek kulo berobat teng ngajenge poli psikiatri niku, norogen a?

T :engge, neurologi.

J :engge neurologi, saraf niku. Lek.e pas prikso-prikso, kadang lek sampe nuemen ngoten teng mriko. Kan dikek.i obat gawe sak ulan. Niku lek kambuh ngoten kulo inum, le wonten pengaruhe ngge kulo mboten prikso male(ST3.15)

394

J :engge, mboten mesti. Kadang lek ngeten niki ngge salah makan ngoten, biasae kecut, pedes ngoten ngge kraos.(ST3.16)

T : lek vertigo wau?

J : lek vertigo terose dokter opo kecapek.an ngoten. Tapi ancene ngge pas panen, mepe gabah, moro moro pun langsung, dereng mantun lek.e njemur mau ambyuk wes. Awak ga kenek dipekso-pekso ngoten. Terus nyuci ngge ngoten, kados karpet ngeten niki ngge langsung. Waktu basahe lak berat a, ngoten niku ngge keraos. Le sanjange dokter ngge karena kecapek.an, bisa dari pikiran, bisa dari salah makan. Tapi kulo rasa.aken ancene ngge kapane koyok seng berat berat ngoten niku wau moro moro mumet ngoten.(ST3.17)

T : nopo pernah opname?

J : mboten, obat jalan terus. Niki niko ngge nembe, sekitar kale mingguan lek.e wonten. Pokok.e pan kulo ombeni obat saking rumah sakit sek puancet, terus kulo teng karangploso niki. Terus disontek, minum obat, benjengen pun sehat. Nate dalu, sampun jam kale welasan kraos. Lak pun tutup a. terus teng UGD Batu mriko, dibeto lare lare. Ngge niki kresek wes siap siap, digawe obah titi ngunu langsung. Kresek wes siap cek gak morat maret. Dados lek kulo wes koso gak enak, wes kroso nggliyur ngoten langsuung minum obat. Dadi ga sampe parah.(ST3.18)

395

J : niku ngge pun gangsal tahunan, wong Dinda sek alit. Lek jaraken niku tambah parah tamba parah. Terus teng UGD Batu niko. Terus wonten kale ja, mantun niku pun wangsul. Niki dipendet darahe teng mriki (memegang lengannya). Lek mboten diroso ngge ngoten tamba parah tamba parah.(ST3.19)

T : lek sakit lambung niku terahir kapan bu?

J : lambung niku ngge tiga dintenan niki. Tapi ngge ngoten, obat seng saing rumah sakit niku langsung kulo inum. Obat sebelum makan, obat sesudah makan.(ST3.20)

T : menawi usus buntu niku kapan bu?

J : niku Dinda dereng enten. Ngge sekitar 6 tahunan. Dinda sek nang kandungan. Sak niki umure pun 4,5.(ST3.21)

T : ow ngoten, menawi pengapuran niku pripun?

J : pengapuran niku ngge pun dangu, sekitar tiga tahunan. Waktu kraos mboten saget tilem niku dirongen sampun kaping tigo foto ronsen. Ngge wonten poli saraf niku, terus sanjange doktere pengapuran. Ngge diparingi obat. Kapane dalu ngoten nut nut mboten saget tilem langsung kulo padosi obate, langsung saget tilem. Dadose siap-siap obat ngoten. Sampek sak kresek. Ngoten niku kulo tingale kapan wes tahune entek ngoten kulo buang.(ST3.22)

396

T : menawi masalah was was niku wau bu, kan seng cawik niku kan sekitar satu tahun yang lalu ngge. Tapi lek seng ragu-ragu wudlu niku kan pun dangu ngge bu.

J : engge pun, sampun ical. Rumiyen ngge sampek koyok.e gurung peng telu. Terus diulangi male ngantos peng kale ngoten. Niku sampun wonten waktu ga iso turu. Koyok kurang bersih, koyok baju ngoten lek gak ganti-ganti ngoten. Koyok siang piambak, bengi piambak. Ben dinten ganti. Tapi sak niki pun berkurang. Pokok.e lek katene sholat ganti baju.(ST3.23)

T : berarti was-wase namung dalam hal kajenge sholat?

J : engge. Lek fertigo niku mulai SD ngge sampun.(ST3.24)

T : ow ngoten. Waktu niku yugo panjenengan kan mboten nerusaken kuliah, niku perasaan panjennegan pripun?

J : ngge koyok eman-eman sa jane ngoten. Waktu niku durung kraos.(ST3.25)

T : hmm, menawi tiang sepah panjenengan niku, kalau ibu niku kan agak keras ngoten ngge lek mendidik. Terus nopo male bu seinget panjenengan.

J : lek ngewangi wong tuo ngge sak karepe larene. Tapi lek.e kulo dating ibu niku tumut, lek.e teng sabin ngge tumut teng sabin. Lek.e adik kulo mboten purun teng saben ngge pun kersane. Mboten diomel.(ST3.26)

397

T : hmm, ngoten ngge bu. Ngge, niki wau kulo kajengen wangsul teng Gresik. Tapi ngge namung 3 dinten, keranten saking pondoke niku.

J : hmm, nang UIN niku wajib mondok ngge?

T : mboten, namung satu tahun. Nopo yugo panjenengan dulu ngge pun wonten asrama.

J : engge, pun dangu.

T : ow ngoten, engge pun bu. Kulo wangsul riyen ngge

J : lo kok cepet-cepet mbak

T : engge kersane mboten sonten-sonten mangke sampek.e. menawi benjeng kulo dolen teng mriki male angsal ngge bu?

398

Dokumen terkait