• Tidak ada hasil yang ditemukan

dawuh dalem kgpaa mangkunagoro iv

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "dawuh dalem kgpaa mangkunagoro iv"

Copied!
23
0
0

Teks penuh

(1)

DAWUH DALEM KGPAA MANGKUNAGORO IV

DAWUH DALEM KGPAA MANGKUNAGORO IV

DAWUH DALEM KGPAA MANGKUNAGORO IV

DAWUH DALEM KGPAA MANGKUNAGORO IV

Book 01 Book 01 Book 01 Book 01

KGPAA MANGKUNAGORO IV KGPAA MANGKUNAGORO IV KGPAA MANGKUNAGORO IV KGPAA MANGKUNAGORO IV Surakarta, Akad Legi, 3 Maret 1811 Surakarta, Akad Legi, 3 Maret 1811 Surakarta, Akad Legi, 3 Maret 1811 Surakarta, Akad Legi, 3 Maret 1811 (Jum’at Pahing, 2 September 1881). (Jum’at Pahing, 2 September 1881). (Jum’at Pahing, 2 September 1881). (Jum’at Pahing, 2 September 1881).

R. Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO R. Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLOR. Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO R. Ay. HILMIYAH DARMAWAN PONCOWOLO

Tawangmangu, Karanganyar Tawangmangu, Karanganyar Tawangmangu, Karanganyar Tawangmangu, Karanganyar

Senin Pahing, 30 Juni 1941 Senin Pahing, 30 Juni 1941Senin Pahing, 30 Juni 1941 Senin Pahing, 30 Juni 1941

Sekretaris Rekso Budoyo Sekretaris Rekso BudoyoSekretaris Rekso Budoyo Sekretaris Rekso Budoyo Istana

Istana Istana

Istana Mangkunagaran, Surakarta.Mangkunagaran, Surakarta.Mangkunagaran, Surakarta.Mangkunagaran, Surakarta.

BAMBANG SUPARMANTO BAMBANG SUPARMANTOBAMBANG SUPARMANTO BAMBANG SUPARMANTO

Surakarta, Senin Pahing, 29 Maret 1954. Surakarta, Senin Pahing, 29 Maret 1954. Surakarta, Senin Pahing, 29 Maret 1954. Surakarta, Senin Pahing, 29 Maret 1954.

Dawuh I Dawuh I Dawuh I Dawuh I

Titi temen iku witing tinemu,

Nanging tinemu iku ora gampang, Karananè apepikul tanduk,

Tandya tanggap lan tanggon.

Mulat mulet mangertiya, Ing pakarti utami,

Samun suwunging rejeki,

Ngedhohna sabarang pakarti kang cidra, Dimèn ora kanyut;kenyut,

Handadra dadi rubèda.

Kamis Pahing, 22 Juli 1993..

Dawuh Dawuh Dawuh Dawuh IIIIIIII

Ngribeti rekasanè nerang anerak sarak, Rembugè andaliga,

Mawali prawali,

Winalon kurang walaka.

(2)

Dawuh III Dawuh III Dawuh III Dawuh III

Tinulis tatananè wus tinata,

Tinular ujar kababar lan kawedhar, Sinung èman amalikè jaman, Raja tan bèda sèla,

Ratu watu sasamiya.

Raja tama tinuladha, Sèla aji rinukti, Ratu tinutuhu, Watu tinatu, Antepa ing karya, Darma dadi tapanira.

Aja wedi ing karya tami, Nadyang bilah satrunira, Ing tèkad dipun santosa, Aja ngrasani pati,

Pan tan wenang sira ngrasani, Kersaning Hyang Widhi.

Yèn wus tibaning pasthi, Nora pilih marga lan karana, Kala mati ing wisma,

Kala sirna ing laga, Becik mati kang utama,

Sumbaga dadi ngamalè trahira, Ěstu jaya sadaya samya raharja.

Selasa Pahing, 27 Mei 1993.

Dawuh IV Dawuh IV Dawuh IV Dawuh IV

Tepa tepas tan bakal titi,

(3)

Sega sagolong, Gabah satampah,

Kamamah ora bakal turah, Ěman dènnya snilsr nalar, Nalurèkna nala,

Nalangsakna jiwa, Tata laku wis linakonan, Agung ruginya yènta bali,

Ambablas tiwas yènta nyangking upas, Gurung garing ginarang ngorong, Luwè lawet lawè lali wulang luhung, Ěling dèn èling,

Awas lan mawas, Lungguhnya, Longgarna,

Nglengganakna nalarira.

Kamis Wage, 29 Juli 1993.

Dawuh V Dawuh V Dawuh V Dawuh V

Wengkonè wis kawikan,

Nambak, nambeng ning nampani, Ditya kala kang dèn rasa,

Ngupasi, ngapesi lan ngapusi, Katawur kuwur kurdanya, Uwas samar,

Samat angrasa, Nyingkur utama,

Bandha donya kang dèn sedya.

Warangka yen winarangan, Wirang wragadipun,

Datan suluk kang kantuk, Malah sulak ing akathah,

Lir sampir sinampir ing sampur, Nglemprek nglempara guwaya sirna.

(4)

Dawuh VI Dawuh VI Dawuh VI Dawuh VI

Wikanana werdining ilmi,

Wijang tan winulang bisa tana tuladha, Wengkonè wadi wis winenga,

Nengga angga kang santosa.

Puger puguh anggulang, anggelung kawruh, Yènta wis mangerti aja kusung makarti, Teliti setiti ngati;ati,

Iku kang kudu dèn kanthi.

Awit makarti ing pakarti, Tan rena yèn dirasa,

Tabah, tabuh, tambal winadalan, Amung jalma kang awatak satriya, Santosa ing karsa,

Ngeningakè maligining cipta, Lepas pangèksi,

Datan samar pamoing parasedyanira.

Sangkanè siku,

Yènta manungsa rumangsa bisa, Bisa rumangsa iku utamaning laku, Rasa dèn rasuken nala rasukanè, Rasa rinasukan driya,

Rumangsa kahananè.

Aja kemba yèn tiba,

Aja mundur yèn kebentur, Tiba akarana dosa lan coba, Padha uwitè sèda awohè, Sinung sunu pinulang mlaku, Yènta wedi tatu,

Tan bakal lumayu.

Telengè tales tinulung pulung, Tanpa aling;aling,

Lumunturè pakarti luhur, Datan gawè kuwur ing catur, Wuwus wawas kang lagi kinupas, Waspada ing karsa,

Nupiksi ing ngèlmi.

(5)

Dawuh V Dawuh V Dawuh V Dawuh VIIIIIIII

Nupiksia marang tuladha utami,

Sang Adipati limalas warsi mesu budi, Mlebu wana andon yuda,

Yudaning raga.

Sarta yudaning rasa, Raga rusak tan dèn rasa,

Amung sedya maligining karsa, Sedya utama mbangun praja, Mukti wibawa sawadyanira, Putra wayah sami sumrambah.

Yènta jaman puniki,

Sang Adipati kadya cendhana wangi, Nadyan cendhana wus sirna,

Ambetè tksih kalebet, Mula dèn uninga,

Aja ngrasa hangengkoki,

Hangrasaa mèlu nempil mulya, Kasembet ambet kang wus kalebet.

Pamoring curiga anggawa daya, Pamèring donya anggawa nistha,

Pepering angkara kang kudu dèn sedya, Bener lan pener aminger yèn dèn uber, Amalik kuwalik,

Ora gedhè ora cilik,

Akèh kang wus padha sirik.

Bener ora pesthi yèn pener, Salah akèh sing pada kaprah, Anapakna raga dimèn waskitha,

Pangekesing pancadriya agawè uwal ing angkara.

(6)

Dawuh VIII Dawuh VIII Dawuh VIII Dawuh VIII

Paranpara pirang;pirang paraganè, Pira;pira paring pepèrangan,

Purun paring yènta pinaringan, Rasa rusak anilar nalar,

Nalar nalisir ing utami.

Tamèng tambeng kang dèn gebeng, Bengkung mlengkung ora tepung, Tepak jalak ora gupak.

Pakarti aji wis tinilar sami, Minger saka waler kang bener, Makarti aji datan diudi,

Tata cara amung ukara.

Rasakna yèn rumangsa sinatriya, Aja bungkem asta kagegem, Gempilè praja kewajibanira, Aja suwala ing karya,

Aja sèlak ing tumindak.

Pudhak pungkur bisa kaukur, Pendhok curiga bisa karèka, Karengkuh ing pakarti tami.

Mirengna panjeriting rasa, Sunu lara tan ana tamba, Bandha lunga kapaèka,

Kacampur awur tan bisa diatur.

Turasing luhur dalah turasing sudra, Dranakna kasisanira,

Aja mèlik nugraha kang tinampa, Pancènè iku kuwajibanira,

Netepi darma jejeging praja.

(7)

Dawuh IX Dawuh IX Dawuh IX Dawuh IX

Angudang kadang katantang, Tinudhing nyandhing kantandhing, Rasa ruse racik rinucik,

Rèwang rowa rawit rinawè, Sarèh sumèlèh sura ing rasa.

Galerè galar tan mesthi galur, Galurè galar wis mesthi galer, Gulang piwulang dimèn wijang, Gelar kawedhar dhatan samar, Gelung kidung tansah manekung.

Dumadi wis pinasthi,

Kangèlan lan kèlangan iku sandhangan, Kekurangan pinangka wewayangan, Budi daya datan tinilar,

Raharjaning angga dèn upaya, Manungku puja,

Angèsthi tentreming driya.

Setu Pon, 7 Agustus 1993.

Dawuh X Dawuh X Dawuh X Dawuh X

Tetepa titi ing tatanan,

Taberi makarti tepa ing tuladha, Tularna samya mandhap ing kawula, Kawuryanira nggawa kuncaraning praja, Praptèng manca wus mesthi teka,

Tèkadna sabarang pakarti utami, Utamakna raharjaning praja,

Pradhaha jaja ing sabarang ukara, Ukirna salebeting nala,

Nalarna kanthi meneping rasa.

Rumangsa kuwasa datan utama, Ubalè hawa balèkna ing karsa, Karana sira mung sarana,

(8)

Anandura pakarti kang luhur, Rinukti klawan nastiti,

Rinabuk piwulang Jawi, Wikanana sajatining Jawa.

Waja salebeting rasa, Santosa ing karsa, Kuwat ing tèkad,

Kawuwung yèn tan ngerti.

Tinularna mring para mudha, Dahat sami anupiksi,

Sigra sigrak amemiyak, Kawruh Jawa kang adiguna, Nadyan rasa durung kuwawa, Warinna samurwatira.

Randhu kèntir tan susup ing banyu, Nyucèkna jiwangganira,

Rakiten busananing jurit, Junjungen warastra budaya.

Budi kang luhur, Daya kang santosa,

Samektakna tamèngè rasa,

Antepa ing karsa dadi bètèngè praja.

Jawa jinawat datan pegat, Gatining cipta,

Gatining rasa, Gatining karsa,

Sejatining caraka kang nyata.

Senen Kliwon, 9 Agustus 1993.

Dawuh XI Dawuh XI Dawuh XI Dawuh XI

(9)

Lamun sira durung priksa, Satuhunè kang dèn sedya, Aja ngukara ing pepènginan,

Nanging panalangsa kang dèn rasa.

Tukunè ilmu karana laku,

Lakunè ngèlmu wis mesthi tatu, Tatunè titi yèn tinitihan.

Selasa Legi, 10 Agustus 1993.

Dawuh XII Dawuh XII Dawuh XII Dawuh XII

Wira wiri waraganè golèk wuruk, Wara;wara andum warih wewirèngan, Waranggana warung wirang kawirangan, Weruh;weruh pra wira pasang warang.

Kayu turu tumelung tirta, Lèmèk raga siniram toya, Krenteg tama gawa begja, Tandhuk tama antuk nugraha.

Tlaga jembar tepis praja, Mbarawa dèsa dèn uninga, Weninga sira dalem sadina, Sabarang dadi kang cinipta.

Dhayoh wengi nggawa graji, Nedya teka golèk lèna, Ělinga sira dalem sadina, Sabarang ana kang sinedya.

Suka samya ing ukara, Gancaranè panganggitè, Temena sira ing salawasè,

Nugraha gedhè kang diparingakè.

(10)

Dawuh XIII Dawuh XIII Dawuh XIII Dawuh XIII

Makarya iku sejatinè darma, Memayu raharjaning warga, Gawè renanè suta,

Tinabekti ing rabi, Bisa linulutan ing mitra, Rasakna sihing palimarma,

Makarya amung minangka srana, Aja mètung akèh lan sithik,

Sinengker ing ukara yè dirasa.

Sethithik turah yèn antuk berkah, Akèh kurang yèn kena penandhang, Angga gawa gawè,

Gawè anggawa arta,

Dayanè arta agawè suka lan rena, Nanging èling dèn èling,

Linggara saka gawènè maksiyat.

Antepa ing tèkad,

Kinanthi mulat lan nulad, Nuladhaa urip kang prasaja, Jamanè saya kusem,

Akèh pakarti kèrem.

Tirta damar sinebaring latar,

Lonthang;lanthung rasa rusek ati bingung, Unggulè sedya amung kandheg ana rasa, Saparan;paran tansah krasa kasamaran, Nganti ratri amung ana rasa sepi,

Sepi sepa,

Rasa jalma kang tanpa karya, Aji kayu garing kanggo nggarang.

(11)

Anamgun yuwananing wisma, Makarya ing upaya,

Upayanen rahayuning warga, Galah gndhing tinata miring, Tetulunga samya lir legawa, Wajib netepi darmaning gesang, Sangunè bali yèn wis titi,

Tinimbalan sang Hyang Widhi.

Kemis Pon, 12 Agustus 1993.

Dawuh XIV Dawuh XIV Dawuh XIV Dawuh XIV

Titinen tataran kang tinata, Tatananè wis mesti tinitihan,

Titinè nengga tatanan kang tumata, Ěwuh aya yèn dirasa,

Rasa runtik yèn digitik, Kagèmbol malah mrojol,

Mlorot kadya krokot ana ngepot, Gayuhen tuwuh aja kakèhan èwuh, Tan rumangsa ilang nanging menang, Aja ngrasa kekeranè kang kawasa, Kuwasanira amung ana ing pambudi, Diantepana darmanira ing karya.

Jumuwah Wage, 13 Agsutus 1993.

Dawuh XV Dawuh XV Dawuh XV Dawuh XV

Yekti ngelmi dèn ngertiya, Sithik kacuplik walik ing ukara.

Hanacaraka carakanè, Dhat tan suwung ing angga,

Padha jaya samya prapta ing alaga, Manggih bathang dèn ngantya, Kala nyanga lakonana.

Huripè hanguripana,

(12)

Cidra aja dèn ukara,

Rembugnya ingkang walaka,

Krana walaka nyedhakaken panedya, Dèn lali ing paminta,

Tumelung marang kang kawasa.

Setu Kliwon, 14 Agustus 1993.

Dawuh XVI Dawuh XVI Dawuh XVI Dawuh XVI

Sedyanè karsa ambuka nala kanthi basa ngliga, Gitik rasa ngrumangsanana jawanira,

Werdinè sinengker ing wadi, Karana kebak ilmi,

Ngilmi tami tinutur saking praluhur, Lumuntur kita sami,

Samya kasrambah ing berkah.

Winadi ing werdi wulang wuruk, Piwulang kang walaka,

Ing rasa mung welas tan karana wales, Leksanakna ing jiwangga,

Anggawa gegaraning guna lan gati, Tinulad ing sesami,

Tinular mring para siwi.

Akad Legi, 15 Agustus 1993.

Dawuh XVII Dawuh XVII Dawuh XVII Dawuh XVII

Yektos ngertos ing batos, Wening uning ing uni,

Panjeting rasa angajab ing karya, Amangun yuwananing warga, Gegaraning urip tumitah ing praja, Jangkanira bener amung kurang pener, Yènta luput amung kepèncut ing patut.

(13)

Tepa tuladha, Wur lan sembur, Rinakit ing karya uga, Gancarè ukara,

Karya nora kudu nangkarakè upa, Panaa sajatinè kang ana,

Nataa ing rasa uninga karyanira, Rabuking jiwa.

Kang dèn ukara wis sanyata,

Tan ngemungakè upa kang den sedya, Ananging pakarti utama kang dèn utamakna, Ora ngemungakè sawarga,

Nanging sumrambah sapraja, Jembarna pamawasira,

Jumbuhna mring kaweruh, Wruhana kang sayekti,

Yektinè tan kabèh pikolèh amakarya, Angukara ing pakarti tami iki beja, Bisa angrasa angukara ing karya tama.

Senen Pahing, 16 Agustus 1993.

Dawuh XVIII Dawuh XVIII Dawuh XVIII Dawuh XVIII

Antepa ing laku dimèn linakonan, Anepakna tapa dimèn tinapakan,

Yènta wani memet wus mesthi kamomotan, Tuwa mesthi tuwuh,

Tuwuhing umur,

Tan mesthi gawa sembur lan tutur, Tuwuhing tuwas malah anggawa upas, Hangupayaa tuwa tuwuh kang sepuh, Sepi sepa ing pamrih,

Murih gawè rahayunè sasami, Sami samya rinesepan ing kawruh.

Wruhana sanyatanya,

(14)

Tuwa sepuh tan sepen ing kawruh, Melati saji bisa malati,

Menganè lathi bisa ndrawasi, Meneping ati kang kudu dèn udi,

Megaring budi kanthi pakarti kang utami.

Senen Pahing, 16 Agustus 1993.

Dawuh XIX Dawuh XIX Dawuh XIX Dawuh XIX

S S S

S iiii nnnn oooo mmmm

Tinitah satriya praja, Jibahanè ing nagari, Rialatè ja tinilar, Lara lapa jroning ati, Dimèn wening lang uning, Ing kawruh kang karengkuh, Utama tumrap sira,

Santiyasa (sanityasa) pinrihatin, Tilar hawa napsu cipta mulya ana.

Angayun ing kayuwanan, Karaharjaning sasami,

Samya kasrambahing berkah, Berkahing kang Maha Asih, Antepa ing pakarti,

Paring tuladha kang tuhu, Tinulad ing kawula,

Kuwawa ing pangaji,

Jiwaning satriya kang netepi darma.

Mawarna laku ing cara, Cara kanggo ngudi ilmi, Mingkur saka ing ukara, Rasa utama ing werdi, Ingaran maling yekti,

Tan ana jalma kang sinung, Nupiksi sedya karsa,

Amung angganing pribadi,

(15)

Ana manèh ing ukara, Utang aja dèn sauri, Sanyata wadi ukara, Karana tan nèndra wengi, Iku yektinè mung apus, Panedya tanpa guna, Arasykna aja sisip,

Saè ing werdi ala ing pangukara.

Rebo Wage, 18 Agustus 1993.

Dawuh XX

Samektana ing atur,

Tumrapa sami mring para luhur, Lumuntura welas dahat anupiksi, Sigra arsa paring byantu,

Tumut mbèngkas ing lelakon.

Kanthi teteping laku,

Kuwat ameper sakèhing napsu,

Sumundhul gegana marak mring Hyang Widhi, Wijangna sadaya atur,

Tumandhes saklèbet batos.

Budi daya tan langkung,

Lirnya nundhung mendhung kang tumlawung, Tetepa anetepi ati kang suci,

Sedya rasa dadi laku, Kukuh manggih karahayon.

(16)

Dawuh XXII Dawuh XXII Dawuh XXII Dawuh XXII

Amiya tirta awatang warih, Warana rasa rinengga karya, Kapatah mbedhah rasa resah, Ranu tama nengga samya.

Myarsakna apa kang wus kaukara, Ukaranè rinacik walik,

Walaka nyata wijang ing piwulang, Pranyata ana lan wis kaukara.

Rasa nala kang sira sedya,

Semang;semang tan gawa padhang, Piwulang tama ginulang,

Sinung nupiksi werdi kang nyata, Tan bakal sisip susup ing surup.

Rupa;rupa rerupan kang kasat nètra, Ana ganda tan tinanpa ing grana, Ana swara tan tinampa ing karna, Kekeranè alam suwung asepi,

Pirang;pirang wadi kang tan kawedènan, Karana kasengker ing Widhi.

Wikanana kang anyata, Anulada kang utama,

Makarti tami nugraha katampi, Piwulang aji tinemu mesthi.

Selasa Kliwon, 24 agustus 1993.

Dawuh XXIII Dawuh XXIII Dawuh XXIII Dawuh XXIII

P a n g k u r P a n g k u r P a n g k u r P a n g k u r

Yektinè sun tan amulang,

(17)

Sedyaning rasa amung urun ing tembung, Tekanè rasa kang ana,

Aja dadi ing pangrasa.

Sakgaduking rasa ana,

Ngaurip kapindho pisan ing pati, Titisa sanadyan durung,

Dunungè ingkang sirna,

Sayektinè mung pancadriya lan napsu, Sumilak ilang sipatnya,

Suminggah ing sukma ing sukma lunga.

Ngawuningana ing badan, Bali mula kumkumaning alami, Angin rinasuk ing bayu,

Banyu bali ing tirta,

Titipaning latu luluh myang agni gung, Amanjing siti bawana,

Bubar anengga kababar.

Kawruhana kang sanyata,

Nyatanya jasad pun maksih makarti, Tilaraning sutapa luhung,

Ludira geni donga,

Nguripi ing tandur tirta saking balung, Bawana subur dagingnya,

Hawa sèta king napasnya.

Nyawisna ing laku tama,

Manekung manungku puja mring Widhi, Dimèn antuk ing sesurup,

Sumurup kang tan pana,

Priyangga praja kang luhur lan wis dunung, Nunggalkè rasaning angga,

Gaduk nora mung punika.

(18)

Dawuh XXIV Dawuh XXIV Dawuh XXIV Dawuh XXIV

G a m b u h G a m b u h G a m b u h G a m b u h

Sedyaningsun wèh tutur,

Thukul rasa asih kang lumuntur,

Lumintua berkah mring kang arsa ngèksi, Sinau sanèpan luhung,

Unggulè laku ing lakon.

Kanthi meneping kalbu,

Bukak wrana crita kang dèn rungu, Ngawuningana caritanè sumantri, Sanèpaning tyas manekung, Mangèsthi sucining batos.

Binujeng hawa napsu,

Sukasrana pralambang ing tembung, Tembung sanèpan srana sukaning ati, Tinilar kedah dados laku,

Kukuh sowan mring Hyang Manon.

Ma prabu sasrabahu,

Bahu panguwaos sasra sèwu,

Wuwusing tembung yekti mung Hyang Widhi, Wijangna lebetna kalbu,

Buntas kawruh landhep raos.

Rakitaning pra luhur,

Luwes lemes ing piwulang semu, Sedya paring pitutur mring kita sami, Sampun sisip susup surup,

Sumurupa mring wewaton.

Setu Wage, 28 Agustus 1993.

Dawuh XXV Dawuh XXV Dawuh XXV Dawuh XXV

(19)

Gebeng tan ginebengan mung kari anteng, Anteng rinasa ing teleng,

Lengudè ana liyepè sirna,

Sir hening gaib hening sir daya gaib daya, Cinipta dadi kang sinedya,

Sonya sepa ing rasa, Krasa ana nanging ora, Ora krasa nanging ana, Wus nyawiji dadi siji.

Setu Wage, 28 Agustus 1993.

Dawuh XXVI Dawuh XXVI Dawuh XXVI Dawuh XXVI

Dhandhanggula Dhandhanggula Dhandhanggula Dhandhanggula

Yektinè sun atandang ing asih, Amanis ukara kang tinampa, Paring luhur dèn lunturkè, Lumantar rasa tuhu, Upadinen akanthi ilmi, Miyaka rasa angga, Nggonen yèn wus weruh, Wruhana yèn durung pirsa, Satuhu sinisipan ing ilmu jati, Titia tinitah jalma.

Manungkul mangèsthi maring batin, Bubarè alaming kasunyatan,

Sumilaknya kahananè, Karasa tan binendung,

Alam padhang kang tanpa tepi, Tetepana ing karsa,

(20)

Wenganè marga maring alam sir, Sinung alam rasa ya siriyah, Sinusul catur warnanè, Wahyanya saking napsu,

Sèta abang cemeng lan kuning, Kukuhna tèkadira,

Tan susup ing samun, Sayektinè godha ana,

Nawur samya maring pakarti kang suci, Sumangga dèn prayitna.

Pranyata wus minggah lan ginanti, Tinilar sampun alam siriyah,

Alam cahya dumadine, Dudut rasaning kalbu, Babar ginelar panca warni, Wahyanya pancadriya, Ya alam pituduh,

Nuduhakè kraton kang ana,

Nanging dèn titi dudu kraton kang jati, Jer kraton panasaran.

Sarengè cahya ireng kang manjing, Ing kono kratonè gegremetan, Gumawang abang warnanè, Bekasakan kang dunung, Datè peksi ing cahya kuning, Kang sèta sato tirta,

Sarta buron banyu, Babaring ijo ing warna,

Alaming datè tetuwuhan sawiji, Wijanga jroning rasa.

Sirna cahya lima mijil siji,

(21)

Kaliput warna pitu,

Ungu dudu ijo lan kuning, Abrit pethak tan tilar, Tut cemeng lan biru, Binabar alam pramana,

Prayoga dèn titi ing alam puniki, Papanè jin sanyata.

Nyata wus gumanti dèn cumawis, Wis tinilar alaming nuriyah,

Yuwana ing wewengkonè, Kawengku jroning hayu, Uluhyah alaming Illahi, Lamus wis bisa teka, Tekadnya dèn tuhu,

Tumandukna jroning rasa, Awit iku alaming Pangèran jati, Titisa jroning ngrasa.

Saya ngrasuk ing alaming jati, Jatinè wahyaning saking Atma, Maya mayung kahananè, Kabèh rinasa hayu,

Urip tanpa nyawa mung jati, Ilang atma sampurna,

Sampun cipta antuk, Cipta purna tuk kawasa,

Kwasanè ilang purba wasèsa dadi, Dumadi myang waskitha.

Wuwus wawas padha dèn wikani, Winedhar kababar lan ginelar, Ginancar ing ukaranè,

(22)

Samangsa manungku,

Myang ngarsanè kang ma wikan, Kanthi rasa kang tan kwasa ing ilmi, Sun urun ing ukara.

Senen Legi, 30 Agustus 1993.

Dawuh XXVII Dawuh XXVII Dawuh XXVII Dawuh XXVII

Nglentur tutur myang ukara, Ukaranè kinarya pangupadi, Dimen sinung ing pepètung, Pètung ing kamulyan,

Mulyaning raga sumrambah ing rasa, Sumurupa kang sanyata,

Sanyatanè dudu wadi.

Witing antuk kasugihan,

Krana saka laku tindak kang becik, Becik ing laku lan tembung,

Bungah dadi awohnya,

Ngupaya sugih ja tilar kautaman, Aja golèk kasenengan,

Kanthi wragad rasa becik.

Katiban benduning dosa, Yèn linaku linambar pamrih, Pitulung tan bakal antuk, Tumrap sugih tan drana,

Datan bakal tulus marang turunira, Anabet dateng rubèda,

Dadi dredah wus pinesthi.

Tibaning udan wus nyata, Tulus ing bumi nuwuhken wiji, Wijanga yektinè kawruh, Wruha ing sastra nyata,

Mendhung yèn tan udan ametengi rasa, Sami sumimpenè bandha,

(23)

Dumadinè kasangsaran,

Karana karegem bodhoning pikir, Rinakiting begja iku,

Urip mring kabatinan,

Karsa ngendhih sedya ingkang tanpa guna, Gulung gulang marang rasa,

Sedya prasaja ing urip.

Aja ngumbar pepènginan, Punggelè kanthi pakarti utami, Tinambaka ing sesuluh,

Sirna kang wicakana,

Wicaksana ana krana wulang tama, Tumanduk lebeting rasa,

Satemah mageri dhiri.

Referensi

Dokumen terkait

ANALISIS MUSIK MEDLEY “THE PHANTOM OF THE OPERA” UNTUK PADUAN SUARA KARYA ANDREW LLOYD WEBBER ARANSEMEN ED LOJESKI.. Universitas Pendidikan Indonesia | repository.upi.edu

 Bahwa PIHAK KESATU meminjamkan kepada PIHAK KEDUA berupa : 1 (satu) unit mesin pecacah sampah organik dan 1 (satu) unit rumah kompos/TPST beserta kelengkapannya untuk

[r]

Kemampuan bertanya dan menjawab siswa meningkat dari kemampuan berpikir tingkat rendah (pengetahun, pemahaman, dan aplikasi) menjadi berpikir tingkat tinggi

Setelah PENYEDIA JASA menandatangani kontrak tersebut di atas dengan PENGGUNA JASA , maka BANK wajib membayar sejumlah uang kepada PENGGUNA JASA sampai dengan sebesar

Sebagai tindak lanjut dari proses kualifikasi umum untuk pekerjaan tersebut diatas maka kami mengundang Direktur/ Kepala Cabang/ Kuasa (dibuktikan dengan surat kuasa untuk

Pembelajaran media pendidikan berisi materi tentang komunikasi dan pembelajaran, konsep media pendidikan, sistem organisasi media, macam-macam media

Apabila berkas asli pada tabel lampiran di atas tidak dapat ditunjukkan pada saat pembuktian kualifikasi dilaksanakan maka calon penyedia barang/jasa dinyatakan GUGUR.