Imam Aspuri
Kumpulan Cerita Bahasa Jawa
Gigih Linuwih
Niti Prestasi
Penerbit:
Tenar Media
***
Gigih Linuwih Niti Prestasi Oleh: Imam Aspuri
Copyright © 2011 by Imam Aspuri Penerbit Tenar Media Email mandalaraya0033@yahoo.com Desain Sampul: IMAS MEDIA Diterbitkan melalui: www.nulisbuku.com
Tembung Pambuka
Buku Gigih Linuwih Niti Prestasi iki buku ka telune saka telung buku Kumpulan Cerita Bahasa Jawa, dene Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang buku sepisan, lan Jambemas, Mulang, Muruk, &
Nglipur! mujudake buku kapindho... (Penulis)
***
Ki Mangun Yuono, S.Sn
JAWARA DHALANG SA JATENG
‘NYABET’ 4 TROPY PENGHARGAAN !
Paribasan unen-unen “tuntutlah ilmu sampai ke negeri China” wong China uga, najan mung ketu-runan etnis Thionghoa iku nduweni pepatah (unen-unen) sing sawalike, yakuwi tuntutana budaya Jawa tekan Surakarta, misale?
Mbokmewana iki uga sawijine “fenomena baru” ing festival dhalang sa Jateng 2006 ing Surakarta durung suwe iki dimenangake dening wong sing adoh saka minangka punjere kebudayaan Jawa ing Jawa Tengah tlatah Surakarta iki, sing ora liya lan ora dudu yaiku dening Ki Mangun Yuono, S.Sn (26), dhalang saka Kab. Pemalang, dhaerah Pesisir Lor (Pantutara) Jateng. Ora tanggung-tanggung Ki Mangun, dhalang esih keturunan etnis Thionghoa sing duwe jeneng uga Go Kim Yang kuwi mampu „nyabet‟ 4 tropy minang-ka garapan paling apik saminang-ka 5 penghargaan iku.
Ka papat penghargaan sing disabet Ki Mangun Yuono dhalang sing esih lajang (bujang) jrone Festival Dhalang Tingkat Jateng diselenggarakan Persatuan Dhalang Indonesia (Pepadi) Jateng ing Taman Budaya Surakarta tanggal 10 - 11 Nopember 2006 yaiku Garap Lakon Terbaik, Garap Catur terbaik, lan Dhalang dengan Penyajian Terbaik. Sauntara dhalang saka Surakarta dhewe, Ki Sukasdi, minangka Garap Sabet Terbaik gel tropyne.
Dhalang, sing Bapake dhalang, Ki Suwargo (58),. lan ibune Go Kim Cu (54), saka etnis Thionghoa. Larene 5, mbarep wadon lan liyane jaler, “Nanging mung lare nomor 3 ingkang dados dhalang,” tuture, didampingi Manejere Drs. Hendro Suteyo, MAP Sekum Komda Pepadi Kab. Pemalang.
“Pengalaman ndhalang kula saliyane kerep ndhalang ing tlatah Kab. Pemalang, Pekalongan, Batang, Tegal lan sawetara tlatah Eks Karesidenan Pekalongan liya, antarane ing sawijining acara parpol ing Sukoharjo lan undhangan khajatan ing Boyolali
apadene Klaten taun 2004, uga ing Jakarta Convention Center (JCC) jrone pagelaran Sandhosa (ndhalang khanti basa Indonesia) Ruwatan Aceh taun 2005, ing TMII Anjungan Jawa Tengah makili Kab. Pemalang taun 2006, lan ing RRI Purwokerto taun
2006, serta sing nembe bae jrone HUT Golkar ke-42 ing gedung DPD Golkar Kab. Pemalang 31 Nopember 2006,” jlentrehe dhalang sing awit cilik ngrungokake gendhing wis ngrasa mrekinding iku.
Tumeka akhire saiki kasih dadi dhalang paling apik ing Jawa Tengah kanthi nyabet 4 predikat mau, sing lagi festival nyolong pethek aliase penampilane sing ora dinuga banget apike. “Wektu festival kula mentasake demenen antara Batara Surya karo Dewi Indrati (estrine Resi Gautama) kanthi irah-irah Karma Pala (Sugriwo-Subali),” sebute, sing ora gumedhe najan dadi dhalang paling apik ing Jateng iku.
Nyinggung ngenani cah nom-noman (generasi muda) marang wayang, Ki Mangun negesake, dhe-weke (pribadi) minangka generasi muda ngrasa prihatin karo kahanan saiki. Padahal wayang wis diakoni dening UNESCO minangka masterface, generasi muda kita kudune bangga, nanging malah ora gelem kenal mbok wagu (kan ironis). Mula dheweke njaluk, pamrentah “tanggap” kepriye carane kanggo ngondisikake generasi muda, utamane liwat jalur formal ngenakake awit cilik (sedini mungkin) marang murid-murid.
“Apa maneh ana unen-unen menawa budaya nu-duhake luhuring bangsa, salah sijine yaiku pekelir-an,” tandhese karo nambahake minangka nyabet 4 penghargaan ing festival iku saliyane entuk Tropy lan Tabungan sekitar Rp 8,5 yuta, dheweke uga arep entuk kalodhangan (kesempatan) pisanan kanggo penthas ing Kantor Gubernuran Jawa Tengah.
...laju sepeda kumbang di jalan berlubang slalu begitu dari dulu waktu jaman Jepang terkejut dia waktu mau masuk pintu gerbang banyak polisi berwajah garang
bapak Oemar Bakrie takut bukan kepalang itu sepeda butut … lalu dicabut …
kalang kabut … pake kentut standing dan terbang …
Mengkono tugelan tembang “Oe-mar Barkrie sing digambarake
mi-nangka me-nungsa sing serba “hero” merga bisa
nyiptake profesor, insyinyur, dokter lan liya-liyane. Nyithak wong pinter bisa gawe montor mabur seke-las pak Habibie iku, na-nging panguripan malah mrihatinake. Kathik mangkat mulih makarya mung nganggo “kereta angin” kaya ora duwe aji ing masyarakat.
Pancen wong nyawang akehe saka penampilane,
najan satemene durung mesthi benere. Nanging wis dadi pakulin ing masyarakat kita, yen njabane ora katon apa-apane utawa mung semana, dipesthekake wong kuwi uripe sengsara. Najan wis ana unen-unen menawa bandha durung mesthi mbungahake. Na-nging wong nyawang sing duwe montor karo sing duwe pit, akehe dikurmati sing duwe montor. Sing duwe pit kaya disepelekake!
Ing negara kita sajake dadi “status sosial” menawa duwe pit sing kurang diregani katimbang sing duwe montor upamane, kayadene Oemar Bakrie mau. Apa meneh kanthi “sepe-dha pancal!” weton-an kuna, iku nudu-hake “simbol”e wo-ng sarwa kesusahan. Saengga wong sing numpak pit kuna kuwi identik karo wong kurang mam-pu? Nanging saiki pit-pit antik kaya ngono, saiki pamore mencorong, mundhak regane!
Nanging aja dikira ing tengah masyarakat isih ana paraga-paraga kang ngemi-emi sepedha onthel kuna, lan cacahe ora senthithik.
Beda karo pit-pit jaman saiki, sing kadhangkala cepet rusak ditumpaki. Pit-pit kuna gawean nalika ja-man penjajahan Walanda apadene “made in” England (Inggris) isih akeh sing kinyis-kinyis lan mulus (orsinil) sarta kepenak digenjot. Kaya sing dipa-merake nalika ana Pameran Buku ing gedhung Kri-danggo kutha Pemalang, mentas iki, ing salah sijine stand bisa dipirsani pit-pit kuna weton negara kincir
angin (Wa- landa)
apa-dene Inggris.
Pit-pit ku- na iku pepak
karo maneka asesoris
“pelengkap” pit, kayadene
tipi lake, photo-photo
pit kuna sing dadi
kebang-gaan tempo doeloe, lan
uga miniatur pit kuna
mau. Ing pa- meran buku
sing diana- kake dening
Kantor Per- pustakaan
lan Arsip Daerah
Kabupaten Pemalang
sing lumake 5 dina iku
paling sithik ana pit 10 sing dipamerake. Isih mulus-mulus duweke priyayi sing kagabung ana Paguyuban Penggemar Sepeda Ontel (PPSO) Pemalang kaya dene Merk Fongers (Martin) Gazelle, Batavus, Simplex, Ian Raleigh.
Miturut salah sawijing, petugas stand, PPSO Pe-malang madeg taun 2005 kepungkur, kanthi ketuane PPSO Pemalang Drs. Abdul Kadir, MM, anggotane
wis ngancik wong 130-an. Pit-pit anggota mau umume digawe ing taun 1900-an tekan ing antarane taun 1953 utawa 1970, pit gawean Walanda lan Ing-gris, sing kagolong antik iku regane cukup larang. “Malah pit sing ajine padha karo Honda Tiger, yaku-wi duweke. M. Puntadewa, M.SI, Putrane tilas Bupati Pemalang Achmadi,” jlentrehe marang penulis PS.
Ketua PPSO Pemalang Drs. Abdul Kadir, MM ora selak menawa ana salah siji pite anggota regane larang banget. Pit sing duweke Drs. M.Puntadewa. M.Si iku mbiyene dienggo Bapake Achmadi, Bupati Pemalang keping telung pulu (1975-1980). “Sing re-ga dodole paling larang merek Gazelle kanthi nomer seri 11 lan jinis tekan welasan yuta rupiah,” tandhese Abdul kauga njabat Kepala Dipenda (Pemda) Kab. Pemalang marang wartawan ing pameran buku iku.
Kegiyatan sing rutin dianakake PPSO Pekayata, saben Sabtu esuk mubeng-mubeng paran-paran plo-sok ing tlatah Pemalang, lan maneka event, klebu ing pameran buku iki Pemalang dibentuk kanthi sema-ngat bareng melu nglestarekake budaya numpak se-pedha kung gerakan irit BBM, lan kanggo njaga kesehatan olahraga nggunakake pit,” jelase A.Kadir.
(Dimuat ing Panjebar Semangat, No. 07/2007)...
...