• Tidak ada hasil yang ditemukan

Tanggal : 1 Maret 2014 Subjek : ST JK : Perempuan Tempat : Rumah ST

Keterangan koding : ST2.8  ST = subjek, 2=wawancara ke 2, 8= data ke 8

T : Assalamu’alaikum. (pintu rumah subjek dikunci, peneliti salam beberapa kali. Setelah hampir 10 menit, subjek baru menjawab salam dan membukakan pintu)

J :wa’alaikum salam, ow monggo pinarak.

T :engge matur suwun. Pripun kabare bu?

J :Alhamdulillah sae mbak, sek kulo damelaken unjuk.an

T : mboten repot-repot pun bu

J :mboten.

301 T : kulo penelitian teng Saiful Anwar. Terus mendet kasus ngoten pak. Terus bu Sulis niki kan pernah mboten saget tilem ngge beberapa lama, kulo pengen semerap pripun pengalamane.

Suami : owww, jurusan apa?

T :kulo psikologi.

Suami :sudah skripsi? Belum ya?

T : engge sak niki proses pak.

Suami :ow iyo iyo, lagi proses menyusun skripsi yo.

T :engge, dadose ngge nyuwun waktu, nyuwun tolong ibu sulis dalam proses menyelesaikan skripsi kulo.

Suami : ow, asalnya dari mana?

T :kulo gresik asalnya pak.

Suami :ow, gresik mana?

T : Dukun

Suami :iya iya, saya punya teman di SMP. Namanya bu Ari Mulyaningsih. Itu Gresik yang mana saya nggak tahu.

302 Suami :ibunya sudah mengajar. Dulu kuliah di UNMU, bahasa Inggris. Saiki sudah

mengajar. Kosnya di mana?

T : kulo sak niki tinggal teng pondok.

Suami :pondok di UIN itu?

T : sanes, teng Al-Mubarok Dinoyo

J : jadi di yai sapa itu ya, pak Mustamar itu uenak itu ngajinya.

T :sinten pak?

Suami :ow gak kenal. Itu uenak sekali, di Gasek itu loo.

T :ow di Gasek.

Suami :uenak sekali itu mengartikan, menafsirkan. Yai Mustamar itu. Itu juga dosen UNISMA. Jadi kalo gitu masih akan ini yo, skripsinya ini. Judulnya sudah mengajukan?

T :ini, dinamika psikologis orang yang ragu-ragu gitu pak

Suami :ow iya iya iya. Ow sama ibuknya ini?

(subjek datang sambil membawa minum)

303 J :mboten. Wingi wes mrene mbak iki, pindo iki. Munggone kate anu lek.e, opo

nggarap skripsi. Opo penelitian ta opo, koyok Samsul ngunu iko lo.

Suami : iyo, yo koyok aku barang kalo. Penelitian gawe bahan skripsi.

J :monggo, kok mboten dijak mriki rencange?

T :niku, tasek sibuk ngoten terose. Ibu niki wau ngerjakan nopo?

J :niki wau mantun nyuci-nyuci ngoten lo

T :nopo dereng selesai?

J :sampun, sampun

T :ngapunten ganggu

J :mboten nopo-nopo, hehe (sambil tertawa).

Suami : monggo diunjuk, nanti sama ibuknya ya.

T : lek siang ngeten di belakang ngge bu?

J : engge, kale momong putu. Polae ibuk.e medal kale ayahe. Niki wau rijik-rijik karo ngawasi putune.

T :pripun kabare bu?

J :wes Alhamdulillah. Pun sehat. Pun saget tilem. Ngge pun tiga sasian lek.e. besar, suro, sapar. Ngge nopo, minum obat niko ngge sampun wonten lek.e 3

304 sasi. Trus kulo ngeten, “waduh lek.e terus-terusan ngombe obat lak yo.opo?”. terus mbek kulo tenang-tenangake. Suwe-suwe kok wes Alhamdulillah. Tapi lek kakean seng dipikir ngge koyok pas mbahe mboten wonten niku ngge kulo sakit. Sampek dualu mboten saget tilem, padahal ngge minum obat. Terus benjenge kulo wangsul mriki, terus minum obat sepale cek saget tilem. Waktu ndek mriko ancene ngge wes, jenenge ono wong kesusahan ngge.(ST2.1)

T :dulu niku panjenengan tinggal kale mertua teng mriki?

J : asli mriki lek tiang sepuhe Bapak niku, kulo seng Batu.

T :nopo ngge tinggal kale ibu mertua niki?

J :anu, sampun mboten wonten. Rumiyen ngge sampun piyambak.an. waktu nikah karo Bapak niku tasek. Kinten-kinten ngge sampun kale doso tahunan mbahe seng kantun mboten wonten.(ST2.2)

T : hmm, waktu niku mboten tinggal serumah?

J :mboten, piyambek-piyambek. Mbahe kale niki, yogane ingkang ngajeng niki (sambil menunjuk rumah di depan rumah subjek). Niki, niki niki (sambil menunjuk rumah di sebelahnya), anu sekawan a derek.e Bapak niku. Bapak.e nomer kale, trus niki ingkang terakhir niku. (ST2.3)

T :menawi ibu berapa bersaudara?

305 T :ibu sing nomer pinten?

J :kulo nomer tigo. Sedoyo tasek wonten(ST2.5).

T :ow, terus tiang sepahe ibu sak niki tinggal kale sinten?

J :ngge tinggal kale adik ingkang ragil niku. Dadose tiap minggu ngoten kulo teng mriko, namung ningali. Biasane ngge injing nopo mantun asar ngoten(ST2.6).

T : niku alamate teng pundi?

J :niku alamate wonten Temas Batu, Jl. Wukir Desa Temas. Gang pinten ngge. Gang sekawan(ST2.7).

T :waktu niku kan ibu mboten saget tilem, pas yugo panjenengan seng nomer setunggal niku sakit pas pipise merah niku. ngoten niku nopo seng ibu fikirkan?

J :waktu niku ngge kadose kaget, duwe penyakit opo kog pipise merah. Kulo kinten penyakit lintune seng bahayani ngoten.

T :kan waktu niku sampun ibu periksakan, kan sampun semerap lek mboten sakit nopo-nopo. Namung pengaruhe obat. Niku ibu kok tasek mikir sampe mboten saget tilem, padahal kan pun semerap lek mboten nopo-nopo.

306 J :duko ngge, hehe. Saking nemeni lek mikir. Waktu niko ngge duangu. Wong meh sak ulan. Berobat ngalih-ngalih sek pancet ae.(ST2.8) Monggo kale diminum. Mbeto sepeda wau?

T :mboten mlampah. Kulo niki kajenge teng rencang kulo, terose griyane teng pasar niku tasek terus. Terus kulo mampir teng mriki riyen, mboten nopo-nopo nggeh bu?

J :engge mboten nopo-nopo.

(ada cucu subjek main PS di ruang tengah)

T :niku cucu panjenengan ngge bu?

J :engge, lek sabtu biasae mriki ngantos benjeng.

T :mboten sekolah?

J :sampun, nembe wangsul. Biasae lek sabtu lak injeng pun wangsul.

T :kulo kan pengen semerap nopo perasaane ibu, kegiatane ibu saking pengalamane ibu. Kan mboten saget tilem, terus was-was ngoten. Menawi saudara panjenengan niku sinten mawon bun namine?

J :namine seng pertama niku Sucipto, nomer kalie Sulistin, terus mantun ngoten kulo Sulistyaningsih, terus sak mantune kulo Murkana, terus Titik, terus niku

307 Susmiyati, Siti Aminah, Moh.Irfan. wolu a kalean kulo. Seng jaler mbajeng kale ragil. (ST2.9)

(kemudian mendengarkan adzan)

T :cucu panjenengan niku kale rencange ngge?

J :engge.

T :adik.e mboten teng mriki?

J :adik.e biasane ngge mriki kiambak. Griyane anu pas jalanan raya ingkang ageng bade mriki, celak.e kramat. Pas pojok.an.

T :menawi tiang sepah panjenengan namine sinten bu?

J :mbahe niku pak Muallim, ingkang Ibu anu Bu Alfiyah(ST2.10)

T :dulu kerjae nopo bu tiang sepah?

J :ngge teng sabin mawon, petani kale-kalene(ST2.11)

T :seinget panjenengan, tiang sepah panjenengan niku pripun bu?

J :lek ibu niku ngge watek.e keras. (ST2.12)

T :keras pripun?

J :ngge kadose lek.e gak cocok ngoten diseneni ngoten. Lek mbahe niku mboten koyok ibu. Mbahe sabar. (ST2.13)

308 T :contone ibu panjenengan keras niku dalam hal nopo?

J :koyok nopo ngge, koyok kekarepane lek gak cocok ngge diseneni. Koyok blonjo lek gak cocok ngoten ngge diseneni.(ST2.14)

T :nopo ibu panjenengan ngge suka kebersihan.

J :engge, ngge biasa (ST2.15).

T :lek teng keluarga panjenengan niku nopo wonten seng kados ibuk, menawi mboten saget tilem, nopo pripun?

J :ngge wonten, adik seng nisor kulo kale nisore male niku. Niku nembe kesa kolowinginane kalean ibuk. Terus waktu kirang kale sasi lek.e ibu mboten wonten niku. Terus adik kalean seng jaler berangkat, terus ngge sampun angsal tiga sasi kale sak niki. Niku ngge nembe-nembe ngge ngoten, terus kulo kengken mriko. (ST2.16)

T :niku nopo.o bu terose?

J :ngge nopo ngge, koyok.e pikiran. Mantun mbahe mboten wonten sampek ngenteni, wes daftar, wes sak munu tahun. Ngoten niku sanjange gelo. (ST2.17)

309 J :ngge daftar kesa haji ngoten lak dangu a? wes kate wayae budal, gak sido budal. Terus lak mboten wonten a kirang kale sasi. Sak jane barengan kale adik kulo niku wau. Ngoten niku kadang koyok gelo, mikir , anu teko pikirane lek.e. sak derange budal haji ngge mboten nopo-nopo. Kinten-kinten angsal sak ulan lek.e kulo kengken mriko. Ngge pun nopo mawon, ditangletaken teng pak yai pak yai ngge sampun, dikengken wiridan nopo mawon ngge sampun. (ST2.18)

T :menawi panjenengan singen pripun?

J :usahae pados tombo ngge ngoten, ibarate tombo njobo njero ngge usahane. Jasade yo rohanine lak ngoten ngge a(ST2.19).

T :pernah teng kiai kiai?

J :engge, ngge ngoten. Sanjange ngge teko pikirane dewe. Terus dikek.i wiridan iki atine cek tenang(ST2.20).

T :ow, niku pernah teng kiai pundi?

J :teng sengkaling mriku, terus karangploso pondok niku. Pondok mambaul huda sak bloke peken. Niku lak sampun sedo a, gus Dim. Sak meniko kantun yogane. Niku asline lak putrane yai gading. Dadi rumiyen bapak.e wonten gading mondoke. Terus yogane pak yai iku angsal tiang karangploso niki. Terus damel pondok teng mriki(ST2.21).

310 T :mantun wiridan ngoten pripun bu?

J :ngge wes pasrah wes nang pengeran. Lek ancene pengeran maringi jodoh, ancene kadang teko atine dewe(ST2.22).

T :engge, langsung saget tilem nopo pripun?

J :kadang ngge mboten saget, kadang ngaji yasin lek kate turu sampek bolak balik sek tetep ae. Ancene pikirane(ST2.23).

T :tapi ngoten niku mikir nopo ngge bu?

J :ngge koyok ra kenek dirasakno(ST2.24). Lo onok tamu. (cucu subjek datang). Jenengan Gresik daerah pundi ngge?

T :teng Dukun, kecamatan Dukun. Niku pebatasan antara Lamongan.

J :ow perbatasan Lamongan kalean Gresik. Kulo semerape lak lek teng wali gangsal lak kedalanan. Biasae lewat Suroboyo, terus gresik. Pertama ngge nang karangploso mriki, terus teng mbah Sahlan Pasuruan. Ngoten niku sering wangsul?

T :mboten mesti, kulo kan teng pondok niku satu tahun dijatah wangsul 5 kali. Dasose ngge hari raya kale, liburan semester kale, seng setunggal lek wonten perlu.

311

T :engge, UIN

J :jurusan tarbiah ngge?

T :mboten psikologi.

J :lek kedoketran niku mantun lulus ngge mantun ngge?

T :lek kedokteran niku mantun S1 terus magang 1 tahun, terus saget dados dokter. Tapi benten kalean dokter kok buk psikologi. Lek teng Malang niku kedokteran wonten teng Brawijaya.

J :engge, bu Yuni ngge saking Brawijaya. Wingi teng TV niku wonten. Dosene Unbra lek.e.

T :menawi bapak niku pripun bu?

J :bapak ngge ngoten niku. Ngge biasa. Mboten mikiran, sek rodok kuat timbangane kulo. Waktu anak.e kecelaka.an ngge tegar mawon, lek kulo ngoten wes gampang susahan(ST2.25).

T :engge, kan ibu.

J :terose bapak niki “ancene pengeran seng ngersakno, yo usaha didolekno tombo. Ancene arek. Seng ngersakno kan seng kuoso, ujian” ngoten (ST2.26).

T :bapak kan guru agama ngge?

312 T :tinggale adik panjenengan niku teng pundi?

J :ngge teng mriko teng Temas. Sedoyo ngge nggada griya teng mriko. Namung kulo mawon seng teng mriki. Sabin seng teng mriko kulo sade, kulo tumbasaken sabin teng mriki. Abe duwe oma ndek mriko, kulo seng ado dewe(ST2.27).

T :teng pundi wau alamate?

J :jl wukir, teng mriku lak wonten Batos, ngge teng pojok.ane iku ono jl.wukir(ST2.29).

T :berarti antara saudara panjenengan namung panjenengan kale adik panjenengan seng kale wau seng mikiran, mboten saget tilem?

J :engge, ancene Bapak kulo niku anu koyok.e gampang susahan ngoten lo. Male anak.e koyok ngunu(ST2.30).

T :ow niku Bapak.e ngge?

J :engge Bapak. Koyok mendel, mboten pati ngomong. Koyok susahan tapi meneng ngoten. Wong ngantos bapak niki sanjang lek selama dadi mantune gak tahu dipisuhi. Sedoyo mantune ngoten. Saking sabare, gak tau dipaido. Coro wong biyen niku kaet cilik gampang susah. (ST2.31)

313 J :ibu niku sakit jantung. Terus kulo beto teng rumah sakit dinoyo niku peng kale. Terus kiro-kiro ngge mikirno penyakite ngge mboten saget tilem. Koyok ora waras-waras ngoten sampe mboten sagte tilem. Rumiyen ngge pernah kulo ajak teng psikiater. Pokok.e ben dinten niku minum obat tidur. (ST2.32)

T :berarti panjenengan niku sering ngge teng rumah sakit?

J :engge sering. Sampe hafal kulo nggen nggene, seng teng poli opo, poli opo. Sampe tonggo tonggo kene lek nang rumah sakit ngoten njok teraken kulo. Teng mriki ngge wonten tonggo seng mboten saget tilem, sampek nemen, sampek dipekso wong ake. Koyok mboten sadar, diguceli wong ake. Sampe sak niki ngge Alhamdulillah wes waras. Lak sak.aken a tiang ngoten niku lek mboten dikandani, kan rasane sumpek lek gak iso turu. Pengen iso turu. (ST2.33)

T :hmm, ngoten niku rasane sakit ta bu lek mboten saget tilem?

J :sumpek koyok gak karuan seng dirasakno, sumpek campur susah(ST2.34).

T :sumpek pripun?

J :pokok.e gak tenang (ST2.35)

T :ngoten niku ngge mboten merah bu mripate kan mboten tilem.

J :ngge mripat iki koyok.e wes kudu turu tapi lek diremno ngoten mboten saget tilem. (ST2.36) Monggo diunjuk.

314 T :ngoten niku waktu ibu mboten saget tilem, perasaane pripun?

J :kadang ngge sampe kudu nuangis, saking pegele. Koyok sumpek kabe. Kadang niku sampe gak krasan. Waktu niku kan mboten wonten putu a, kabe sekolah. Kulo ngge teng tonggo. Nylimur-nylimurno. Terus Derek kulo seng teng Batu, “ngono iku putune ajak.en, cek ono rewange”. Terus niki seng niki (menunjuk pada cucu pertama) waktu kelas kale, e setunggal ngantos kale teng mriki. Wangsul teng mriki budhal saking mriki. Trus sak niki pun teng mbahe teng mriko, teng ibuk.e. (ST2.37)

T :mungkin ibu pernah melakukan nopo ngoten keranten mboten saget tilem wau.

J :kadang ngge ningali tv, kadang ngeten niki lek mantun sholat, kadang mantun sholat ngoten kale lare-lare dikek.i qosidah-qosidah, terus Roma Irama. Ngoten iku ngge pengajian kan kenek digawe hiburan, cek gak mikir aneh-aneh.(ST2.38)

T :saudarae bapak sing niki wau kulo kepangge kok kados tiang biasa, maksute tiang mboten sakit ngoten.

J :engge, wau mari nylawat lek.e. lek biasae dino jum’at ngoten melu pengajian. Tapi lek lagi emosi yo koyok wong gak sadar. Kadang lek.e kepangge kulo ngoten, lek teng ngajeng pas lagi gak enak yo ngelok-ngelok.aken. tapi lek

315 lagi sadar ngge langsung melbu nang oma, sungkan lek.e eleng pas ngelok-ngelok.aken. ancene wes pikirane dewe-dewe. Karek kuat gak.e. (ST2.39)

(peneliti izin ke kamar mandi. Kamar mandi subjek berwarna biru. Di dalam kamar mandi terdapat closet berwarna merah, gayung berwarna merah, seperangkat sabun mandi yang tertata rapi di atas bak mandi dan bak mandi dengan ukuran 100 cm x 60 cm x 150 cm. (ST2.40))

T :ibu nopo gada HP?

J :gada

T :kulo angsal nyuwun nomer telfone?

J :enggge, sek kulo niku gak apal. Kulo tak tanglet. (kemudian cucu subjek yang paling kecil, dita keluar). Tase ora dilondreno, wes kotor.

T :coba nulis

J :ndek kene lo ta, seng kosong ta, coba ongko satu, ongko duane. Gambar bunga wes gambar bunga. (dita duduk di pangkuan subjek)

T :lo ini ta mbak.e? (kakak dita, dinda). Menawi panjenengan sholat rumiyen bu.

316 (kemudian subjek izin sholat dhuhur. Subjek masuk kamar mandi pukul 13.05 dan keluar dari kamar mandi pukul 13.50. setelah itu subjek sholat dan pada pukul 14.07(ST2.41), subjek menemui peneliti lagi).

T :kulo nggada 10 kartu bu. Dalam setiap kartu wonten satu kata. La nyuwun tolong ibu memaknai kartu niki, nopo saking pengalaman ibu, perasaan ibu, pemikiran ibu, kepinginan ibu nopo mboten kepinginan ibu, ngoten. Terserah ibu mau memulai yang mana. (dita mengambil HP subjek). Bentar dita maen sama kakak dulu ya.

J :dita ambil HP ayah dulu. Dinda, ambilkan din.

T :niki kan wonten kata-kata bu, wonten marah, kehilangan, cemas, rusak, sedih, penting untuk saya, berubah, behasil, tergerak atau tersentuh, yakin. Na maksudnya ibu boleh bercerita tentang kata niki. Nopo dari pengalaman ibu atau perasaan ibu, atau keinginan ibu, ngoten.

J :terus mangke lek mile niki kalean nerangaken ngoten?

T :engge. Teserah ibu mau milih yang mana dulu.

J :lo dinda gak anu ta, gak pipis ta? Kok koyok.e pesing.

Dinda : enggak lo gak basah.

J :lek niki ngeten (yakin). Menawi menungso niku lek sae kale tiang mesti Allah yang membalasnya, ngoten(ST2.42). Terus mantun ngoten milih mane?

317

T :engge

J :lek.e niki anu berubah ngge. Kadang tiang lak nasib ngoten, tapi lek mboten dirubah ya gak berubah. Kadang tiang lak ancene nasibe wes ngene, tapi kan kudu usaha berubah, mbok menowo pengeran ngersa.aken berubah ngge berubah. Usaha dirubah, seng nentokno lak pengeran a, tapi kan tetep usaha(ST2.43).

T :menawi teng kehidupan ibu sekarang wonten seng pengen ibu berharap saget berubah?

J :ngge koyok putu kan kadang-kadang ndablek a, bok menowo gede-gede iso berubah, ditutur-tuturi(ST2.44).

T :engge proses.

J :kadang sekolah ngge ngoten, koyok uangel TK.ne. tapi kulo wes tlatenono ae. Bek.e menowo mene gede berubah. Niki lak anu, gurune kadang ngekek.i pelajaran ngunu gak ngreken(ST2.45). Menawi cemas, cemas niku seng boso jowone lak getun ngge?

T :cemas niku was-was, takut, khawatir.

J :ow, kadang lek.e waktu mandi ngoten lek bade sholat ngoten cemas kurang bersih. Kadang kulo pas terakhir ngunu wes opo jare seng kuoso, wes bismillahirrahmanirrahim. Kadang lek mantun wudlu, mlebet mriki (ruang

318 tamu) niku kulo wisuh male lek bade sholat. Kulo sholate wonten wingking mriko. Dadose mari teko jading ngoten langsung mancit nggon sholat. Niki lak sek alit-alit, mboten ngertos najis. Kadang mantun teko njobo gak sandalan melbu nang oma. Tapi kadang ngoten kan wes dima’fu ngge a? wes diampuni mbek pengeran, wong ora ero ae(ST2.46).

T :engge,ow celak.e kamar mandi wau wonten tempat sholat?

J :engge, kedik sak kamar alit ngoten lo. Lek gada wudlu terus teng mriki ngge wisuh male terus sholat. Lek gak ngoten nang ati koyok gag enak, wedi najis. Arek-arek iki lak gak ngerti najis(ST2.47).

T :kejadian lain seng membuat ibu cemas selain niku nopo?

J :ngge kadang yugo medal dalu, engko pas duwe konco gak gena-gena, melok-melok. Lek dalu kate tilem teng koncone ngoten kulo mboten angsal. Lak kantun setunggal a seng terakhir. Seng kale kan wes berkeluarga (ST2.48).

T :biasane lek wangsul dangu sampe jam pinten?

J :kadang ngge wangsul jam sedoso ngoten. Ngge usaha bisnis-bisnis ngoten. Kadang nebas kembang, kadang ngirimi buku nopo LKS teng sekolahan. Wau dangu ngge teng lamongan. Mbo mole jam suwelas nopo jam setengah 12, terus koncone dijak tilem mriki. Trus injing wau berangkat male. Lek jum’at, sabtu, senin teng SMP. Lek sedih, kulo sedih lek nyawang arek PS.an ngoten

319 niku lo. Ngoten niku koyok, lek.e sampe bengi-bengi kok koyok ora ngerti waktu. Kadang sampek jam kale dalu(ST2.49).

T :sinten niku bu?

J :ngge ayahe niki, teng mriko ngge wonten TV.ne(ST2.50).

T :nopo male bu hal-hal seng membuat ibu sedih?

J :ngge niku, lek.e niku kados areg-areg pas mboten sholat ngoten niku kan sedih a. lek.e marah niki kulo ngge sering marahi arek-arek lek man PS gelek-gelek, kados kecanduan ngoten. Biasane PSan teng mriki, ngoten niku wes didamel putune. Ngge hasbi, ngge lek lek.e niku. Wong wes duwe bojo, duwe anak sek seneng PS.an ae. Sampek kadang kulo seneni ngoten. Terus seng menurut kulo penting ngge kados teng tiang sepuh ngoten. (ST2.51)

T :maksude nopo bu?

J :kados patuh ngoten dateng tiang sepuh. Seng ayahe niki (menunjuk pada dita), kadang seng istrine niku kulo sanjangi lek.e ambi wong tuwek iku ngertio lek iku wong tuwek. Kadang kongkon masang gas ngoten mboten purun. Terus ayahe kulo sanjangi lek.e mbi wong tuwek iku, soale wong tuo nang anak iku abot, bojomu iku ilingno, kulo kadang ngoten. Lek rabi ngoten kan ora ngrabikno awak.e dewe tapi yo ngrabikno wong tuo barang. Tapi

320 rupane ngge wes diilingno. Ngoten niku lak penting a diilengaken. Lek yugo kulo piambak teng wong tuo ngge sae. (ST2.52)

T :seng lintune pripun?

J :sedoyo ngge sae ngge. Seng niku mawon, tapi pun anuu wes diiloingno. Lek diterus terussaken lak sakno. Ngeten niki lo ditinggal kerjo karo karone sopo lek gak ibukne, ado mbi wong tuwek sopo seng ngawasi. Niku wau mantun mendet niki, ngeteraken sekolah, lak tasek TK. Mantun mendet terus budhal nyambut dangu. Ayahe pun budal injing wau. Engken pas jam kale ngoten wangsul(ST2.53).

T :berarti yugo panjenengan seng nomer kale ngge? Istrine singen ngge kuliah ta bu?

J :lulusan SMA. Kerjo nang apotek. Ngene iki gak ono ayahe ga ono ibuk.e, lek gak cedek mbahe seng ngawasi ngge sinten? Wong sak menten niki tasek butuh perhatian(ST2.54). Tergerak atau tersentuh niki maksude pripun?

T :maksudnya hati ibu niku tergerak atau tersentuh ketika wonten kejadian nopo?

J :kados perasaan ngoten niku ngge? Ngge kados ibuk.e niki lek.e kora-kora

Dokumen terkait