• Tidak ada hasil yang ditemukan

Buku tuntunan. Xperia J. ST26i/ST26a

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Buku tuntunan. Xperia J. ST26i/ST26a"

Copied!
113
0
0

Teks penuh

(1)

Buku tuntunan

(2)

Isi

Xperia™ J Pandhuan pangguna...6

Persiyapan...7

Apa iku Android™?...7

Ringkesan telpon...7

Ngrakit...8

Nguripake lan mateni telpon...10

Kunci layar...11

Panuntun persiyapan...11

Akun lan layanan...11

Ngerteni telpon...13

Nggunakake tombol...13

Baterei...13

Nggunakake layar demek...15

Layar Ngarep...17

Njupuk potret layar...20

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi...20

Status lan kabar...22

Menu setelan telpon...23

Ngetik teks...24

Nyelarasake telpon miturut kabutuhan...28

Memori...30

Nggunakake headset karo telpon...31

Setelan Internet lan olahpesen...32

Ngontrol panggunaan data...32

Setelan jaringan seluler...33

Google Play™...35

Miwiti Google Play™...35

Ngundhuh saka Google Play™...35

Mbusak data aplikasi...36

Ijin...36

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™ ...36

Nelpon...37

Telpon darurat...37

Nangani telpon...37

Surat swara...38

Telpon multi...39

Telpon konferensi...39

(3)

Kontak...42

Babagan Kontak...42

Ngirim kontak menyang piranti anyar...42

Ngatur kontak...44

Komunikasi karo kontak sampeyan...46

Nuduhake kontak...46

Nggawe serep kontak...47

Olahpesen...48

Nggunakake olahpesen teks lan multimedia...48

Pilihan pesen teks lan pesen multimedia...49

Google Talk™ ...49

Email...51

Miwiti Email...51

Nggunakake email...52

Pamuter musik...56

Babagan Musik...56

Nyalin file media menyang kertu memori...56

Nggunakake pamuter musik...57

Nemokake isi audio sing gegandhengan...58

Nggunakake Musikku kanggo ngatur trek ...58

Dhaptar lagu...60

Widget pamuter musik...60

Njaga pangrungon...61

Teknologi TrackID...61

Layanan PlayNow™...62

radio FM...63

Babagan radio FM...63

Nggunakake saluran radio favorit...64

Setelan swara...64

Ngenali trek radio nggunakake TrackID™...64

Kamera...66

Babagan kamera...66

Njupuk potret nganggo kamera foto...67

Nambahake posisi geografis menyang foto...67

Setelan kamera gambar mati...68

Ngrekam video...70

Setelan kamera video...70

Album...73

Ndeleng potret lan video ing Album...73

Ndeleng potret lan video sing disimpen ing telpon...73

(4)

Film...80

Babagan Film...80

Nggunakake Film...80

Jlajah web...81

Babagan jlajah web...81

Njelajah web...81

Navigasi kaca web...82

Ngatur tetenger...83

Ngatur teks lan gambar...84

Mbukak jendhela luwih saka siji...84

Ndownload saka web...85

Setelan browser...85

Konektivitas...87

Nyambung menyang jaringan nirkabel...87

teknologi nirkabel Bluetooth™...89

Nyambungake telpon menyang komputer...91

Waca cepet kode balok nganggo aplikasi NeoReader™...93

Sinkronisasi data ing ponsel...95

Babagan nyinkronake data ing ponsel...95

Nyelarasake karo Google™...95

Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan...95

Sinkronisasi karo Facebook™...96

Nyelarasake nganggo SyncML™...97

Peta lan panggonan...99

Babagan layanan panggonan...99

Nggunakake GPS...99

Google Maps™...99

Nggunakake Google Maps™ kanggo mangerteni arah...100

Tanggalan lan jam weker...101

Tanggalan...101

Jam weker...101

Dhukungan lan perawatan...104

Nganyari telpon...104

Ngunci lan nglindhungi telpon...105

Nemokake piranti sampeyan...107

Aplikasi Tulung...108

Daur-ulang ponsel sampeyan...108

Referensi...109

(5)

Informasi penting...113

Brosur informasi penting...113

Watesan layanan lan fitur...113

(6)
(7)

Persiyapan

Apa iku Android™?

Telpon pinter Xperia saka Sony mlaku nganggo platform Android. Ponsel Android bisa nindakake fungsi sing padha akehe karo komputer lan sampeyan bisa ngatur miturut kabutuhan. Contone, sampeyan bisa nambah utawa mbusak aplikasi, utawa

ningkatake aplikasi sing wis ana kanggo ngapikake kagunaan. Ing Google Play™ sampeyan bisa ngundhuh sawetara aplikasi lan game saka koleksi sing terus saya akeh. Sampeyan uga bisa nggabungake aplikasi ing ponsel Android™ karo aplikasi liyane lan karo layanan online sing digunakake. Contone, sampeyan bisa nggawe serep kontak ponsel, ngakses akun email lan tanggalan saka sak panggonan, nglacak janjian, lan aktif ing jaringan sosial.

Ponsel Android™ saya suwe saya apik. Yen versi piranti lunak anyar kasedhiya lan ponsel sampeyan ndhukung piranti lunak anyar iki, sampeyan bisa nganyarake ponsel kanthi njupuk fitur-fitur anyar lan pangapikan pungkasan.

Ponsel Android™ sampeyan wis diiseni layanan Google™. Kanggo ngoptimalake layanan Google™ sing kasedhiya, sampeyan kudu nggawe akun Google™ lan mlebu ing akun kasebut nalika sapisanan miwiti ponsel. Sampeyan uga kudu duwe akses internet kanggo nggunakake fitur-fitur ing Android™.

Piranti lunak anyar sing mentas dirilis mbokmenawa ora kompatibel karo kabeh ponsel.

(8)

1. Sensor jarak 1 2. Sensor jarak 2 3. Kabar lampu LED 4. Lensa kamera ngarep 5. Spiker 6. Tombol daya 7. Tombol Volume/Zoom 8. Mikropon 9. Tombol menu 10. Tombol Ngarep

11. Lampu kabar kanggo layanan jaringan sosial 12. Tombol bali

13. Layar demek 14. Lensa kamera 15. Lampu LED kamera

16. Konektor piranti dipasang ning sirah 17. Konektor pangisi daya/Kabel USB 18. Spiker

19. Bolongan tali

20. Bukaan tutup baterei

Ngrakit

(9)

1 Bukak tutup baterei.

2 Selehake pucuk driji ing bukakan sisih ngisor baterei banjur angkat baterei.

Nglebokake kertu memori lan kertu SIM

Aja nglebokake kertu SIM sing ora kompatibel, contone, kertu SIM mikro, menyang slot kertu SIM. Yen kuwi ditindakake kertu SIM utawa telpon bisa rusak saklawase.

1 Pateni telpon.

2 Copot tutup mburi baterei, banjur lebokake kertu memori lan kertu SIM menyang slot sing cocog.

Kertu memori mbokmenawa ora kalebu dituku ing kabeh pasar. Nyopot kertu SIM

1 Pateni telpon.

2 Bukak tutup baterei.

(10)

Nyopot kertu memori

• Pateni telpon, utawa copot kertu memori saka Setelan > Panyimpenan >

Copot kertu SD.

Masang tutup baterei

1 Selehake tutup mburi kanggo nutupi bagean mburine telpon supaya bolongan lensa kamera ing tutup pas karo lensa kamera.

2 Penet mudhun kanthi kuwat kabeh sudhut tutup baterei kanggo mesthekake yen tutup wis dipasang kanthi kenceng.

Nguripake lan mateni telpon

(11)

1 Pencet terus tombol daya sing ana ing sisih tengen telpon nganti telpon kedher.

2 Yen layar dadi peteng, pencet tombol daya sedhela kanggo nguripake layar.

3 Kanggo mbukak kunci layar, seret menyang sisih tengen layar.

4 Ketik PIN kertu SIM yen dijaluk, banjur pilih OK.

5 Enteni sedhela nganti telpon urip.

PIN kertu SIM diwenehake dening operator jaringan, nanging sampeyan bisa ngganti mengko saka menu Setelan. Kanggo ngoreksi kesalahan sajrone ngetik PIN kertu SIM, tunyuk . Mateni telpon

1 Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak.

2 Ing menu pilihan, tunyuk Daya mati.

3 Tunyuk OK.

Butuh sawetara wektu nganti telpon mati.

Kunci layar

Nalika telpon urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci sakcara otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ana ing layar tutul nalika sampeyan lagi ora nggunakake telpon.

Ngaktifake layar

• Penet sedhela tombol daya .

Kanggo mbukak kunci layar

• Seret menyang sisih tengen layar.

Ngunci layar kanthi manual

• Nalika layar aktif, penet sedhela tombol .

Panuntun persiyapan

Nalika sapisanan sampeyan miwiti telpon, panuntun persiyapan mbukak kanggo nerangake fungsi-fungsi dhasar ing telpon lan mbantu sampeyan ngatur setelan-setelan sing penting. Iki wektu sing apik kanggo ngatur telpon supaya cocog karo kabutuhan tartamtu. Sampeyan uga bisa ngakses pandhuan atur wiwitan mengko saka layar Aplikasi.

Ngakses panuntun atur wiwitan kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Tutul Setelan > Panuntun persiyapan.

Akun lan layanan

Mlebu menyang akun layanan online saka telpon lan entuk manfaat saka sawetara layanan. Layanan kombinasi lan njupuk mupangat sing saya akeh. Umpamane, ngumpulake kontak saka akun Google™ lan Facebook™ banjur nggabungake akun mau menyang buku telepon, supaya kabeh disimpen ing sak panggonan.

Sampeyan bisa mlebu ing layanan online saka telpon lan uga saka komputer. Nalika mlebu pisanan, ana akun sing digawe nganggo jeneng pangguna, sandhi, setelan lan informasi pribadhi sampeyan. Liya wektu yen sampeyan mlebu, sampeyan bisa ndeleng data sing wis digawe pribadhi.

(12)

Akun Google™

Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan ing telpon Android. Sampeyan mbutuhake akun Google™, contone, kanggo

nggunakake aplikasi Gmail™ ing telpon, kanggo ngobrol karo kanca-kanca kanthi nggunakake Google Talk™, kanggo nyelarasake tanggalan sampeyan kanthi nganggo Google Calendar™, lan kanggo ngundhuh aplikasi lan game, musik, pilem lan buku saka Google Play™.

Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

account

Selarasake telpon karo akun Microsoft® Exchange ActiveSync® perusahaan

sampeyan. Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara tanggalan perusahaan kapan wae.

Akun Facebook™

Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca, kulawarga lan kolega sak jagad. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing telpon supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.

Akun SyncML™

Sinkronisasi telpon karo server Internet nggunakake SyncML™. Deleng lan atur kontak, acara tanggalan lan tetenger saka telpon kanthi gampang kaya nalika ngatur nganggo komputer.

(13)

Ngerteni telpon

Nggunakake tombol

Bali

• Bali menyang layar sadurunge

• Nutup papan tombol layar, kothak dialog, menu pilihan, utawa panel Kabar Ngarep

• Mbukak Layar ngarep

• Penet terus kanggo mbukak jendhela sing nuduhake aplikasi sing lagi wae kanggo Menu

• Mbukak dhaptar pilihan sing kasedhiya ing layar utawa aplikasi saiki

Baterei

Ngisi daya baterei

Baterei telpon wis diisi separo nalika sampeyan tuku telpon. Perlu sawetara menit nganti lambang baterei ditampilake ing layar nalika sampeyan nyambungake kabel pangisi daya menyang sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya telpon. Sampeyan isih bisa nggunakake telpon nalika diisi daya. Ngisi daya telpon nganti suwe banget, umpamane sawengi nutug, ora bakal ngrusak baterei utawa telpon.

Baterei bakal kalong sethitik sawise diisi daya nganti kebak banjur ngisi maneh daya sawise sawetara wektu nalika pangisi daya disambungake. Iki tujuane supaya umur baterei awet lan status pangisian daya nuduhake tingkat kurang saka 100 persen.

(14)

1 Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2 Tancepake pucuk kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing komputer).

3 Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port mikro USB ing piranti, kanthi lambang USB madhep munggah. LED status baterei bakal murup nalika ngisi daya diwiwiti.

4 Yen warna LED status baterei ijo, tegese piranti wis diisi daya nganti kebak. Jabut kabel USB saka piranti kanthi narik nanging aja nganti nekuk. Aja nganti nekuk konektor nalika njabut kabel saka piranti.

Yen daya baterei kosong, bisa diperlokake sawetara menit sadurunge lampu LED murup sawise kabel pangisi daya disambungake menyang sumber listrik.

Status baterei LED

Ijo Isi daya baterei wis kebak Abang kethip-kethip Baterei kari sethithik

Oranye Baterei lagi diisi daya. Tingkat baterei sedheng Mriksa level baterei

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Babagan telpon > Status > Tingkat baterei.

Ngapikake kinerja baterei

Tips ngisor iki bisa nulung ngapikake kinerja baterei:

• Kerepa ngisi daya baterei piranti. Iki ora nggawa dampak tumrap jangka wektune baterei.

• Ngundhuh data saka internet iku nganggo daya akeh. Yen lagi ora nggunakake internet, sampeyan bisa ngirit daya kanthi mateni kabeh sambungan data sing liwat jaringan seluler. Sampeyan bisa nindakake iki saka Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Lalu lintas data seluler. Setelan iki ora ngalangi piranti ngirim data liwat jaringan nirkabel liyane.

• Pateni GPS, Bluetooth™ lan Wi-Fi® nalika ora mbutuhake fitur-fitur kasebut. Sampeyan bisa nguripake lan mateni fitur-fitur kasebut kanthi luwih gampang kanthi nambahake widget setelan Cepet menyang Layar ngarep. Sampeyan ora perlu mateni 3G.

• Setel aplikasi sinkronisasi (digunakake kanggo nyelarasake email, tanggalan, lan kontak) kanggo nyelarasake kanthi manual. Sampeyan uga bisa nyelarasake kanthi otomatis, nanging bakal nambah interval sinkronisasi.

• Priksa menu panggunaan baterei ing piranti kanggo ndeleng aplikasi endi sing nggunakake daya paling akeh. Baterei nganggo daya luwih akeh nalika sampeyan nggunakake aplikasi video lan streaming musik, kayata YouTube™. Sawetara aplikasi Android Market™ uga nganggo daya luwih akeh.

• Tutup lan metu saka aplikasi sing ora digunakake.

• Mudhunake level padhang tampilan layar.

• Pateni piranti utawa gunakake Mode pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing ora kajangko area jaringan. Yen ora, piranti bakal bola-bali nlusur cepet jaringan sing kasadhiya, lan iki nggunakake daya.

• Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony kanggo ngrungokake musik. Piranti tanpa nyekel nggunakake daya baterei luwih sethithik tinimbang spiker piranti.

• Aktifake piranti ing siyaga kapan wae yen bisa. Wektu siyaga nuduhake wektu sajrone piranti disambungake menyang jaringan lan lagi ora digunakake.

Ngakses menu panggunaan baterei

1 Saka Layar ngarep, tutul .

(15)

Nambahake widget Lalu lintas data menyang layar Ngarep

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tunyuk Tambah > Widget > Alat.

3 Gulung cepet ngiwa lan pilih widget Data seluler. Sampeyan saiki bisa nguripake lan mateni sambungan data kanthi luwih gampang.

Nambahake widget setelan Quick menyang layar

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tunyuk Tambah > Widget > Alat.

3 Milih widget Setelan cepet.

Ngurangi konsumsi daya baterei nganggo Power Saver

Gunakake mode hemat daya prasetel kanggo ngatur aplikasi sing nguras daya lan ngurangi konsumsi daya baterei. Nganggo Power Saver, sampeyan uga bisa matutake setelan ing saben mode hemat daya supaya cocog karo cara panggunaan telpon sampeyan.

Ngaktifake mode hemat daya

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Ngirit Daya.

3 Tutul lambang ing jejere mode hemat daya sing pengin diaktifake.

Mateni mode hemat daya

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Ngirit Daya.

3 Tutul lambang sing murup ing jejere mode hemat daya sing aktif kanggo mateni.

Nggenti setelan kanggo mode irit daya

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Ngirit Daya.

3 Kanggo mbukak menu setelan, tutul jeneng mode ngirit daya.

4 Setel setelan kaya sing dipengini kanggo ngirit daya.

5 Tutul .

Nampilake kabar irit daya

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Ngirit Daya.

3 Tutul .

4 Centhang kothak Baris status.

Nggunakake layar demek

Lembar plastik pelindhung ditempelake ing layar telpon nalika sampeyan tuku telpon anyar. Lembaran iki kudu diklethek sadurunge nggunakake layar demek. Yen ora, layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.

Nalika telpon urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci sakcara otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake telpon. Sampeyan uga bisa nyetel kunci pribadhi kanggo nglindhungi langganan lan mesthekake yen mung sampeyan bisa ngakses isi telpon.

Layar telpon sampeyan digawe saka kaca. Aja ndemek layar yen kaca retak utawa pecah. Aja njajal ndandani dhewe layar sing rusak. Layar kaca sentisif kena benturan lan goncangan mekanis. Rusak amarga sembrono ora dijamin dening layanan garansi Sony.

Mbukak utawa nyorot item

(16)

Nandhani pilihan

Kothak sing dicenthang Kothak sing ora dicenthang Pilihan dhaptar sing dicenthang Pilihan dhaptar sing ora dicenthang Nyenthang utawa mbusak pilihan

• Tutul kothak sing cocog utawa pilihan dhaptar.

Kothak sing dicenthang Kothak sing ora dicenthang Pilihan dhaptar sing dicenthang Pilihan dhaptar sing ora dicenthang

Zoom

Pilihan zoom sing kasedhiya gumantung menyang aplikasi sing digunakake.

Zoom

• Yen kasedhiya, tunyuk utawa kanggo nggedhekake utawa nyilikake.

Sampeyan bisa uga kudu nyeret layar (sembarang arah) supaya lambang zoom ditampilake. Zoom nganggo rong driji

• Tempelake rong driji ing layar banjur ciutake bareng-bareng (kanggo nyilikake) utawa ambakake (kanggo nggedhekake).

Gunakake fungsi zoom nalika ndeleng foto lan peta, utawa nalika nelusuri web.

Nggulung

Gulung kanthi ngobahake driji menduwur utawa mengisor ing layar. Ing sawetara kaca web sampeyan bisa uga nggulung nyamping.

(17)

Nggulung

• Seret utawa gulung cepet driji menyang arah sing arep digulung ing layar.

Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar. Nggulung cepet

• Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar. Sampeyan bisa ngenteni obahe nggulung nganti mandheg dhewe, utawa bisa dumadakan nyetop kanthi nunyuk layar.

Sensor

Telpon sampeyan nduweni sensor sing ndeteksi cahya lan jarak. Sensor cahya ndeteksi tingkat cahya sekitar banjur nyetel padhange layar. Sensor jarak mateni lampu layar tutul nalika ana praupan nutul layar. Iki ngindhari saka ora sengaja ngaktifake sawetara fungsi telpon nalika sampeyan nelpon.

Layar Ngarep

Layar ngarep telpon sampeyan padha karo desktop ing komputer. Layar iki minangka gateway menyang fitur utama ing telpon. Sampeyan bisa ngatur Layar ngarep karo widget, trabasan, folder, tema, wallpaper lan item liyane.

Ambane Layar ngarep ngluwihi tampilan layar biasane, dadi sampeyan kudu nggulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo ndeleng konten ing salah siji saka patang ekstensi layar. nuduhake bagean Layar ngarep sing saiki dipanggoni.

(18)

Item ing garis ing sisih ngisor layar tansah kasedhiya kanggo akses cepet.

Kanggo pindhah menyang layar Ngarep

• Pencet .

Kanggo nelusur layar Ngarep

• Gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Nganggo bareng item saka layar Ngarep

1 Penet kanggo mbukak Layar ngarep.

2 Demek terus sawijine item nganti dadi gedhe lan telpon geter, banjur seret item menyang .

3 Pilih salah siji opsi banjur konfirmasi, yen prelu. Sampeyan saiki bisa nganggo bareng aplikasi lan widget sing dipengini karo kanca sing bisa ngundhuh lan nggunakake bebarengan.

Widget

Widget yaiku aplikasi cilik sing bisa langsung digunakake ing Layar ngarep. Contone, widget pamuter “WALKMAN” ngidini sampeyan miwiti muter musik kanthi langsung. Sawetara widget bisa diowahi ukurane, dadine sampeyan bisa nggedhekake kanggo ndeleng isi luwih akeh utawa nyilikake kanggo ngirit papan ing Layar ngarep.

Nambahake widget menyang layar Ngarep

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tunyuk Tambah > Widget.

3 Tutul widget.

Ngowahi ukuran widget

1 Demek terus trabasan nganti dadi gedhe lan telpon geter, banjur culake widget. Yen widget bisa diowahi ukurane, pigura sing disorot lan titik sing diowahi ukurane bakal katon.

2 Seret titik kasebut mlebu utawa metu kanggo nyilikake utawa nggedhekake widget.

3 Kanggo konfirmasi ukuran anyar widget, tutul ngendi wae ing Layar ngarep.

Njupuk ringkesan kabeh widget ing layar Ngarep

• Ciutake Layar ngarep ing sisih endi wae. Kabeh widget saka bagean Layar ngarep sing beda-beda ing saiki ditampilake ing saklayar.

Nalika kabeh widget Layar ngarep digabungake ing saklayar, tunyuk widget endi wae kanggo mbukak bagean ing Layar ngarep sing ngemot widget kasebut.

(19)

saben acara kanthi lengkap. Sampeyan uga bisa nutul acara kanggo ndeleng isine ing format layar wutuh utawa nanggepi kanthi nggunakake komentar, seneng, lan mbales ngetwit.

Widget Timescape™ Friends

Widget Timescape™ Friends ngandhani sampeyan bab kegiatan jaringan sosial paling pungkasan sing gegandhengan karo sampeyan lan kanca-kanca. Sampeyan bisa ndeleng kegiatan lan ngandhani kanca nggunakake komentar, seneng lan nyebarake.

Widget Timescape™ Share

Enggo bareng status liwat salah sawijine layanan sing sampeyan wis mlebu saka telpon. Contone, sampeyan bisa posting kegiatan anyar ing Facebook™ utawa Twitter™.

Ngatur maneh layar Ngarep

Ngatur tampilan layar Ngarep lan ngganti fitur sing bisa diakses saka layar kasebut. Ngganti latar mburi layar, mindhah item, nggawe folder, lan nambahake trabasan menyang kontak.

Mbukak menu pilihan ing layar Ngarep

Sampeyan bisa mbukak menu pilihan Layar ngarep kanthi rong cara:

• Saka Layar ngarep, penet .

• Tutul terus Layar ngarep ing sisih endi wae.

Nambahake trabasan menyang layar Ngarep

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tunyuk Tambah > Trabasan.

3 Golek banjur pilih trabasan.

Tambahake trabasan aplikasi langsung saka layar Aplikasi kanthi ndemek terus aplikasi kasebut.

Mindhah item ing layar Ngarep

1 Penet kanggo mbukak Layar ngarep.

2 Tutul terus item nganti dadi gedhe lan telpon kedher, banjur seret item menyang lokasi anyar.

Kanggo mbusak item saka layar Ngarep

• Tutul terus sawijine item nganti dadi gedhe lan telpon geter, banjur seret item menyang .

Nambahake folder menyang layar Ngarep

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tutul Tambah > Folder.

3 Tik jeneng folder banjur tutul Rampung.

Seret lan selehake item ing sisih ndhuwur item liyane ing layar Ngarep kanggo nggawe folder kanthi otomatis.

Kanggo nambah item menyang folder

• Tutul terus sawijine item nganti dadi gedhe lan telpon geter, banjur seret item menyang folder.

Ngganti jeneng folder

1 Tunyuk folder kanggo mbukak.

2 Demek terus garis judhul folder kanggo nuduhake kolom Jeneng folder.

(20)

Ngganti latar mburi layar Ngarep

Atur Layar ngarep kanthi gaya sing dikarepake nggunakake macem-macem wallpaper lan tema.

Nggenti wallpaper layar Ngarep

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tutul Wallpaper, banjur pilih pilihan.

Sampeyan bisa nggunakake potret sing wis dijupuk, utawa animasi. Pindhah menyang Google Play™ lan sumber liyane kanggo ngundhuh, contone, wallpaper nyata sing bisa genti bebarengan karo gentine jam saben dinane.

Nyetel tema

1 Saka Layar ngarep, penet .

2 Tunyuk Tema, banjur pilih tema.

Nalika ngganti tema, ing sawetara aplikasi, latar mburi uga bakal diganti.

Njupuk potret layar

Sampeyan bisa nangkep gambar anteng ing samubarang layar ing piranti minangka potret layar. Potret layar sing dijupuk bakal otomatis disimpen ing Album gambar.

Njupuk potret layar

1 Penet terus tombol daya lan tombol volume bebarengan nganti keprungu swara klik.

2 Kanggo deleng potret layar, seret mudhun garis status nganti mentok.

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi

Mbukak aplikasi saka trabasan ing Layar ngarep utawa saka layar Aplikasi.

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka Layar ngarep, ngemot aplikasi sing katut diinstal nganggo telpon bebarengan karo aplikasi sing diundhuh.

Layar Aplikasi bisa ngluwihi ambane layar reguler, dadi sampeyan perlu ngggulung cepet ngiwa lan nengen kanggo ndeleng kabeh isi.

Kanggo mbukak layar Aplikasi

• Saka Layar ngarep, tunyuk .

Kanggo nelusur layar Aplikasi

• Bukak layar Aplikasi, banjur gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Kanggo nggawe trabasan menyang aplikasi ing layar Ngarep

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Tutul terus aplikasi nganti katon ing Layar ngarep, banjur seret menyang lokasi sing dipengini.

(21)

Nganggo bareng aplikasi saka layar Aplikasi

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Tutul terus aplikasi nganti katon ing Layar ngarep, banjur seret item kasebut menyang .

3 Pilih salah siji opsi banjur konfirmasi, yen prelu. Sampeyan saiki bisa nganggo bareng aplikasi sing dipengini karo kanca sing bisa ngundhuh lan nggunakake aplikasi kasebut.

Mbukak lan nutup aplikasi

Kanggo mbukak aplikasi

• Saka Layar ngarep utawa layar Aplikasi, tutul aplikasi.

Kanggo mindhah aplikasi

• Pencet .

Sawetara aplikasi dadi ngaso yen sampeyan menet kanggo metu, nanging aplikasi liyane bisa terus aktif ing latar mburi. Yen mengkono, liya wektu yen sampeyan mbukak aplikasi, sampeyan bisa nerusake sing ketundha.

Jendhela aplikasi sing bubar digunakake

Sampeyan bisa ndeleng lan ngakses aplikasi sing bubar digunakake saka jendhela iki.

Mbukak jendhela aplikasi sing bubar digunakake

• Pencet terus .

Menu aplikasi

Sampeyan bisa mbukak menu sawayah-wayah nalika nggunakake aplikasi kanthi mencet tombol ing telpon. Menu katon beda-beda gumantung saka aplikasi sing digunakake.

Mbukak menu ing aplikasi

• Nalika nggunakake aplikasi, pencet .

Menu ora kasedhiya ing kabeh aplikasi.

Ngatur maneh layar Aplikasi

Mindhah-mindhah aplikasi mubeng ing layar Aplikasi miturut pilihan.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1 Saka Layar ngarep, tutul pindhah menyang layar Aplikasi.

(22)

Kanggo mindhah aplikasi ing layar Aplikasi

1 Bukak layar Aplikasi, banjur tutul .

2 Tutul terus item nganti dadi gedhe lan telpon geter, banjur seret item menyang lokasi anyar.

3 Tutul kanggo metu mode owahi.

Sampeyan mung bisa mindhah aplikasi yen dipilih. Mbusak instal aplikasi saka layar Aplikasi

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Tunyuk . Kabeh instalan aplikasi sing ora bisa dibusak ditandhani nganggo lambang .

3 Tunyuk aplikasi sing pengin dibusak instal, banjur tunyuk OK.

Status lan kabar

Garis status ing layar paling dhuwur ngatonake apa sing lagi aktif ing telpon. Ing sisih kiwa sampeyan entuk kabar yen ana sing anyar utawa sing lagi aktif. Umpamane, pesen anyar lan kabar tanggalan ditampilake ing kene. Sisih tengan ngatonake kekuatan sinyal, status baterei, lan informasi liyane.

Lampu kabar uga menehi informasi status baterei lan sawetara kabar. Umpamane, lampu biru kelip-kelip tegese ana pesen anyar utawa telpon ora kejawab. Lampu kabar bisa uga ora murup yen baterei kari sethithik.

Priksa kabar lan aktivitas sing lagi ditindakake

Sampeyan bisa nyeret garis status kanggo mbukak panel Kabar lan njupuk informasi liyane. Umpamane, sampeyan bisa nggunakake panel kanggo mbukak pesen anyar utawa ndeleng acara tanggalan. Sampeyan uga bisa mbukak sawetara aplikasi sing mlaku ing latar mburi, kayata pamuter musik.

(23)

Kanggo nutup panel Kabar

• Seret munggah tab ing bagian ngisor panel Kabar.

Mbukak aplikasi sing mlaku saka panel Kabar

• Tutul lambang aplikasi sing mlaku kanggo mbukak.

Nolak kabar saka panel Kabar

• Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Mbusak panel Kabar

• Saka panel Notifikasi, tunyuk Busak.

Setel telpon saka panel Kabar

Sampeyan bisa mbukak menu setelan saka panel Kabar kanggo nyetel setelan dhasar telpon. Contone, sampeyan bisa nguripake Wi-Fi®.

Mbukak menu setelan telpon saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Nyetel setelan swara saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Ngontrol fungsi Bluetooth™ saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Ngontrol fungsi Wi-Fi® saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Nggawe bisa utawa ora bisa kiriman data saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Menu setelan telpon

Ndeleng lan ngganti setelan telpon saka menu Setelan.

Ngakses setelan telpon

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

(24)

Ngetik teks

Keyboard layar

Tunyuk tombol ing keyboard QWERTY sing ana ing layar kanggo ngetik. Sawetara aplikasi mbukak keyboard layar kanthi otomatis. Sampeyan uga bisa mbukak keyboard iki kanthi nutul kolom teks.

Nggunakake keyboard layar

1 Ngganti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital. Kanggo sawetara basa, tombol iki digunakake kanggo ngakses huruf ekstra ing basa kasebut.

2 Nutup tampilan keyboard layar

3 Tampilake nomer lan simbol. Tutul terus kanggo nampilake smiley. 4 Ngetik spasi

5 Mbukak menu setelan input kanggo ngganti, umpamane, Basa tulis. Tombol iki uga ngganti basa nulis nalika dipilih luwih saka siji basa input.

6 Ngetik tombol bali utawa konfirmasi input teks 7 Mbusak huruf sadurunge kursor

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake telpon. Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks

• Tunyuk kolom entri teks.

Ndhelikake keyboard layar

• Nalika tombol layar mbukak, penet .

Nggunakake keyboard layar ing orientasi malang

• Nalika ngetik teks, puter telpon ing posisi miring.

Supaya keyboard ndhukung fitur iki, aplikasi sing digunakake kudu ndhukung mode malang, lan setelan orientasi layar kudu disetel menyang otomatis.

Ngetik teks nggunakake keyboard layar

• Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tunyuk karakter kasebut.

• Kanggo ngetik karakter liyane, tutul terus karakter keyboard biasane kanggo entuk dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane, kanggo ngetik "é", tutul terus "e" nganti ditampilake pilihan liyane, banjur, kanthi tetep menet driji ing keyboard, seret lan pilih "é".

Ngalih antarane huruf kapital lan huruf cilik

• Sakdurunge sampeyan ngetik layang, tunyuk kanggo ngalih menyang baris ndhuwur , utawa sakwalike.

(25)

Ngetik angka utawa simbol

• Nalika ngetik teks, tunyuk . Bakal ditampilake keyboard angka lan simbol. Tunyuk kanggo ndeleng pilihan liyane.

Tik tandha waca sing umum

1 Yen wis rampung tik tembung, tutul bar spasi.

2 Pilih tandha waca saka bar calon. Tandha sing dipilih dilebokake sadurunge spasi.

Kanggo ngetik titik kanthi cepet, tutul bar spasi kaping pindho yen sampeyan wis rampung ngetik tembung.

Ngetik smiley

1 Nalika ngetik teks, tutul terus .

2 Pilih smiley.

Kanggo mbusak karakter

• Tunyuk kanggo nyeleh kursor sakwise karakter sing arep dibusak, banjur tunyuk .

Kanggo ngetik tombol bali

• Nalika ngetik teks, tutul kanggo ngetik tombol bali.

Milih teks

1 Tik sawetara teks, banjur tutul terus teks mau. Tembung sing ditutul bakal disorot ing tab loro-lorone.

2 Seret tab ngiwa utawa nengen kanggo milih teks liyane.

Ngowahi teks ing orientasi ngadeg

1 Nalika ngetik teks, demek terus kolom teks nganti ditampilake baris aplikasi.

2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur gunakake baris aplikasi kanggo ngowahi kaya sing dikarepake.

Kanggo nempelake teks menyang clipboard, sampeyan uga bisa nahan kolom teks nganti ditampilake Tempel, banjur tutul Tempel.

Baris aplikasi

1 Nutup baris aplikasi 2 Milih kabeh teks 3 Motong teks 4 Nyalin teks 5 Nempel teks

mung ditampilake yen sampeyan nyimpen teks ing clipboard.

Nganggo guna Tulis gangsar kanggo nulis tembung

Sampeyan bisa nulis teks kanthi ngusapake driji saka huruf menyang huruf liyane ing tombol layar ing layar. Angkat driji antarane tembung supaya telpon bisa ngenali.

(26)

Ngetik teks kanthi nggunakake fungsi Tulis gangsar

1 Nalika sampeyan ngetik teks kanthi nggunakake tombol layar, geser driji saka huruf menyang huruf kanggo ngeja tembung sing arep ditulis. Angkat driji sawise sampeyan rampung ngetik tembung.

2 Telpon nyaranake tembung adhedhasar huruf sing dilacak. Yen perlu, pilih tembung sing bener ing garis calon. Kanggo ndeleng pilihan liyane, gulung nengen utawa ngiwa ing garis calon tembung. Yen sampeyan ora bisa nemu tembung sing dikarepake, tutul sepisan kanggo mbusak kabeh tembung. Terus coba maneh nglacak tembung nganggo Tulis gangsar, utawa tutul saben hurup kanggo ngetikake tembung.

3 Yen setelan Spasi sadurunge nyeret diuripake, gesek kanggo ngetik tembung sakbanjure. Yen ora, tutul spasi lan lacak tembung sabanjure sing pengin diketik.

Kanggo ngetik tembung camboran nalika setelan Spasi sadurunge nyeret urip, geser menyang bagean kapisan tembung, banjur tutul huruf liyane kanggo ngetik tembung nganti rampung.

Nggenti setelan Tulis gangsar

1 Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar, tutul . Yen sampeyan wis milih basa nulis luwih saka siji, demek terus .

2 Tunyuk Setelan input teks.

3 Tandhani utawa busak tandha kothak Tulis gangsar.

4 Yen sampeyan pengin kanthi otomatis nambah spasi ing antarane obahe driji tanpa kudu saben-saben nutul bar spasi, tandhani kothak Spasi sadurunge nyeret.

Phonepad

Phonepad iku padha karo keypad telpon standar 12 tombol. Phonepad menehi pilihan input teks prediktif lan multitap. Sampeyan bisa ngaktifake cara input teks Phonepad liwat setelan keyboard. Phonepad mung kasedhiya ing orientasi mujur.

Nggunakake Phonepad

1 Milih opsi input teks

2 Ngganti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital 3 Nampilake angka

4 Nampilake simbol lan smiley 5 Ngetik spasi

6 Mbukak menu setelan input kanggo ngganti, umpamane, Basa tulis. Tombol iki uga ngganti basa nulis nalika dipilih luwih saka siji basa input.

(27)

8 Mbusak karakter sadurunge kursor

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake telpon. Mbukak Tombol telpon sing sepisanan

1 Tutul kolom entri teks, banjur tutul , utawa demek terus yen sampeyan wis milih basa input luwih saka siji.

2 Tutul Layout papan tombol banjur pilih pilihan.

Yen wis milih pilihan layout papan tombol, sampeyan bisa nguripake Tombol telpon kanthi nutul kolom entri teks.

Ngoper ing antarane tombol layar lan Tombol telpon

1 Nalika ngetik teks, tutul , utawa demek terus yen sampeyan wis milih basa input luwih saka siji.

2 Tutul Layout papan tombol banjur pilih pilihan.

Elinga, Tombol telpon mung kasedhiya ing orientasi ngadeg. Ngetik teks nggunakake Phonepad

Nalika nggunakake Phonepad, sampeyan bisa milih saka rong pilihan input:

• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk saben karakter mung sapisan, sanajan huruf sing dipengini dudu huruf kaping pisanan ing tombol kasebut. Tunyuk tembung sing ditampilake utawa tunyuk kanggo ndeleng saran tembung liyane banjur pilih saka dhaptar.

• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk tombol ing layar kanggo karakter sing pengin diketik. Penet terus nganti ditampilake karakter sing dipengini. Banjur tindakake padha kanggo karakter liyane sing pengin diketik.

Ngetik angka nggunakake Phonepad

• Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Phonepad angka bakal ditampilake.

Nyisipake simbol lan smiley nggunakake Phonepad

1 Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Ditampilake kothak karo simbol lan smiley.

2 Gulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng pilihan liyane. Tunyuk simbol utawa smiley kanggo milih.

Setelan Keyboard lan Phonepad

Sampeyan bisa milih setelan kanggo keyboard layar lan Phonepad, kayata basa nulis lan koreksi otomatis.

Ngakses setelan keyboard lan Phonepad

• Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar utawa Phonepad, tunyuk . Yen sampeyan wis milih luwih saka siji basa nulis, tutul terus .

Ngganti basa nulis nggunakake keypad layar utawa Phonepad

1 Nalika ngetik teks, tunyuk , utawa tutul terus yen sampeyan wis milih basa input luwih saka siji.

2 Tunyuk Basa tulis banjur pilih basa sing pengin digunakake kanggo nulis.

3 Yen sampeyan milih luwih saka siji basa input, tunyuk kanggo ngalih ing antarane basa nulis sing dipilih.

Ngalih papan tombol

1 Nalika ngetik teks, seret mudhun baris status kanggo mbukak panel Kabar.

(28)

Setelan input teks

Nalika ngetik teks, sampeyan bisa ngakses menu setelan input teks sing mbantu nyetel pilihan prediksi teks. Umpamane, sampeyan bisa nemtokake cara telpon nuduhake alternatif tembung lan tembung sing bener nalika ngetik, utawa ngaktifake aplikasi input teks kanggo ngeling-ngeling tembung anyar sing ditulis.

Ngganti setelan input teks

1 Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar utawa Phonepad, tunyuk , utawa tutul terus .

2 Tunyuk Setelan input teks.

3 Pilih setelan sing dipengini.

Nyelarasake telpon miturut kabutuhan

Matutake telpon karo kabutuhan kanthi ngatur, umpamane, ringtone pribadhi, basa telpon lan setelan Privasi.

Nyetel volume

Sampeyan bisa nyetel volume nada dering kanggo telpon lan kabar uga kanggo muter maneh musik lan video.

Ngatur volume dering nganggo tombol volume

• Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Ngatur volume pamuter media nganggo tombol volume

• Nalika muter musik utawa nonton video, pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Nyetel telpon menyang mode bisu

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Pilih Mode bisu, banjur pilih Bisu.

Nyetel telpon menyang mode kedher

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Pilih Mode bisu, banjur pilih Kedher.

Nyetel telpon menyang mode kedher lan dering

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Pilih Mode bisu, banjur pilih Mati.

4 Centhang kothak Kedher yen dering.

Mbanterake swara speaker

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Centhang kothak xLOUD™.

Wektu lan tanggal

(29)

Nyetel tanggal kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak centhang ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen dicenthang.

4 Tutul Setel tanggal.

5 Atur tanggal kanthi nggulung munggah utawa mudhun.

6 Tutul Setel.

Nyetel wektu kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak centhang ing kothakTanggal & wektu otomatis, yen dicenthang.

4 Tunyuk Setel wektu.

5 Gulung munggah utawa mudhun kanggo nyetel jam lan menit.

6 Yen cocok, gulung munggah kanggo ngganti AM dadi PM, utawa kosok balene.

7 Tunyuk Setel.

Nyetel zona wektu

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak centhang ing kothak Zona wektu otomatis, yen dicenthang.

4 Tutul Pilih zona wektu.

5 Pilih salah siji.

Nemtokake format tanggal

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Tanggal & wektu > Pilih format tanggal.

3 Pilih salah siji.

Setelan nada dering

Nyetel nada dering telpon

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Swara > Nada dering telpon.

3 Pilih nada dering.

4 Tunyuk Rampung.

Ngaktifake nada demek

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Centhang kothak Nada demek dialpad lan Swara demekan.

Milih nada dering kabar

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara > Kabar gawan.

3 Pilih nada dering.

4 Tutul Rampung.

Setelan layar

Nyetel padhange layar

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Tampilan > Padhang.

3 Seret tandha geser kanggo ngatur padhange layar.

4 Tutul OK.

Tingkat padhang nggawa efek marang kinerja baterei. Kanggo tips carane ngapikake kinerja baterei, waca Ngapikake kinerja baterei.

(30)

Nyetel layar supaya kedher

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Centhang kothak Kedher yen demek. Saiki layar kedher yen sampeyan nutul tombol-tombol ing layar lan aplikasi tartamtu.

Ngatur wektu meneng sadurunge layar dipateni

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tampilan > Turu.

3 Pilih salah siji.

Kanggo cepet mateni layar, penet tombol daya sedhela wae. Ngaktifake terus layar sajrone ngisi daya telpon

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Pilihan pangembang.

3 Centhang kothak Tetep siyaga.

Basa telpon

Sampeyan bisa milih basa sing pengin digunakake ing telpon.

Ngganti basa telpon

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Basa & input > Basa.

3 Pilih salah siji.

Yen sampeyan salah milih basa lan ora bisa maca teks menu, goleki lan tutul lambang Setelan . Banjur pilih entri ing jejere , lan pilih entri kapisan ing menu ngisor iki. Sampeyan banjur bisa milih basa sing dipengini.

Mode pesawat

Ing mode Pesawat, jaringan telpon lan transceiver radio dipateni supaya ora marakake gangguan tumrap piranti sing sensitif. Nanging, sampeyan isih bisa main game, ngrungokake musik, nonton klip video lan isi liyane, anggere kabeh isi iki wis disimpen ing kertu memori utawa panyimpenan internal. Sampeyan uga bisa diwenehi kabar nganggo weker, yen weker wis diaktifake.

Nguripake mode Pesawat nyuda panggunaan baterei. Ngaktifake mode Pesawat

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Liyane....

3 Centhang kothak Mode pesawat.

Sampeyan uga bisa milih Mode pesawat saka menu Pilihan telpon. Kanggo ngakses menu Pilihan telpon, penet terus tombol daya .

Memori

Sampeyan bisa nyimpen konten menyang kertu memori, panyimpenan internal telpon, lan memori telpon. Musik, klip video lan foto disimpen menyang panyimpenan internal utawa kertu memori, nanging aplikasi, kontak lan pesen disimpen menyang memori telpon.

Sampeyan bisa mindhah sawetara aplikasi saka memori telpon menyang panyimpenan internal.

(31)

Mindhah aplikasi menyang panyimpenan internal telpon

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Aplikasi.

3 Pilih aplikasi sing arep dipindhah menyang panyimpenan internal.

4 Tunyuk Pindhah menyang panyimpenan internal.

Sampeyan ora bisa mindhah sawetara aplikasi saka memori telpon menyang panyimpenan internal.

Kertu memori

Sampeyan bisa uga kudu tuku kertu memori kanthi kapisah.

Telpon ndhukung kertu memori microSD™, sing digunakake kanggo isi media. Jinis kertu iki uga bisa digunakake minangka kertu memori portebel karo piranti liya sing cocog.

Ngowahi format kertu memori

Sampeyan bisa ngowahi format kertu memori ing telpon, umpamane, kanggo mbebasake memori. Iki tegese sampeyan mbusak kabeh data ing kertu.

Kabeh isi ing kertu memori dibusak yen sampeyan ngowahi format kertu. Priksa manawa sampeyan wis nggawe cadangan kabeh data sing pengin disimpen sadurunge ngowahi format kertu memori. Kanggo nggawe cadangan isi sampeyan bisa nyalin isi kasebut menyang komputer. Kanggo entuk informasi sing luwih akeh, waca bab Nyambungake telpon menyang komputer ing kaca 91.

Format kertu memori

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panyimpenan > Copot kertu SD.

3 Sawise sampeyan nyopot kertu memori, tutul Busak kertu SD.

Nggunakake headset karo telpon

Gunakake asesori sing kasedhiya karo telpon, utawa aksesoris liyane sing kompatibel, kanggo kinerja sing optimal.

Nggunakake headset

1 Sambungake headset karo telpon.

2 Kanggo njawab telpon, pencet tombol jawab telpon.

3 Kanggo mungkasi telpon, pencet tombol nangani telpon.

Yen headset ora gawan saka telpon, sampeyan bisa tuku dhewe.

Yen sampeyan lagi ngrungokake musik, musik mandheg nalika sampeyan njawab telpon lan-terus sawise sampeyan mungkasi telpon.

(32)

Setelan Internet lan olahpesen

Kanggo ngirim pesen teks lan multimedia uga ngakses Internet, sampeyan kudu nduweni sambungan data seluler 2G/3G lan setelan sing bener. Ana macem-macem cara kanggo entuk setelan iki:

• Kanggo umume jaringan ponsel lan operator, setelan Internet lan olahpesen wis di prainstal ing telpon. Sampeyan bisa miwiti nggunakake Internet ln ngirim pesen kanthi gampang.

• Ing sawetara kasus, sampeyan bakal diwenehi pilihan ndownload setelan Internet lan olahpesen nalika sapisanan nguripake telpon. Sampeyan uga bisa ndownload setelan iki mengko saka menu Setelan.

• Sampeyan bisa nambah utawa ngganti setelan Internet lan jaringan kanthi manual ing telpon sawayah-wayah. Hubungi operator jaringan kanggo rincian informasi babagan setelan Internet lan olahpesen.

Ndownload setelan Internet lan olahpesen

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Xperia™ > Setelan Internet.

Ndeleng Access Point Name (APN)/ Jeneng Jalur Akses

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Tunyuk Jeneng Jalur Akses.

Yen sampeyan nduwe sawetara sambungan sing kasedhiya, sambungan jaringan sing urip bakal dituduhake nganggo tandha centhang.

Ngatur setelan APN kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Tutul Jeneng Jalur Akses, banjur pencet .

4 Tunyuk APN anyar.

5 Tunyuk Jeneng banjur ketik jeneng profil jaringan sing pengin digawe.

6 Tunyuk APN banjur ketik jeneng jalur akses.

7 Wenehake kabeh informasi sing dijaluk dening operator jaringan.

8 Penet banjur tunyuk Simpen .

Hubungi operator jaringan kanggo rincian informasi babagan setelan jaringan. Kanggo ngreset setelan internet gawan

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Tutul Jeneng Jalur Akses, banjur penet .

4 Tutul Reset menyang gawan.

Ngontrol panggunaan data

Tetep mantau trek lan kontrol jumlah data sing ditransfer menyang lan saka telpon sajrone wektu tartamtu. Contone, sampeyan bisa nyetel bebaya panggunaan data lan watesan telpon supaya ora mbayar tambahan prabeya. Sampeyan uga bisa matesi jumlah data sing digunakake dening aplikasi individu.

Nyetel setelan panggunaan data bisa nulung supaya sampeyan tetep luwih bisa ngontrol panggunaan data nanging ora bisa njamin prabeya ora tambah.

Ngakses setelan panggunaan data

1 Saka Layar ngarep, tutul .

(33)

Nguripake kiriman data

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

3 Yen sambungan jaringan data durung diuripake, tutul 〇 ing jejere Data seluler

supaya 〇 genti dadi |.

Sampeyan uga bisa nguripake kiriman data kanthi menehi tandha ing kothak centhang Lalu lintas data seluler sak ngisore Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

Nyetel bebaya panggunaan data

1 Pesthekake sampeyan wis nguripake kiriman data.

2 Saka Layar ngarep, tutul .

3 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

4 Kanggo nyetel tingkatan bebaya, seret garis menyang angka sing dikepengini. Sampeyan nampa kabar bebaya nalika jumlah kiriman data nyedhaki tingkatan sing disetel.

Nyetel watesan panggunaan data

1 Pesthekake sampeyan wis nguripake kiriman data.

2 Saka Layar ngarep, tutul .

3 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

4 Wenehi tandha ing kothak Setel watesan data seluler yen durung ditandhani, banjur tutul OK.

5 Kanggo nyetel watesan panggunaan data, seret garis menyang angka sing dikepengini.

Yen panggunaan data wis tekan watesan sing disetel, kiriman data ing telpon bakal mati kanthi otomatis.

Ngontrol panggunaan data aplikasi individu

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

3 Golek banjur tutul aplikasi sing dikepengini.

4 Gawe pangaturan sing perlu kanggo nggenti watesan panggunaan data, matesi data latar mburi, utawa matesi kabeh kiriman data kanggo aplikasi.

5 Kanggo ngakses setelan sing luwih spesifik kanggo aplikasi kasebut, tutul

Deleng setelan aplikasi banjur genti sing dikepengini.

Setelan spesifik kanggo aplikasi ora mesthi bisa diakses.

Kinerja aplikasi individu bisa kena pengaruh yen sampeyan nggenti setelan panggunaan data sing gegandhengan.

Setelan jaringan seluler

Telpon kanthi otomatis ngoper saka antarane jaringan seluler gumantung ing jaringan seluler apa sing kasadhiya ing wilayah kasebut. Sampeyan uga bisa kanthi manual nyetel telpon kanggo ngakses tipe jaringan seluler tartamtu, contone, WCDMA utawa GSM.

Milih tipe jaringan

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Tunyuk Mode Jaringan.

(34)

Milih jaringan liya kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Sadhiya jaringan.

3 Nalika ditampilake jendhela sembul, tutul Mode tlusuran > Manual.

4 Pilih jaringan.

Yen sampeyan milih jaringan kanthi manual, telpon ora bakal nggoleki jaringan liya, sanajan sampeyan ngalih ing sanjabane jaringan sing dipilih kanthi manual.

Nguripake pilihan jaringan otomatis

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Sadhiya jaringan.

3 Nalika ditampilake jendhela sembul, tutul Mode tlusuran.

4 Tunyuk Otomatis.

Mateni lalu lintas data

Sampeyan bisa mateni kabeh sambungan dhata sing ngluwihi jaringan 2G/3G nganggo telpon kanggo munggel download dhata lan sinkronisasi sing ora dikepengini. Hubungi operator jaringan yen mbutuhake rincian informasi babagan rencana lengganan lan biaya lalu lintas data.

Nalika lalu lintas dhata dipateni, sampeyan isih bisa nggunakake sambungan Wi-Fi™ lan Bluetooth™. Sampeyan uga bisa ngirim lan nampa pesen multimedia.

Mateni kabeh lalu lintas data

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Busak centhang ing kothak Lalu lintas data seluler.

Roaming data

Gumantung operator jaringan, bisa uga ngijini sambungan data seluler liwat 2G/3G ing sanjabane jaringan asal (roaming). Elinga, iki bisa dikenani biaya transmisi data. Hubungi operator jaringan kanggo informasi luwih lengkap.

Aplikasi kadang nggunakake sambungan Internet ing jaringan asal tanpa ngabari, contone, nalika ngirim panjaluk sinkronisasi. Biaya tambahan digunakake kanggo roaming data. Hubungi panyedhiya layanan.

Nguripake roaming data

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Centhang kothak Roaming data.

(35)

Google Play™

Miwiti Google Play™

Bukak Google Play™ lan mlebua ing donya aplikasi lan game. Sampeyan bisa nelusuri aplikasi lan game liwat sembarang kategori. Sampeyan uga bisa menehi rating aplikasi utawa game banjur ngirim saran.

Kanggo nggunakake Google Play™, sampeyan perlu nduwe akun Google™. Waca

Nggawe akun Google™ ing telpon ing kaca 52.

Google Play™ bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah Kanggo Mbukak Google Play™

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Play Store.

Ngundhuh saka Google Play™

Sampeyan bisa ngundhuh kabeh jinis aplikasi saka Google Play™, kalebu aplikasi gratis.

Sadurunge ndownload aplikasi

Sadurunge miwiti ndownload saka Google Play™, priksa manawa ana sambungan internet sing bisa digunakake.

Kajaba kuwi, elinga yen sampeyan bisa uga dikenani biaya lalu lintas data nalika ndownload konten menyang telpon. Hubungi operator kanggo informasi luwih lengkap.

Ngundhuh aplikasi sing gratis

1 Ing Google Play™, temokake item sing pengin diundhuh kanthi nelusuri kategori, utawa kanthi nggunakake fungsi telusuran.

2 Tunyuk item kanggo ndeleng rincian, banjur tututi pandhuan kanggo ngrampungake panginstalan.

3 Yen aplikasi sing pengin diundhuh mbutuhake akses menyang data utawa kontrol fungsi ing telpon, bakal ditampilake layar tambahan karo rinciane. Waca layar kasebut kanthi teliti, amarga fungsi telpon bisa uga kena pengaruh akeh yen sampeyan nerusake. Tunyuk OK yen sampeyan setuju, utawa Batal yen pengin mbatalake ngundhuh.

Ngundhuh aplikasi sing mbayar

1 Ing Google Play™, temokake item sing pengin diundhuh kanthi nelusuri kategori, utawa kanthi nggunakake fungsi telusuran.

2 Tunyuk item kanggo ndeleng rincian, banjur tututi pandhuan ing telpon kanggo ngrampungake tuku.

3 Yen aplikasi sing pengin diundhuh mbutuhake akses menyang data utawa kontrol fungsi ing telpon, bakal ditampilake layar tambahan karo rinciane. Waca layar kasebut kanthi teliti, amarga fungsi telpon bisa uga kena pengaruh akeh yen sampeyan nerusake. Tunyuk OK yen sampeyan setuju, utawa Batal yen pengin mbatalake ngundhuh.

Mbukak aplikasi sing diundhuh

1 Ing Google Play™, penet , banjur tutul My Apps.

2 Tunyuk aplikasi sing diundhuh.

(36)

Mbusak data aplikasi

Sampeyan kadhangkala bisa uga perlu mbusak data aplikasi. Iki bisa uga amarga, contone, memori aplikasi kebak, utawa sampeyan pengin mbusak skor game paling dhuwur. Sampeyan bisa uga pengin mbusak email mlebu, pesen teks lan multimedia ing sawetara aplikasi.

Mbusak kabeh cache aplikasi

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan.

3 Tutul Aplikasi.

4 Tutul aplikasi sing kabeh cache-ne pengin dibusak.

5 Tutul Busak cache.

Sampeyan ora bisa mbusak cache kanggo sawetara aplikasi. Mbusak aplikasi sing diinstal

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan.

3 Tutul Aplikasi.

4 Pilih aplikasi sing pengin dibusak.

5 Tutul Busak instal.

Ora mungkin mbusak sawetara aplikasi sing wis diinstal.

Ijin

Sawetara aplikasi kudu ngakses bagean saka telpon supaya bisa mlaku nganti bener. Contone, aplikasi navigasi perlu ijin kanggo ngirim lan nampa lalu lintas data, uga ngakses lokasi sampeyan. Sawetara aplikasi bisa uga nyalahi panggunaan ijin kanthi nyolong utawa mbusak data, utawa nglaporake lokasi sampeyan. Priksa manawa sampeyan mung nginstal lan menehi ijin menyang aplikasi sing dipercaya.

Ndeleng idin aplikasi

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan.

3 Tutul Aplikasi.

4 Tutul aplikasi sing dipengini.

5 Gulung mudhun kanggo ndeleng rincian ing Ijin.

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™

Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dingerteni utawa ora dipercaya bisa ngrusak telpon. Kanthi gawan, telpon sampeyan disetel kanggo mblokir panginstalan kasebut. Nanging, sampeyan bisa ngganti setelan iki lan ngidini panginstalan saka sumber sing ora dingerteni.

Sony ora menehi jaminan utawa garansi babagan kinerja aplikasi saka pihak katelu utawa isi sing ditransfer liwat undhuhan utawa antarmuka liyane menyang telpon sampeyan. Kajaba iku, Sony ora tanggung jawab kanggo karusakan apa wae utawa kamunduran kinerja telpon amarga transfer isi saka pihak katelu. Mung gunakake isi saka sumber sing dipercaya. Hubungi panyedhiya isi manawa sampeyan duwe pitakon utawa uneg-uneg.

Ngidini panginstalan aplikasi ora saka Google Play™

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Keamanan.

(37)

Nelpon

Telpon darurat

Telpon ndhukung nomer darurat internasional, contone 112 utawa 911. Biasane, sampeyan bisa nggunakake nomer kasebut kanggo telpon darurat ing negara endi wae, nganggo utawa tanpa masang kertu SIM, yen sampeyan ana ing jangkoan jaringan.

Telpon nomer darurat

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Sampeyan bisa nelpon nomer darurat sanajan ora ana kertu SIM sing dipasang utawa yen telpon metu dialangi.

Telpon nomer darurat yen kertu SIM dikunci

1 Tunyuk Telpon darurat.

2 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Nangani telpon

Sampeyan bisa nelpon kanthi mencet nomer telpon sakcara manual, kanthi nutul nomer sing disimpen ing dhaptar kontak, utawa kanthi nutul nomer telpon ing layar log telpon.

Nelpon kanthi mencet nomer

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Ketik nomer panampa banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Mungkasi telpon

• Tunyuk .

Telpon nomer internasional

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Demek terus 0 nganti ditampilake tandha “+”.

4 Ketik kode negara, kode wilayah (tanpa 0), ketik nomer telpon, banjur tunyuk

Telpon.

Njawab telpon

• Seret menyang sisih tengen layar.

Yen nggunakake headphone biasa tanpa mikropon, sampeyan kudu njabut headphone saka konektor headset supaya bisa njawab telpon.

Nolak telpon

• Seret mangiwa ngideri layar.

Nolak telpon liyane

(38)

Ngganti volume speaker sajrone nelpon

• Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Nguripake speaker sajrone nelpon

• Tunyuk .

Nggawe bisu mik sajrone nelpon

• Tunyuk .

Kanggo ngaktifake layar sajrone nelpon

• Pencet .

Ngetik nomer sajrone nelpon

1 Sajrone nelpon, tunyuk . Keypad dituduhake.

2 Ketik angka.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

• Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Telpon terakhir

Ing cathetan telpon, sampeyan bisa ndeleng telpon ora kejawab , telpon mlebu lan telpon metu .

Ndeleng telpon ora kejawab

1 Nalika ana telpon ora kejawab, katon ing bar status. Seret mudhun garis status.

2 Tunyuk Telpon ora kejawab.

Nelpon nomer saka cathetan telpon

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.

3 Kanggo nelpon nomer kanthi langsung, tutul nomere. Kanggo ngowahi nomer sadurunge nelpon, demek terus nomer kasebut, banjur tutul Owahi nomer sadurunge telp.

Sampeyan uga bisa nelpon nomer kanthi nutul > Telpon balik. Nambahake nomer saka cathetan telpon menyang kontak

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.

3 Demek terus nomer kasebut, banjur tutul Tambah menyang Kontak.

4 Tutul kontak sing dipengini, utawa tutul Gawe kontak anyar.

5 Owahi rincian kontak banjur tutul Rampung.

Surat swara

Yen langganan sampeyan klebu layanan surat swara, panelpon bisa ninggalake pesen swara nalika sampeyan ora bisa njawab nelpon. Nomer layanan surat swara biasane disimpen ing kertu SIM. Yen ora ana, sampeyan bisa njaluk nomer saka panyedhiya layanan lan ngetik kanthi manual.

(39)

Ngetik nomer surat swara

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tutul Setelan surat swara > Nomer surat swara.

5 Ketik nomer surat swara.

6 Tunyuk OK.

Nelpon layanan surat swara

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Demek terus 1.

Telpon multi

Yen ngaktifake telpon tunggu, sampeyan bisa nangani sawetara telpon sekaligus. Yen diaktifake, sampeyan bakal nampa swara thit yen ana telpon liya mlebu.

Ngaktifake utawa mateni telpon tunggu

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tunyuk Setelan tambahan.

5 Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi ngenteni telpon, tunyuk Telpon tunggu.

Njawab telpon liya lan nahan telpon sijine sing aktif

• Yen krungu swara bib bola-bali nalika nelpon, seret ngliwati layar.

Telpon nomer liyane

1 Sajrone nelpon, tunyuk .

2 Ketik nomer panrima banjur tunyuk .

3 Yen peserta liyane njawab telpon, telpon sijine ditahan.

Prosedur iki uga ditrapake menyang telpon liyane. Ngalih ing antarane sawetara telpon

• Kanggo ngalih menyang telpon liya lan nahan telpon aktif, tunyuk nomer utawa kontak sing dipengini.

Mungkasi telpon aktif lan bali menyang telpon sing ditahan

• Tunyuk .

Telpon konferensi

Kanthi telpon konferensi utawa multi peserta, sampeyan bisa nggabung obrolan karo rong peserta utawa luwih.

Telpon konferensi

1 Sajrone nelpon, tunyuk .

2 Pencet nomer peserta liyane banjur tunyuk .

3 Yen peserta liyane njawab telpon, telpon sijine ditahan.

4 Tunyuk .

Kanggo nambah peserta liyane, baleni langkah 1 nganti 4. Ngobrol kanthi pribadi karo peserta telpon konferensi

1 Sajrone telpon konperensi, tutul Atur.

2 Tutul nomer peserta sing pengin diajak ngobrol kanthi pribadi.

(40)

Medhot peserta saka telpon konferensi

1 Sajrone telpon konferensi aktif, tunyuk tombol sing nuduhake nomer peserta. Contone, tunyuk 3 peserta yen ana telung peserta.

2 Tunyuk ing jejere peserta sing pengin dipedhot.

Mungkasi telpon konferensi

• Sajrone nelpon, tunyuk .

Setelan telpon

Ngalangi telpon

Sampeyan bisa ngalangi kabeh utawa kategori telpon mlebu lan telpon metu tartamtu. Nalika sapisanan nggunakake ngalangi telpon, sampeyan kudu ngetik PUK (Personal Unblocking Key) banjur ngetik sandhi anyar kanggo nguripake fungsi ngalangi telpon.

Ngalangi telpon mlebu utawa metu

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tunyuk Blok telpon.

5 Pilih salah siji.

6 Ketik sandhi banjur tutul Aktifake.

Nolak telpon kanthi pesen

Sampeyan bisa nolak telpon kanthi pesen sing-wis disetel. Nalika sampeyan nolak telpon kanthi pesen kaya mengkono, pesen dikirim kanthi otomatis menyang panelpon lan disimpen ing telpon sampeyan.

Enem-pesen wis disetel ing telpon. Sampeyan bisa-milih saka pesen-pesen sing wis disetel iki, sing uga bisa diowahi yen perlu.

Yen arep nolak telpon kanthi pesen sing-wis disetel.

• Seret Tolak karo pesen munggah, banjur-pilih pesen.

Nolak telpon kapindho kanthi pesen sing wis disetel

• Nalika sampeyan krungu swara bip bola-bali sajerone nelpon, seret Tolak karo pesen munggah, banjur pilih pesen.

Ngowahi pesen sing digunakake kanggo nolak telpon

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Tolak telpon karo pesen.

3 Tutul pesen sing pengin sampeyan owahit, banjur.gawe owah-owahan saperlune.

4 Yen wis rampung, tunyuk OK.

Nerusake telpon

Sampeyan bisa nerusake telpon, contone menyang nomer telpon liya, utawa menyang layanan panjawab.

Nerusake telpon

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tunyuk Terusake telpon.

(41)

Mateni terusake telpon

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tunyuk Terusake telpon.

5 Pilih opsi, banjur tutul Pateni.

Nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon

Sampeyan bisa milih kanggo nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon ing piranti panrima nalika sampeyan nelpon.

Nuduhake utawa ndhelikake nomer

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tutul Setelan tambahan > ID panelpon.

Nomer Telpon Saluran Tetep

Yen wis nampa kode PIN2 saka panyedhiya layanan, sampeyan bisa nggunakake dhaptar Nomer Telpon Saluran Tetep (FDN) kanggo matesi telpon metu.

Ngaktifake utawa mateni telpon winates

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

4 Tutul Nomer Telpon Tetep > Aktifake telpon winates utawa Pateni telpon winates.

5 Ketik PIN2 banjur tutul OK.

Ngakses dhaptar panrima telpon sing dijawab

1 Saka Layar ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Pilih kertu SIM.

3 Pilih kertu SIM.

(42)

Kontak

Babagan Kontak

Gunakake aplikasi Kontak kanggo nyimpen lan ngatur kabeh nomer, alamat email, lan data kontak liyane ing sak panggonan. Cukup tutul kontak siji kanggo ndeleng kabeh komunikasi ing kontak kasebut kanggo ndeleng ringkesan kanthi gampang.

Sampeyan bisa nambah kontak anyar ing ponsel lan nyelarasake karo kontak sing wis disimpen ing akun Google™, akun Microsoft® Exchange ActiveSync®, utawa akun

liyane sing ndhukung sinkronisasi. Aplikasi Kontak kanthi otomatis gawe entri anyar lan uga nulung sampeyan nyocogake data kayata alamat email karo entri sing wis ana.

Kontak ikhtisar layar

1 Tutul iki kanggo nggawe kontak 2 Kolom telusur kontak

3 Demek sawijine kontak kanggo ndeleng rincian 4 Indeks alfabetis kanggo nelusur kontak

5 Tutul gambar cilik kontak kanggo ngakses menu Kontak Cepet 6 Tab trabasan

Ngirim kontak menyang piranti anyar

Ana sawetara cara kanggo ngirim kontak menyang piranti anyar. Pilih cara kirim sing paling cocok karo kahanan.

Ngirim kontak nggunakake PC

(43)

PC kasambung internet sing nganggo Windows®

• Kabel USB piranti sing lawas

• Kabel USB kanggo piranti Android™ sing anyar

• Piranti sing lawas

• Piranti Android™ sing anyar

Nggunakake program PC Companion kanggo ngirim kontak

Yen sampeyan ngirim kontak nganggo PC, gunakake program PC Companion. Aplikasi iki gratis, lan file panginstalan wis disimpen ing piranti sampeyan. PC Companion uga nawakake maneka fitur, kalebu pitulung kanggo nganyarake piranti lunak piranti.

Nginstal PC Companion

1 Piranti anyar: Uripake piranti Android™ anyar banjur sambung karo PC kanthi nggunakake kabel USB.

2 Piranti anyar: Tutul Instal kanggo instal PC Companion menyang PC.

3 Komputer: Yen jendhela nyembul katon menehi kabar bab piranti lunak PC, pilih Aktifake Startme.exe.

4 Komputer: Klik Instal kanggo miwiti pamasangan banjur tindakake instruksi kanggo ngrampungi pamasangan.

Ngirim kontak menyang piranti anyar nggunakake PC Companion

1 Pesthekake yen PC Companion wis diinstal ing PC.

2 Bukak program PC Companion ing PC, banjur klik Contacts Setup lan turuti

prentah kanggo ngirim kontak.

Ngirim kontak nggunakake komputer Apple® Mac®

Kanggo instruksi rincian carane nggunakake komputer Apple Mac kanggo ngirim kontak saka piranti sing lawas, pindhah menyang Transfer your contacts.

Ngirim kontak nganggo akun sinkronisasi

Piranti sampeyan cocog karo akun sinkronisasi online populer kayata Google Sync™, Microsoft® Exchange ActiveSync®utawa Facebook™. Yen sampeyan wis nyelarasake

kontak ing piranti sing lawas utawa ing komputer nganggo akun online, sampeyan bisa ngirim kontak menyang piranti anyar sing nggunakake akun kasebut. Kanggo informasi rinci babagan sinkronisasi, waca Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan ing kaca 95.

Nyelarasake kontak ing piranti karo akun sinkronisasi

1 Saka Layar ngarep, tutul , banjur tutul .

2 Tutul , banjur tutul Setelan > Akun & sink.

3 Yen sampeyan wis ngatur wiwitan akun sinkronisasi lan pengin nyelarasake karo akun kasebut, tutul akun kasebut, banjur tutul , banjur tutul Selarasake saiki.

Ngirim kontak saka kertu SIM

Ngimpor kontak saka kertu SIM

1 Saka Layar ngarep, tutul , banjur tutul .

2 Penet , banjur tutul Impor kontak > Kertu SIM.

3 Yen sampeyan wis atur wiwitan akun sinkronisasi, sampeyan bisa milih kanggo nambahake kontak kertu SIM menyang akun kasebut. Utawa sampeyan bisa milih mung arep nggunakake kontak ing piranti. Pilih pilihan sing disenengi.

4 Kanggo ngimpor kontak individu, golek banjur tutul kontak kasebut. Kanggo ngimpor kabeh kontak, tutul Impor kabeh.

Referensi

Garis besar

Dokumen terkait

Menurut peneliti hasil penelitian ini menunjukkan bahwa ada pengaruh pemberian massage terhadap peningkatan berat badan pada balita usia 3-5 tahun, terlihat dari

yang dikeluarkan pada bulan Nopember 1945 misalnya, secara tegas menyatakan tujuan  partai itu sebagai “mempertahankan kedaulatan Republik Indonesia dan agama Islam dan

Pemilihan Umum Anggota DPR, DPD, DPRD Provinsi dan DPRD Kabupaten/Kota Tahun 2014.

• Menyerahkan formulir pendaftaran disertai fotokopi surat baptis katolik dan fotokopi Kartu Keluarga kepada Pengurus Lingkungan serta kelengkapan lain yang tertera

kalimat yang tidak didahului oleh kata  semua/ beberapa maka maksudnya adalah SEMUA untuk contoh soal yang lain bisa dilihat disini :

Dalam situasi seperti ini, media bisa menjadi fasilitator yang membuat kita lebih akrab satu sama lain yang membangkitkan persepsi baru sebagai keluarga yang

Sampel diambil berdasarkan metode purposive sampling dengan kriteria: (1) Perusahaan yang terdaftar secara berturut-turut pada periode tahun 2008-2012; (2)

Disa të tjerë thanë: Ndikimi i mëkateve në shkurtimin e jetës është për arsye se realiteti i jetës është jeta e zemrës, dhe për këtë arsye Allahu i ka quajtur