• Tidak ada hasil yang ditemukan

Institutional Repository | Satya Wacana Christian University: Aja Kendhat Anggonmu Ndedonga (Ibadah Kreatif Bernuansa Jawa)

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Institutional Repository | Satya Wacana Christian University: Aja Kendhat Anggonmu Ndedonga (Ibadah Kreatif Bernuansa Jawa)"

Copied!
14
0
0

Teks penuh

(1)

45

LAMPIRAN

1.

Liturgi Ibadah

Katrangan :

Pr : Pradata; Pkh : Pengkotbah; Psw : Pasamuwan; Ctr : Cantor

-PACAWISAN-

-Pradata maos Warta Jemaat-

-Wekdal ening (donga pribadi)-

-Pradata dalah paraga pangibadah ndedonga wonten ing konsistori-

Pasamuwan Makempal

Timbalan Mangibadah (gong 3x):

(2)

46

Ctr Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,

saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.

Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken

anggen kawula njiret nyuwun pitulungan, amargi dhumateng Paduka

anggen kawula ndegonga.

Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,

ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka, sarta kawula ngantos – antos.♫ (Jabur 4 : 1-4)

Prosesi

Tari Pambuka

(kairing dening instrumen Ketawang “Nata Agung”)

Votum lan Salam

Pkh Pangibadah punika kalampahan wonten ing Asmanipun Allah Sang

(3)

47

-pasamuwan lenggah-

Pratelan Pambuka

Ctr : Gusti Yesus ngendika mangkene,

“Dene menawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-papan

pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing

wong. Satemene pituturKu marang kowe : iku wus padha tampa

pituwase.

Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange

inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene

Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales

marang kowe. Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung

akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga

(4)

48

bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang

wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus:

Ctr : ♫“Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokno, heh, wong

Israel, Pangeran Allah kita iku siji.

Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan

gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira apadene kalawan

sakabehing kakuwatanira.

Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing

sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.”♫

Pkh : Pasamuwan ingkang kinasih, nalika kita mireng saha ngraos-raosaken

Sabdanipun Gusti Yesus punika, kita ngrumaosi bilih kita dereng saged

nindakaken angger-angger katresnan kanthi saestu.

Awit saking punika, sumangga kita sami nalangsani dosa kita kanthi

manah ingkang keduwung saha nyuwun sih kawelasan lan sih

(5)

49

(Pasamuwan kaaturan wekdal wening kangge ndedonga pribadi – kalajengaken pandonga dening Pkh)

Dhuh Gusti ingkang Maha Asih, kawula ngakeni bilih kawula asring

boten mbangun miturut dhumateng dhawuh Paduka, kawula asring

nerak saha dereng saged nindakaken angger-angger Paduka wonten ing

lampah tuwin gesang kawula, awit kawula dereng saged nresnani Paduka

kanthi gumolonging manah, gumolonging nyawa, punapa dene

gumolonging budi kawula.

Makaten ugi dhateng sesami, kawula asring damel kalepatan lan natoni

manahipun. Paduka karsaa paring sih kawelasan saha kekiyatan supados

(6)

50

-pasamuwan jumeneng-

Pawartos Sih Rahmat lan Pitedah Gesang Enggal

Pr Gusti sampun paring Sih Kawelasan dhateng kita kanthi paring

pangapuntening dosa. Mila ing wanci punika Gusti inggih badhe paring Pawartosing Sih Rahmat ingkang kaewrat wonten ing Injil Yokanan 17 : 9, ingkang makaten dhawuhipun :

Ctr

“Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanes jagad ingkang

Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka.”

Pr supados pawartosing sih rahmat saged tumama wonten ing gesang kita, mila samangke Gusti paring Pitedah Gesang Enggal ingkang kapendhet saking Injil Mateus 26 : 41, makaten :

Ctr

“Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing

panggodha. Roh iku pancen cumadhang, nanging daging iku ringkih.”

Pr Makaten Pawartos Sih Rahmat lan Pitedah Gesang Enggal saking Gusti

Psw Puji Sokur konjuk Gusti!

Tentrem Rahayu

(7)

51

(8)

52

Sahadat Kalih Welas

Pr Sesarengan kaliyan umatipun Gusti ing wekdal kepengker, samangke lan mangsa ngajeng, kita ngucapaken Sahadat Kalih Welas :

Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.

Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula

Ingkang kobobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.

Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib nglampahi seda, lajeng

kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.

Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah

Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang

Mahakawasa

Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah

Kawula pitados dhateng Roh Suci

Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilanipun

para suci

Punapa-dene pangapuntening dosa, Tanginipun raga, Sarta gesang langgeng.

-pasamuwan lenggah-

Pisungsung

Pangatag

Pr Sumangga kita sami ngaturaken panuwun sokur dhumateng Gusti Yesus ingkang

sampun paring berkah wonten ing gesang padintenan kita sedaya.

Pangandikanipun Gusti ingkang dados tetales anggen kita ngaturaken Pisungsung kapethik saking kitab Wulang Bebasan 11 : 24-25 : “Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih, lan ana kang kumet banget,

ewasemono tansah kekurangan. Sing sapa kerep adum berkah, bakal nampani

(9)

53

Pisungsung

(

kairing dening Kidung Pisungsung Lancaran “Caos Sokur”

)

Kidung Pisungsung

Lancaran Caos “okur

(

kapimpin dening Pradata, donga katutup kaliyan Donga Rama Kawula

)

Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga Asma Paduka mugi kasucekna

Kraton Paduka mugi rawuha

Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika

Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula

Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.

(10)

54

Pkh Pasamuwan ingkang kinasih, sumangga kita sami mungkasi pangibadah punika lan mengkeraken papan punika kanthi kapitadosan ingkang saya ngoyod dhumateng Gusti

Pkh Sami ngenerna manah dhateng Gusti

Psw Kawula ngeneraken manah dhateng Gusti

Pkh

“Aja kendhat anggonmu ndedonga”

Psw Inggih, awit namung Gusti ingkang dados andel-andeling gesang kawula

“Sang Yehuwah maringi berkah dhateng panjenengan, lan ngayomi panjenengan; Pangeran Yehuwah nyunaraken cahayaning wadananipun dhateng panjenengan lan

(11)

55

Prosesi

Tari Pangutusan

(kairing dening Lancaran “Purnaning Pangibadah”)

Purnaning Pangibadah

J.j 1 j3j 4 | j5j 5 j5j ! j7j ! j3j 4 | 5 . j.j 1 j3j 5 | 4 j.j 3 j5j 4 j3j u | 1 .

Pa – ripur - na nggen kita samya ngiba - dah Pu- ji so - kur kon- juk Gusti A - llah

j.j 1 j3j 4 | j5j 5 j5j ! j7j ! j3j 4 | 5 . j.j 1 j3j 5 | 4 j4j 3 j5j 4 j3j u | 1 .

A – se-san - ti nindak-ke Sabda kang Su – ci Tresna yek - ti mring Gusti wah sesa - mi

. j!j 7 | 6 j.j 6 j6j 7 j!j @ | 6 . . j6j ! | 7 j.j ! j7j ! j5j 4 |3 .+

Da-di - ya lantar-an –ing berkah sesa - mi wanuh Gus-ti A-llah.

Pangibadah sampun paripurna

Sugeng dinten Minggu

(12)
(13)
(14)

58

Judul Tugas Akhir Musik Gereja

: “

Aja Kendhat Anggonmu Ndedonga

Ibadah

Kreatif Jawa.

6.Senior (Seksi Seni dan Olahraga) Komisi Pemuda GKJ Salatiga

7.Anggota Badan Perwakilan Mahasiswa Fakultas Seni Pertunjukan UKSW

8.Anggota Senat Mahasiswa Fakultas Seni Pertunjukan UKSW

9.Menjadi penyaji pada acara fakultas seperti Young Talent Show, Konser

Oratorio, Drama musikal Kupu-Kupu Kertas, Live Achievement Award, dan

lain-lain.

Salatiga, 21 Agustus 2015

Referensi

Dokumen terkait

Mencermati uraian pendapat Satjipto rahardjo tersebut di atas, penulis mempunyai pandangan lain, disamping pendidikan budi pekerti yang luhur, maka seyogianya pendidikan hukum

Perbuatan melawan hukum sebagaimana diatur dalam Pasal 1365 KUH Perdata ini dapat pula digunakan sebagai dasar untuk mengajukan ganti kerugian atas perbuatan yang dianggap

Selanjutnya di dalam konsep hukum nasional Indonesia, masalah pewarisan sebagai hukum yang mengatur peralihan kekayaan dari pewaris kepada ahli warisnya merupakan bidang hukum yang

Penggunaan klon karet unggul yang resisten merupakan salah satu strategi pengendalian yang murah dan ramah lingkungan (Rahayu et al ., 2005)... Usaha yang dapat dilakukan untuk

Penyusunan Prioritas dan Sasaran pembangunan daerah pada RKPD tahun 2017 dirumuskan dalam rangka untuk mencapai target janji dan visi Misi Pemerintah Provinsi DKI

Untuk mewujudkan keterpaduan, sinkronisasi pelaksanaan kegiatan dan penjaringan aspirasi masyarakat, maka dalam penyusunan RKPD 2017 ini dilaksanakan melalui

This study utilizes vegetation maps derived from Terra/MODIS data to generate a model of current climate conditions suitable to beech-dominated deciduous forests, which are

The International Archives of the Photogrammetry, Remote Sensing and Spatial Information Sciences, Volume XLI-B8, 2016 XXIII ISPRS Congress, 12–19 July 2016, Prague, Czech